Anda di halaman 1dari 15

Naskah Drama

“ CINDE LARAS “

SKENARIO :
BABAK I : Suasana Kerajanan dan Lingkungan sekitar kerajaan penuh dengan suka cita
BABAK II : Cinde laras ditengah tengah aktifitas kampung, sedang bermain adu ayam, cinde laras di cibir banyak
orang karena status keluarganya yang tidak jelas
BABAK III : Cinde laras pulang untuk menanyakan statusnya kepada sang ibu
BABAK IV : Dikerajaan sang raja menceritakan mimpinya yang bertemu sang permaisuri kepada sang patih dan
selirnya. Kemudian sang selir menceritakan bahwa dia sedang mengandung buah hati mereka
BABAK V : Prajurit pergi ke pasar karna utusan sang raja untuk membeli kebutuhan sang tabib untuk membeli
bahan bahan pengobatan, kebetulan melihat cinde laras yang menang mengadu ayamnya.
BABAK VI : Prajurit kembali ke kerajaan untuk memberikan barang belanjaan yang sudah di pesan, kemudian
menceritakan kejadian di pasar saat cinde laras menyabung ayam. Sang raja mulai tertantang karena ia
melihat ada musuh yang tepat untuk menyabung ayamnya. Sang raja menyuruh kembali sang prajurit
untuk kembali mengumumkan bahwa sang raja mengadakan sayembara untuk seluruh masyarakat, sang
raja bermaksud agar si cindelaras keluar dan mau bertanding ayam denganya.
BABAK VII : Cinde laras sedang memandikan ayamnya di depan rumah sambil mengobrol dengan sang ibu yang
sedang beraktifitas membersihkan dan memilah beras. Kemudian sahabatnya datang untuk memberikan
informasi sayembara yang di adakan oleh sang raja. Cinde laras meminta ijin kepada sang ibu bahwa
akan mengikuti sayembara tersebut.
BABAK VIII : Suasana sayembara sabung ayam yang di adakan sang raja, acara tersebut dilakukan di alun alun
kerajaan. Cinde laras datang dan bermaksud untuk ikut sayembara. Disinilah sang cinde laras akan
melakukan peertandingan sabung ayam dengan sang raja.

TOKOH :
1. Cinde laras
2. Raden Putra
3. Permaisuri
4. Selir
5. Kakek
6. Sawung jati Ayam cinde laras
7. Ayam raden putra
8. Patih
9. Tabib
10. Penyabung
11. Prajurit 1
12. Prajurit 2
13. Warga
14. Prajurit (11)
DIALOG :
Babak I
Dalang : “ Swuh reeep doto pitono, anenggih nagari pundi toh ingkang kaeko adidoso purwo?
Jarene kondo eko yowes ngarani sawiji, adi linuwih, doso sapuluh, purwo wiwitan...
Nggeh negari Jenggala, negari kang gemah ripah loh jinawi tentrem suko raharjo.
Nggeh raden Putro ingkang munggah dampar dados penembahan.
Kocap, sang noto leno, dados panembahan ingkang adigang adigung lan adiguno.
Sang garwo kang mbobot si jabang bayi, tinundhung saking jenggolo.
Sang garwo, karudho pakso, kasingkir krono sang selir nggawe ukoro lan goro – goro…”

Babak II
Warga : “ Ayo….ayo….ayo….jagone cindelaras seng menang….ayo….ayo….ayo!!! “
Penyabung 1 : “ seng menang jelas iki aku….rembo gak tau kalah lek pas main ngeneki…”
Warga : “ Jagomu iki, tekok ulese ae wes ketok, gak kiro kalah lek mungsuh wek cinde laras “
Penyabung 1 : “ di delok ae wes ketok, lek Rambo mojokno jagone cinde laras, gak kirane Rambo iku
kalah…..wes ojok kakean rame…ndang klumpukno duikmu seng njago pitik e cinde
laras….wes genah rembo seng menang!!! “
Cinde Laras : “ uwes turutono ae….klumpukno duik e….terus kene gowo moleh….haha…haha…hahaha!!! “
Warga : “ delok en….delok en….jago ne cinde laras menang….jagone cindelaras menang….jagone
cinde laras menang
Penyabung 1 : “ wahhhhh…gak iso….koen ngakali…!!! Koen ojok nggae nggae “
Cindelaras : “ Kalah ngakuo kalah….gak usah kakean cangkem….wahahahahaha “
Warga : “ hahaha….hahaha….hahaha…
Penyabung 1 : “ heeeee….cinde laras….dadi uong ojok kakean ngakali….koen iku ora sadar ambek
awakmu….??? Heee….koen iku gak sadar koen iku sopo ??? “
Cinde laras : “ lho wes genah aku cinde laras….wong sak mene keh e y owes eruh….lek aku iki jagoan e
sabung anjok ndi ndi….lapo aku ngakali barang….heeeee!!!! “
Warga : “ iyo….bener iku….cinde laras bener “
Warga lain : “ bener…. Bener…. “
Penyabung 1 : “ koen saiki akeh seng mbelani leee….tapi gak eruh sejatimu dewe iku sopo….genah anak
pupon arek gak due bapak….ojok ojok koen iku anak seng di guak….hahaha….hahaha….!!! “
Cinde laras : “ koen ojok nyandak nyandak anak pupon….koen ojok nyandak aku anak seng di guak….koen
lek gak percoyo….rungokno….!!! sawung jati jagoku….kandanono wong sak mene keh
e….sopo sejatine aku….??? “
V.O Jago : “ Kukuuuruyuuukkk…. Bendaraku Cindelaras omahe ndek alas….genteng omah e soko
klaras….cinde laras gagah prakoso….anak e sang raden putro !!! “
Cinde laras : “ yokpo ???....wes krungu kopengmu “
Penyabung 1 : “ wahahahahaha….onok arek kok percoyo pitik jago….wes gendeng a koen iku??? “ wes babah
aku kalah gak popo….dino iki aku trimo….tuas amis mungsuh wong gendeng…!!! “ (sambil
berlalu pergi meninggalkan tempat tersebut)
Warga lain : “ wahahahahaha….” (sambil berlalu dan ikut pergi)
Warga : “ cinde laras….seng sabar yo awakmu “ (sambil mengelus pundak cinde laras, kemudian
beranjak pergi)
Cindelaras : “ kabeh podo ngguyu kedadean iki, iyo aku trimo….sopo sejatine aku iki!!!....aku iki sopo???
