Anda di halaman 1dari 10

` Ing SMP Mundur Kota Kasenjangan Jawa Timur, tepate ing kelas 9 Tengen arek-arek e guyup rukun lan

tentrem. Suatu ketika onok kedadean tak terdugo seng garai arek sak kelas ricuhh satu dunia........

( Jam Pelajaran olahraga )

Siska : “ Ehhh rekkkkkkk, onok kabarrr hottt”


Aryna : “ Opo iku?
Siska : “ Aduh rekkk aku wingi iku yoh delok setorine mantan ku seng ke 5 pacar anyare yo ayuuuuu, iri aku
lehhh “
Cintya : “ Dulat kon sopo putus? “
Siska : “ Bahno wes bodoamat, terus,terus yo..... Aku delok seyorine mantanku seng ke terakhir iku.
Alhamdulillah ayuan aku rekkkkkk. Wuhhh seneng aku. ”
Yudi : “ Opo ae seh Sis memerame, awas onok guru wakmu”
Siska : ( Mlerek nang Yudi ) Benno wesss, melu aeeeeeeeee.”
Dito : “ Omong kosongg kabeh koyok mantanku seng ke selawe”
Sapta : “ Aduhhhhhhh, Dito kumat. Gak tau lagi aku.”
Rio : “ Rek behhh ojok rame-rame. Marine seng rame tak kandakno Bu Caisa”
Dito : “ Wehhhh, santuyy ojok blayer “
Krisna : “ O o o opo ae rekkkk a a a aku lohhhh seng nggak duwe mantan biasa ae.”
Rio : “ Ya op katek duwe mantan, wkmu ae nggak payu.”
Arek sak kelas : “ Riooooooo!!!!!!”
Andre : “ Mbo aboooo petenang rekkk”
Firli melbu kelas lan langsung gabung
Firli : “ Assalamualaikum rekkk “
Arek sak kelas : “ Waalaikumsalam ”
Siska : “ Ehhhh Firliii, aku katek bayar kas ‘
Yudi : “ Ehh iyh aku pisan Fir, nyokkk duite”
( Firli gopo bukak-bukak i tas se )
Firli : “ Ojok saiki sek rekk, engkok ae mari olahraga.”
Yudi : “ Owh ya wes Fir.”
Rio : “ Kok tumben Fir. Biasane jam semene narik i kas.”
Firli : “ Hahaha Dak popo rek, ak wero wakmu pasti duik e sek gede-gede males aku katek nyusuk i”
Sapta : “ Alhamdulillahhhhh, firli baik dehhhh. “
Vikrul : “ Owhhh lek ngunu ya wes Fir.”
Siska : “ Opo ‘ o wakmu Fir mak gopo? “
Firli : “ Kene lahh aku pingin cerita. “
( Siska, Aryna,Cintya mlaku nang tempat lungguhe Firli )
Aryna : “ Cerita opo Fir? “
Firli : “ Ehhhh, duek kas se ilangg rek!!! “
Siska : “ Hahhhhh, Ilang!!! “ ( Bengok, sampek arek sak kelas noleh kabeh)
Dito : “ Opone seng Ilang? “
Firli : “ Ha? Ha? Ndak ndak rek dak popo, dufuk opo-opo kok.”
Dito : “ Seng penting duduk rasa sayang ku pada de’e seng ilang” (Guyu)
Krisna : “ Ku ku ku kumat Dito iki.”
Andre : “ Nenneng lahh rekk, Bu Caisha OTW marine iki loh teko kantor.” ( Delok i bu Chaisa teko cendela )
Pandangane arek-arek langsung nang jendela delok i Bu Chaisa
Firli : “ Siss... Ojok rame-rame lahhh. Aku wedi iki katek ngomong nang arek-arek ya opo iki wes?”
Aryna : “ Kok isok ilang seh? Awale di dele dek endi? “
Cintya : “ Iyh Fir, cobak golek i maneh pola kesinsal.”
Firli : “ Nggak onk rek... Aku wes golek i mulai mau. Ya opo iki wes, aku wedi di amuki bu Chaisa.”
Siska : “ Arek-arek kudu wero iki Fir, pola ae isok nulungi golek i duek e.”
Firli : “ Huuu... pasan rek-arek musui aku polae duek e ilangg. “
Cintya : “ Nggak mungkin.”
Aryna : “ Ageh Sis ngomongo nang arek-arek, terus Firli seng jelasno.”
Siska : “ Rekk!!!!!!! Onok pengumuman pentinggg. “
Yudi : “ Pengumuman opo aeseh Sis? “
Siska : “ Duek kas se kene ilang rekk!!!! “
Vikrul : “ Hahh???? Kok isok ilang “
Sapta : “ Aduhhhh kok bisa hilang sih?? Firli kamu yahh nggak bisa menjaga uang itu.”
Yudi : “ Kok isok ilang Fir? “
Firli : “ Wingi iku yohh duek e tak deleh dek loker pas moleh sekolah, maringono tak cek maneh nggak onok
rek. Sepurane seng akehhh.”
Rio : “ Lek ngene iki berarti dek kelas pasti onok maling, ayoo ngaku sopo seng nyolong duek kas se!!!
Awas lek sampek ketemu yohhh. Tak oser teko kelas iki.”
Krisna : “ Mo mo mo mosok kelas tenen O o onok maleng tah? “
Rio : “ Mungkin aeeeee, onok seng butuh duek terus ngapek duek kas.”
Dito : “ Menurut nalar ku yohhh, nggak mungkin duek kas iku di apek arek kelas iki. Cobak pikir kanggo
logika lek misal arek 9 Tengen iki seng ngapek otomatiskan De’e nggak bakalan melu makan-makan,
padahal arek kelas iki kan bayar duek kas rajin gara-gara katek mangan bareng Bu Chaisa pas mari
