Anda di halaman 1dari 13

Bully

Kelompok 1 :

1. Ahmad Fauzi Zarkasih (Leo)


2. Ananda Primita (Alanda)
3. Ariska Dwi Pramudia (Ayah Riza)
4. Dwi Hurun Nisa (Bu Anya)
5. Figo Setyo Y (Dafi)
6. Mohamad Lugas (Riza Arif)
7. Nadhifatul Azizah P.B (Keyra)
8. Priyanti Puji Q (Ratu)
9. Ridwan Mahmud (Pak Arman)
10. Syarifatul Mubariroh (Bianca)
11. Vera Nurazizah (Ibu Alanda)

Kula Alanda gadis sing entok beasiswa mlebet ing sekolah favorit. Kula bersyukur bisa mlebet sekolah
sing favorit. Ananging sekolah kuwi terkenal sekolah sing murid-murid e saking putra e pun wong
sugih. Dados kulo ngerasa minder yen melbu sekolah kuwi.

Dina pertama sekolah…..


Bu Anya : “Enjing murid murid”
Murid :”Sugeng enjing bu”
Bu Anya :”Dino iki kita kedatangan murid anyar, ayo melbu nduk”
(Murid kuwi melbu ing njero kelas)
Bu Anya :”Ayo kenalno awak e pean?”
Alanda :”Nami kula Alanda, dari smpn 1 makasar”
Bianca :”Oh dadi iki ta seng jenenge Alanda, arek sing entok beasiswa iku?” (sambil tertawa)
Keyra :”hiii jijik gadis kampungan”
Bu Anya : “Bianca,Keira tolong jaga kelakuan, wes Alanda ndang lenggah ojo dipikirno omongane
koncomu”
Ratu :”Alanda ayo rene, sebangku ambek aku”
(Alanda mlaku nang bangku e Ratu”
Ratu :”Alanda wes ojo dimasukno nang ati omongane Bianca ancen arek iku sombong”
Alanda :“hm…”
Ratu :” hai kulo Ratu, ngomong-ngomong kulo nggeh entok beasiswa ten sekolah iki dadi ojo merasa
Minder”
Bu Anya :”Sepurane murid murid ibu Anya Nang ruang kepala sekolah sek”
Murid murid : "Iya Bu"
Dafi :”Hay gelis, wes ndue pacar ta?”
Biaca : “Dafi opo-opo an iki! ojo ndeketi arek mlarat iku, opo gak iling awakdewe wes pacaran?”
Leo : " Tenang ae bro.., Iki mek guyon tok”
Bianca :”Gak usah melok-melok, nek ancen guyon gak koyok ngunu”
Keyra :”wes ca ayo nang kantin, ojo cedek-cedek arek mlarat iku engkok awakdewe ketularan,iuuww”
Bianca :”Kok bener ngomongmu, ayo beb nang kantin”

Pas istirahat Ratu lan Alanda nggolek mangan ing kantin


Riza:”Haii oleh gabung gak”
Ratu :”Alanda kenalin iki Riza, arek sing lungguh ing nggarep mau”
Alanda :”Haii (ambek njabat tanggan e Riza)
(Riza melamun nguasi wajah e Alanda)
Ratu :”leh kok gak mari-mari kenalan e” (sambil tertawa)
(Riza dan Alanda podo saling menatap karo mesem)
Nang pojok Dafi alon-alon nguasi Alanda
Bianca :”Dafi aku gk seneng yo, lapo kek mau nguasi arek cupu iku”
Keyra :”Tak jadek Dafi onok roso ng arek cupu iku”
Leo :”Arek lanang endi seng gak nguasi arek seayu iku”
Bianca :”Ra ayo melok aku! Wes wayah e ngekek I pelajaran gawe arek cupu iku, wes wayah e de e
Sadar status e nang sekolah iki”
Dafi :”Bianca ojo nyalahno Alanda terus, de e gak salah. Seharuse kowe seng kudu sadar diri, nek
sikapmu gk mok rubah, aku gak iso dadi pacarmu maneh. Leo ayo mbalek nang kelas”
Meroso gak trimo Bianca lan Keyra langsung marani Alanda
Bianca :(napuk Alanda)
Riza :”He lapo iki, gak seharuse kowe napuk Alanda koyok ngene”
Keyra :”Oh dadi si cupu wes ndue pangeran”
Ratu :(sambil dorong Keyra)
Bianca :“Beraninya si kumuh iki, he gak ileng ta sopo statusmu ng kene. Gak ileng ta kowe mek arek
Mlarat seng melbu sekolah gratis nang kene. He Amanda ojo sok ayu kon ng sekolah iki, atek aku
ngerti kon tebar pesona nang bebeb ku maneh, mati kon”

Nang omah e Alanda….


Alanda :”Assalamualaikum” (ambek mlebet griya)
Alanda melihat ibunya lungguh ing kursi ambek ngelamun.
Alanda :(Sejak ayah meninggal ibu mesti sedih terus, aku gak oleh nggawe ibu malah sedih, aku kudu
Ketok seneng cek ibu gak sedih)
Alanda :”Ibu Alanda muleh, kok ibu nanges? Ibu mikerno bapak maneh ya?”
Ibu Alanda :”Ibu mek kepikiran bapak nak”
Alanda :”Ibu kudu kuat, Alanda gak pingin ngerti ibu sampek sedih koyok ngene. Alanda ndue video
Pas kita tasek kale bapak” (sambil nyetel video nang hp ne)
Ibu Alanda wes rondok gak sedih maneh amergo ndelok video iku
Alanda :(Video iku yoiku cara ben ibu seneng maneh, Alanda janji gk bakal nggawe ibu sedih)
Pas bengi ng kamar e Alanda, Riza moro-moro telfon
Riza :”Hallo Alanda”
Alanda :”Hallo Za, onok opo bengi-bengi nelfon?”
Riza :”Gak lapo-lapo nda aku mek pingin ngerti kabarmu”
Alanda :” hm… (ambek ngguyu) santai za aku gakpopo kok, tenang ae”
Riza :”Bianca wes terkenal perbuatan e gak apik. Dadi ati-ati nda ambek Bianca, aku moh ngerti dirimu
Sampek dibully Bianca maneh”
Alanda :” Tenang za, aku gak bakal nggawe perkoro ambek Bianca. Ambak an aku yo gak enek
Perasaan nang Dafi”
Riza :”Oh iyo nda, ojo lali mene onok pr biologi”
Alanda :”Subhanallah aku lali, oke za suwun ya”
Riza :”Iyo tenang, yo wes ndang digarap gih mumpung jek onok waktu”
Alanda:”Malam za”
Riza :”Malam nda"