Iyo aku gak popo saiki aku kok guyu….aku kok remehno…mbesuk lek ancen kedadean e ora
koyok seng kok omongno koyok maeng iku…koen kabeh bakal kisinan….lek ngerti sopo
sejatine CINDE LARAS“ (beranjak pulang dan akan menanyakan kronologi cerita hidupnya
kepada sang biyung nya) #SUMBARAN

Babak III
Permaisuri : “ lha iyo….wes yahene….cinde laras iki kok durung moleh….lek wes metu nggowo sisawung
sampek lali omah….ngeneki wong tuek kate ora kuatir….budal iki maeng yowes ora katek
sarapan….mangan ndek ndi arek iki ngkok…tapi yo kate yokpo maneh lek ancen iku iso nggarai
seneng….wong jenenge arek….molai cilik wes ora karo bapakne….bek menowo iku iso nggarai
arek bungah….ora sampek susah….aku wes ayem….tapi gaonok maneh liane cinde
laras….gandolane atiku yo mung cinde laras “ (ngudho roso sambil membersihkan beras)
Cinde laras : “ bu…..cinde laras kang dugi bu…. “
Permaisuri : “ koen iku tekok ndi ae yahene kaet mole “
Cinde laras : “ Mantun olah raga kaleh si sawung bu….si sawung lek mboten olah raga sedinten, ketingale
ngluntruk kemawon…. “
Permaisuri : “ olah raga yo olah raga…. leee….cah bagus….ning yo mbok ngerti wayah….”
Cinde laras : “ inggih bu….lha nggeh ngrantosi rampung to bu….lha menawi dereng rampung….nopo si
sawung kulo tinggal kiambek….”
Permaisuri : “ yo ora…ning di batesi….ora nganti kedowo dowo….
Cinde laras : “ inggih bu….
Permaisuri : “ wes kono…gek ndang rumatan….trus maem….”
Cinde laras : “ nganu bu “
Permaisuri : “ nganu lapo maneh ? di utus ibu ki kok katek nganu barang !!! “
Cinde laras : “ badhe wonten ingkang cindelaras tangletaken “
Permaisuri : “ takon ???.....kate takon opo lee….cah ngganteng….bek menowo ibu iso jawab….yo bakal ibu
jawab….ning bek menowo ibu durung iso jawab….yo sepurane….ibu bakal jawab sak isone
ibu….yo!!!! “
Cinde laras : “ nggeh bu….ngaten !!!....ibu ampun kesinggung kaleh pitangletane sang putro nggeh !!! “
Permaisuri : “ ora….ora cinde laras….gage ndang takon opo kang dadi klangenanmu iku….”
Cinde laras : “ mekaten kanjeng ibu….kulo pirang pirang ane pekether…bingung kaleh kahanan
meniko….ningali si Gotro rencang kulo….sabendinten saget sabed gojek kalihan
keluargo….roso batinkulo nangis….terus terang kulo meri kalhan si gotro….benten kaleh kulo
bu….seng sabendinten namung kalih kanjeng ibu kalian simbah….seng badhe kulo
tangletaken….kulo meniko yugane sinten bu….”
Permaisuri : “ yo anak e ibu to lee….kok nganeh nganeh i pitakonanmu….”
Cinde laras : “ kulo roso niko mboten aneh bu….nggeh kulo semerep….kulo putrane kang ibu….nanging,
ibgkang kulo tangletaken kang romo bu….”
Permaisuri : “ ngene ngene….kok koe moro moro takon kang romo iki ono opo??? “
Cinde laras : “ kulo isin bu….kulo isin….saben kulo medal saking nggriyo….kulo dados rasan rasan….kulo
mireng saking tiang kang wonten kiwo tengen….sampek kedadosan niki wau wonten
peken….kulo diarane anak pupon….nopo leres niku bu ??? “
Permaisuri : “ ora bener iku leee…..ora bener….wes ra usah kok gubris omongna kang durung mesti bener
nyatane….wesss….gek ndang maem….ibu maeng masak senenganmu….ibu nggoreng iwak
klotok ambek sambel bajak….wes gek ndang rumatan kono trus maem….maro ndang
ngasoh…..yoooo…..”
