Anda di halaman 1dari 6

SCRIPT SANDHIWARA BASA JAWA

ANGGOTA KELOMPOK 2 :
1. Aline Saskia Artalidya Khinzki (2)
2. Dellia Bilqis Nur Anisa (9)
3. Fatimah Ustwatun Chasanah (14)
4. Izra Aulia Azizz (17)
5. Mario Satrio Novianto (19)
6. Meisya Azzahrah Firrizky (20)
7. Muhammad Fazril Aksani (21)
8. Nabilla Dwi Arianti (24)
9. Nadinda Pramitha Putri (25)
“WAYAH SEKAWAN SONTEN”

SINOPSIS : Sandhiwara iki nyritakake tentang mitos sing diwedeni karo arek-
arek ing sekolahan.. yen dipercayai tiap wayah sekawan sonten ana sosok
putih sing musti metu lan keliaran.

SUTRADARA : Aline Saskia Artalidya Khinzki (2)


ASS. SUTRADARA : Izra Aulia Azizz (17)
PARAGA :
1. LULUK Aline Saskia Artalidya Khinzki (2)
2. LASTRI Dellia Bilqis Nur Anisa (9)
3. ARIN Fatimah Ustwatun Chasanah (14)
4. SEKAR Izra Aulia Azizz (17)
5. HARTINI Meisya Azzahrah Firrizky (20)
6. SANTI Nadinda Pramitha Putri (25)
7. DINI Nabilla Dwi Arianti (24)
8. BIMA Mario Satrio Novianto (19)
9. ANGGA Muhammad Fazril Aksani (21)

ADEGAN PAMBUKA
(Arek-arek wayah sore pada mulih sekolah, Lan konco-koncone Luluk pada
ngumpul ing meja bundar).
Arin : Ehh rek.. rek.., jarene ana mitos horor ing sekolahan kene emang bener
ya yaa??
Angga : Loh... emange mitos apa??
Santi : Eh iya, Jarene ana sosok putih ga seh??. Saben jam papat sore
Lastri : Walah.. wes gede kok percoyo setan setan ae..
Luluk : Lah yo... kan mek mitos tok seh rek.. Kan gorong musti bener.
ADEGAN 1
(16.00 Sore)
(Luluk pamit merga arep menyang kulah).
Luluk : Sek.. sek rek kerudungku mleyot. Aku arep nak kulah sek yaa
(Tap... tap.. Luluk mlaku menyang kulah kanggo ngaca)
Luluk : Duhh kok musti yo, kerudung ku mleyot ya. Tch..
Luluk : Loh.. jarum ku kok malah tibo seh..
(Ana sosok putih ing mburie Luluk)
Luluk : Hahh?!, kok awakku ngeroso ana sosok ing mburi ku ya?. Halahh
palingan peroso ku ae

ADEGAN 2
(16.00 sore)
(Santi, Hartini, lan Arin mlaku
Santi : Sek.. yo rek enteni aku ing kene
Hartini & Arin : Iyaa
Hartini : Ehh, Sek talah rin awakmu percoyo ga karo mitos sing diomongno karo
arek arek??
Arin : Mboh maneh ya tin, percoyo opo ga, ana apa ga’e awakdewe ya ga
ngerti sisan kan?
Hartini : Iya sisan seh rin..
(Serr... ana sesosok putih lewat ing mburi Hartini lan Arin)
Hartini : Awakmu ngerasa ana sing lewat ga rin mau?
Arin : iya ya awakku sisan ngerasa tapi opo coba iku mau tin??
(Santi metu teka kaluh)
Santi : Ana apa rek, kok rame dewe ket mau
Arin : Wis wis ora ana apa apa ti, ayo awak dewe mbalik ae rek
Hartini : Iyaa, ayok..
ADEGAN 3
(16.00 sore)
(Angga lan Bima dolanan bulutangkis lapangan mburi sekolah)
Angga : Ayo ping sido dolanan ora iki??, lek ora awakku ta mulih ae..
Bima : Sido sido ngga... tak njupuk disek raket ku ing kelas
(Angga lan Bima lagi dolanan, nanging Bima ora iso main)
Bima: Wesi ah ga isa aku main ngga.., malah tambah kesel awakku
(Bima arep mbalik kelas, Nanging Bima malah ndheleng ana sosok putih ing
mburi ne wit).
Bima : Eh ngga.. ngga, niku apa putih putih ing pojokan
Angga : Lahh iyoo bim, apa iku yaa?
Bima : (Ndheleng jam). Sek ta ngga, aku kok kelingan karo mitos jam papat iku.
Sing diomongno karo arek arek
Angga : Bener bim jarene ono sosok putih ya??
Bima & Angga : Lahh.. temenan iki
(Ndheleng mane ing tempat iku. Nanging sosok puth iku wis ora ana maneh)
Bima : wis balik ae yok ngga.. wis rada rada iki prasaka ku
Angga : Iya bim, balik ae yok..
(Bima lan Angga pun mutusake mbalik)

