Anda di halaman 1dari 3

Nama : Muhamad Rasya Izat Pratama

Kelas : IX E
Tugas : Bahasa Indramayu

Naskah Drama Legenda Gunung Kelud


Judul/Irah-irahan : Legenda Gunung Kelud
Tema : Sejarah

Durasi : Panjang

Plot/Alur : Maju

Cacahing pemeran : 4 tiyang

Paraga/Tokoh :

Latar/setting : Zaman dahulu

Amanat/Piweling :

Sinopsis Drama Pahlawan

Judul
LEGENDA BANYUWANGI
 Tokoh

1. Sang prabu
2. Putri 
     
  

Naskah Drama Bahasa Jawa Tema Sejarah

Legenda Gunung Kelud

            Ing kerajaan majapahit kang gemah ripah loh jinawi, tata tentrem kelawan kerta raharja. Sajroning
pasewakan ing siti inggil kraton majapahit sang prabu brawijaya kahadep putri nipun ingkang sulistiyo ing
warni lan para prajurit ipun.

            Putri pusparini ingkang sulistiyo warni mahanani kathah para taruna saking njaban rangkah ingkang
pingin ngayunaken sang putri. Ananing manah sang prabu brawijaya mandeg mangu, amargi sang prabu
mboten purun kadadosan derdah saking panolak ing sang putri. Mula saking menika sang prabu brawijaya
ngawontenaken sayembara, sok sinteno ingkang saget menthang gendewa sakti kyai garudayeksa lan
ngangkat gong kyai sakerdelima inggih menika ingkang dados garwanipun sang putri.

Sang prabu      : “ Putriku angger pusparini kepriye?, opo wis sumadya anggoniro angadepi sayembara ?”
Putri                : “ Saderengipun kula ngaturaken sembah rama. Ngenani bab sayembara dalem namong
nyadhong dhawuhipun rama.”
Sang prabu      : “ iyo, sembahmu tak tompo. yo…mugo-mugo sayembara mengko kalakon kanthi rancak ,
ora ana rubedo.”
Sang prabu      : “ Iki ono pawongan telu ngadep ing ngarsaku,opo iyo arep melu ngleboni sayembara
kisanak ?”
Taruna 1          : “ Inggih sinuwun sadereng ipun, kula ngaturaken sembah. Nami kula joko lola saking negri
sabrang. Kula bade mupu sayembara.”
Taruna 2          : “ Kula semanten ugi sinuwun sederengipun kula ngaturaken sembah. Nami
kula raden asmoro. Kula inggih nderek sayembara.”
Taruna 3          : “ Kula inggih sinuwun sadereng ipun, kula ngaturaken sembah. Nami
kula                                         raden kusuma. Kula badhe nderek sayembara.”
Sang prabu      : “ iyo, yen ngono mboko siji majuo ing sangareping gendewo lan gong sigro.laksanakno
amenthang gendewa lan ngangkat gong.”
Taruna 1          : “ inggih sinuwun ngestoaken dhawuh.” (mlampah dhateng
ngajeng.                                                   Menthang gendewa nanging mboten saget)
Taruna 2          : “ Nyuwun palilah sinuwun mugi-mugi kula saget ngrampungi  sayembara menika.”
( mlampah dhateng ngajeng . Menthang gendewa sasampunipun dilanjutaken ngangkat gong nanging
mboten kuat )
Taruna 3          : “ sinuwun ngestoaken dhawuh , mugi-mugi kula saget ngrampungi
sayembara menika (mlampah dhateng ngajeng . Menthang gendewa nanging mboten kuat )
Sang prabu      : “ Sarekne sayembara ora ono kang bisa ngrampungi, sayembara
enggal                                               ingsun wusanani”

            Sesarengan kalian sabdanipun sang prabu, repepeh-repepeh lembu suro sowan ngarsanipun sang
prabu, badhe nderek mupu sayembara.
Lembu suro     : “Nuwun sewu sinuwun lepat nyuwun pangapuro. Kula pun lembu suro
badhe                                 mupu sayembara.”
Sang Prabu      : “Jenengmu lembu suro?! Awakmu menungsa sirahmu lembu, opo bisa
kowe                                    mupu sayembara?”
Lembu suro     : “ Menawi gusti ingkang murbeg dumadi, angidinaken paminto kula
mbok                                         menawi kula saget angrampungi sayembara.”
Sang Prabu    : “ Yen ngono enggal laksanakno sayemabra kisanak.”
Lembu suro     : “ Sendiko ngestoaken dhawuh sinuwun ( mlampah wonten ngajeng
anyedaki                                    panggenan gendewa kalian gong )

            Lembu sura saget menthang aken gendewa lan ngangkat gong kaya mboten wonten beban. Sareh ne
lembu sura saget ngrampungi sayembara, lembu suro nggadhi hak anggarwo dewi pusparini. Suasano ing
kaputren, sang putri tansah muwun amargi sang putri mboten purun kagarwo dining lembu suro.
Emban             : “ Ndoro putri sampun dipun galih sanget-sanget. Mangke mindak
badanipun                                     kero anjalari sakit.”
Putri                : “ mbok emban kepriye anggonku anglakoni digarwo dining lembu suro sin ora umum kaya
sa’dengahe manungsa. Mbok emban aku njaluk eguh pratikelmu, kepriye amprih aku ora digarwo dining
lembu suro? Coba pikirno, kepriye pratikelmu mbok emban?
Emban             : “ Nyuwun sewu gusti, menawi pamikiran kula mekaten, panjenenga kedah anggadahi
setunggal panyuwun ingkang aurat damatheng lembu suro.”
Putri               : “ Lha iyo mbok emban kira-kira opo panyuwunku mengko?”
Emban           : “ Eguh pratikel kula pripun menawi lembu suro dipun kengken ndamel sumur wonten ing
puncake gunung kelud.”
Putri               : “ Iyo yen ngono mbok emban, mengko yen lembu suro mlebu ing kaputren tak jalukane
bebono sing kaya mbok emban aturaken.