Cinde laras : “ mangke rumiyen bu….ibu dereng jawab nopo ingkang dados pitangletanipun cinde laras…. “
Permaisuri : “ iyo kek ndang maem disek….mengko yen wes mari….pitakonanmu bakal di jawab karo njeng
ibu….yo cah bagus….wes gek ndang mangkat…. yen ibu wes matur….ora apik, yen koe
mbrengkel ora nuruti omongane kang ibu….wes kono kono….lebus kabeh ambune “
Cinde laras : “ nggeh mpun kulo tak ten wingking rumiyen….”
Permaisuri : “ yowes kono…. “ (sambil mendorong cindelaras agar segera pergi kebelakang)
“ kate ono kedadean opo maneh iki….cinde laras kok wes molai takon romone….aku dadiwong
tuo kudu jawab kepie….cinde laras tambah sue yowes tambah dewoso….menowo aku ngomong
kedadean opo anane ….iyo lek trimo….wong jeneng e arek….lek gak trimo trus nyusul romone
kepie iki….iyo yen nyusul kang romo ora ono kedadean opo opo lan di trimo ning
kerajaan….menowo gak di trimo terus ono opo opo marang cinde laras….aduhhh…..kudu pie
aku iki….gusti paringono pitulung gusti….”
Kakek : “ ono opo to ndok….sajak e lagi ono kang lagi kok pokirke….ngendi si cinde???...kok aku
maeng krungu suarane….”
Permaisuri : “ ohhhh….pak….nganu (sambil tersenyum dan mengusap air mata yang menetes) nggeh….
Kakek : “ nggeh opo??? ….kok moro moro enggeh iku lho….aku takon opo jawab e opo “
Permaisuri : (sambil tersenyum) “ cinde lagi adus ten wingking….nembe wangsul saking adu
sawung….nikiwau kulo kengken maem kalih reresik….”
Kakek : “ eh lhaiyo….yahene kok tas moleh….pie arek kok…. “
Permaisuri : “ lha nggeh niku pak “
Kakek : “ tak sawang sawang…. sajak e koe lagi ono pikiran….ono opo to nduk….kene kene
ngomongo….bek menowo bapak iso mbantu mnggolek ke solusi bab opo kang dadi pikiranmu “
Permaisuri : “ ngaten pak….si cinde….!!! “
Kakek : “ nyapo cinde ??? nyolong ???... opo gelu ???....opo njaok rabi ???
Permaisuri : “ mboten pak !!! “
Kakek : “ terus nyapo cinde ??? “
Permaisuri : “ cinde….cinde tanglet kang romo !!! (music tegang)
niki ingkang kulo wedeni sampun dangu pak “
Kakek : “ ngene ngene….candra wati….koe ra sah bingung….wes wayah e….cinde laras wes
gedhe….wes mestine yen cinde laras takon lan ngerti sopo sejatine kang romone….
Permaisuri : “ terus…..kulo kedah pripun pak….??? “
Kakek : “ critakno opo anane kedadean kang wes kebacut….ojok sampek onok kang kok tutupi soko
cinde laras….tak roso….cinde laras bakal iso milih endi seng bener lan ora….ben cinde laras
seng mutuske kudu kepriye ngadepi kahanan iki….tak ilingne maneh….wes wayah e yo candra
wati…”
Permaisuri : “ tapi kulo wedi pak….kulo wedi yen cinde laras wonten nopo nopo “
Kakek : “ pasrahne nang seng nggae urip….wajibmu dadi wong tuo wedok….ndungakne anak….ben
anak slamet….lan anak iso nggayuh opo kang dadi kelangenane….
Permaisuri : “ ngoten tah pak ??? “
Kakek : “ iyo….koe kudu tetep sabar lan percoyo marang opo kang wis ginaris…. “
Permaisuri : “ nggeh pak….kulo nderek nopo ingkang sampun njenengan aturaken “
Kakek : “ saiki ndi bocah e ???.... “
Permaisuri : “ ten wingking pak !!! “
Kakek : “ leee…..cindelaras….kene gage ndang moro o…. “
Cinde laras : “ dalem…kulo simbah…. “
Kakek : “ kene lungguho kene…. (sambil menepuk kursi di sebelahnya) wes condrowati gek ndang
omong nang cinde laras….ambek koe nde…di mirengke ibu mu matur opo….pesen e simbah koe
ojok gampang grusa grusu….yoo….!!! “
Cinde laras : “ inggih mbah “
Permaisure : “ ngene cinde….putrane ibu “
Cinde laras : “ dalem bu “
Permaisuri : “ ibu kate njawab opo kang dadi pitakonmu….ning ibu pesen…. koe ora kepareng sombong…
koe ora kepareng nesu….moreng moreng….opomaneh sampek males opo kang wes kedaden….

Cinde laras : “ nopo to bu….kulo kok mboten ngertos….ning yen ibu pesen mekaten….nggeh kulo bakalan
nuruti nopo ingkang sampun ibu pesenaken “
Permaisuri : “ ngene cinde….putrane kang ibu….koe mau takon sopo sejatine kang romo mu….iyoh yen iki
wes wayah e koe ngerti….ibu bakalan kondo sopo sejatine romomu….
