Anda di halaman 1dari 11

NASKAH DRAMA

SARIP TAMBAK OSO


OLEH XI MIPA 4 (KELOMPOK 1)

 PARAGA :

1. SARIP : Rasyanda Hikmal S. (30)

2. MBOK SARIP : Fika Dwi Meilisa (18)

3. PAMAN SARIP : M. Chandra Pratama P.S (22)

4. BU LURAH GEDANGAN : Shalva Rahmania S. (34)

5. WARGA 1 : Darin Fatra H. (08)

6. MENER HANSEN : Ratu Zulfikar A. (31)

7. LETNAN KLOWOR : Alya Sova Az-Zahra (02)

8. KOPRAL LUMUT : Rina Susanti (33)

9. PAIDI : M. Luthfi Irza (25)

 WATAK

1. SARIP : Brangasan, gemati marang wong cilik, climut,


ambekpati

2. MBOK SARIP : Pasrah, gemati, gembeng

3. PAMAN SARIP : Licik, egois, dendaman, centhil, mentalan

4. BU LURAH GEDANGAN : Senengane nesu

5. WARGA 1 : Seneng gosip

6. MENER HANSEN : Teges, tanggung jawab, licik

7. LETNAN KLOWOR : Setia, amanah,

8. KOPRAL LUMUT : Setia, amanah

9. PAIDI : Setia, amanah, ambisius, mentalan


URUTANE ADEGAN :

ADEGAN I : Sarip diuber karo kompeni Belanda amarga njupuki barang-


barang uwong Londo

ADEGAN II : Mener Hansen Ngengken Pak Lurah Gedangan narik i pajak


tambake Sarip.

ADEGAN III : Sarip karo Paidi Tukaran bagean ke-1 akhir e Sarip Mati.

ADEGAN IV : Sarip urip maneh lan tukaran karo Paidi bagean ke-2
ADEGAN 1

 PARAGA : Sarip (Rasyanda), Mener Hansen (Ratu), Kopral Lumut (Rina),


Letnan Klowor (Alya)
 SETTING
a. WEKTU : Awan
b. KAHANAN : Bingung, panik
c. PANGGONAN : Tengan dalan, omah pejabat Londo

# Narator :

' Sarip tambak oso yaiku pendekar kang paling disegani karo wong-wong ing wetan kali
amarga dheweke sering banget nyolong barang-barange uwong Londo gawe diwenehi ing
rakyat pribumi kang mbutuhake lan ora tau kapok bola-bali dikejer karo antek-anteke
bangsa Walanda ' ( Narator keluar... )

* Backsound : Maling... Maling... Maling...*

( Sarip mlebu karo mlayu cilik lan keselen amarga digudak warga ... )

Sarip : " Hadoh cek kurang ajare antek-anteke wong Londo iku guduke
ngerewangi ngusir Londo malah aku diber-uber sampek kejer ngene. Babah aku
diilokno maling..Sing penting hasil colonganku digawe mbantu uripe wong sing
ora nduwe..!!!!"

Sarip : " Heeee wong Londo..!! Iki lho Sarip Tambak Oso, jagoan wetane kali..!!
Ayoo ndang cekelen!!! Lek kepingin nyekel sing jenenge Sarip.. Ayoo uberen aku saiki.
Tak enteni nang ngisore penduso….!! "

#Narator :

' Ing salah sijine omah pejabat Londo, yaiku Mener Hansen lagi bingung nggoleki uwong
sing jenenge Sarip kuwi. Mener Hansen banjur ngongkon anak buahe gawe nggoleki
Sarip. '

( Muter-muter nggoleki Sarip lan anak-anak buahe ... )

Mener : "Kemana itu orang yang bernama Sarip..? Ehm.. tadi kelihatan bengak-
bengok di sini kok sekarang sudah tidak ada.. Itu orang apa hantu sih cepat sekali
sembunyinya.. Letnan Klowor.. Kopral Lumut cepat kemari……!!”