ualangan? “
Rio : “ Jenenge malingg, yoh nggak bakalan mikir koyok ngunu to.”
Firli : “ Abbeh mak tukaran.. Ya op duek kas se iki. Aku wedi diamuk i bu Chaisa aku.”
Vikrul : “ Tenang sek Fir, pola ketemu maringene,”
Andre : “ Ehhh ayo lungguh nang tempate rek, bu Chaisa katek nutuk.”
Yudi : “ Bahas Mari olahraga wes rekkkk, kene ojok ngomong sek nang Bu Chaisa lek misale duek kas se
ilang. Nahh mari olahraga ayokk bareng-bareng golek i.”
Arek sak kelas : “ Siap yudd.”
Arek-arek lungguh nang tempate dewe-dewe, tapi Firli sek bengong ambek duek kas seng ilang.Dak suwe Bu
Chaisa teko
Bu Chaisa : “ Assalamualaikum rekkkk.”
Arek sak kelas : “ Waalaikumsalam bukk. “ ( Lungguh lan langsung ngabsen arek-arek.” )
Wektu Bu Chaisa ngabsen Firli karo Siska ngomong-ngomongan neng bangkune
Siska : “ Eamang terakhir di deleh nang endi duek Fir?“
Firli : “ Wingi iku yoh tak deleh dek kene, trs maringono tak deleh dekkk.. Loh iki duek e sis. Abbeh tibak e
dek selah-selah buku kas. Kari ngomong ilang nang arek-arek, ya op iki terus? Ngomong saiki tah
nang arek-arek lek misal duek e nggak ilang?“
Siska : “ Behh kan untung duek e dak ilang ya opo wakmu iki sehhh. Tapi lek misal wakmu ngomong duek e
kesinsal isin Fir. Rio sampek ngomong maleng mau, sampek jare lek ketemu bakal di oser teko
kelas. Terus Yudi wes katek golekno duek e bareng- bareng mari olahraga. Pasan wakmu moro-moro
ngomong duek e nggak ilang, disangkakno golek sensasi ambek arek-arek engkok.”
Firli : “ Ahhh iyh pisan sehhh, terus aku kudu kayak apa sis? Bengong aku.”
Siska : “ Ngene ae wes dak usah ngomong lek misale duek iku nggak ilang? “
Firli : “ Terus??? Diapakno duek iki aku wedi lek masalah duek Sis.”
Siska : “ Tenang ae wes, benno arek-arek ngiro duek e ilang. Padahal duek e sek dek awakmu. Aku duwe
rencana apik.”
Firli : “ Rencana opo? “
Siska : “ Delok engkok an wes tenang. Aman – aman.”
Firli : “ Yo wes lahh Karepmu.”
Bu Chaisa wes mari ngabsen arek-arek terus delokno Firli karo Siska ngomong-ngomongan
Bu Chaisa : “ Ngomong tok ae Firli bek Sisk aiki yohh.”
Firli ndak wani jawab seng diamongno Bu Chaisa gara-gara sek gemeteran duek e tibak e dak ilang
Siska : “ Hehehe maaf bu. Ini Firli lagi curhat.”
Firli : “ Ahh kok ngunu? “
Bu Chaisa : “ Ohh iyh fir, ya opo kas se. Lancar?
Firli kringet adem ndak isok jawab pertanyaane Bu Chaisa
Yudi : “ Alhamdulillah, lancar dong buk.” ( Jawab yudi )
Rio : “ Yo lancar sehh bukkk..... Opo maneh aku bayar teross.”
Dito : “ Aku pisan bukkk, tepat waktu bayar kas kayak ngapeli pacarku.”
Krisna : “ Hi hi hiya hiya.”
Vikrul : “ Kumat-kumat”
Andre : “ Mbooo rahhh nggak tau jelas.”
Sapta : “ Ini lohh Bu, Dito bucin teros. Capek dengernya.”
Bu Chaisa : “ Hadeh.. Dito-Dito kebiasaan. Bener lancar kas se Fir?”
Firli : “ Iii iii iya bu lancar.”
Bu Chaisa : “ Ya wes lek ngunu, sido mangan-mangan berarti rek yoh? “
Dito : “ Jadi dong.”
Bu Chaisa : “ Ris... kok diem tok? Ajak en ngomong Risky iku lahh rek.”
Yudi : “ Sudah Bu.. Risky nya aja nggak mau bergaul bukkk.”
Rio : “ Iyah buk, padahal wes tak omongi. Di jawab biasa ae yo wes jarang ngomong ambek Risky
aku buk.”
Andre : “ Anehh sangatt.”
Bu Chaisa : “ Setidak e ajak en maen bareng rekk.”
Vikrul : “ Sudah Bukkkk”
Sapta : “ Mainn sama aku hayukk Ris.”
Risky : “ Nggak ahh.”
Sapta : “ Kamu kok gitu sih?? Nggak suka aku sama kamu dahh.”
Risky : “ Bahno. “
Sapta : “ Ihhh Risky jahat...”
Rio : “ Itu bukk. Di jawan kyk ngono.”
Bu Chaisa : “ Riss, nggak boleh gitu.”
Risky : “ Enggeh bukk.”
Yudi : “ Ayokk nang lapangan bukkk, ben cepet penilaian. Nggak sabar aku wes.” (Noleh nang Firli)
Bu Chaisa : “ Ohh iyh, ayokk langsung nang lapangan. Telat Push Up selawe rek.”
Arek sakelas : “ Abbuuh bukk.”
Bu Chaisa : “ Ayok cepet!”
Arek sak kelas langsung metu teko kelas bareng-bareng.....
Firli : “ Sis... duek e tak dele tas ae wes yohh? “
Siska : “ Iyohhh wesss Fir. Ayok wes cepet.”