Isuk ing sekolah


Ratu :”nda aku gk iso ngerjakno nomer iki, amu iso gak”
Alanda :”oh iki ta? kene tak ulangi”
(moro-moro Bianca teko njipik buku e Alanda)
Bianca :(njipik buku e Alanda) suwun anak cupu
Alanda :”Bianca, balekno bukuku?”
Bianca :”opo? Iki bukumu? Ket kapan? Pas aku nyekel buku iki berarti buku iki wes ngonanku
Ratu :”Bianca keterlaluan, buku iku duduk hakmu?”
(Keyra teko marani Bianca seng ribut ambek Alanda)
Keyra :”Opo? Kon ngomong hak, yo dirimu iku seng gk ndue hak gawe melbu sekolah elit iki!”
Bianca :”Gak usah melok-melok, ket winggi kon terlalu ikut campur urusanku”
(Bel masuk muni, murid murid mulai melbu kelas lan bu Anya teko)
Bu Anya :”Pagi anak-anak”
Murid-murid :”Pagi bu”
Bu Anya :”ayo anak-anak kumpulin tugas seng ibu kek I wingi”
Kabeh murid podo numpuk tugas tapi alanda mek meneng ae ng bangku
Bu Anya :”Alanda kok meneng ae, ayo kumpulin nang ngarep”
Alanda :”Itu bu ,itu… buku Alanda keri nang omah”
Bu Anya :”Alanda jangan alesan, ibu wes gelek krungu alasan koyok ngene. Ayo melok ibu nang Ruang
kepala sekolah”
(Alanda mulai nanggis)
Riza :”Bu wingi kulo pun nyanjangi Alanda yen angsal pr. Kula yakin Alanda sampun ngerjakno”
Ratu :”Nggeh bu Alanda nggarap pr”
Bu Anya :”Nek Alanda bener-bener nggarap pr gak mungkin de e meneng ae, saiki de e yo meneng Ae
gak ngumpulno. Ayo Alanda ikut ibu?”
Bianca :”Heii anak cupu, gak krungu ta? Wes dienteni ibu guru iku loh (ambek ngguyu)
Kayra :”Ancen wes males sekolah iku bu? Huuu”
Ratu :”ojo ngomong seng gak-gak, bu asline iku Bianca….”
(sebelum Ratu selesai ngomong , Keyra langsung nutup lambene Ratu)
Bu Anya :”Ayo Alanda, ayo ikut ibu sekarang”
Saat Alanda mulai nggadek nyamperi bu Anya ternyata ambek sengaja Bianca nyandung sikile
Alanda. Nanging Dafi lan Riza royok an nolonggi Alanda
Dafi :”Alanda gak popo ta?”
Riza :”wes ngalih o Daf” (ambek ngewangi Alanda nggadek)
:“nek kon terus nyedek I Alanda terus kon nggawe Alanda malah menderita”
Keyra :”Lapo se arek lanang-lanang podo nyedek I Alanda termasuk pacarmu”
Bianca :”Paleng arek cupu iku pasang susuk”
Dafi :”Wes ca, menenggo. Ojo ngomong ae, aku kan wes ngomong jogoen sikapmu. Aku wes male
Ambek tingkah lakumu seng elek iki”
Leo :”Tenang Daf, ngesakno Bianca. Wajar nek arek wedok cemburu”
Bianca :”Daf aku gak salah, lapo amu mureng-mureng nang aku?”
Keyra :”wes ca mungkin Dafi wes kenek guna-guna e Alanda”
Alanda :”Mandek, wes puas ta nggelokno aku” (ambek nggalih ninggalno kelas)
Riza :”kowe kabeh wes nggawe Alanda nanges, cukup. Alanda gak tau ngurusi urip kon kabeh, terus
Lapo kon ngurusi urip e”
Keyra :”he dijak omong o”
Bianca :”Dasar pasangan cupu haha…”
Riza :”Pisan maneh awakmu nggawe Alanda nanges, aku seng maju”(ninggalno kelas, nyusul Alanda)
Leo :”Wani ambek arek wedok huu….. cupu kelas nisor”