Letnan + Kopral : " Siaaap Mener...!! "

Mener : " Kamu orang berdua apa tahu.. Kemana itu orang yang bernama
Surip lha, Sirap, Sarip itu hah….?!! "

Letnan : " Lho, bukanne itu tadi clingak-clinguk di bawah pohon ini Mener..??”
Mener : " Cepat yu berdua cari di sekitar sini itu orang?!”

Letnan : " Mboten wonten Mener.. "

Kopral : " Inggih Mener..!! Tadi Sarip sudah saya tembak kena kakinya
Mener….!!”

Letnan : " Betul Mener….!! Tembakan Kopral Lumut ora tau meleset….!! "

Mener : " Kamu orang nembak manuk emprit saja nggak ada yang

kena. Apalagi menembak itu orang yang bernama Sarip….!! "

Kopral : " Hehehehe…… pelurunya sudah habis Mener….!! "

Mener : " Peluru banyaknya segudang kamu orang buat apa….??”

Letnan : " Dijual ke rombeng karo Kopral Lumut, Mener….!! ”

Kopral : " Heheheh.. Lumayan Mener uange digawe tuku panganan di depan pos.”

Mener : " hahehaheh! Ayoo yu orang berdua cepat kejar itu Sarip sekarang dan
bawa ke sini hidup - hidup !! ”

Letnan : " Sekarang, Mener?? "

Mener : " Sekarang, now, saiki!! "

Letnal + Kopral : " Siaaaap Mener..!! "

#Narator :

' Amarga anak buahe kabeh ora isok nemoni Sarip, Maner banjur ngongkon Pak Lurah
Gedangan kanggo nariki pajak ing Kampunge Sarip, Tambak Oso. '
ADEGAN II

 PARAGA : Bu Lurah (Shalva), Warga (Darin), Paklik Sarip (Chandra), Mbok


Sarip (Fika)
 SETTING
d. WEKTU : Awan
e. KAHANAN : Sedhih, kuciwa
f. PANGGONAN : Ngarep omah Bu Lurah, dalan, omah Mbok Sarip

( Bu Lurah gedangan metu ko omah karo sok-sok mikir... )

B. Lurah : “Tak rasak-rasakno urip tambah suwe tambah soro. Umur tambah tuwo
gak tambah enak..!! Dadi lurah kok mbendinane di sambati penduduk wae isine. Bapak
iki gak ndang mulih, dadi aku sing nanggung beban sakmene kae.”

Warga 1 : "Arep menyang ngendi Bu Lurah kok dewean?”

B. Lurah : "Iki lho bojoku oleh tugas saka ndoro kompeni. Tapi isih nang luar kota”

Warga 1 : "Lha entuk tugas punopo Bu?”

B. Lurah : “Dikongkon nariki pajak nang desa Tambak Oso. Penduduke mokong
kabeh ora gelem bayar.”

Warga 1 : “Ojo gelem Bu, iku ngono ora wilayahe kene. Iso nggarai geger iku.”

B. Lurah : “Sakjane yo ora gelem, tapi di pekso karo Mener Hensen. Daripada
dilereni jabatanne bojoku, ora iso mangan ngko.”

Warga 1 : “Oalahh yowes ati-ati Bu…”

B. Lurah : “Iyo iyoo”

#Narator :

' Bu Lurah isih nariki pajak ing wong-wong lan kebetulan banget dheweke ketemu karo
Paklike Sarip, yaiku Ridwan. Dheweke banjur nakoki pajak tambak sing telung taun
durung tau dibayar. tapi Paklike iki malah ngongkon Bu Lurah nariki langsung nang
Sarip. Apese pas ditekani ing omahe Sarip mung ana Ibuke Sarip, Ningsih. '

*backsound : tok..tokk..tokkk...!!*

Paklik Sarip : “Assalamualaikum.. Ning.....!!!”

Mbok Sarip : “wassalamualaikum. Eh ridwan kalih bu lurah Gedangan toh,monggo


lenggah. Wonten wigatine menopo bu?”
B. Lurah : “Nggeh matur nuwun... Opo bener sampeyan sing nduwe Tambak
wetane kali kono....????!!”