Cinde laras : “ lha niki lho bu ingkang kulo rantos….sinten bu….sinten “
Permaisuri : “ iyo sabar….ngene yo cinde laras….asmane romomu kui….kang sinebut….raden putro
Cinde laras : “ raden putro ??? “
Permaisuri : “ iyo cinde….raden putro “
Cinde laras : “ kadose kulo nate mireng….si sawung jati menawi kluruk nggeh ngucap asmo niku lho
bu….kulo malah di arani gendeng kaleh tiang tiang….kandani a….aku gak gendeng kok di arani
gendeng!!!….terus bu….sinten niku raden putro….kok kulo mireng mireng…. raden putro
meniko asmane sami kaleh rojo kang wonten kerajaan….nopo leres meniko tiang e ??? “
Permaisuri : “ iyo lee….koe iki anak ratu….”
Cinde laras : “ lhaaaa…. Buongko pora (sambil tertawa) kandani a gak percoyo…..ayo sopo seng ngarani
aku wong gendeng….”
Permaisuri : “ uwes uwes….le uwes “
Kakek : “ wes….bungah koe lee…”
Cinde laras : “ wah sampun mbah….sampun….lego rasane manah….tapi bu….nopo o…,njenengan kaleh
simbah kaleh kulo….kok mboten urip wonten kerajaan….kok malah ten tengah alas ngeten
niki….
Kakek : “ ohh…iyo iyo…”
Permaisuri : “ pak ??? “
Kakek : “ uwes condrowati ben aku seng njlentrehno babakan iki….ngene cinde….simbah iki enek
crito….bien iki enek kedadean kang nggeger ke kerajaan….ning crito iku di critak ke….sang rojo
due garwo loro….seng siji iki dadi ratu lan seng siji dadi selir e kang rojo….ndek mbien iki kang
rojo tresno banget marang garwo permaisurine….ning sang selir ora trimo yen kang rojo tresno
marang permaisurine….neng kedadean iku….sang selir nggae geger geden kepingin dadi
permaisuri ning nggae coro ora bender….nah…selir ikumau kongsi karo tabib kerajaan nggae
ukoro yen selir iku loro pekoro di racun karo permaisuri….seng sampek ndadekno permaisuri
oleh ukuman mati soko sang rojo….sang rojo ngutus kang patih gae ngekek I ukuman marang
permaisuri….kang patih ngelaksanakno tugas e nuruti opo kang wes di utus karo sang
rojo….permaisuri di kon nggowo neng alas gung lewang lewung banjur di pateni ono neng
kono….nanging sang rojo ora ngerti….sejatine yen permaisuri, yo garwo utomone lagi
ngandut…,ning kang patih ngerti….yen permaisuri lagi ngandut putrone sang rojo….kang patih
tetep ngleksanakno tugas e nggowo permaisuri ning alas….ning ora sido di pateni….permaisuri
banjur di cul ke….ning gantine….sang patih mbebedag golek kidang kanggo ngganti getih e
kang permaisuri kanggo dilaporke marang rojo….kanggo bukti yen permaisuri wes di
pateni….sang rojo percoyo marang kang patih….trus pie keadaane permaisuri mau….
Cinde laras : “ pripun mbah….”
Kakek : “ lha permaisuri kumau mlaku sak dawaning alas karo ngandut putraning sang rojo….sang
permaisuri bingung arep menyang ndi tujuan e….nanging…ing tengah dalan….permaisuri
ketemu marang salah sijining uong banjur di tulung lan di jak urip bareng….sang permaisuri
kang lagi ngandut, di ramut sampek bayine sang permaisuri lair….sang permaisuri ngelairake
putro lanang kang ngganteng, gagah, wobowo,…..banjur putro kui mau di weh I jeneng karo
kang nulung kui mau…..”
Cinde laras : “ sinten mbah namine ??? ”
Kakek : “ si jabang bayi iku mau…..di weh I jeneng….CINDE LARAS…. Yo koe kui sejatine sing tak
critak ke cinde laras….
Permaisuri : ( menangis sesenggukan sambil memeluk cinde laras )
Cinde laras : “ duh ibu….kulo nyuwun pangapunten….kulo matur sembah nuwun dumateng kang ibu kalian
simbah…”
Permaisuri : “ iyo iyo cinde….ibu yo nyuon ngapuro yo cinde “
Cinde laras : “ nuwun inggih ibu “
Kakek : “ uwes uwes….iki ora apik yen di tutukne udan tangis ning njoboan ngeneki….menowo ono
uong eruh…ora pantes yen disawang….wes saiki….ayo mlebu ning njero omah….yen kate
tetangisan….di tutukne ning njero wae….iki kahanan e yowes molai surub…”
Permaisuri : “ nggeh pak !!! “
Cinde laras : “ Nggeh mbah !!! “
Kakek : “ wes….wes….wes….ayo “

Babak IV
Raden putro : “ paman patih “
Patih : “ sendiko dawuh Adi prabu “
Raden putro : “ pie kahanan e poro nayoko….tamtomo….lan poro prajurit kang ono….??? “
Patih : “ inggih….sak meniko….poro nayoko….tamtomo….lan prajurit….86 man….car….li….aman
lancer terkendali “
Raden putro : “ iyo paman….yen koyo mangkono….aku kroso lego….