Kabeh arek melok i Bu Chaisa nang lapangan kanggo penilaian basket, gak onok siji arek seng dek jero
kelas. Duek kas pancet dek jerone tas se Firli. Telung jam arek 9 Tengen Olahraga, pelajaran PJOK wes wayae
diganti karo pelajaran liyane.Kabeh arek 9 Tengen balik nang kelase, lan langsung bahas masalah duek seng
ilang mau.”

Rio : “ Assalamualaikumm!!!! Dugaanku iki yohh pasti onok maleng dek kelase kene. Passti iku wes... ayo
ngaku rekkkk, rek misal ngaku saiki pasti dimaafno kok. Ayooo ngaku!!!”
Firli bengong lan pingin ngomong lek misal duek e nggak ilang.
Firli : “ Ehh Sis, aku ngomong nang arek-arek wes yohhh. Aku nggak enak marahhh ambek arek-arek. “
Siska : “ Nggak usah wes Fir, tenang ae.”
Firli : “ Hmmm iyh wes.”
Yudi : ” Kok sampek ilang Fir, emang terakhir di dele dek endi?”
Firli : “ Anu Yud.... Wingi iku duek e yohhh tak deleh dek loker ambek aku terus maringono nggak onok
wes. Ilang sampek saiki.”
Yudi : “ Ngene wess rek, aku jaluk tulung tas se di deleh nang mejo kabeh. Ayokk gelek i duek e pola ae
duek e kenek gowok. Riooo cek ken dek loker-loker mungkin ae onok.”
Arek sak kelas : “ Siap”
Rio : “ Ok Yud siappp!!!!”
Adre : ‘ Ayokk rek golek i seng teliti pola ae lugor dek endi ngunu.’’
Vikrul : “ Iyhh mungkin ae logor rek.”
Sapta : “ Iyhh carik yang bener kawan-kawan.”
Krisna : “ O o oke siap.”
Yudi : “ Delok en maneh tas mu Fir, mungkin ae kesisnsal”
Firli : “ Agehh wes yudd, delok en dewe.
Siska : “ Tek ku pisan” ( Ngekno tas se nang yudi.)
Yudi bukak i tas se Firli lan siska, tapi duek iku nggak ketemu
Yudi : “ Nggak onok rekk... Temenan onok seng ngapek berarti.”
Rio : “ Onok maleng temanan nang kelas iki koh, ayokk golek nang tas liane.”