Mbok Sarip : “Inggih Bu.....!!”

B. Lurah : “Berarti sampeyan sing kudhu mbayar pajak’e tanah tambak iko....?!
Wis telung taun durung tau dibayar....?!”

Mbok Sarip : “Lho…., kok saget mekaten Bu Lurah….? Lha wong kulo sampun
dangu mboten nate nggarap tambak…. Adik kulo meniko Ridwan kang ajeg garap
tambak ipun….!!”

Paklik Sarip : “Lho… Ning….!! Tambak iko isik atas namamu lho Ning….!! Berarti
sampeyan sing kudhu mbayar pajak’e tanah tambak iku….!! Lak mekatennggih Bu
Lurah….??”

B. Lurah : “Iyo….., bener !! Sing nduwe tanah iku sing kudhu mbayar…..!!”

Mbok Sarip : “Kowe ojok nakalan lho Wan….!! Hasil-le tambak koen sing
ngerasakno….Wayahe mbyar pajak’e kok malah mbakyu-mu sing dikongkon
mbayar….Berarti koen menangan dewe….!!”

Paklik Sarip : “Ora ngurus…..!! Aku lak mbok kongkon nggarap tanah tambak iko
thok…Wis tak garap timbangane tambak iko nganggur…. Urusan pajak'e tambak….aku
yoo ora weruh…. Dikongkon mbayar….., aku yoo ora sudi Ning…..!!”

Mbok Sarip : “Cek tegone kowe karo aku sak iki Wan…. Ngene engkok lek kerungu
ponakanmu Sarip isok dadi perkoro….!!”

Paklik Sarip : “Opo urusane karo Sarip anakmu sing sak iki dadi bajingan….!! Mbok
piker aku wedhi tach….!! Tambah tak tunjek’i pisan iki engkok...!!!!”

Mbok Sarip : “Aduuuuh biyung…….!!” (Nangis …………)

B. Lurah : “Wah….Wah… wah…!! Malah dadi geger sak dulur…..!! Wis


selesek’no dewe urusan iki …. antarane kowe Kaji Ridwan karo Mboke Sarip…. Aku
isik akeh urusan narik pajak nang penduduk liyane.. Lek wis tuntas baru pajak isok
dibayar nang Kelurahan Gedangan kono….!! Aku pamit sak iki…….!!”

Paklik Sarip : “Nggeh Bu Lurah…..!!” (Bu Lurah pun ngacirrr... )


ADEGAN III

 PARAGA : Paklik Sarip (Chandra), Mbok Sarip (Fika), Sarip (Rasyanda),


Paidi (Irza)
 SETTING
g. WEKTU : Awan
h. KAHANAN : Sedhih, ricuh
i. PANGGONAN : Omah e Mbok Sarip, omahe Paklik Sarip

Paklik Sarip : “Wis menengo cangkem’mu iku…..!! Koyok arek cilik’ae kathek
tangisan Pokok’e ndang digolekno duek….. gawe mbayar pajak’e tambak iku… Mboh…
koyok opo carane aku ora ngurus…..!! Sampek meneh isuk isuk durung onok duwik’e….
Isok tak kaploki meneh sampeyan engkok …….!!”

Mbok Sarip : “Ojok kepenakmu dewe kowe Wan….Aku iki mbakyumu dewe…..!!”

Paklik Sarip : “Wis gak ngurus……!! Pokok’e duwite meneh isuk kudhu onok…..!!”
(Paklik cabut tekan omahh...)

Mbok Sarip : “Oaalah Gusti Pangeran… Goro-goro bondo dunyo…..!! Dulur isok dadi
wong liyo…..!! Kok… koyok ngene kedadeane sak iki….!!”

Sarip : “Mbok…….!! Onok opo omahe kok morat-marit koyok ngene…..?!


Sampeyan lapo tangisan ngisor mejo iki…. Mari onok perkoro opo mbok…..?!”

