Anda di halaman 1dari 6

Naskah Drama Jaka Kendil

Sinopsis
Rikolo jaman semono, ono wong wadon karo bocah lanang kang fisike aneh ora kaya manungsa
sewajare. Awake kaya Priuk, mula iku diarani “Joko Kendil”. Masio awake ora normal, ibune
tetep tresna.

Scene 1
Joko kendil menyang pasar, emboh iku lungguh-lungguh ing sandinge wong dodolan utawa
dodolan kayu bakar.
……. Musik lan swara para warga……
(Para warga sedang berbelanja di pasar)
Pedagang (Nathan): “Iki apa kok ana Priuk neng kene?”
Joko kendil (Satria): “Iki aku, Joko kendil”
Pedagang (Nathan): “iyo, ana perlu apa kowe neng kene? Ngaleh Kono!”
Joko kendil (Satria): “iki aku nawani kayu bakar. Sampean ndak butuh?”
Pedagang (Nathan): “wes ora usah, ngaleh kono!”

Akhire, Joko kendil mangkat.


(akhirnya Joko kendil pun pergi)

Joko kendil akhire mlaku ngaleh teko pasar. Ing dalan Jaka kendil akeh di lokne uwong-uwong
(Joko kendil jalan, terus orang-orang yang lewat mengejeknya)
Scene 2
(Joko kendil mulih menyang ngomah)
Joko kendil (Satria): “mbok mbok”
Mbok Rondo (Anggun): “ana apa le?”
Joko kendil (Satria): “kapan nasib awak dewe Iki berubah mbok?”
Mbok Rondo (Anggun): “wes to le le, disyukuri wae Gusti iku maha adil”
Joko kendil (Satria): “owalah mbok mbok”
(Joko kendil tampak berpikir sejenak)
Joko kendil (Satria): “mbok, aku pengen rabi mbok”
Mbok Rondo (Anggun): “owalah le le, arep rabi karo sopo?”
Joko kendil (Satria): “wes to mbok mbok, ora usah kuwatir. Ora bakal kejadi opo-opo, pokok e
aku lamarno wae”
Mbok Rondo (Anggun): “lek penjalukmu rabi, sampean purun rabi karo sopo?”
Joko kendil (Satria): “karo salah sijine putri raja mbok”
Mbok Rondo (Anggun): “owalah le le, mbok sadar to, awak Iki wong ra nduwe. Kok atek kaya
ngunu penjalukmu”
Joko kendil (Satria): “owalah mbok, wes to pokok e lamarno”
Mbok Rondo (Anggun): “yowes le lek penjalukmu ngunu, mbesok tak aku sing madep raja”
Scene 3
Sesok e ngunu. Simbok ngadep raja lan nyeritakake sejo tetamu.
(Jaka kendil lan simbok mlaku menyang raja)
Mbok Rondo (Anggun): “sang duko dawuh raja. Anggenipun kulo mriki mau badhe ngelamarake
yoga kulo niki, Joko kendil danten salah siji putri raja”
Raja (Abdan): “apa bener seng kau omongno, simbok?”
Mbok Rondo (Anggun): “nggeh raja”
Joko Kendil (Satria): “Kawula mriki badhe nglamar putrinipun raja, menapa raja kepareng putri
kula nglamar?”
Raja (Abdan): “yen mangkono, aku bakal takon marang anak-anakku, tak celukne putri-putri ku”
(Istri dari sang raja pun memanggil anak-anaknya)
Ratu (Erlita): “dewi kanthi, Dewi mawar, dewi melati rene nduk”
(Ketika putri raja pun datang menghampiri sang ratu)
Ketiga putri: “wonten nopo biyung?”
Ratu (Erlita): “ana wong seng arep ngelamar awakmu nduk”
Ketiga putri: “sinten?”
Raja (Abdan): “jaka kendil kae seng arep ngelamar awakmu”
Dewi kanthi (Shinta):“hah? Jaka kendil? Aku ora sudi!”
Dewi mawar (Natasya): “jaka kendil? Aku emoh romo…. Aku pengen nduwe bojo kaya romo,
dadi raja, sugih, uripe mapan. Aku wegah susah, aku wegah nduwe bojo kaya Jaka kendil
romo…..”
Beda kaya mbakyu-mbakyu ne, Dewi melati nerimo lamaran ne Jaka kendil karo tansah seneng
atine. Raja seng putri bungsune niku, meneng -meneng wae
Ratu (Abdan): “terus piye awakmu?”
Dewi melati (Fidha): “kulo purun biyung, kulo terimo lamaranne Jaka kendil”
Akhirre, sawise kesepakatan. Mbok rondo lan raja ngadaake pernikahan dateng kerajaan kanthi
meriah
(Proses pernikahan Jaka kendil)
Joko kendil lam Dewi melati wes rabi.
Scene 4
Seketiko, dino woro-woro saka raja tumeko lan wenehi werung yen raja ngenekake lomba
ketangkasan nanging Jaka kendil ora bisa melu deweke ngomong yen awake loro. Lomba
ketangkasan iku dieluni wong penting-penting akèh kaya pangeran lan panglima.
(Para pengawal kerajaan membunyikan botol untuk menarik perhatian warga sekitar)
(Para warga pun mendekat)
Pengawal (Abyan): “woro-woro. Kulo ten mriki badhe ngomongne peraturan sayembara, yaiku:
1. Kudu arek nom, bagus lan gagah
2. Umurre aja setengah abad”
(Para warga setelah mendengar pengumuman itu pun langsung pergi),
Di tempat lain
(Dewi kanthi lan dèwi mawar mengejek dèwi melati karena mau menerima lamaran Jaka kendil)
Dewi kanthi (Shinta): “iku loh, melati kok gêlêm rabi karo Jaka kendil. Wong mlakune wae
bungkuk. Tandang gawe apa besuk”
(Dèwi mawar dan Dewi kanthi tertawa mengejek dèwi melati)
Dèwi mawar (Natasya): “aku ngunu gêlek bojo seng sugih”
Kerono ora betah dilokno mbakyu-mbakyune, Jaka kendil minggat soko omah, amergo mesakne
bojone. Akhire Jaka kendil bertopo.

