Anda di halaman 1dari 6

Kelompok 4 :

1. Adhek Faza Aulia (01)


2. Aghisca Salvia Farellita (03)
3. Alya Febrina Dwi Pramesti (05)
4. Ayik Aminarti (09)
5. Tri Cahyo Nugroho (32)
6. Zitaya Yasmin Saputri (36)

Kring kring kring


Bel wis muni, bocah bocah pada mlayu menyang kelase dhewe dhewe, Joko, Tari, Siti,
Sari, Rani, Sri, enem uwong sing nduweni watak kang beda-beda sing marai kelas kaya
pasar.

Tari : "Cah kowe kabeh ngerti ora menawa Dinas Dikpora kabupaten magetan arep nganakake
lomba?"
Joko : "Lomba apa iki?"
Tari : "Lomba unjuk bakat, sing diadakake kanggo mengeti dina laire Kabupaten Magetan kang
kaping-348."
Sari : " Wah kalodhangan kang apik iki. "
Tari : "Bener, yen melu lomba iki awake dhewe iso nyalurake bakat e awake dhewe, sertifikat
kanggo kabeh pasarta, lan biji + saka guru."
rani : "Lagi ngomong apa ta? Kok sepaneng."
Sari : "Iki ran Dinas Dikpora awake dhewe arep nganakake lomba unjuk bakat, ayo melu."
Rani : “Hah? lomba?’

Sakbare ribut perkara lomba, dheweke lungguh ing kursine dhewe dhewe mikirne tentang
lomba

Siti : "Minggir-minggir aku arep lungguh kene."


Sari : "Eh tuan putri, badhe lenggah mriki nggih?"
Siti : "Iya, nyapo? masalah? minggir-minggir."
Sari : "Wegah, aku sek sing lungguh kene."
Rani : "Stop!! aja padu terus bisa ora? sirahku mumet krungu kowe cah loro padu terus."
Siti,Sari : "Ora!"
Rani : "Hiiih!" (lungguh ing kursi sing dadi rebutan Siti lan Sari)
Sri : " Apa to kiiih rame rame?"
Joko : "Paling ya Siti karo Sari Padu neh."
Rani : "Kui ngerti dhewe."
Joko : " Timbang we mumet mending ngantin karo aku, ayo!"
Rani : "Ayo ayo." (neng kantin)

Kelas sibuk ora kaya biasane sing kaya pasar. Salah siji siswi kelas seni ngelamun
dhewean.

Sri : "Ni! Rani!"


Rani : (kaget) "nyapo?"
Sri : "ngelamun wae, ana apa?"
Rani : "Ora nyapo-nyapo kok"
Sri : "Hallaaah ngapusi, nyapo kok."
Siti : Rani, kulino ora gelem jujur karo kancane dhewe."
Rani : "Apa to cah, aku ora nyapo nyapo tenanan kok."
Siti : "Ngapusi."
Rani : "Tenanan."
Siti : "Ngapusi"
Rani : "Tenanan."
Siti : "Ngap.."
Rani " Stop stop!! tekok wae, diomong ora ana apa apa yo ra ana apa apa" (nggebrak meja lan
lunga)
Kabeh murid kelas iku mandheg saka kegiyatane, ndeloki Rani bingung
Sri : "Dheloken saiki, Rani nesu."
Siti : "Kowe sih Sri."
Sri :"Kowe lah." (padu)

Wektu dina kui mlayu cepet banget, kelas seni wis rampung, bocah bocah pada mulih ning
omahe dhewe-dhewe.Sesok isuk e

Sri : "Kertas oke, pensil oke, pewarna oke."