Nang ruang kepala sekolah Alanda diseneni bapak kepala sekolah amergo wes nyia-nyiano
kepercayaan seng dikek I selama iki.
Bapak kepsek:”Alanda opo bener seng diomongno Bu Anya?”
Alanda :”Sanes koyok ngonten pak, kula saget njelasaken”
Bu Anya :”Wes Alanda gak usah kakean alasan”
Alanda :”Bu kula sampun nggarap tugas tapi Bianca mendhet tugas kula”
Bapak kepsek :”Alanda bapak gak iso percaya maneh ambek dirimu. Wes ngerti salah tapi gak gelem
Ngaku malah saiki ngarani kocane. Cukup bapak gak gelem ngerti onok masalah maneh Koyok iki,
bapak iso kapan ae nyabut beasiswamu. Dadi ojo mbaleni kesalahan koyok Ngene maneh”
Alanda :”Tapi aku gak mbujuk pak, kula ngomong jujur pak”
Bu Anya :”Alanda meneng o, cukup ngomongmu. Ibu gak tau ngulangi koyok ngunu, sampek selama
iki baru saiki aku ngerti sopo Alanda seng temenan”
Alanda :”Tapi bu… (ambek nangis)
Bu Anya :”Alanda iki kesempatan terakhir beasiswamu, ojo mok sia-siano. Ileng piye nek ibukmu
Ngerti beasiswamu dicabut”
Alanda :”Maaf pak bu Alanda janji gak bakal ngulangi kesalahan iki maneh. Pak ojo cabut beasiswa
Alanda, kula mboten ngerti piye nasib kula yen beasiswa kula dicabut”(ambek nanges)
Pak kepsek :”Dino iki jek bapak maafno tapi yen terulang maneh bapak cabut beasiswamu”
Alanda :”Matur suwun pak, Alanda gak bakal ngulangi maneh”
Pak kepsek :”Oke cukup Alanda amu iso ninggalno ruangan iki”
Alanda :”nggeh pak”(ambek salim nang bapak kepsek lan Bu Anya)
Pas nang njoboh kelas dadak Riza wes ngenteni Alanda ket mau.
Riza :”Nda kenek opo kok nangis, bapak kepala sekolah nggomong opo. Nda jawab ojo meneng ae”
Alanda :”Za beasiswaku….”
Riza :” Kenek opo beasiswamu, nda aku gak paham”
Alanda :”Bapak kepala sekolah kate nyabut beasiswaku”
Riza :” Nda kenek opo gak jawab jujur ae nek Bianca seng njipik tugasmu?”
Alanda :”Wes za malah aku seng disalahno, aku seng dikiro nuduh Bianca”
Riza :”Iki gara-gara Bianca. Tenang nda aku janji bakal ngelindungi dirimu. Terus bapak kepala sekolah
Ngomong opo ae”
Alanda :”Bapak kepala sekolah bakal ngeluarno aku nek aku mbaleni perbuatan koyok iku maneh”
Riza :”Sabar nda, awakdewe gak ndue bukti seng kuat gawe ngungkap kejahatan e Bianca”
Alanda :”Za melok aku ngungkap kejahatan e Bianca”
Riza :”Nda amu ngertikan sopo iku Bianca, nek amu pingin mbongkar sikap e Bianca malah dirimu
Seng bakal kenek imbas e. ojo mikirno Bianca, gak apik yen awakdewe dendam nang arek. Lebih baik
amu menghindar tekan Bianca ben beasiswamu gak dicabut”
Alanda :”Tapi za… Aku gk iso ndelok kelakuan e Bianca terus, nek dinjarno terus aku yakin malah
Menjadi-jadi”
Riza :”Alanda wes cukup, gak usah nglakoni hal-hal sing iso nggarai amu malah sengsara”
Alanda :”Aku ngerti za amu gak pengen beasiswaku dicabut, aku menghargai tumindakmu. Tapi
Keputusanku tetep za”
Riza :”Oke nda nek ngelindungi dirimu aku siap tapi nek ndukung rencanamu bongkar kedok e
Bianca sepurane aku gk iso melok ngewangi”
Alanda :”Iya za aku yo gak pengen ngelibatno amu nang masalahku. Suwun wes sering ngewangi Aku”
Riza :”Aku janji nda gak bakal onok arek sing nggawe amu nanggis”
Alanda :”Suwun za… tapi Ratu kok gak enek”
Riza :”paleng lagi nang kantin nda, ayo nyusul Ratu”

Riza lan Alanda wis nang kantin tapi ratu gak enek nang kelas sampek wes wayah e muleh sekolah
tapi ratu gak enek-enek.
Alanda :”Za Ratu nang ndi ya, wes ket mau awakdewe nggolek I tapi kok onok”
Riza :”Aku gak ngerti Nda terakhir ketemu Ratu pas kejadian geger ambek Bianca”
Alanda :”Za paleng jangan-jangan Bianca seng tanggung jawab ngilangno Ratu”
Riza :”Tapi nda gak mungkin”
Alanda :”Za saiki duduk wayah e dirimu percoyo ta gak ambek aku, tapi saiki aku pingin nemokno
Ratu”
Riza :”oke nda, ayo”
Alanda lan Riza riwa riwi nggolek I Bianca ternyata ketemu nang parkiran.
Alanda :”Bianca kate nang ndi kon?”
Keyra :” pancet ae si cupu iku nggawe gara-gara"
Bianca :”Wes ra babah, aku pingin ngerti de e kate lapo”
Riza :”Ca Ratu nang endi?”
Bianca :”What…”
Alanda :”Wes ca gak usah alasan, aku ngerti kok Ratu mok delekno”
Keyra :”he ojo ngomong seng gak-gak, saiki opo buktine awakdewe seng ndelekno Ratu”
Bianca :”ngapain yoan ndelekno Ratu, hiiii gak enek kerjaan. Wes ra ayo muleh aku males ngomong
Karo bocah mlarat iki, iso-iso awakdewe ketularan penyakit mlarat e. iiuuwhh”
Alanda :”jogo en omonganmu , aku mek takok baik-baik nang ndi ratu”
Keyra :”nek wes diomongi gak ero yo gak ero, takok bulak balek koyok suuus”
Bianca :”ayo wes ojo digatek”(ambek ngaleh numpak peda montor)
Riza :”Wes gaopo nda, mungkin Bianca gak ngerti temen. Wes luwih apik yen awakdewe saiki nggolek
I ratu”
Alanda :”iya za, ayo”
2 jam Alanda lan Riza nggolek I Ratu akhire Alanda krungu suara tekan jedeng
Brak…braakk…
Alanda :”Za amu krunggu gak?”
Riza :”nggak nda, emang onok opo?”
Alanda :” Koyok onok seng ketuk-ketuk lawang”
Riza :”mungkin prasaanmu ae nda”
Alanda :” Za cobak runggokno maneh”
Braak braaak braaak…..
Riza :”iya nda, suarane tekan jedeng iku”
Alanda :”Paleng Ratu nang kunu Za!”
Riza :”Ayo nang kono”
Alanda lan Riza wes tekok tapi ternyata lawang kamar mandi iku dikunci.
Alanda :”Ratu amu nang njero kan, tenang ae mariki tak aku nolong amu”
Riza :(ngedobrak lawang tapi gak kebuka-buka)nda nggolek o opo ngunu seng iso mbukak lawang”
Alanda :”sek Za tak golekno”
Riza :”Sabar tu, mariki kebukak kok”
Alanda :”Iki Za” (ambek ngekekno kayu”
Akhire lawang e kebukak, Alanda kaget amergo ngerti keadaane Ratu seng nangis, keiket lan
lambene ditutup lakban. Ratu ketok lusuh lan kudu semaput.
Alanda :”Ratu kok iso sampek koyok ngene” (ambek nguculi tali lan lakban)
Riza :”Nda saiki duduk wayah e takok, Ratu jek syok. Ayo awakdewe gowo Ratu nang omah e”

Nang omah e Ratu


Alanda :” piye rat, wes gaopo kan. Tenang ae”
Ratu :”Suwun Nda, Za. Aku gak ngerti piye nek kalian gak nemokno aku”
Riza :”Santai Rat sebagai konco awakdewe siap gawe nulung”
Alanda :” Iki kelakuan e Bianca se?”
Riza :”Wes lah nda, ojo berfikiran elek terus”
Ratu :”Gak Za ancen bener jere Alanda. Aku koyok ngene gara-gara Bianca ambek Keyra”
Alanda :”Kandani se Za aku mau nggomong piye, amu gak percoyo se ambek aku?”
Riza :”duduk ngunu nda, aku gak pingin amu berprasangka buruk nang arek”
Alanda :”Tapi Za kate sopo maneh nek gak Geng e Bianca”
Ratu :”wes cukup, ojo debat maneh”
Alanda :”maaf Rat, oh iyo emang amu kenek opo kok sampek galangane Bianca nyekap dirimu”
Ratu :”Dadi ngene nda ceritane…..”