Mbok Sarip : “Oalaah Cong…..!! Nang endi’ae kowe kok gak moleh-moleh….!!
Keluyuran ae penggaweanmu…. Delok’en dewe…. omah diorat-arit koyok ngene….?!”

Sarip : “Sopo sing wani ngorat-ngarit omahku iki …..?! Tak pathenane uwonge
Mbok…..!!”

Mbok Sarip : “Iki ngono goro-goro pajak’e Tambak wetan kali iko…. Paklikmu ora
gelem mbayar pajak.. Padahal kono sing nggarap tambak karo ngepek hasille….Malah si-
mbok sing kudhu mbayar pajak’….!!”

Sarip : “Cek kurang ajare Paklik iku ... Dijar-jarno malah gak karuan……!!”

Mbok Sarip : “Si-mbok mari diajar…..!! Dijejeki wetengku…. ambek di tunjeki,


Rip…..!!Isine omah diorat-arit koyok ngene karo Paklikmu….!!”

Sarip : “Wis mbok Sampeyan nang omah’ae sak iki…. Pokok’e aku gak terimo
perkoro iki…… Tak budhal nang omah’e Paman sak iki….!!”

Mbok Sarip : “Sariiiiiip……….!! Ojok Cong……, iku ngono isih Pamanmu


dewe….!!!”
#Narator:

' Keling wis duwe firasat yen Sarip katene nemoni de'e gawe ngebales tindakanne kuwi,
Paklik Sarip banjur njaluk tolong karo Paidi, pendekar silat sing biyen tau saperguruan
silat lan nesu banget karo si Sarip kang uga dadi tangan kanane Paklike Sarip gawe
mateni si Sarip. '

Paklik Sarip : “Di….Paidi…..!!”

Paidi : “Nggih Juragan…..!! Wonten menopo….?

Paklik Sarip : “Engkok lek onok Sarip mrene….Ojok oleh mlebu omah….!! Lek wonge
mekso mlebu…. pathenono wae….!!”

Paidi : “Lho…, Sarip lak keponaan Juragan dewe…. Nopo’o kudhu


dipatheni….!!”

Paklik Sarip : “Wis ora usah kakean takok….!! Awakmu nyambut gawe melu
sopo….?!”

Paidi : “Nggih tumut Juragan Ridwan….!!”

Paklik Sarip : “Lha wis ngerti ngono lho….!! Aku tak mlebu omah dhisik…. Kepingin
klesetan…..!! Rasane gegerku pegel kabeh….!!”

Paidi : “Monggo Juragan…..!!”

Sarip : “Lik….!! Paklik……!! Metuo lik…..!! Aku onok perlune….!!”

Paidi : “Koen rip!! Ono perlu opo kok bengak bengok ae ki?”

Sarip : “Paidi ta! Nang ndi paklikku, aku ana perlu”

Paidi : “Perlu opo”

Sarip : “Yo ono perlu pokok e, minggir sek koen”

Paidi : “Sek tenang sek santai ojo digae emosi, mending melu aku ngopi nang pinggir
sawah kae”

Sarip : “Alah gak usah kakean omong koen di, nang nang ngendi paklikku”

Paidi : “Nek aku ga ngolehi mlebu arep opo koen”

Sarip : “Mekso aku! Tak bobol omah iki sampe petuk karo paklikku”

Paidi : “Lho lho lho nek nyawang kelakuanu koyo ngono iku, ancen e kon iku maling,
rip”
Sarip : “Aku ancen maling, di. Aku maling gak sembarang maling! Hasil colonganku
kanggo wong wong cilik, di!

Paidi : “Rip, sing jenenge maling yo tetep maling”

Sarip : “Jangkrikkkk!!!!! Omonganmu gae kupingku panas. Minggir o aku ape nemoni
paklikku”

Paidi : “Nek mekso, tak gepuk cengelmu nganggo jagang baceman koen rip!

Sarip : “Koen nantang karo aku ta Di….??!!! Kon sek ngganggep aku sainganmu
hah…..?!!”