Siti : "Uwis bar puisimu Sri?.''
Sri : "Urung heheheheh."
Tari : "Sriii kowe nggawe apa?"
Sri : "Puisi tar, lha kowe?"
Tari : "Gitaran lah."
Sri : "Ora kudu nyanyi ya? misal gitaran tok elek tar."
Tari : "Bener sih, tapi aku ora iso nyanyi, suaraku huelek pol."
Sri lan Tari meneng nglirik neng Rani karo mesem mesem
Tari : "Wis, ndang garapen kono puisimu."
Sri : "Iyo iyo."
(Joko marani bangkune Sri)
Joko : "ndhelok to Sri."
Sri : "Emoh, kepo."
Joko : "Sombong, emange lagi nggambar apa?"
Sri : "Ya kan, Kepo."
Joko : "Halah mbuh sak karepmu wae sri sri."
(Lunga) Ing bangku liya Sari lagi takon neng Rani
Sari : "Kowe nggawe opo Ni?"
Rani : " Ora weruh."
Sari : " Kepriye misale nyanyi wae ni, bareng Tari, mengko Tari sing genjreng kowe sing
nyanyi."
Rani : ''Emoh."
Sari : "Loh, nyapo? kan kowe seneng nyanyi."
Rani : " Males."
Sari : "Eemmm Puisi?"
Rani : (geleng geleng)
Joko : "Nggambar?"
Rani : "Apa meneh kui."
Tari : "Wis ayo nembang wae karo aku."
Rani : "Wegah."
(lunga ninggalake bocah bocah liyane)
Sari : " Ketoke ana seng ora beres karo Rani iki."
Sari : " Setuju, bocahe aneh banget awit wingi."
Sari : " Mesthi iki ana apa apa, ora mungkin bocahe ngono kuwi misal ora ana alesan, ayo
awakedhewe wajib nyemangati Rani, setuju?"
Kabeh kajaba jian: "Setuju!!".
Tari : "Kowe ora melu ri?"
Siti : "Ora, sori wae yaa.. what ever. Aku ora preduli.”
Sri : "Hu'uuhh!"
Sari : "Wis wis aja wiwit maneh 1 (nyekeli Sri kang wis kaya pengin njeblug). "

Dina-dina lumaku kaya biyasane, nganti siji dina misi rahasiapun dilaksanakake. Sawise
ngerti jejibahan dhewe-dhewe, dheweke kabeh nglakoni karo kebak temen, embuh apa
iku. nanging kang jelas kanggo kabecikan kanca dheweke kabeh,Rani.

Sri : ( nyedhaki Rani kang nulis lan mencoret-coret buku diaryne) “kowe iso jujur karo aku vin,
aku ngerti kowe mesthi ana masalah , iyo kan? “
Rani : “Ora ana kok , tenan. Aku apik-apik wae.”
Sri : ”Ojo ngapusi, aku kenal kowe lawase 9 taun, kowe ora bisa ngapusi aku vin, cerita wae.Ora
bakal tak sebarne menyang sapa-sapa. Aku mung pengin rewangi kowe kok, ora ana niyat
liyane .”
Rani : ”Mmm “ (mikir sadhela)
Risa : ”Mmm?” (ndeleng kebak teges)
Rani : ”Kepriye perasaanmu, nalika kowe ora oleh nglakoni bab kang kowe remen? apa kang
bakal kowe tindakake sawise kowe eling, ora ana kang tau ngedukung kowe? ora ana kang tau
mensupport kowe jero nggayuh mimpimu?, kepriye menawa mimpimu meh musna ngono wae?
apa kang bakal kowe tindakake karo kabeh bab iku? iku jawabanku.”
Sri : ”Niii...“
Rani : ” Aku dilarang wong tuwaku nembang, dheweke kabeh ora tau remen weruh aku dolanan
musik, tembunge kabeh iku kabeh sia-sia. Dheweke kabeh ora tau ngedukung aku ing jero bab
kagunan.Dheweke kabeh tansah nuntut aku ben ngolehake biji kang apik ing kabehing
wulangan.Ditambah maneh aku kang ora bisa & ora paham pisan ing mapel fisika,saengga
tansah ngolehake biji kang elek..Aku wedi , aku tansaya trauma karo musik. Malah nalika aku
njajal , aku wedi mimpiku kanggo nembang namung siji angen-angen kang gampang kegowo
angin.”
Sri : “Emang apa mimpimu?”
Rani : ”Nembang kanggo kabehing wong, nyenengake kabehing wong, nembang liwat ati, dudu
mung sekadar swara kang merdu, nembang kanggo ngolehake eseman saka pamireng, lan
penenang ati nalika jiwa maneh terpuruk, iku mimpiku. “
Sri : ” Awake dhewe bakale rewangi kowe, gawe gumregah maneh, gawe ngebagun maneh
kepercayaanmu karo ngimpi muliamu.”
Rani : ”Awake dhewe?”