Kabeh arek grayahi tas se dewe-dewe, golek duek iku nangdi-nangdi, ngarep kelas, jeru kelas, buri
kelas, meja guru, nanging duek iku nggak ketemu-ketemu. Pas arek sak kelas golek i duek kas seng ilang, Risky
malah meneng-menengan nang bangkune lan nggak melok golek i duek kas iku. Arek-arek curiga kabeh nang
Risky... Akeh seng baranggapan lek Risky seng nyolong duek kas iku.”

Yudi : “ Lohh ojok meneng-menengan tokk Ris... Ayo tulungi golek i duek kas se.”
Risky : “ Nggak ah males, lagian aku nggak kiro ngapekk duek iku.’
Rio : “ Lek ngene curiga aku, pasan wakmu seng nyolong duek kas iku?”
Risky : ” Nggak kiro.”
Siska : “ Lek misal nggak kiro, ayoo endi tas mu tak gleda.”
Risky : “ Nggak wes, tek enak e wakmu gledahi tas ku”
Dito : “ Lek misal pancen duduk wakmu seng ngapek wakmu pasti gelem di gledah tas se.”
Krisna : “ Iii iyh Ris, ma ma mana sini tasmu.”
Rio : “ Mbooo rahh, marah endi tasmu! “
Sapta : “ Mana sini tasmu, paling kamu yang ngambil uangnya. Risky kan gitu, males aku.”
Risky : “ Nyokk.. delok en dewe. Nggak onok.”
Rio : “ Mara endi tak delok.” ( Ngapek tas se Risky terus di bukak-bukak i isine )
Andre : “ Golek i seng bener Yo.”
Yudi : “ Seng ngarep iku loh yo, bukak en.”
Rio : “ Lah ikiiiiii duekkk e..... Yo kan wakmu berarti malinge.”
Sapta : “ Kan bener dugaanku.. Risky kok yang nyuri. Dasar Risky, nakal nggak suka aku”
Yudi : “ Temenan wakmu seng ngapek iki Ris? “
Risky : “ Duduk aku seng ngapekk, sumpahhhh. Aku nggak wero lek misal duek iku dek tasku.”
Rio : ” Lek wes tercydukk, ngaku ae lohh ngnu ben nddak dowoo.”
Andre : ” Ngakuo wes Ris, opo susae ngaku seh?”
Siska : “ Behhh Risky seng nyolong duek e tibak e.”
Risky : “ Duduk aku.”
Aryna : “ Mak ngunu wakmu Ris, lawongan wes jelas-jelas wakmu seng ngapek duek iku. Kok nggak gelam
ngaku seh?”
Cintya : “ Ngaku o ae wes Ris.”
Krisna : “ Nga nga ngakuo wes Ris.”
Sapta : “ Mangkane iku.”
Rio : “ Sek lah Ris lek misal duduk wakmu seng ngapek duek iki, nggak mungkin duek iki isok onok nang
tasmu. Mosok duek isok mlaku terus turu nang tas mu ngunu?”
Risky : “ Emang duduk aku seng ngapek, kapan aku isok ngapek duek iku teko Firli hayo? Lawongan wingi ae
aku muleh disek gara-gara loro. Mosok wakmu kabeh lali?”
Vikrul : “ Iyh pisan sehh wakmu kan moleh disek.”
Risky : “ Nahh iyh kan.”
Sapta : “ Tapi kan uang nge dek tas se Risky, berarti Risky yang ngambil. Masak aku yang mau ngambil?”
Rio : “ Iyohhh ngaku arapwes kah. Ehh iyh sehhh lek misal maleng ngaku penjara bekk.”
Andre : “ Mantull mas se.”
Yudi : “ Saiki tak takoni maneh, awakmu opo duduk seng ngapek duek iku/ ‘
Risky : “ Duduk ya Allah, takokno Vikrul iki mosok iyo aku katek ngapek duek kas tah? “
Rio : “ Yo mungkin aeee wakmu ngapek duek iki gawe bayar obate ibukmu. Wakmu kan pas iku pernah
ngomong nang aku lek misal wakmu nggak duwe duek gawe bayar obat.”
Risky : “ Masio aku nggak duwe duek ak nggak bakalan ngapek opo seng duduk hak e aku rekk.”
Vikrul ; “ Iyohh Risky nggak mungkin koyok ngunu. Iki kabehsalah e Firli kongkon sopo duek e nggak di
jogo!”
Firli : “ Ahhh mak aku seng kenek.... lawongan saben dino di deleh dek loker nggak tau ilang iki, opo o saiki
kok isok ilah? “
Vikrul : “ Kongkon sopo di deleh dek loker, di gowo moleh kan isokk. Lek misal nggak isok jogo duwek
nggak usah dadi bendahara!”
Firli : “ Lek misal di deleh dek omahku, pasan lali nggak di gowok lawongan saben dino kenen butuh duek
iku gawe foto copy soal teko guru.”
Vikrul : “ Wakmu pisan Yud, dadi ketua kelas nggak becusss. Wayae kan wakmu seng tanggung jawab lek
onok masalah neng kelas iki!”
Yudi : “ Abbehhh aku saiki seng disalahno.”
Rio : “ Ojok sok-sok an wakmu Krull... laopo wakmu belo arek iki? Lawongan jelas-jelas duek iku dek tas
se Risky, buktine iku wes kuat lek misal Risky seng ngapek duek iku.”
Andre : “ Mboo rahh belani seng salah, opo wakmu sekongkol ambek Risky ngapek duek kas iku yoh?”
Sapta : “ Nah nah bener ituu, bisa jadiii. Masak orang salah di belain.”
Krisna : “ Ma mamangkane iku.”
Vikrul : “ Hah? Aku sengkongkol ngapek duek titik iki? Sepurane rekk nggak level. Aku belani Risky polae
Risky nggak mungkin ngapek duek iku, lawongan Risky saben dino bareng aku. De’e loh nggak
nyolongan arek e. Wakmu pisan iki Dree dadi seksi ketertipan tapi nggak isok jogo ketertipan neng
kelas iki.”
Andre : “ Opo karep mu lehhh....”
Rio : “ Mak megeli tambah suwe”
Vikrul : “ Opo?? Nggak terimo hah?? Isok ae koncone Firli sengngapek duek iku. Kan kene dak wero.”
Siska : “ Tek enak e lek ngomong”
Aryna : “ Mboo rahh,nggak dipiker sekkkkk.”

