Anda di halaman 1dari 4

Lembu suro

Ing kerajaan majapahit kang gemah ripah loh jinawi, tata tentrem kelawan kerta raharja.Sajroning
pasewakan ing siti inggil kraton majapahit sang prabu brawijaya kahadep putri nipuningkang sulistiyo
ing warni lan para prajurit ipun.Putri pusparini ingkang sulistiyo warni mahanani kathah para taruna
saking njabanrangkah ingkang pingin ngayunaken sang putri. Ananing manah sang prabu brawijaya
mandegmangu, amargi sang prabu mboten purun kadadosan derdah saking panolak ing sang putri.
Mulasaking menika sang prabu brawijaya ngawontenaken sayembara, sok sinteno ingkang
sagetmenthang gendewa sakti kyai garudayeksa lan ngangkat gong kyai sakerdelima inggih
menikaingkang dados garwanipun sang putri

.Sang prabu: “ Putriku angger pusparini kepriye?, opo wis sumadya anggoniro angadepi sayembara ?

Putri: “ Saderengipun kula ngaturaken sembah rama. Ngenani bab sayembara dalem namong

nyadhong dhawuhipun rama.”

Sang prabu: “ iyo, sembahmu tak tompo. yo…mugo -mugo sayembara mengkokalakon kanthi rancak

, ora ana rubedo.”

Sang prabu: “ Iki ono pawongan telu ngadep ing ngarsaku,o po iyo arep melungleboni sayembara

kisanak ?”

Taruna 1: “ Inggih sinuwun sadereng ipun, kula ngaturaken sembah. Nami kula joko lolasaking .

.sabrang. Kula bade mupu sayembara.”


Taruna 2: “ KUla semanten ugi sinuwun sederengipun kula ngaturaken sembah. Nami

Kula raden asmoro. Kula inggih nderek sayembara.”

Taruna 3: “ Kula inggih sinuwun sadereng ipun, kula ngaturaken sembah. Nami

Kula Raden kusuma. Kula badhe nderek sayembara.”

Sang prabu: “ iyo, yen ngono mboko siji majuo ing sangareping gendewo lan gongsigro.laksanakno

amenthang gendewa lan ngangkat gong.”

Taruna 1: “ inggih sinuwun ngestoaken dhawuh.” (mlampah dhateng

Ngajeng. Menthang gendewa nanging mboten saget)

Taruna 2: “ Nyuwun palilah sinuwun mugi-mugi kula saget ngrampungi sayembaraMenika.” mlampah

dhateng ngajeng .Menthang gendewa sasampunipun dilanjutaken ngangkatgong nanging

mboten kuat )

Taruna 3: “ sinuwun ngestoaken dhawuh , mugi-mugi kula sagetngrampungi sayembara menika

(mlampah dhateng ngajeng .Menthang gendewa nanging mboten kuat )

Sang prabu: “ Sarekne sayembara ora ono kang bisa ngrampungi, sayembara

Enggal Ingsun wusanani”

Sesarengan kalian sabdanipun sang prabu, repepeh-repepeh lembu suro


sowanngarsanipun sang prabu, badhe nderek mupu sayembara.
Lembu suro: “Nuwun sewu sinuwun lepat nyuwun pangapuro. Kula pun lembu suro Badhe

Mupu sayembara.”

Sang Prabu: “Jenengmu lembu suro?! Awakmu m enungsa sirahmu lembu, opo bisakowe Mupu

sayembara?”

Lembu suro: “ Menawi gusti ingkang murbeg dumadi, angidinaken paminto kula

Mbok Menawi kula saget angrampungi sayembara.”

Sang Prabu: “ Yen ngono enggal laksanakno sayemabra kisanak.”

Lembu suro: “ Sendiko ngestoaken dhawuh sinuwun ( mlampah wonten ngajeng Anyedaki

panggenan gendewa kalian gong )

Lembu sura saget menthang aken gendewa lan ngangkat gong kaya mboten wonten beban. Sareh ne
lembu sura saget ngrampungi sayembara, lembu suro nggadhi hak anggarwodewi pusparini. Suasano
ing kaputren, sang putri tansah muwun amargi sang putri mboten purunkagarwo dining lembu suro
Lembu suro: “ Di ajeng pusparini garwanipun kakang, kepriye janjimu ? aku mrene arep

Nagih janjimu yayi ?