Di sisi lain
Dewi Melati mlebu ing kamare banjur nggepuk Priok Jaka Kendil ing meja.
Dewi melati (Fidha): “kenapa kabeh wong ora seneng karo bojoku? bojoku iku wong apik”
Dewi Melati nangis kelara-lara.
Scene 5
Seseorang: “hei Jaka kendil. Buka en saiki mripatmu. Saiki kutukanmu wes tak cabut. Soalé
dèwi melati wes tresna menyang awakmu saka atine lan Priok seng biasane kowe gawa wis
dibanting dening Dewi Melati”
(Jaka kendil pun membuka matanya)
Seseorang: “saiki mulih o ing kerajaan Jaka kendil soalé dèwi melati wes gêlek I awakmu tak
terdunung-dunung”

(Lalu, sayembara pun dimulai)

Scene 6
(terdapat dua ksatria yang akan bertarung)
Carlos (Ronald): “nami kulo pangeran Carlos”
Antonio (Ghulam): “nami kulo panglima Antonio “
(Mereka pun saling bertarung untuk menentukan siapa yang paling kuat)
(Lalu, Carlos pun kalah)
(Lalu, datanglah seorang ksatria gagah yang membuat lara warga yang melihatnya terheran-
heran)
…… :”sopo iku? Ksatria saka endhi?”
…… :”gagah e kaya ngunu, calon bojoku iku”
(Ksatria itu pun langsung menyerang panglima Antonio)
(Ksatria itu pun memenangkan sayembara ini)
Scene 7
Dewi melati ninggalake mbakyu-mbakyune lan ninggalaké lomba iku karo susah nanging si
gagah raposa iku nunekane dèwi melati. Dewi melati bingung nyawang ksatria gagah iku.
Ksatria iku pun nyeritakake kabeh e.
Dewi melati (Fidha): “sopo? Lapo kowe neng kéné?”
Ksatria (Choiruddin): “aku iki bojomu”
Di sisi lain
(Dewi kanthi lan dèwi mawar terkejut mendengar penuturan ksatria tersebut)
Dewi kanthi (Shinta): “sopo iku wong bagus. Iku ndak yo calon bojoku to kok iso mlebu nang
kamare dèwi melati “
Dewi mawar (Natasya):“enak wae, kuwi calon bojoku”
Dewi kanthi (Shinta): “iku wong bagus calon bojoku “

Di sisi lain
Ksatria (Choiruddin): “iki aku Jaka kendil, seng elek rupane mbiyèn iso ngene amergo enek putri
tresna karo aku tenanan lan ana sing ngremuk Priok tanpa daktakoni”
Dewi melati (Fidha): “apa bener seng mbok omongno?”
Jaka kendil (Choiruddin): “iyo”
Dewi melati (Fidha):“kowe mbiyèn Jaka kendil seng elek rupane”
Jaka kendil (Choiruddin): “iyo, bener”
Dewi melati (Fidha): “lek ngunu aku njaluk sepura kang mas. Aku mbiyèn rabi karo awakmu
amergo mesakne karo awakmu. Tapi saiki aku wes tresna tenan karo awakmu “
Jaka kendil (Choiruddin): “yowes gapopo. Seng penting awak dwwe urip bahagia selawase “
Akhire, Jaka kendil lan dèwi melati urip bahagia

TAMAT.

Anda mungkin juga menyukai