Diisi karo saling nyalah nyalah no


Arek sak kelas kecuali Dito saling nyalah-nyalahno, masalah iki saiki dadi gede soro. Kondisi kelas
rameee, mejo seng ret karet gara-gara ditempak i pas emosi nambah kacau kelas seng biasane tentrem iki.
Dito mikir alur masalah seng dipermasalahno karo konco-koncone iki. Dakkkk sueeeee

Dito : “ Opppp!!!!!!!!! Mandek kabehhhhhhh........”


Arek sak kelas langsung meneng lan seketika kelas sepiiiiiii gara-gara omongane Dito
Dito : “ Wakmu iki gak ero kabehhh... Sopo seng nyolong duek kas se iku sopo?”
Yudi : “ Emang sopo To?”
Rio : “ Mak dak ngomong ket mau To?”
Vikrul : “ Pasti duduk Risky kan?”
Risky : “ Duduk aku kan To. “
Firli karo Siska dek dekan lan kringet ademmm
Dito : “ Sek lahh rekkk, Aku loh durung mari ngomong, wes di tabrak ae yohh. Senggg nyolong duek iku
yohh........ ..............”
Sapta : “ Lama Dito ini, aku penasarannnn.”
Dito : “ Isekk lahhh. Seng nyolong duek iku yohhhhhh................”
Krisna : “ So so sopo To? ‘
Arek sak kelas kecuali Dito : “ Meneng sek Kris.”
Krisna langsung meneng lan raine melas
Dito : “ Seng Nyolong iku... penasarn yoh?”
Arek sak kelas : “ Ayokk cepet To!!!!!”
Dito : “ Seng ngapek duek e iku.. Aku haha.”
Arek sak kelas : “ Hah???????”
Rio : “ Behh ayok kandakno BK wes.”
Vikrul : “ Duduk Risky kok. Nggak percoyo kabeh.”
Yudi : “ Temenan wakmu To? “ ( Nggak Yakin )
Dito : “ Sabar sek lahh rek... mosok aku katek nyolong duek iku tah? Iyoh pancen aku bien seneng ngapek
pulpene wakmu kabeh tapi iku bieennn. Saiki aku wes OTW tobat.”
Sapta : “ jadi yang ngambilan pulpen ku wakmu To Huuuu.”
Dito : “ Tenang-tenang tapi iku bien, aku nggak bakalan ngapek duek e uwong kok rek... Ngene wes aku
saiki dadi penengah masalah iki. Saiki aku dadi pengacarane masalah iki. Terdakwah pertama yaiku
Risky, korbane yaiku Firli. Saiki sopo seng katek belo arek loro iki? “
Rio : “ Setujuuuuuuuu.”
Vikrul : “ Aku beloo Risky pasti.”
Siska&Aryna : “ Kene belo Firli.”
Andre : “ Aku Firli.”
Rio : “ Aku Firli.”
Yudi : “ Emmm... Aku milih?”
Dito : “ Ehhhh kusus pak ketu dadi hakim ae ok.”
Yudi : “ Ohhh ngunu ya wes.”
Cintya ; ‘ Aku nggak milih sopo-sopo rekkk. Kabeh koncoku.”
Dito : “ Iyh wes lek ngunu, Krisna ambek Sapta milih sopo? “
Sapta : “ Akuuu milih seng menang ae wes.... lek ngunu aku nggak usah susah-susah nganu argumen.”
Krisna : “ A a aku milih Yudi ae wes.”
Rio : “ Yudi nggak onok pilihane Kris!! “
Krisna : “ Oh ohh nggak onok? A a aku milih awak ku dewe wes.”
Andre : “ Terserah!!!”
Dito : “ Oke sialhakan duduk di kubu e masing-masing.”

