Anda di halaman 1dari 4

Naskah Drama Bahasa Jawa ASAL MULA REOG PONOROGO

Babak 1

Ing jaman biyen ana putri sing ayu jenenge Dewi Sanggalangit . Nanging sampek saiki Dewi
Sanggalangit drung rabi . Sawiji dino ing ruang keluargi .

Rama : “ Bu , piyambak dueni putri ingkang ayu , anangin sampek saiki durung rabi “.

Ibu : “ Iyo Rama , amargi putri piyambak niku dereng purun “.

Ibu : “ Inggih Rama “,( Ibu banjur nyelokke Dewi Sanggalangit ).

Ibu : “ Dewi … Dewi … Dewi Sanggalangit …

Dewi : “ ( Teko ) Dalem bu , supados pundi ? , Ibu nimbali Dewi ? “.

Ibu : “ Rama badhe ngendika kalian Dewi “.

Dewi : “ Dalem Rama “ .

Rama : “ Nduk , apa sebabe kowe durung pengen rabi ? “.

Dewi : “ ( Meneng lan gak gelem jawab ) “ .

Rama : “ Sejatine apa karepmu nduk ? “ .

Dewi : “ Rama , dalem tasih mboten sima , nanging menawi Rama purun , sejatosipun

setunggal syarat “ .

Rama : “ Iya , apa ta anakku ? “.

Dewi : “ Kulo nate nyupena menawi wonten tiyang jaler gagah ngelamar kulo kalian ngasto

Tarian , lan wonten barisan titihan kembar sa akehe 140 kewan lan sing terakhir saged

Dugeaken kewan ingkang anggadahi ndas singa “ .

Rama : “ Waduh … abot temen nduk “ .

Ibu : “ Dewi , syarat iku apa ora angel ? “ .

Dewi : “ ( Meneng lan gak gelem jawab ) “ .


Babak 2

Akhire Rama ngumumake saembara iku

Rama : “ Hey para rakyat ! aku nduweni saembara , menawi wonten tiyang jaler gagah

ngelamar putriku kalian ngasto tarian , lan wonten barisan titihan kembar sa akehe

140 kewan lan sing terakhir saged ndugiaken kewan kang nduweni ndas singa , bakal

tak pek dadi mantuku “ . ( banjur mlebu )

Raja Singabarong : “ Iki kesempatan emas kanggo aku oleh dewi kang ayu “ .

Raja Kelanaswandana : “ Aku arep milu saembara iki “ .

( Sapa bae bisa milu ing saembara kui , tapi bilih ngunu , namung wong loro seg sanggup .

Wong - wong iku jenenge Raja singabarong , teko sangka kerajaan Lodaya lan Raja

Kelanaswandana , teko sangka kerajaan Bandarangin . Raja kaget kerungu sanggupe loro raja

Iku , Raja Singabarong iku menungso sing nduweni ndas singa ,sing terkenal angkara murka .

Dene Raja Kelanaswandana iku Raja ngganteng lan gagah perkasa , tapi kabiyasaane seneng

Karo bocah – bocah lanang .)

Babak 3

Sesuk isuk , Ibu ngampiri Dewi Sanggalangit

Ibu : “ Dewi , menapa yakin karo saembara iku ? “.

Dewi : “ Duh Ibu , Iku uwis dadi saembara , aku ora bisa nolak “ .

Ibu : “ Dewi , sakjatosipun sakdurunge mundut keputusan iku kirane dipikir – piker dhisik “.

Dewi : “ Inggih bu , pangapuntenipun “ .

Babak 4
Raja Singabarong ngutus patihe

Raja Singabarong : “ Patih , selidikana Kelanaswandana aja nganti aku kedhisitan “ .

Patih : “ Inggih tuanku “.

Patih kasebut langsung ngalih lan nyamar nang Lodaya lan limang dina sak lanjute

Patih : “ Ampun baginda , Kelanaswandana ngendikane berhasil “.

Raja Singabarong : “ Cilaka ! ( Kaget lan mondar – mandir )

Raja Singabarong : “ Siapke perajurit lan kirimke marang Bandarangin . Serang Bandarangin lan

Pateni Kelanaswandana “ .

Babak 5

Akhire prajurit Lodaya perang karo prajurit Bandarangin wayah iku namung prajurit

Bandarangin menang , Raja Singabarong murka banjur langsung nemoni Raja Kelanaswandana

Raja Singabarong : “ Hey Kelanaswandana ! metuo saka purimu !

Raja Kelanaswandana : “ ( metu ) Ana apa mening Singabarong ? .

Raja Singabarong : “ Aku siap mateni awakmu saiki “ .

Raja Kelanaswandana : “ Kenangapa awakmu gak mateni awakku ? “.

Raja Singabarong : “ Koe uwis ngrebut Sanggalangit kanggon aku , saiki rasakke iki “.

( Raja Singabarong lan Raja Kelanaswandana perang )

Raja Singabarong : “ Awakmu ora bisa ngalahke aku “ .

Raja Kelanaswandana : “ ( Raja Kelanaswandana maca mantra sing bisa ngubah Raja

Singabarong dadi kewan sing nduweni ndas loro )

( Akhire Raja Kelanaswandana menang sangka peperangan )

Babak 6

Raja Kelanaswandana nglunasi persyaratan sing dijaluk Dewi Sanggalangit


Raja Kelanaswandana : “ Rama , persyarate Dewi Sanggalangit ( ngewehake persyarate )

Rama : “ Awakmu seg menang ing saembara iki Kelanaswandana “.

Raja Kelanaswandana : “ Iggih Rama , apa aku bisa nggawa Dewi Sanggalangit ing

Bandarangin? ”.

Rama : “ Dewi , piye nduk ? “.

Dewi : “ Amargi kakang Kelanaswandana menang ing saembara iki , aku purun

Rama “.

Rama : “ Kelanaswandana , aku ngrestui awakmu ananging jaga putriku Dewi

Sanggalangit “ .

Rama : “ Inggih Rama , aku arep njaga Dewi Sanggalangit “.

( Akhire Dewi Sanggalangit digawa menyang Bandarangin ing Wengker . Wengker iku jeneng liane Kutha
Ponorogo . Lan kisah mau dadi kesenian Reog Ponorogo .)

TAMAT

Anda mungkin juga menyukai