Patih : “ nuwun inggih “
Raden putro : “ diajeng “
Selir : “ inggih kakang “
Raden putro : “ pie kabarmu….opo podo sehat???....lan pie kahanan e keputren “
Selir : “ angsal pangestu panjenengan….kulo sehat….lan sedoyo sami wilujeng….kahanan e
keputren…nggeh sami aman….mboten wonten kirang setunggal punopo….”
Raden putra : “ iyo iyo diajeng….yen kahanan e koyo mangkono aku iso ngroso lego….paman….??? “
Patih : “ kulo!!!...”
Raden putro : “ ono seng kate tak critakno marang awakmu….??? “
Patih : “ nopo niku ??? “
Raden putro : “ ngene ngene….ndek mambengi….aku iki….ngipi!!! “
Patih : “ ngipi nopo niku “
Raden putro : “ diajeng candra wati….paman “
Patih : “ wonten nopo kalihan kang garwo “
Raden putro : “ prasaku sek ono….yen ning ngipiku….candrawati iki….nggwndong arek cilik…lanang
ngganteng praupane….”
Selir : “ kang mbok candrawati kan mpun mboten enten to kakang….???lanopo njenengan tseh
kepikiran kalihan kang mbok….bek menowo meniko naming kembange sare”
Raden putro : “ iyo iyo….aku yo kroso koyo mangkono….”
Patih : “ pangapunten adi prabu….kinten kinten….bek menowo kulo angsal tanglet….wanci nopo??? “
Raden putro : “ tak roso aku nglilir mari ngipi iki….pas padang mbulan….lek coro jaman modern ngunu jam
2an bengi paman….kiro kiro pie miturut kakang patih”
Patih : “ ngeten di….menowo ngipi….biasanipun wonten telung macem…..sak ngertos kulo….
Raden putro : “ onok telu???....opo ae iku paman….
Patih : “ ngeten ngeten….sak ngertos kulo….ngipi niku wonten tigo….ingkang kaping setunggal….titi
yoni….kaping kalih nipun…gondo yoni….ingkang kaping telunipun….puspo tajem….
Raden putro : “ yokpo yokpo iku paman….pie jelasne maksute ??? “
Patih : “ ngeten….menawi titi yoni meniko naming kembang e pun tilem….biasah e menawi
panjenengan mantun nglakoni nopo nopo mantun niku kepikiran dados e kegowo ngipi….lha
tabuh e niku biasah e tabuh wanci jam 9 dalu ngantos jam 12 dalu…. Menawi gondo yoni
meniko…. Ngipi engkang panjenengan impek aken dados pratondo nopo pengemut e njenengan
lha seng panjenengan impek aken saget kedadosan….lha tabuh e meniko biasah e wanci jam 12
sampek jam 3 parak isuk….ingkang ketigo….meniko puspo tajem….puspo tajem meniko biasah
e dados isyarat nopo wisik….pesen saking ngaluhur nopo gusti kang akaryo jagad ngirimaken
pesen dateng njenengan….lha tabuh e meniko jam 3 ngantos jam 6 injing….
Raden putro : “ trus pie karo ngipiku iki miturut e paman patih….diajeng condrowati kan wes gaono “
Patih : “ nuwun inggih….prosokulo ngipinipun njenengan meniko….bakal e kedadosan….”
Raden putro : “ ning condrowati wes ora ono kakang….lan arek cilik iku sopo ???
Selir : “ kakang….mbok wes ora usah ngurusi babakan ngipi….wong kang mbok cabdrawati iki y
owes ra ono….mbok di kulinakno mbahas seng ono wae….iki lho putramu….seng enek ning
njero weteng wes kepingin ndang ngerti rama ne….”
Raden putra : “ lho diajeng…opo aku ora salah krungu….
Selir : “ mboten “
Raden putra : “ koe ngandut ??? “
Selir: Iyo Kakang aku lagi ngandut anakmu!!
Raden Putra: lho kowe lagi ngandut anakku
Selir: Iyo Kakang aku lagi ngandut anakmu
Raden Putra: aduh aduh kini Diajeng garwanipun Kakang.... nyedak o marang aku Diajeng !!! Kowe kok jek tas
Kondo Yen kowe ngandut
Selir: piye leh Ku te ngomong Kakang....... kowe malah nyerita no Kang mbok condrowati... kowe malah ora
merhatiin aku
Raden Putra: Yoyo Diajeng garwanipun Kakang pangapuro sing gede yo Diajeng
Selir: Iyo Kakang ora dadi Boyo Pa ngopo
Raden Putra: tabib.... tabib....
Tabib: kulo ingkang rawuh Raden
Raden Putra: ngene ngene....koe iki wes ngerti opo durung....yen garwaku iki lagi ngandut....
Tabib : sampun raden....
Raden putra : terus.....koe kok ora kondo marang aku....
Tabib : kulo di utus kanjeng putri mendel kemawon....kanjeng putri....ingkang badhe sanjang panjenengan
piambak.....
Raden putra : iyo iyo.....yen ngunu....tulung gawekne ramuan....kanggo garwaku....ben kondisi bayine bene tetep
sehat enek ing njero kandutan.....
Tabib : ngestok aken dawuh raden....nanging sak meniko.....kulo mbetah aken keperluan tanduran ingkang saget
damel ramuan.....stock damel ramuan kulo sak meniko telas raden....
Raden putra : yen koyo mangkono....ben e di blanjak ke menyang pasar....kebutuhanmu pie ben mengko di tukok
ke....