Flasback pas Alanda diceluk nang ruang kepala sekolah


Ratu :”He Bianca wes salah gak gelem ngaku”
Bianca :”Wahhh ngejak geger, he sopo kon wani ngomong ngunu nang aku”
Ratu :”Keterlaluan kon ca, gak sewajar e amu makakno Alanda?”
Bianca :”Wajar lah, ancen gadih cupu gak pantes sekolah nang sekolah elit iki”
Ratu :”Tak kandakno kon ca” (ambek mlayu)
Sak durunge sampek metu lawang tangan e Ratu wes dibatek Keyra
Keyra :”Gadis cupu siji iki wes mulai wani, ayo dikek I pelajaran cek gak nyocot terus”
Leo :”Kate lapo iku?”
Keyra :”Gak usah melok-melok iki urusan cewek”
Bianca :(narik kudung e ratu sampek tibo-tibo)
Bianca gak ndue perasaan narik kudunge Ratu sampek tibo lan akhire pas sampek nang jeding arek
loro iku naleni tangan e Ratu. Amergo ratu jerit-jerit akhire lambene Ratu dilakban karo Keyra.
Ratu :”wes cukup, aku bakal ngandakno perbuatanmu”
Keyra :”hahahah perbuatan opo” (ambek napuk pipine Ratu)
Bianca: Awas atek aku krungu dirimu ngandakno aku, tak jamin uripmu nanges terus. Ileng kan aku
Sopo? Arek sing macem-macem ambek Bianca tak jamin gak iso bahagia”(ambek ngelakban Lambene
Ratu)
Ratu mek iso nangis nang kunu, Tangan e diiket dadi gak iso lapo-lapo. Sampek akhire Alanda lan
Riza seng nolongi Ratu.

Flasback berakhir, mbalek nang cerita semula


Ratu :”Dadi ngunu nda ceritane”
Alanda :”Iki wes kelewat batas, Rat aku bakal ngungkap kelicikane Bianca. Piye menurutmu?”
Ratu :”Niatmu apik nda, tapi awakdewe duduk sopo-sopo sampek iso ngelawan Bianca”
Alanda :”Awakmu wedi ta karo Bianca?”
Ratu :”Duduk ngunu nda, Bianca iso ngelakuno opo ae sak senenge. Nek awakdewe ngelawan
Jelas de e iso ae malah ngebully awakdewe luwih nemen.”
Riza :”Nda aku kan wes ngomong gak usah nggolek goro-goro ambek Bianca”
Alanda :”Oke intine kalian gak gelem ngewangi aku, aku iso ngungkap kelakuan e Bianca tanpaA
Bantuan kalian”
Ratu :”Nda aku selalu onok gawe amu,tapi nek ngelawan Bianca iku duduk cara sing apik”
Riza :”Rungokno omongan e Ratu nda, iku duduk cara sing bener”
Alanda :”Cukup aku bakal tetep bakal ngungkap kejahatan Bianca. Duduk aku tok seng ngalami Bully,
tapi wes akeh arek seng dadi korban. Nek kalian koncoku bakal ngewangi, tapi Saiki aku ngerti gak
onok arek seng tulus dadi koncoku”(ambek mlayu ninggalno kamar)
Riza :”Nda…”
Ratu :”Za cepet tututono Alanda”
Riza :”Nggak Rat, iki wayah e Alanda nenangno pikiran”

Seminggu berlalu Alanda tetep ngrlakuno opo seng dikarepno. Alanda mideo kejahatan- kejahatan
seng dilakokno Bianca lan Kayra. Nanging Alanda terus ngadoh tekan Ratu lan Riza.

Nang kelas…
Ratu :”Nda iki tak gawakno roti”
Alanda :”Gak usah peduli ambek aku wes ngalih o”
Ratu :”Nda, aku ngerti amu ket mau durung mangan. Engkok amu loro nda”
Alanda :”Wes gak usah sok peduli ambek aku”
Keyra :”He saiki komplotan cupu geger ya hahahah…”
Bianca :”Dasar cupu”
Riza :”Lambemu tolong jogoen”
Keyra :”Pancet ae pahlawan e si cupu, ayo ca ngaleh males aku nguasi raine wong kere”
Alanda :(dalam hati) “sepurane Rat, Za bukane aku mureng-mureng nang kalian tapi aku moh ndelok
Koncoku menderita gara-gara aku”
Sak marine Bianca karo Keyra ninggalno kelas , Alanda ngetuti tekan mburi. Dugaan Alanda bener,
Bianca lan Keyra ngebuli konco-konco e. Akhire Alanda ngevideo tekan pojok ruangan kelakuan e arek
loro iku. Tapi akhire Keyra ngerti lan Alanda mlayu dadak akhire Alanda ketangkep lan akhire hp ne
seng digawe ngerekam dijipik Bianca.
Bianca :”Aku lak wes ngomong garap en setiap pr ku, tapi saiki dirimu malah ngelamak. Ket winggi
Menghindar terus. Saiki kate ngaleh nandi kon”
Keyra :”Makane gak usah blagu. Gelem ta tak pateni ng kene terus mayatmu tak buak tekok nduwur
Sekolah, seolah olah bunuh diri”
Tini :”Sepurane, aku janji gak bakal ngulangi kesalahanku maneh. Aku janji”
Bianca :”Oke tapi resik ono sepatu iki”
Tini :(tini ambek nanges tetep ngeresik I sepatu e bianca amergo gak enek cara liyo ben gak terus
Dibully)
Keyra lan Bianca ngguyu….
Alanda :(ndalam hati)”Ambek bukti iki aku wes iso ngelaporno Bianca”
Alanda gak tego nguasi Tini dibully sampek akhire Alanda melok nangis sampek Keyra ngerti nek
Alanda lagi ngerekam kejahataan e.
Keyra :”He Alanda, wanine kon ngerekam awakdewe”
Alanda melayu…
Bianca :”Ayo ra ojo sampek Alanda ngelaporno awakdewe nang bapak kepala sekolah”