Ora eling kanca-kancane ngintip ing waliking lawang klas. Saka wau dheweke kabeh
nggatekake lan ngrungokake guneman Rani lan Sri.

Joko : ”Ora masalah kok ! awake dhewe bakal rewangi kowe!”


Sari : ”Yup! awake dhewe mesthi iso yen awake dhewe bareng njajale.”
Tari : ”Mesthi kowe kabeh butuh siji gitaris kang jago ya? aku asih diskon deh gawe kowe
kabeh.”
Kabeh : ”Tari! “
Rani : ” Aku ora ngerti kudu ngomong apa , aku aakuu a...k..uu”
Joko : ”Kowe ora perlu ngomong apa-apa”
Sari :” Kowe mung tinggal nembang”

Sedhela, krasa mendung wis gumanti karo cerahe awan pethak, raos keterpurukan wis
suda sathithik saya sathithik. Lan mulailah gumregah maneh sengkuyung musik kang
embuh sempet lunga menyang ndi wingi.

Sri : "Apa kang kudu awake dhewe tindakake?"


Dumadakan, Sari teka lan ngagetake dheweke kabeh karo tembung-tembunge.

Siti : "Aku nduwe idhe"


Kabeh : (Padha ndeleng kebak ragu)
Siti : "Kepriye yen awake dhewe ngrewangi Rani sinau fisika. Karo mangkono dheweke bakal
paham lan ngolehake biji sing apik. Saengga wong tuwane ngolehake Rani kanggo nembang."
Sri : "Awake dhewe uga kudu ngyakinake Rani karo ngimpine iku."
Joko : "Nanging awake dhewe ora bisa fisika Sri."
Tari : "Lah, awake dhewe kan nduwe Siti, Koo. Gampang iki gawe Siti."
Sari : "Awake dhewe padha-padha sinau ben paham lan bisa ngandharake menyang Rani."
Sri : "Setuju setuju, dadi saliyane awake dhewe bisa ngrewangi Rani sinau, awake dhewe uga
bisa sinau, dadi padha-padha oleh untung."
Tari : "Oleh untung, ora maneh kudu dhodholan."
Sri : "Ya iku lah pokoke, idhe apik deh pokoke."
Sri : "Nanging kepriye carane awake dhewe mbalekake raos pracaya dhiri ? Rani? dheweke kaya
wis trauma, melas aku weruh kae."
Sari : "Yen dheweke wis diolehake orangtuane, aku kira iku wis nggawe dheweke pracaya dhiri
kanggo nembang maneh deh, dadi fokus awake dhewe kang kapisan yaiku nggawe dheweke dadi
paham karo fisika dhisik kanggo ulangan tengah semester 2 minggu maneh. "
Joko : "Iya bener. Dadi, wiwit kapan awake dhewe sinaune?"
Sari : "Luwih cepet luwih apik, kepriye yen awake dhewe wiwit sore iki, saben dina mulih
sekolah awake dhewe sinau bareng."
Joko : "Pancene wis omong menyang Rani?"
Sari : "Durung sih, hehehe."
Sri : "Ben aku sing omong ning Rani sawise iki."
Sari : "Arep sinau ing endi?"
Tari : "Disekolah wae ra sih, ben ora ngabisin wayah."
Kabeh : "Oke."