Tabib : nuwun inggih....
Raden putra : paman patih....
Patih : kulo adi prabu....
Raden putra : aku nyuwun tulung menyang koe....kandakno marang seng biasah e blonjo kebutuhan menyang
pasar.....kongkon nukok ke kebutuhan seng di butuhke tabib...yo....
Patih : inggih....
Raden putra : mengko yen wes bali soko pasar....kongkon gek ndang laporan lan nyerahke blonjoan kui mau
menyang tabib....ben tabib iso langsung nggawek ke ramuan kui mau
Patih : ngestok aken dawuh....
Raden putra : wes diajeng.....saiki koe balio menyang keputren.....di jogo kesehatan e ben ora sampek loro.....aku
karo paman patih kate enek perlu.....yo.....
Selir : inggih kakang....
Raden putra : wes paman.....ayo derekno aku....lan tabib....koe derekno bendaramu putri....
Tabib : ngestok aken dawuh raden....
Patih : ngestok aken dawuh....
Raden putra : ayo kabeh....wes podo mangkat ora usah kesuen.....

Babak V
Pedagang : ngeneki nasib e orep ndek karang pradesan….golek sego sak puluk an ae orep ora karu
karuan….kadang sirah di gae sekel sekel di gae sirah….kepingin ayem…..leren di ewangi
jungkir walik….sue sue kok koyok wong sirkus….sakjane yo kepingin awak mek kari lungguh
iso mangan….kepingin opo kari nduding….due karep kari ngomong wes nyepak….tapi yokpo
maneh….wong nasib iki ora melok nggae naskah….sampek sampek kate latian digae drama
leren di ewangi udan tangis….seng gak oleh latian ndek njobo sekolahan….seng njaok surat ijin
gak oleh tanda tangan….seng leren disidang ambek wong tiek ndek omah….durung lek njaok
urunan…..gurung kebutahan di gae kebutuhan tugas njait….dueung seng gae tuku
kain…..durung urunan drama…..sue sue kok tambah kuru lek tak pikir….tapi yowes tak
lakonane ae….wong jenenge orep
Pembeli : riko iku sambat lapo ae ???
Penjual : nyritakno orep iki lho….kok koyok sek kurang marem ae….
Pembeli : lha ora marem e iku lho opo.o…..
Penjual : yo dadi wong cilik iki ora enak enak….kepingin sembarang kalir sek leren d ewangi mumet….seje lek
karo wong wong ndukur ndukuran iku….
Pembeli : opo o wong ndukuran….
Penjual : lek wong ndukuran i….kepingin popo kari nduding jeeee….
Pembeli : riko I kadang sek kurang bersyukur….wong ndukuran iki berkuasa….kepingin kari nduding iku wes
wajar….awak dewe iki g eruh….sak durunge dadi wong sukses usahane yokpo kene iki gak
paham….koyok awak dewe iki bendino wes iso ambek an….mangan yo gak telat iki kudune wes
bersyukur lho….
Penjual : ngunua ???
Pembeli : yoiyo tah….
Penjual : tapi kadang sok sok lek wes dadi ndukuran iku lali ambek seng ndek isor….dadi maleh kadang nggae
sak karepe dewe….ora tau gelem mikir wong cilik seng ndek isor….lha opo abote….kadang
kene mek njalok surat persetujuan….iso di ruet gak karu karuan….kadang lali lek dadi ndukuran
iku kudu iao momong ambek wong cilik….yo iku seng iso di arani pembimbing…..di pilih dadi
pembimbing iku prosoku kudu iso mbimbibg…iao ngerteni karepe wong cilik….ora dadine
maleh sak karepe dewe golek aman gae ngaman no awak e….
Pembeli : ngunuiku lak wes onok pertimbangan a sakjane….mek awak dewe kadang gak ngerti pertimbangane
yokpo….awak dewe iki g eruh
Penjual : kan podo podo gak ngerti….kudune lak yo iso di pritung a ngunuiku….ora senengane malah nggarai
beban e wong cilik ae….wes ngunu gak ngekek I solusi yang tepat….
Pembeli : yoiyo seeh……
Penjual : wes ….di ijir lho lek pangan gorengan….ora ngemol ae….
Pembeli : duh iyo iyo…..sek kaet nyojot siji wes d kon ngitung
Penjual : masalah e sijimu iku kadang bedo ambek liane….ngomong siji kadang wes telu wes papat….
Pembeli : ora ora….ambek aku bungkusno jae….sere….ambek kunir yo….kate tak gae njamoni pitik ndek
omah…..
Penjual : iyo….
Pembeli : lha iyo…..pitik e cinde laras maeng iku kok iso jan hebat…..
Penjual : hebat yokpo seeeh….pitik I yo wes ngunuiku….hebat e ndek endi
Pembeli : lha ora e ngunu….kabeh kok iso di babit entek koyok ngunuiku….
Penjual : koyok e yo wes ket bien…..lek pitik e cinde laras iki hebat….gak tau onok seng iso ngalahno
Pembeli : lha iyo….gaonok ceritane lek pitik e cinde laras wes mudun….moleh gak ndedeli pitik liane….tapi gak
popo….goro goro cinde laras….dandang ndek omah ora sampek mengkurep….awak maleh oleh
tambahan gae blonjo….
Penjual : mangkane awakmu kudu matur suwun nang cinde laras sak jane….