Alanda mlayu buanter sampek akhire de e gak sengaja nabrak kursi lan akhire tibo”
Bianca :”Kate mlayu nang ndi maneh kon, hahah….”
Keyra :”Makane gak usah aneh-aneh. Kon gak iso lapo-lapo saiki. Endi pangeran seng biasane
Ngewangi dirimu”
Bianca :”Wes ra jipik en hp ne”
Keyra njipek hp ne Alanda…
Bianca :”Nek kon pinggin hpmu mbalek dino sabtu jam 8 bengi jipik en hp mu nang omahku.
Nek sampek jam 8 gak teko hp mu bakal tak obong”
Keyra :”He ca bukane hari iku awakdewe onok pesta ta?”
Bianca :” Husss meneng o”

Alanda bingung piye carane njipek hp ne tanpo nang omah e Bianca. Alanda ngerti jelas onok
opo-opo nang omah e Bianca.
Nang omah e Alanda
Alanda :”Assalamualaikum, bu…. ibu”
Alanda melbu omah lan nggoleh I ibuk e, ternyata ibuk e nang kamar lagi ngelamun.
Alanda :”Bu Alanda muleh, bu”
Ibu :(mek nguasi Alanda)
Alanda :”Ibu kenek nopo, ibu kangen bapak nopo?”
Ibu alanda mek iso meneng lan nangis. Sementara Alanda merasa bersalah amergo kenangan ambek
bapak onok nang hp iku mau. Alanda gak pingin ibuk e sedih, dadi Alanda wes mutusno kate njipek hp
nang omah e Bianca.
Alanda :”ngapunten bu hari iki hp Alanda mati dados mboten saget nyetelaken video kenangan Bapak”
(ambek meluk ibuk e)
Alanda :”Bu Alanda janji gak bakal mbuat ibu nangis maneh”

Sementara nang omah e Riza, Riza cerito nang bapak e yen onok konco e seng dibully.
Bapak Riza :”Nak sampean kenek opo kok meneng ae, ket mau bapak ndelok mbukak buku tapi kok
Ngelamun.
Riza :”Mboten nopo-nopo pak”
Bapak Riza :”Za jujur nang bapak koyok e samean onok masalah. Bapak pengen sak marine kematian
Ibu Riza iso mbagi masalah ambek bapak”
Riza :”Niku pak kula nduwe kanca namine Alanda, saking pinter e de e biso enthok beasiswa melbu
Sekolah. Tapi onok konco seng syirik kale Alanda akhire bocah seng syirik iku mbully Alanda.
Nanging katah Pak seng dibully kale bocah niku, akhire Alanda pengen mbongkar kedok konco kula
niku.
Tapi kula mboten iso nulung sebagai konco. Akhire sampek saiki Alanda menengi kula.
Bapak Riza :”Nak seng dilakukno Alanda iku bener tapi de e gak ngerti resiko opo yen mbukak kedok e
Konco e iku. Nang keadaan koyok iki lebih baik sampean onok gawe Alanda, de e saiki Merasa dewean.
Temoni Alanda, Njalok sepura karo Alanda. Mungkin saiki Alanda butuh bantuanmu nak”

Wayah isuk wonten sekolah

Bianca :”Daf engkok teka lho ya. Amarga ana pesta nang omahku, aku nduwe kejutan gawe awakmu”
Dafi :”Kate nggawe rencana apa maneh awakmu?”
Bianca :”Nek awakmu gak teka bakal nyesel lho ya!”
Leo :”Aku siiap”
Keyra :”Siiap, siiap... Nek wayah e onok gratisan ae melok”

Riza teka nang kelas langsung lungguh nang bangku e

Leo :”Kapan maneh iso refresing, mariki kan yo ujian. Ayo lah Daf, pokok e melok o ya !”
Dafi :”Sak karep mu wes, nurut.”
Bianca :”Yeeee”

Riza marani galangane Bianca…


Riza :”He Bianca kenek opo Alanda gak melbu 5 dino, pasti iki kabeh gara-gara awakmu?”
Bianca :”Enak e nek ngomong. Kurang penggawean ta aku nggarai Alanda”
Riza :”Jujur ae, aku ngerti iki onok sangkut paut e ambek awakmu”
Keyra :”Heii gak krungu ta. Nek diomongi gak yo ogak”
Riza :”Nek sampek aku ngerti Alanda mok apak-apakno, awas ae gak bakal tenang awakmu"
Leo :”He nek wani ojo ambek arek wedo, ayo maju kene”
Keyra :”He Daf pacarmu saiki ditantang nang ngarepmu, tapi kok awakmu malah meneng ae”
Bianca :”Wes ora apa-apa, aku jek iso mbela awak ku dewe kok”
Dafi :”Terus aku kudu piye. Selama iki aku kejebak ambek permainanmu”
Bianca :”Daf kurang ta cintaku nang dirimu, selama iki dirimu gak pernah ngehargai perjuangan ku”
Dafi :”Yo brarti saiki putus ae, tinimbang kaya ngene"
Bianca :" kok tega se awakmu, oke saiki aku iso nelpon ibumu dan tak ceritakno nek awakmu
Mutusno aku. Gak ileng ta wong tuwa ne awak dewe wes sepakat njodoh no awak dewe,Daf."
Dafi :”Wes emboh sakarep, Ca”(ninggalno kelas)
Leo :”Daf oi enteni aku.. "(nyusul Dafi)
Bianca :”Daff…. dafff….”
Riza :”Dafi bener wes ninggalno awakmu. Wedok an koyok dirimu gak pantes dicintai. Ilingo karma jek
Berlaku”
Keyra :”wusuusss”
Bianca :”Wes bah ra ayo ngaleh” (ninggalno kelas)
Riza :”He ca nandi Alanda?