ADEGAN 4
(16.00 sore)
(Sekar lan Dini ing kelas, lagi nyinaoni tugas sekolah)
Dini : Kar.. tugas mu wis mari apa ora??
Sekar : Sek din iki sek akeh, aku ana sing ora isa
Dini : Oke tak enteni ing kene yaa kar...
(Dini sing dolanan hp oleh pesan marang ibu ing WhatsApp yen dikongkon
mulih)
(Dini gupuh Lan gorong pamit sing Sekar mergo langsung metu kelas)
(Sekar sing ora ngerti Dini mulih pun. Mikir yen Dini sek ana ing sebelahe)
Sekar : Din awakmu ngerasa gak sih Lek tugas iku aku ngroso tambsh akeh,
kayak musti kudu nalar kritis lan ana rumus seh. Tambah mbulet gak sih Din
tapi yo opo meneh jenenge ae sekolah awak dewe kudu sinau sing pinter
sisan...
(Ana telpon ing HP Sekar marang Dini)
Sekar : Lohh kok Dini malah nelpon. Terus.... arek sing nak mburi ku sapa?
Sekar (Angkat telpon)
Dini : Haloo Sekar, sepurane ya aku mbalik disikan ora pamit awakmu, soale
dienteni ibuk ku wis
Sekar : Lohh din sing nggena, guduke awakmu nak mburi ku ya. Tak ijak omong
loh mau din
Dini : Hahh?... opo seh kar awakku wis mulih disikan, wis ta tutup disik ya aku
repot sek an soale (Tut).
Sekar : (Deleng Jam). Loh iki kan jam papat sing diomongno arek arek terus
mburi ku mau..?
(Sekar Pingsan)
(GUBRAK!!, Arin sjng ana ing njaba krungu swara ing kelas)
Arin : Lohh swara apa iku??
(Arin melbu kelas)
Arin : Ya Gusti..., Sekar! Sekar! tangi!!, kok isa pingsan koyok ngene iki?!
Arin : (Nabok) Heii, awakmu lapo seh gawe kain putih kek ngene iki, Ayo
cepetan rewangi aku, Sekar pingsan iki loh...
(Tap.. Tap.. Kabeh arek pada melbu merga ana swara rame ing kelas)
Luluk : Ana apa seh rin kok rame rame wae ket mau..
Arin : Iki loh.. Sekar
(Santi nunjuk marang sosok putih mau)
Santi : Rin... iku guduke sosok putih, iku yaa?
Arin : Hahh??
Lastri : (Mbalik awak). Opo seh rek ket mau rame dewe ae..
All : Lohhh?!! LASTRI?!
Santi : Kok isa awakmu Lastri?
Luluk : Iya, kok malah isa Lastri sing gawe kain putih iki. Aja ngomong sosok
putih sing awak dewe medeni selama iki awakmu ternyata yo Las??
Lastri : Ha?? Moso seh rek??, awakku gawe kain putih ben isa adem rungokna
musik gawe earphone rekk.., Ya Gusti...
Arin : Haduh.. Las las aneh-aneh ae tingkah mu iki, nggarai mitos sing
awakdewe wedeni..
Luluk : Iya iki, gawe sing ora-ora musti
Arin : Wes-we ayo, sakno iki loh Sekar sek pingsan..

--TAMAT--

Anda mungkin juga menyukai