Ibu(Faridatul J)
Rani(Anggie Agustina W)
(Ing omah sing sederhana, ing kamar ana ibu sing lara lan anak wadon loro, katon ngenteni teka.)
ibu:yo ngene nduk senajan loro koyo ngene,ibu lega merga anak-anak e ibu padha ngumpul
Rani:tega piye to?yowes wayah e mbahas Iki kabeh,ibuk bereng yo wes paham,wes wayah e andum
warisan
ibu:nduk westo,mengko dibahas maneh,seiki ibuk mung pngn kumpul marang anak anak e ibu
Lani:Iyo mbak Ojo tukaran,ibu pngen anak anak e kumpul lan akur
Rani:tapi rani butuh buk, jujur biaya urip neng kota ora murah, toh iku hakku opomeneh aku anak
pertama kudu paling akeh.
Siti:mbak, cukup ibumu isih urip lan bakal waras, saiki dudu wektu sing pas kanggo ngomong soal
warisan toh warisan ora penting, sing paling penting ibu saiki sehat supaya bisa bebarengan karo
awakdhewe
rani : Siti Kowe ngerti opo, neng kota duite sejuta karo rong juta kuwi sithik, aku butuh dhuwit luwih,
gajiku sithik kanggo entuk dhuwit akeh, mula aku njaluk warisan ku
Siti : Iya, urusanmu, aja ngrepot-repot ibumu maneh. wis dewasa. malah mbak yu ora ngrumat ibu.
rani : oh ngono.. kowe pamrih? Kowe pamer merga wis ngopeni ibu?
Siti : Aku ora tau ngrasa kaya ngono, aku lan Lani ikhlas ngrumat Ibu.
rani : ok ngono warisane nggo aku kabeh nek ngomong kowe ikhlas
ibu sing awale seneng merga anake wis kumpul, sedhih lan nangis, atine semrawut weruh 2 putrine
padu nalika lagi lara.
ibu : tulung nduk... ojo padu, aku pengen kowe rukun,masalah warisan, mesti tak bagi karo kowe.
rani : lha kok ora saiki bu? Wektune ibu ora suwe
Siti sing sakawit nahan emosi dadi ora bisa dikendhaleni. Dheweke kuciwa banget marang sedulure.
dheweke napuk pipine mbakyune
Siti:Cukup mbak, kowe ora ngerti isin, malah ora ngurusi ibumu, kowe mulih njaluk warisan.
Rani:opo maksudmu dhasar ora sopan. Apa kaya ngono sikapmu marang mbakyumu?
nalika siti lan lani lagi gelut ujug-ujug dhadhane ibu krasa sesak, ambegan ibune sesak lani sing sadar
nyedhaki ibune lan mulai gupuh.
Ibu sing rumangsa uripe ora suwe, nyoba ngomong metu saka napas
ibu : nduk... tulung mung 1 panyuwune ibu, urip rukun, ln Ojo lali ndongakno ibu..
ing akhir kalimat sing diucapne,ibuk ngembusake ambegan terakhir.Ketelu sedulur kui mung bisa nangis
ngarep ake ibu e Urip maneh.Rani nyesel marang tumindak e sing malah ngomongno warisan tanpo
ngerti Yen ibune arep ora ono