Bu Anya nakoni Riza lan Ratu amarga Alanda wes 5 dino gak melbu sekolah.
Nang kantin….
Riza :”Aku wes takok nang Bianca ternyata de e gak ngerti lapo Alanda gak melbu sekolah”
Ratu :”Aku yakin iki gara-gara Bianca. Ancene wedok an kemalan”
Riza :”Menurutku iki gara-gara rencana e Alanda wingi seng pengen ngungkap pembulian e Bianca”
Ratu :”Za ayo nang omah e Alanda, paling de e lagi mbutuhno awakdewe”
Bu Anya :”Kalian lagi ngomong apa?”
Riza :”Mboten bu, niki lho bahas Alanada ”
Bu Anya :”Oh iya…. Alanda nang ndi kok gak masuk sekolah, padal wes 5 dino. Opo Alanda gak ileng
nek bapak kepala sekolah kate nyabut beasiswa e”
Ratu :”Bu mungkin Alanda lagi sakit, mangke sonten kula kale Riza badhe wonten griya e Alanda”
Bu Anya :”Oke ngomong nang Alanda nek wes waras kon nemui ibu nang kantor, yo”
Riza :”Siaap bu”
Bu Anya :”Yo wes Bu Anya tinggal nang kantor ya!”
Riza :”Nggeh bu….”
Bu Anya nggaleh
Riza :”Rat enggko mari isya’ ayo nang omah e Alanda”
Ratu :”Iyo Za”

Mari isya’ akhire Riza lan Ratu sampek nang omah e Alanda nanging Alanda malah kate metu.
Riza :”Assalamualaikum” (ambek ngetuk lawang)
Alanda :”Waalaikumsalam”(mbukak lawang)
:”Loh kok awakmu nang kene”
Ratu :”Awakdewe kawatir ambek awakmu Nda”
Riza :”Nda sepuranee ya”
Alanda :”Wes gak usah dibahas”
Ratu :”Tapi nda lapo kok gak melbu sekolah, Bu Anya nggolek I loh”
Alanda :”Aku onok masalah nang omah”
Riza :” kate nang ndi kok macak ngunu?”
Alanda :”Sepurane aku kate onok acara, tak tinggal sek ya. Tenang ae mene aku masuk sekoah kok”
Riza :”Nda iki wes bengi, kate nang ndi se? Ayo tak terno”
Alanda :”Gak usah Za, aku wes biasa dewe. Aku wani kok, ambak an cedek gak adoh”
Ratu :”Yo wes Nda nek awakmu repot aku muleh ae ya. Nek onok masalah cerita ae gaopo”
Alanda :(nang njero ati) “maaf Za, Rat aku emoh nek awakmu melok menderita gara-gara aku. Saiki .
Nek aku gak budal aku bakal kilangan ibuk ku maneh. Demi ibuk aku gelem Nglakokno opo ae”
:”Aku budal sek ya”:
Riza :”Nda wes bengi, gausah budal. Mene isuk ae”
Alanda :”Wes Za aku wes gaenek waktu, aku tak budal”
Alanda budal….
Riza :”Nda…”

Alanda tekan wonten omah e Bianca, Alanda kaget ternyata onok pesta ngombe nang omah e
Bianca. Pas sakmarine kantuk hp Alanda kate muleh tapi Alanda dikek I Bianca ngombe alkohol.
Alanda :”Ca nang ndi awakmu caa…..”
Bianca :”Aku nang kene”
Alanda :”Wahh opo-opo an iki, gak seharuse kalian ngombe alkohol koyok ngene. Eh gak penting Ca
endi hp ku”
Dafi :”Hay Alanda” (mabuk)
Leo :”Wah iki ta kejutan e, ternyata onok gadis cantik”
Bianca :”Oke amarga awakmu teka tepat waktu tak balekno hp mu”
Alanda :”Iyo wes aku tak muleh”
Keyra :”Lololoo kate nang ndi, lagek sampek kok wis kate muleh”
Alanda :”Aku rene mek kate njipik hp tok” (ngaleh)
Bianca :”He kate nang ndi awakmu”

Bianca nggocek I Alanda lan Keyra meksa ngombeno alkohol nang Alanda. Alanda kate ngelawan
tapi gaiso. Akhire Alanda mabuk
Leo :”He awakmu lapo iku”
Keyra :”Wes meneng o ae ojo melok-melok” (ambek ngevideo Alanda seng mabuk)
Bianca :”Alanda mati kon, mene video iki bakal dadi senjata ku cek koen gak wani ngelawan aku,
maneh”
Keyra :”Ca wes beres, terus Alanda piye”
Leo :”Kene tak beresne”
Dafi :”Alanda urusanku, se aku ae”
Bianca :”Keterlaluan Daf, awakmu nganggep aku opo?”
Dafi :”Huuusss minggiro”
Bianca :”Oke nek iku seng mok pingini”

Dafi nggawa Alanda ke kamar Bianca lan nglakokno perbuatan bejat.


Bianca :”Ra kirim video iku nang sosmed”
Keyra :”Oke siiap ca”
Leo :”He wes gendeng ta awakmu”
Keyra :”Gak usah nyacat, pokok mene berita iku bakal viral. Hahahah”

Sementara Riza lan ratu kwatir, akhire Riza nang omah nyeritakno masalah e Alanda nang Bapak e
Riza :”Pak mau pas aku ambek Ratu nemui Alanda koyok e Alanda bingung, terus kate teka ana nang
acara”
Bapak Riza :”paling yo Alanda kate tuku panganan”
Riza :”Gak mungkin pak”
Ratu :”Jangan-jangan onok hubungane ambek Bianca”
Riza :”Pak aku wedi, ayo nang omah e Alanda”

Akhire wong telu iku nang omah e Alanda tapi nang omah e mek onok ibuk e Alanda. Ibu e Alanda
bingung amarga wes bengi Alanda durung muleh.

Nang omah e Alanda….


Riza :”Assalamualaikum, Nda….”(ngetuk lawang)
Bapak Riza :”Za kok sepi paleng wes turu’
Ratu :”Za piye iki, aku kok kawatir ya”
Riza :”Koyok e lawang e gak dikunci, ayo melbu ae”
Bapak Riza :”Nak gak sopan melbu omah e uwong, opo maneh saiki wes bengi. Engkok ngirahne seng
Gak-gak”
Riza :”Tapi pak, Alanda luwih penting”(melbu omah e Alanda)
:”Nda..Alanda”
Ibu Alanda :”Kaian sapa nak”
Riza :”Kula kanca sekelas e Alanda buk lan niki Ratu, niki bapak kula”
Ibu Alanda :”Oh awakmu kanca e Alanda, tapi Alanda durung mulih. Ibu ket mau wes nelfon bulak
balik tapi hp ne Alanda mati”
Riza :”Bu Alanda kala wau badhe ten pundi?”
Ibu Alanda :”Jere mau Alanda kate nyalin catatan e konco e, amarga wingi gak masuk sekolah”
Ratu :”Tapi bu konco e Alanda mek kula kale Riza”
Ibu Alanda :”Ya allah terus anak ku nang ndi ya”
Bapak Riza :”Sabar bu, kula bakal nggolek I Alanda sampek ketemu”
Riza :”Rat amu nang kene ae ya, ibu isih kawatir awakmu jaga ibu ae ya”
Ratu :”Iyo Za”

Riza lan bapak e metu nggolek I Alanda….