Pembeli : lha yoiku….wes ndek omah dadi aman….
Prajurit yang membeli kebutuhan kerajaan datang,. Dia bermaksud membeli kebutuhan kerajaan. Sang prajurit
mendengarkan obrolan tentang cinde laras yang menang sabung.
Prajurit : byung jan gayeng men lek crito…..mari onok tanding piting tah???
Penjual : oalah….nggeh den….ruame niki wau….monggo monggo….tumbas nopo ???
Prajurit : empon empon jangkep yo kang….samean tambahi gulo batune….ruame yokpo e….pitik e sopo seng
menang….
Penjual : oh nggeh!!!
Pembeli : wah ruame pokok e den…..nggeh pancet cinde laras seng menang…..lha wong sedinten pitik gangsal
seng kalah kaleh pitik e cinde laras
Prajurit : sopo cinde laras ???
Penjual : niku lho den….lare seng mboten nggadah bapak
Pembeli : nah niku….
Prajurit : omah e ngendi ???
Pembeli : wah….lek nggriyane niku….teng alas ngriko den….ten nggriyo namung kaleh ibuk lan mbah
e….mesak ke sakjane niku….
Prajurit : mesak ke pie maksudmu….
Penjual : wah….niku lho den….tiang mboten nggadah….urip e niku jan kelunto lunto….molai alit namung kalih
simbah kaleh ibune mawon….
Prajurit : lha bapak e neng ndi ???
Penjual : kirangan critane pripun….wong singen niku ibune niku di e.mong kaleh simbah e….ibune niku di temu
kaleh simbah e….pas kondisi mbobot….nggeh mbobot cinde laras niku
Prajurit : oalah iyo iyo….wes wes….wes mari opo durung iku pesenanku maeng….
Penjual : sampun den….sampun….
Prajurit : yowes piro….total kabeh blanjanaanku….
Penjual : dados sedoyo….wolung kepeng den….
Prajurit : nyoh iki….wes suwon yo….
Penjual : inggih den….
Pembeli : nggeh den….
Penjual : wah….rame iku mariki rasane
Pembeli : rame yokpo maksude riko
Penjual : kabar e cinde laras !!!
Pembeli : lapo kok rame….iku maeng sopo she sitak e
Penjual : lho yo rame….awakmu g eruh tah sopo iku maeng???
Pembeli : ora….
Penjual : ikumaeng ngunu pengawal e kerajaan….lha lek kabar e cinde laras krungu sampek kerajaan wah yo iso
bakal onok sabung geden….
Pembeli : kok iso ngunu….
Penjual : lha wong raden putra yo seneng pitik….iso iso bakalan onok sayemboro ….. polae pitik e raden putra ki
yo ampuh lho….durung onok seng iso ngalahno
Pembeli : wah yo di rungokno ae kabare…. Sopo ngerti iso dadi dalan rejekiku
Penjual : iyo mesti iku….
Pembeli : yowes….suwun aku yo….tak balek sek….bojoku cek seneng….oleh e totoan kimaeng tak weh ne
bojoku sek….
Penjual : oalah…..yowes…..aku suwun yo
Pembeli : iyo kang….
Babak VI
Raden putra : pie iki kakang…..aku kok isih kepikiran condro wati yo kakang
Patih : oalah….ampun di pikir nemen nemen….wong ngipi ngoten namung kembange tilem….ampun di
dadosaken pikiran
Raden putra : ngunu yo paman….
Prajurit : kulo ingkang rawuh raden….
Raden putra : oh yo kene kene….enggal mlebuo
Prajurit : nuwun inggih….
Raden putra : pie pesenanku….opo wes mbok leksanak ke ??? Hmmmm…..
Prajurit : sampun raden….sak meniko pesenan ingkang sampun penjenengan utus….kulo sukak aken tabib
raden….
Raden putra : yowes yen koyo mengkono….aku matur suwun yooo….
Prajurit : nuwun inggih raden
Patih : yowes kono….gek ndang balek menyang kaprawiran….ora mbulet neng kene….
Raden putra : iyo prajurit….ndang bali menyang papanmu….laksanak ke penggawean opo kang durung
rampung….
Prajurtit : mekaten raden….ndoro patih
Patih : pie ????
Raden putra : onok wigati opo hmmm….opo onok maneh….wangsulan seng kate kok kandakno marang aku….
Prajurit : mekaten….niki wau….kulo saking pasar….ten pasar niku rame raden….
Raden putra : lho rame….rame ono opo….opo ono maling seng nggawe geger e karang pradesan….
Patih : opo onok opo….opo onok pekoro liane…koe ojok isin isin I keamanan lho yo….polae ulan ulan
iki….awak dewe selaku pihak keamanan….beritane ngalor ngedol wes elek….
Prajurit : mboten raden….sanes niku….
Raden putra : lha terus opo….gage ndang maturo….
Prajurit : niki wau….rame babakan adu pitik….
Patih : adu pitik….
Raden putra : adu pitik ???
Prajurit : nggih gustine….
Raden putra : ramene…rame pie ???
Prajurit : tiang tiang wonten pasar niku sanjang….lek wonten salah sawijine lare nem nem an….jagone niku
mboten saget di kalah aken….kulo langsung emut….menawi paman patih nate sanjang….lek
njenengan niko nggeh remen kalihan ayam gusti….