            Salebete wawan rembag antawis gusti putri kaliyan mbok emban, mboten ka nyono-nyono lembu
sura mlebet kaputren saperlu sapejagong kalian gusti putri.
Lembu suro     : “ Di ajeng pusparini garwanipun kakang, kepriye janjimu ? aku mrene arep nagih janjimu
yayi ?
Putri               : “ Iyo lembu suro aku gelem dadi garwamu nanging aku njaluk
panyuwun                                          marang sliramu.”
Lembu sura     : “ Iyo yayi panjalukmu opo ? enggal kondho mengko enggak kula laksanani.
Putri                : “ Yen sliramu biso gawe sumur ing puncake gunung kelud
sajroning                                                   sewengi, aku gelem dadi garwomu, lembu suro.
Lembu suro     : “ Opo nggawe sumur iku kudu ana ing puncake gunung kelud ? opo ora ono papan seng
cedak sakiwo tengen kene wae ?
Putri                  : “ Ora lembu suro , aku wes mantep njaluk digawekne sumur ing puncake gunung kelud ,
mbesok samongsa awake dewe diresmek ake dadi temanten bisa ados bareng neng sumur seng kok gawe
kuwi.
Lembu sura     : “ Yen penjalukmu koyo mengkono ojo kuatir diajeng, bakal tak
turuti                                                panjalukmu mugo-mugo biso ngelaksanani panjalukmu.

            Sasampunipun lembu suro angerteni panyuwunipun gusti putri sigro milar saking kaputren terus
bablas. Mlajeng ing sapuncaking gunung kelud sareng kluarga sang prabu brawijaya. Dumugi ing gunung
kelud , lembu suro nggina’aken sungu nipun kangge ngeduk siti ingkang badhe damel sumur. Sak antawis
dangu lembu suro sampun mboten ketingal saking pinggire sumur. Dados lembu suro sampun tebih mlebet
wonten sajroning sumur. Ningali kedadean menika putri pusparini tansoyo kuatir. Menawi lembu suro saget
minangkani pamundhutipun. Sang putri nyuwun dhumatheng rama nipun inggal laksanakaken tumindak,
supados lembu suro saget gagal anggarwo putri pusparini.

Putri                 : “ rama .. pripun kahanan lembu suro kok saget ndamel sumur ? mugio
rama                                       gadah pratikel kados pundi cara nipun amprih lembu suro mboten saget
anggarwo kula.
Sang prabu      : ” ya nini.. aku ngerti karepmu lan mengko dhisik tak mikir kepriye cara ne iki ?

            Sang prabu ketawis gugup lan mandeg mangu, menggalih kadospundi cara nipun lembu suro mboten
saget anggarwo putrinipun

Sang prabu      : “ he… kabeh prajuritku wae podho siyaga . dina iki ana perintah kudu sigro dilaksanakne
yaiku nguruk sumur kanggo watu lan lemah ing sak kiwo tengen e sumur, ojo katalumpen. saiko ugo
laksanakno sampek sumur kebak watu lan lemah.
Prajurit            : “ inggih sinuwun nggestoaken dhawuh.”

            Sedoyo prajurit ngelaksanakaken printah sinuwun nguruk sumur kalian selo lan siti . saking lebet
sumur kepireng sambate lembu suro.

Lembu suro     : “ tulung…tulung… tulung …ojo di uruk aku ana jerone sumur iki.

            Para prajurit mboten anggatek aken sambat e lembu suro . para prajurit terus nguruk sampe sumur
kebak selo lan siti. Senaoso lembu suro ka uruk sajroning sumur ananging, suwanten nipun tasih kepireng
saking njawi sumur lan lembu suro murka ngantos ngedalaken sumpah kangge prabu brawijaya lan sedaya
kawula nipun amargi cuwo penggalih ipun lembu suro.

Lembu suro     : “ hey.., brawiyaya mbesok bakal kepethuk piwalesku kang makaping kaping. Yaiku Kediri
bakal dadi kali, blitar dadi latar, tulungagung dadi kedung.”

            Sajroning sumpahe lembu suro saben kaleh windu sepisan bakal ngerisak sedaya wewengkon
kerajaan prabu brawijaya.

sang prabu       : “ para kawula ku kabeh lembu suro wes sumpah arep ngerusak wewengkon kita kabeh,
mula saka iku ayo kabeh wae nyuwun pandonga marang gusti kang murbeng dumadi supaya bumi
nuswantara kita tetep gimah ripah loh jinawi ora ono alangan sawiji opo.”

Anda mungkin juga menyukai