Bapak Riza :”Nak amu yakin Alanda nang omah e Bianca”
Riza :”Nggeh pak, Riza yakin”
Bapak Riza :”Iyo ayo rono”

Sakwise tekan nang omah e Bianca, Reza lan Bapak e kaget nang ruang tamu ternyata Leo,Bianca
karo Keyra turu lan akeh botol alkohol.
Bapak Riza :”Astagfirullah nak, iki konco-koncomu ta?”
Riza :”Nggeh pak”
Bapak Riza :”Terus Alanda nang ndi?”
Riza :”Nda…. Alanda” (ambek masuk ruangan)
Dafi teko karo keadaan mabuk
Riza :”Daf Alanda nang ndi?”
Dafi :”Iku nang njero” (melbu kamar e Bianca)
Bapak Riza :”Nak onok opo, kok nangis”
Riza :”Pak wes telat, Alanda….” (ambek nangis)
Riza lan bapak e nggowo Alanda muleh nang omah e

Esuk e
Alanda :”kok sirahku ngelu ya” (ambek iling-iling kejadian wingi bengi)
:”gak mungkin, gak mungkin” (ambek nangis)
Ibu Alanda :”Nda kok nangis”
Alanda :”MBoten kok bu, niki lo mripat Alanda perih”
Ibu Alanda :”Nak kancamu Riza baik ya, wingi riza ambek bapak e sing ngeterno mulih. Jere wingi
awakmu keturon nang omah e Bianca”
Alanda :(nang atine) “Alhamdulillah ibu gak ngerti. Ibu gaoleh ngerti”
Ibu Alanda :”Nda ayo sekolah nak wes 5 dino loh awakmu gak melbu sekolah”
Alanda :”Nggeh bu”
:(nang atine) “demi ibu aku gak oleh ketok sedih, aku kudu kuat”

Alanda budal nang sekolah tapi pas Alanda mlaku setiap murid-murid podo nguwasi Alanda karo
ngomongno Alanda.
Alanda :(nang ati)”lapo se kabeh podo nguwasi, opo onok seng salah”
Alanda sampek nang njero kelas
Bianca :”Wahh iki seng nggarai nama sekolah elek”
Keyra :”Kok gak isin yo sekolah barang”
Riza :”Heiii ojo kakean omong”
Ratu :”Kene nda ayo lungguh”
Sak kelas murid-murid podo rasan-rasan lan nang kunu Dafi meneng ae wajah e ngrasa bersalah.
Alanda :”Rat lapo ket mau arek-arek nang sekolah podo nguasi aku kabeh”
Ratu :”Gak onok opo-opo kok nda”
Keyra :”Wahhh gak ngerti video seng lagi viral ta?”
Riza :”Wes meneng o, iso njogo lambemu gak se”
Alanda :”Za aku nyelang hp mu”
Riza :”Aku gak nggowo hp nda”
Alanda :”Terus iki opo seng mok cekel” (ambek ngerebut hp nang tangan e Riza)

Alanda kaget lan nanggis amergo video seng mabuk wes kesebar nang sosmed. Moro-moro Bu Anya
teka.
Bu Anya :”Alanda ayo melok ibuk nang ruang kepala sekolah”
Nang ruang kepala sekolah
Pak kepsek :”Alanda awakmu ngerti se, lapo bapak kok nimbali nang kene?”
Alanda :”Pak Alanda saget njelasaken”
Pak Kepsek :”Cukup, iki bapak ndue surat gawe awakmu”
Alanda :(moco surat) “Tapi pak… Alanda mboten nduwe duet gawe mbayar sekolah. Pak Alanda janji
Gak ngulangi kesalahan Alanda maneh tapi pak, ojo cabut beasiswa kula”
Pak kepsek :”Aku nyesel wes ngekek I beasiswa nang awakmu Alanda, bapak kecewa wes terlalu
percaya nang Alanda”
Alanda :”Pak kula saget njelasaken”
Pak Kepsek :”Cukup, saiki metu o”

Alanda metu ruang kepsek ambek frustasi lan pas tekan tangga Alanda kepikiran bunuh diri lan de e
nulis surat nang kertas “bu maafno Alanda durung iso nggawe ibu bahagia” . Alanda ngetokno pesmes
nang tas e lan akhire Alanda nugel nadi tangan e dewe.

Kejadian dilanjut nang pemakaman e Alanda.


Ibu Alanda :”Nda kenek opo dirimu bunuh diri. Kenek opo Alanda gak tau gelem cerita masalah nang
Ibu”
Ratu :”Bu Alanda sayang banget ambek ibu, mungkin Alanda gak gelem nambah beban nang ibu”
Riza :”Daf lapo nang kene, wes puas ta?”
Ratu :”Wes za, iki pemakaman e Alanda. Ojo nggawe keributan nang kene”
Bu Anya :”Bu tolong rahasiakan nek Alanda bunuh diri gara-gara beasiswa e dicabut”
Ibu :”Aku akan tuntut sekolah”
Bu Anya :”Bu sekolah bakal ganti rugi”
Ibu Alanda :”Duwik gak cukup gawe ngganteni anakku”(ambek nangis)

Pemakaman berakhir lan ibu Alanda nuntut kematian Alanda nang sekolah
Ruang kepsek
Ibu Alanda :”Pak gara-gara bapak aku kehilangan alanda. "
Pak kepsek :”Ngapunten bu, kesalahan seng digawe Alanda pun diluar perkiraan kita”
Ibu Alanda :”Kesalahan opo, aku yakin ambek putriku”
Ibu Anya :”Sabar bu, niki video seng sempat heboh wonten sosmed."