Raden pitra : koe rau crito to paman….
Patih : pangapunten….nggeh….kulo crios dateng punggowo dek jaman semantin….menawi njenengan remen
kalihan jago…ngoten!!!!
Raden putra : wah paman iki iso ae….
Patih : lha meniko kan mpun mbote malih rahasia to den….
Raden putra : iyo iyo paman iyo….pancen e bener….terus pie….critamu maeng tutukne
Prajurit : trus ngaten….kulo emut kaleh njenengan….bek menowo njenengan mpun mboten wonten
mungsuhe….pitik e cinde laras niko saget damel gladen gusti….
Raden putra : sek sek….seng jelas ki….pitiku wes ora onok seng iso ngalahno….lak yo ngunu to paman patih
Patih : inggih
Raden putra : lha mulo soko kui….nyapo aku kudu gladen karo……sopo iku maeng jenenge ???
Prajurit : cinde laras gusti !!!
Raden putra : lha yo….cinde laras….lha di gae opo maneh….wes genah pitiku iki no siji lho….
Patih : lha yo….koe iki yo lucu….hahahahahahaha
Raden putra : hahahahahahaha….sitakne kok iso nggegerno karang pradesan iki….istimewane opo pitik e cinde
laras iki….
Patih : iyo seng genah lho koe iki….
Prajurit : ngeten gusti….pitik e cindelaras niki smpun kasuwur….menawi pitik pitik lintune….mboten wonten
seng saget ngalahaken pitik e cinde laras….
Raden putra : kok mokal…..ganok seng iso ngalahno….pitik model opo kui….trus ngomong ngomong cinde
laras….soko ngendi asal e cah nom kui….
Patih : seng ngati ati leh mu ngomong….
Prajurit : inggih gusti….menawi lepat….kulo nyuwin pangapunten sak derenge….kulo mireng2 saking
wargo….menawi cinde laras meniko saking karang pradesan….lha nggriyane niko wonten
tengah alas gusti….
Raden putra : opo maneh arek ndeso…..pie kemampuan pitik e….kok sampek nggontabno wong akeh
iki….menurutmu pie kakang patih ???
Patih : menawi kulo ngoten….kulo balek aken ten njenengan….monggo sak kerso njenengan….
Raden putra : ati ku koyok kroso ketantang….wes sue aku ora ngetok ke si jalu….aku koyok kroso pingin njajal
pitik e si cinde laras….
Patih : lha nggih monggo !!!
Raden putra : ngene ngene….kepie carane aku iso ngerti kemampuane pitik e si cinde laras….terus aku ben iso
ketemu lan ora usah nggolek I seng jenenge conde laras….kan yo ora pantes….yen jenenge raden
kudun nang karang pradesan amung kate nyacak adon pitik….
Patih : menawi kulo angsal saran urun….di undang kemawon…cinde laras kengekn dugi wonten ngriki
Raden putra : lha papan omah e yo ora eruh lho paman….koe ngerti omah e cinde laras ning ngendi
Prajurit : ngapunten gusti….kulo mbo ten semerap….poro wargo namung sanjang menawi nggriyane niku
wonten tengah alas….namung ngaten tok
Raden putra : iyo iyo….ngene wae….ben cinde laras iso metu….pie yen aku ngadak ke sayembara….bek
menowo dek e krungu….kan iso langsung melok sayembara lan ketemu si jalu….
Patih : mbiten nopo….niku nggeh sekeco….
Raden putra : yen ngunu….ngene wae….prajurit….koe tak utus maneh….umune nang pasar….nang karang
pradesan….naang ndi wae….sebarke nang penduduk….yen aku ngadakno
sayemboro….yoooo!!!!
Prajurit : nggeh gusti….
Patih : lha njenengan ngadak aken sayemboro….bebono nipun nopo ???
Raden putra : lha bebonone…..ben cinde laras iso ketarik melok sayembara iki….seng menang bakal tak weh I
separo wilayah merajaan iki….polae cinde laras maeng jaremu lak anak e wong gak ndue to ???
Prajurit : nggeh gusti….
Patih : nopo niku mboten kebacut ???
Raden putra : ora popo….aku mung pingin ndelok kemampuan e pitik e si cinde laras….aku yo ngerti kok….jalu
ora bakal kalah karo pitik e cinde laras….dadi…..paman patih ora usah kuatir….
Patih : tapi njenengan kedah imut lho….menawi ten ndukure langit….tasih wontem langit….
Raden putra : koe iki ra sah kuatir….koe iki kok malah ngatur ngatur aku….kudune koe iki ndukung opo seng
bakal tak lakoni….
Patih : monggo sak kerso panjenengan….kulo namung ngemut aken….
Raden putra : yowes….bdang umumke….yen aku ngadakno sayemboro….lha bebonone….mengko oleh separo
wilayah….soko kerajaan iki….wes gage ndang budal….ndang umumke….
Prajurit : ngestok aken dawuh gusti !!!
Raden putra : yowes yen mengkono aku kato paman patih tak nyepak ke si jalu….ben mengko pas tanding karo
jago jago liane….jalu iso menang…ayo paman patih derek ne aku yo
Patih : monggo monggo…kulo derek aken
Babak VII
Cinde laras : duh….jagoku…..si…sang….sawung jatiiiii….

Anda mungkin juga menyukai