Paidi : “Sak karepmu Rip… koen njaluk opo tak ladeni…. Pancen wis suwe aku
kepingin njajal sak piro dukure ilmu silatmu…..!!”

Sarip : “Jangkriik…..!! Njaluk geger iki ceritane…..!!”

(Sarip lan Paidi tukaran adu silat)

#Narator :

' Akhire Paidi kasil mateni Sarip, mayate banjur diuncal ngunu wae ing kali. Tapi
untunge Ibune Sarip kasil nyeluk Sarip ing mimpine lan gara-gara ilmu bapake,Sarip ora
iso mati yen ibune isih urip. Sarip pun urip maneh krungu de'e diceluk ibunne. Dheweke
banjur ngelanjutno janjine de'e gawe balas dendam karo Paklike lan bangsawan Londo.
ADEGAN IV

 PARAGA : Paklik Sarip (Chandra), Paidi (Irza), Sarip (Rasyanda)


 SETTING
j. WEKTU : Awan
k. KAHANAN : Ricuh
l. PANGGONAN : Omahe Paklik Sarip

Paklik Sarip : “Opo wis mbok buak bathange Sarip nang kali….Di….??”

Paidi : “Sampun Juragan….!!”

Paklik Sarip : "Pinter koen Di….!! Nyo….., duek limang atus ewu gawe
persenmu…..!!”

Paidi : “Matur nuwun Juragan….!!”

Paklik Sarip : “Mati’ne Sarip…., berarti wis gak onok maneh wong sing dadi
penghalangku…. Gawe nggagahi tambakne mbakyuku…..!! Kosok baline….Kon sak iki
dadi jagoan kesohor sing ora onok tandinganne Di….!!”

Paidi : “Inggih Juragan….!!”

Sarip : “Jarene sopo aku wis mati….!!”

Paidi + Paklik : “Saaaariip…….!! Isik urip……?!”

Sarip : “Yooo…..!! Aku isik urip….!! Ndelok kelakuanmu sing koyok ngono
Man….!!Dadi wong serakah…., tego mentolo karo wong cilik….!!Wis gak ana ampun
maneh…..!! Rasakno iki……!!”

Paklik Sarip : “Aaaaaaaaaakkkkh…….!!”

Paidi : “Juragan……….!!”

Sarip : " Sak iki…., kari aku karo koen Di…..!! Ayok diterusno tarung
maneh…..!!Mboh sing mati aku opo koen sak iki sing mati…..!!”

Paidi : “Jangkriiik……!! " Koen durung kapok’ae Rip…..!! Tak kepruk


endasmu pecah dadi sak walang-walang….!!”

Sarip : “Ayo maju’o Di….!! Tak suduk wethengmu mbrodol ususmu….!! ”

Paidi + Sarip : " Hiaaaaaaaatttt…….!! ”

-----------------------------------------------------------------------------------------------------

# Narator

' Uwis suwi pertarungan anatranne si Sarip karo Paidi tapi loro karonne durung onok seng
katene ngalam, malahan loro karonne ngetokno aji-ajinne '
Paidi : "Panceni koen bener-bener jagoan Rip…!! Sak iki cobak tampanono aji-ajiku
Rip……!! Aji Glodok Geni……!!”

Sarip : “Iyo…. tak tampani karo Aji-ajiku Di…. Aji Tapak Saketi…..!!”

Paidi + Sarip : “Hiaaaaaaattt…….!!”

* Backsound : DUAAAAAAAR!!! *

Sarip : " Paklik... Paidi... kabeh wis podho mati… Dadi antek-antek’ke bongso Londo
pancene kudhu digawe bongko…Kari bongso kompeni londo sing durung
takbasmi….Abot-abote mbelo bongso-negoro.. Tak rewangi awan bengi ora wedimati..
Aku Sarip Tambak Oso.Wong Londo kabeh kudhu minggat tekok Tanah Jawa iki….!!!!”

Anda mungkin juga menyukai