Arek 9 Tengen gawe kelas iku seolah-olah dadi tempat sidang. Kursi lan mejo di toto se rapi nemen
layak e onok neng persidangan.

Dito : “ Sodara Firli silahkan anda jelasno kronologi masalah iki.”


Firli : “ Dadi ngene. Pertamae iku.. wingi duek kas se iku tak deleh dek loker mejaku. Tapi sesok e duek iku
wes ilanggg. Nahh ternyata duek e iku onok nang tas se Risky.”
Dito : “ Apa benar sodara-sodara?” ( Bertanya pada semua temanya )
Kabeh arek : “ Bener.”
Vikrul : “ Tapi kan durung tentu duek iku seng ngapek Risky.”
Siska : “ Buktine lohh wes onok.”
Rio : “ Mboo rahh... lek wes ngapekk ngaku o opo’ o.”
Dito : “ Ssstttttt aku nggak ngongkon kabehh nagnu pendapat. Risky jelaskan secara jelas pembelaanmu.”
Risky : “ Pancen duek iku onok neng tas ku. Tapi aku nggak tau melbukno duek iku nang tasku. Aku kan
wingi moleh disek rekkk polae aku loro. Terus aku kapan kateng ngapek duek iku? Aku kan bareng
ambek wakmu kabehhh.”
Dito : “ Emmm masuk akal pisan opo seng di omongno ambek Risky mau. Terus sopo seng deleh duek iku?”
Rio : “ Lek misal duduk Risky, terus sopo seng deleh duek iku nang tas s e Rosky.”
Andre : “ Mangakane iku, padahal nggak onok arek seng melbu kelase kene.”
Dito : “ Hmmm sek-sek... Ruwet maalah e iki. Berarti kene kudu wero sopoan arek seng melbu metu kelase
kene. Owhhhhh iyhhhh aku deleh Hp ku dek kono rek ( Pertengaan lawang ). Nhhh HP ku iku nge
Vidio rekkk.”
Yudi : “ Sek- sekkk kokwakmu deleh HP dek kunu, nge vidio maneh?’
Dito : “ Heheheh aku deleh hp ku dek kono gawe ngevidio pacare aku dek kelas sebelah, wedine mendua
teko aku. Dadi aku saben dino deleh HP dek kono trs ngevidio. Terus molenen digawe Tik tok kan
bareng ambek Sapta. Iyohh kan Sap?”
Sapata : “ Hehehe iya rekk.”
Dito : “ Dree tulung apekno.”
Andre mlayu ngapek HP ne Dito
Andre : ‘ Nyokk To, temenan ngevidio arek iki ahh..... untung ae.”
Dito : “ Iyohh lahh mosok aku cokoco nang wakmu kabeh rekk.”
Vikrul : “ Kevidio mau iku To.”
Dito : “ Alhamdulillah ke vidio.”
Firli : “ Emanggg kevidio kabehh tah to? “ ( Keringet adem, lan kebingungan )
Dito : “ Iyolahhh... Nah iki rekkk ayok delok bareng.”
Arek sak kelas langsung nyedek nang Dito kabeh
Vikrul : “ Ayo wes.. puter ren.”
Rio : “ Iyhh nggak sabar aku katek delo.”
Diito : ‘ Iyhh iki rekkk, iki pas kene budal sekolah mau. Nah nahh iki pas kene nang lapangan. Lohh metu
kabeh teko kelas, nggak onok seng dek jeru kelas. Terus kok isok ilang duek iki? Delok en lahh Risky
sadar kemera lehh.”
Risky : “ Hehehe iyh rek. Aku wero lek misal onok hp dek kono.”
Rio : “ Lek misal duduk Risky trs sopo seng ngapek iki? “
Vikrul : “ Firli paling seng ngapek, lek nggak Siska. Owhh isok ae Aryna.”
Firli : “ Ahhh aku seng di tuduh.”
Siska : “ Mboo tah megeli.”
Aryna : “ Mosok iyo aku katek nyo;ong tsh?
Arek –arek saling nyalahno manehhhh
Dito : “ Sekk lahh rek, tukaran maneh dadi lawongan vidione durung mari.”
Sapta : “ Ehhh itu siapa yang makek jaket? “
Andre : “ Iyh ahh melbu kelas pas kene olahraga.”
Krisna : “ Pas pas pasn iku malinge rek? “
Yudi : “ Iyh ahh sopo iku rek? Iku nggak mungkin arek kelas kene. Soale kan kene kabeh olahraga.”
Siska : “ Kelas sebelah koyok e.”
Aryna : “ Lek nggak iku maleng teko warga kene,”
Tudi : “ Rioo, golek ono jaket iku, mungkin ae onok bukti lio.”
Rio : ‘ Siapp”
Rio golek i jaket iku nangdi di, dak suwe jaket iku ketemu dek piggir kelas.”
Rio : “ Iki rekkkk ketemu” ( Ngangkat jaket seng ditemukno )
Yudi : “ Sipppp, gowo mrene yooo.”
Rio : “ Nyokk iki jakete.” ( Ngekno jaket te.)
Dito : “ Nahhh saiki pertanyaane jakete sopo iki? Iki pasti jakete arek kene soale jaket iki onok neng pinggir
kelas. Lek misal arek kelas liyo nggak mungkin. Saiki ngakuo kabeh rekk jaket te sopo iki? “
Firli : “ Duduk tek ku iku.”
Siska : “ Dudukk tek ku pisan.”
Arekk sak kelas kerekeran nakoni jakete sopo iku..... maringono..
Dito : “ Oppp....”
Mandek kabeh
Dito : “ Lanjutno”
Rame manehhh
Dito : “ Op.....” ( Mangap )
Rio : “ Lanjutno maneh tak uncal jaket ikii wakmu loh To.”
Dito : ( Nyenger ) “ Hehehe nggak-nggak wesss hehehe....Lekk misal nggak onok seng ngaku kabehhh,
enteni diluk sekkk. ( Delok i vidione maneh) .”
Vikrul : “ Huuu seng ngapek duek iki Rio paling, delok en ket mau mok mengamuk tokk nyalahno Risky.”