Putri: “ Iyo lembu suro aku gelem dadi garwamu nanging aku njaluk Panyuwun

Marang sliramu.”

Lembu sura: “ Iyo yayi panjalukmu opo ? enggal kondho mengko enggak kula laksanani.

Putri: “ Yen sliramu biso gawe sumur ing puncake gunung kelud

Sajroning sewengi, aku gelem dadi garwomu, lembu suro

Lembu suro: “ Opo nggawe sumur iku kudu ana ing puncake gunung kelud ? opo ora ono

Papan seng cedak sakiwo tengen kene wae ?

Putri: “ Ora lembu suro , aku wes mantep njaluk digawekne sumur ing puncakegunung kelud ,
mbesok samongsa awake dewe diresmek ake dadi temanten bisa ados barengneng sumur seng kok
gawe kuwi.

Lembu sura: “ Yen penjalukmu koyo mengkono ojo kuatir diajeng, bakal takTuruti panjalukmu mugo-

mugo biso ngelaksanani panjalukmu

lembu suro angerteni panyuwunipun gusti putri sigro milar sakingkaputren terus
bablas. Mlajeng ing sapuncaking gunung kelud sareng kluarga sang prabu Brawijaya.
Dumugi ing gunung kelud , lembu suro nggina’aken sungu nipun kangge ngeduk
sitiIngkang badhe damel sumur. Sak antawis dangu lembu suro sampun mboten
ketingal saking pinggire sumur. Dados lembu suro sampun tebih mlebet wonten
sajroning sumur. Ningalikedadean menika putri pusparini tansoyo kuatir. Menawi
lembu suro saget minangkani pamundhutipun. Sang putri nyuwun dhumatheng rama
nipun inggal laksanakaken tumindak,supados lembu suro saget gagal anggarwo putri
pusparini
Putri: “ rama .. pripun kahanan lembu suro kok saget ndamel sumur ? mugio
Rama gadah pratikel kados pundi cara nipun amprih lembu suro
Mboten saget kula.

Sang prabu: ” ya nini.. aku ngerti karepmu lan mengko


Dhisik tak mikir kepriye cara ne iki ?
Sang prabu ketawis gugup lan mandeg mangu, menggalih kadospundi cara nipun lembusuro
mboten saget anggarwo putrinipun

Sang prabu: “ he… kabeh prajuritku wae podho siyaga . dina iki ana perintah kudu
Sigro dilaksanakne yaiku nguruk sumur kanggo watu lan lemah ing sak kiwo
tengen e sumur, ojokatalumpen. Saiko ugo laksanakno sampek sumur kebak
watu lan lemah.

Prajurit: “ inggih sinuwun nggestoaken dhawuh.”


Sedoyo prajurit ngelaksanakaken printah sinuwun nguruk sumur kalian selo lan siti
.saking lebet sumur kepireng sambate lembu suro.
Lembu suro: “ tulung…tulung… tulung …ojo di uruk aku ana jerone sumur iki.

Para prajurit mboten anggatek aken sambat e lembu suro . para prajurit terus nguruksampe
sumur kebak selo lan siti. Senaoso lembu suro ka uruk sajroning sumur ananging,suwanten
nipun tasih kepireng saking njawi sumur lan lembu suro murka ngantos ngedalakensumpah
kangge prabu brawijaya lan sedaya kawula nipun amargi cuwo penggalih ipun lembusuro.

Lembu suro: “ hey.., brawiyaya mbesok bakal kepethuk piwalesku kang makaping
kaping.Yaiku Kediri bakal dadi kali, blitar dadi latar, tulungagung dadi kedung.”

Sajroning sumpahe lembu suro saben kaleh windu sepisan bakal ngerisak

Sedaya wewengkon kerajaan prabu brawijaya.


sang prabu: “ para kawula ku kabeh lembu suro wes sumpah arep ngerusak wewengkon kita
Kabeh, mula saka iku ayo kabeh wae nyuwun pandonga marang gusti kang
murbeng dumadisupaya bumi nuswantara kita tetep gimah ripah loh jinawi

ora ono alangan sawiji opo

Anda mungkin juga menyukai