Siti : " Sip deh muga-muga vina arep ya, aku pengen menyang jedeng, sapa sing gelem ngancani,
selak ngompol.(narik tari kang lungguh ing sebelahe) wis karo kowe wae ayo."
Tari : " Iki jenenge pemaksaan, ongkire sekalian ng kantin tukokne apa ngono."
Siti : " Ora ikhlas banget neng kancane dhewe, iyo bar iki menyang kantin sekalian."
Tari: “Yeii, oke jian meluncur."
Sri : "Ran Ran."
Rani : "Geneya Sri?"
Sri : "Mengko mulih sekolah sibuk ora?ayo sinau bareng, uga karo kanca-kanca.”
Rani : "Mmm, aku free sih, tumben banget kanca-kanca ngajak sinau bareng."
Sri : " Ora ngerti kuwi dumadakan banget ngajakine."
Rani : " Kowe kabeh arep ngajak sinau fisika ya ben aku iso melu lomba? ga usah lah Sri, aku
ngerti niyat kowe kabeh apik nanging aku bener bener ga iso, percuma, wis ben wae gaopo aku
ga usah melu lomba."
Sri : "Aja ngono dong, kowe kudu sengkuyung, seenggake kowe wis njajal, kepriye uga kasile
mengko iku kang paling apik."
Rani : "Iyo deh iyo pangapurane."
Sri : "Ateges arep ya?"
Rani : "Iya arep."
Sri : "Ngono dong, kudu sengkuyung!"
Siti : "Iki sing liya menyang ndi sih."
Joko : "Ing ngantin, tuku cemilan gawe kanca sinau"
Siti : "Ranine menyang ndi?"
Joko : "Ora ngerti yen iku."
Sari,Sri,Tari,Rani : (mlebu klas) "Assalamualaikum."
Siti lan Joko: "Waalaikumsalam."
Siti : " Ayo cepet selak sore."
Tari : "Siyap bu." ( sinau)

Rong minggu banjur

Sari : "Kepriye Ran? wis siyap wulangan padinan?"


Rani : "Mmm kepriye ya, aku wedi."
Siti : " Wingi wayah latian soal kowe wis akeh sing bener kok, iso iso mesthi iso."
Joko : "iyo kok Ran, sengkuyung."
Rani : "Nanging aku tetep wedi, kepriye yen aku gagal maneh, aku pengen melu lomba iki."
Tari : "Iso iso Ran."
Sri : " iyo, kowe ora oleh pesimis ngono, kudu optimis."
Rani : (menganggukkan sirah karo lesu)
Pungkasane ulangan uga rampung, Rani karo kuwatir nunggu kasil ulangan fisikane dina iki, iki
yaiku syarat supaya dheweke diolehake ibune kanggo melu lomba iku.
Joko : "Cah, amarga bu guru isih rapat, dadi kasil ulangane dikongkon mbagi."
(Joko mbagikake kertas kasil ulangan marang kanca kancane)
Sari : " Kepriye Ran? entuk pira?' kabehing kanca kanca Rani ngerubungi Rani, penasaran karo
kasil sing diolehake.”
Rani : " Oleh 85 guys, alhamdulillah ( nada seneng) kabehing kanca kanca Rani uga melu
seneng krungu kasil ulangan kang Rani olehake.”

Pungkasane usaha dheweke kabeh ora sia sia, Rani nduweni kalodhangan kanggo numuti
lomba nembang iku.

Risa: " Slamet ya Ran, pungkasane kowe iso melu lomba nembang iki,sawise iki kowe isih kudu
berjuwang gawe lomba iki."
Siti : "Iyo, keren banget Rani, bijiku wae kalah karo kowe."
Tari : "Kowe iki, wis nyontek, isih kalah karo Rani sing lagi sinau 2 minggu"
Siti : "Ngece wae, kowe kuwi kang nyontek, ngene ngene aku ngerjakne dhewe ngerti (sewot)"
Tari : "Halah ngaku wae kowe."
Joko : "Wis wis, hih tak uncal menyang sawah wurining sekolah kowe kabeh cah loro yen gelut
terus"
Rani : " Iyo wis wis, aja berantem terus, aku arep ngomong suwun karo kowe kabeh, berkat
kowe kabeh aku iso melu lomba iki."
Sari : " Awake dhewe ora ngapa ngapa kok Ran, emang kowene wis pinter namung kurang latian
wae, kowe hebat banget, awake dhewe bungah karo kowe."
Rani : " Iyo kanca kanca pokoke suwun banget ya, wis tansah support aku."
Tari: " Iyo Ran, sawise iki kowe butuh gitaris kan, siyap nih aku."
Siti : "Nek kowe ngrewangi dadi gitarise Rani, Rani malah kalah mengko soale gitarise elek."
Tari: "Heh kowe! Ngece wae." (gelut kang ora terhentikan)

Pungkasane Rani nduweni kalodhangan kanggo ngembangake hobine yaiku nembang,


piyambake bersyukur banget nduweni kanca kaya dheweke kabeh, wiwit saiki piyambake
arep ngupakara luwih keras maneh kanggo mbuktekake ing ibune menawa dheweke iso.

Anda mungkin juga menyukai