Rio : “ Behh mak aku Kru? “
Andre : “ Wakmu ket mau nyalahno wong tokk... opo karep mu.”
Krisna : “ O o o opo ae sehh rek Oooo oo ojok tukaran tttok lah.”
Sapta : “ Mangkanya ituuu ”
Rio : “ Bahno rapa... lawongan aku nggak salah diomongi aku seng ngapek duek e. Opo tahh karepe!”
Vikrul : “ Opo karepmu hah???”
Rio lan Vikrul mehhh tukaran sampek katek gepuk-gepuk an gara-gara masalah iki.
Cintya : “ Oppp rekkkk... cuman gara-gara duek kas iki wakmu kabeh katek tukaran? Ayolah rekk.... kene iki
kabeh sak duluran,wes telong taun kene barengan, mosok gara-gara duek ilang wakmu kabeh tukaran
koyok ngene? Lek misal masalah sopo seng ngapek duek iku ketemu garai wakmu kabeh iki langgeng
maneh? Benn aku ae wes seng ngapek duek ikuu, aku ae wes seng disalahno,aku ae sengg dituduh, aku
ae wes malinge. Mari kan masalh e? Ayokk akur “
Arekk sak kelas meneng kabeh ngerungokono omongane Cintya, lan langsung mikirno omongan iku.
Rio : “ Dakkk ngunu pisan lah..”
Yudi : “ Aku seng salah wes.”
Vikrul : “ Ehh ndak aku ae seng salah wess.”
Rio : “ Husss, aku ae seng ngapek duek e wes... “
Saiki arek 9 tengen rame lan tukaean saling nyalahno awak e dewe
*Di isi tukaran ngerebutno awak e dewe seng salah.
Dito : “ Abbeh tukaran maneh rek?!!! Kesel aku seng ngerungokno, mau tukaran sopo seng ngapek. Saiki
tukaran gara-gara ngaku seng ngapek duek e. Wokkk labil koyok perasaane De’e!”
Krisna : “ Emm emm Ku kumat bucinne wes.”
Dito : “ Mangkane pegel aku.... seng duwe jaket iki gawe seppatu koyok ngene rekkk. Delok en iki.”
(Dudukno vidio seng di pause)
Sapta : “ Lohhhh itukan sepatunya Firli..”
Kabeh arek sak kelas langsung delok sepatune Firli
Yudi : “ Lohh Firrrrr, iku kok sepatumu?”
Firli : ( Keringetan, dek- dek kann lan kebingungan ) “ Anuuu.. anu rekk.”
Vikrul : “ Anuu.. anuu Opo? “
Firli : “ Duekk kas iku yohhh aku seng ngapekkk....”
Arek sak kelas kecuali Firli lan Siska : “ Hahhhhhh???????!!!!!!!!”
Andre : “ Ahh senggena Fir?”
Vikrul : “ Dahh ku kira.”
Rioo : “ Senggena wakmu Fir? Tapi kok wakmu seng ngomong ilang.”
Sapta : “ Nggak paham aku.”
Firli : “ Siss... aku jujur wes yohh?” (Keweden)
Siska : “ Agehh wesss Fir. Lawongan wes tercyhiduk”
Firli : “ Sebenere rek yophhh, duek iku nggak ilang. Duek iku onok nang buku kas se iku... aku golek ine
nggak teliti pas iku. Aku isin katek ngomongg nang wakmu kabehhh. Dadi aku bek Siska dele suek iku nang tas
se Risky, ben Risky seng dianggep nyolong terus maringonomasalh e marii. Aku nggak kepikiran sampek
sedowo iki masalah e.”
Arekk sak kelas kecuali Firli lan Siska : “ Astagfirllah!!!!”
Yudi : “ Wayah e wakmu ngomong ket awal Fir lek misal duek iku nggak ilang.”
Firli : “ Aku isin Yud.. aku yoh wedi pisan wakmu kabeh musuh i aku.”
Yudi : “ Laopo katek isin nang kene Fir?”
Rio : “ Mbooo rahhh lawongan bisane wakmu singisinii...”
Andre : “ Berarti duek iki nggak onok seng ilangg yoh? “
Sapta : “ Ahhhh ok gini sihh. “
Krisna : “ Ye yeyeee Yudi menang.”
Rio : “ Meneng Naaa.”
Krisna : “ I ii yo aku meneng.”
Dito : “ Dadi kasus iki wes mari yoh? Berartti nggak onok duek seng ilang.”
Vikrul : “ Sekkk sekkk. Fir... wakmu kudu jaluk sepuro nang Risky. Gara-gara wakmu Risky dituduh maleng
ambek are-arek.”
Firli : “ Riss... aku jaluk sepuro yohh gara-gara aku awakmu dituduh ngapek duek kas iku. Rek aku jaluk
sepuro gara-gara aku wakmu kabeh tukaran . Sepurane seng akeh rekk yohhhh.
Cintya : “ Lekk pancen ngunu, wakmu wes ngakui kesalahanmu.. Aku mahh gapopo.”
Sapta : “ Akuu jugak gapapa kok.”
Andre : “ Yo wes lek ngunu penting duek iku wes onok.”
Rio : “ Dak popo wes Fir.. Hadehh golek ulah tok arek iki.”
Vikrul : “ Lek wakmu wes jaluksepuro nang Risky, aku yohh santuy ae wes.”
Firli : “ Suonn yoh rekk, aku nggak bakalan baleni maneh. Risky maaf yohh.” ( Melas )
Risky : “ Hmmm... tenang-tenang..”
Firli : “ Yeiiiii aku wes dimaafno... suoonnn rekk”
Dito : “ Masalah iki wes ketemu alur e ya opo terus hakim?”
Yudii : “ Hah??”
Dito : “ Keputusane ya opo kimmm, Hakim.. Hakimm”
Yudi : “ Owhhhhhhh, oke baiklah masalh iki wes ditutup lan dianggep mariiiii. Salam ramah teko hakimmm”
Dito : “ Hadehhh.”
Sapta : “ Ye ye ye... sudah selesai. Tik tok kan bareng ayokk rek.”
Dito : “ Kuyyy, Ayokk ngumpul rek.”