Ibu Alanda nangis ndelok anak e nang video iku


Ibu Alanda :”Opo kalian percoyo koyok ngunu ae amarrga video iku. Aku yakin ambek Alanda,
Aku bakal mbuktekno yen putriku gak salah”

Ibu Alanda mulih nang omah e lan nemokno klambi seng onok getih e. Ibu Alanda nangis lan
ngeroso nyesal gara-gara gak iso ngewangi penderitaan e anak e.
Sementara iku nang omah e Bianca, moro-moro Bianca diketok I Alanda.
Nang kamar e Bianca
Bianca :”Alhamdulillah Alanda mati, saiki wes gak enek pelakor nang hubunganku ambek Dafi”
Braakk….
Bianca :”Sopo iku, biii”
Bianca tanggi lan nggolek I suara iku ternyata pas malik ternyata onok penampak an e Alanda’
Bianca :”Nda sepurane, aku salah. Aku bakal ngomong nang kepala sekolah nek aku seng sering
mbully awakmu."

Alanda mulai maju terus sampek nang pinggir cendela


Roh Alanda :”Saiki wayah e awakmu mati”
Bianca :”Ampun nda.... Ampun "
Roh Alanda nekek gulune Bianca lan akhire Bianca mati nang panggonan iku.

Nang sisi lain Keyra nang dalan kate tuku panganan.


Keyra :”Kok tumben sepi”
Ssstttthhhh
Keyra :”hm… sopo, ealah wes tak mbalik muleh ae”
Ternyata Roh Alanda nekani Keyra
Keyra :(kaget) “Alandaaaaaa... ”
Sangking kaget Keyra mlayu banter lan gak nguasi yen onok peda montor liwat. Akhire Keyra mati
ketabrak peda montor.

Akeh berita yen roh e Alanda gak tenang akhire roh Alanda gentayangan lan mateni konco-konco e
seng tau jahat karo Alanda. Situasi nang ruang kepala sekolah….
Bu Anya :”Pak ujian sampun cedek, wes wonten 3 kematian. Berita tekan murid-murid arwah Alanda
mboten tenang sampek akhire nggolek konco”
Pak Kepsek :”Bu ojo sampek sekolah iki tercemar elek maneh”
Bu Anya :”Pak luwih apik yen nyeluk dukun ae”
Pak kepsek :”Kula terserah bu, pokok e murid-murid biso nggarap ujian sing tenang.

Dukun mulai ritual nang sekolah lan ngekek I 3 sajen supaya roh Alanda gak gentayangan nang
sekolah mane. Sementara iku Riza gak setuju karo sajen kuwi lan Riza protes nang bu Anya.
Riza :”Bu sajen niku musyriik, gak seharuse ibu ngundang dukun wonten sekolah mriki.Seharuse kita
Ngadaaken pengajian”
Ibu Anya :”Wes za ibu bingung, pokok e ibu mek pingin supaya arwah e Alanda gak ganggu
murid-murid sing kate ujian”

Nang lapangan sekolah Dafi ngerasa bersalah


Leo :”Daf ngaku ae, Bianca ambek Kayra wes mati. Saiki karek awakmu sing kate diincer Alanda”
Dafi :”Gak mungkin. Aku iso ae ditokno tekan omah nek aku jujur, terus sekolah jelas wes gak gelem
nerimo aku. Gak yo, kurang diluk engkas ujian terus aku pindah nang Australia melok papaku”
Leo :”Tapi daf”
Dafi :"Iyo wes aku saiki pingin dewe”
Leo ngaleh lan moro-moro onok tangan seng njawil Dafi tekan mburi.
Dafi :”yo ngalih o”(ambek noleh nang mburi)
Ternyata gak onok opo-opo.
Roh Alanda :”Daf piye kabarmu?”
Dafi nguasi mburi, Roh Alanda mulai nyedaki Dafi
Dafi :”Aku gak wedi ambek awakmu nda,” (ambek nggetokno bawang putih seng wis disiapno)
Dafi nang omah”
Roh Alanda :”kali iki awakmu selamat, tapi mene awakmu gak bakal”

Ujian wes mari lan murid-murid lulus ambek biji seng apik. Akhire perpisahan sekolah
dimulai .Pas perpisahan moro-moro Roh Alanda metu lan kate mateni dafi.
Roh Alanda :”Daf saiki wayahmu mati”
Dafi :”Ampun nda, ampun (ambek nagis)
Ratu teko…
Ratu :”Nda awakmu duduk wong jahat. Alanda seng tak kenal duduk Alanda sing nduwe sifat dendam.
Nda gak onok manfaat e awakmu mateni Dafi”

Roh Alanda nekek gulune Dafi lan gak nggatekno omongan e Ratu.

Nang omah e Riza pas lagi ngaji ambek bapak e, moro-moro cendela omah e mbukak nutup dewe.
Riza :”Astagfirullah, pak onok opo iki”
Bapak Riza :”Iki pertanda elek za”
Tut tuttt tuuutt
Riza :”Kenek opo Ratu nelfon”
Riza ngangkat telfon terus diceritani Ratu yen Roh Alanda nang sekolah kate mateni Dafi.
Riza :”Pak ayo nang sekolah Roh Alanda kate mateni Dafi”
Bapak Riza :”Ayo nak,awakdewe nyusul ibuk e Alanda ndisek”

Akhirnya Riza lan bapak e tekok nang sekolah. Ibu Alanda nyoba nglerekna Alanda seng kate mateni
Dafi.
Ibu Alanda :”Nda iki ibu nak, ibu gak moreng-moreng kok nang Alanda. Alanda duduk arek jahat. Ayo
nak uculno Dafi”
Roh Alanda mek nguasi ibuk e ambek nangis, Akhire bapak lan Riza moro.

Ibu Alanda :”Ibu seng seharuse njalok sepuro, gara-gara ibu sing terlalu sedih berlarut-larut
Gara-gara kematian bapak akhire ibuk gak tau ngurusi Alanda”
Roh Alanda :”Ibu gak salah, ibu janji ya gak bakal nangis maneh, Za rat suwun ya wes ngewangi aku.
Rat tolong jogoen ibu ya
Ratu lan Riza :”Iyaa nda”(ambek ngguyu lan nanggis)
Ibu Alanda lan Alanda berpelukan ambek ngguyu, akhire Alanda pergi nang alam e.

TAMAT

Anda mungkin juga menyukai