Masalah iki wes mari ternyata nggak onok seng ilang,nggak onok maleng nang kelas ikuuuu. Arek sak kelas
rukun koyok biyen manehhh...
Dak sue tik tok kan..

Pak Ma’ruf : “ Assalamualikumm... Loh kok bawak HP mana sini Hpnya. Besok ambil diruang guru!!! “
Dito : “ Aduhhhhh... apes-apessss akuuuu. Firli!!!!!!.....”
Firli : “ Hehehe..”

......~TAMAT~......
DRAMA MODEREN KELOMPOK 2 KELAS 9B

TEMA : Pendidikan
JUDUL : “ Gara-Gara Duek”
TOKOH :
1. Yudi = Ketua kelas lan hakim
2. Dito = Murid lan pengacara
3. Risky = Murid lan terdakwah
4. Vikrul = Murid
5. Rio = Murid
6. Sapta = Murid
7. Krisna = Murid
8. Andre = Murid
9. Dhimas = Pak Ma’ruf
10. Firli = Bendahara
11. Cintya = Murid
12. Siska = Murid
13. Aryna = Murid
14. Shelinda = Bu chaisa
ALUR : Maju
LATAR : Tempat = Kelas 9 Tengen
Waktu = Jam sekolah
Suasana = Tegang, lucu

Anda mungkin juga menyukai