Ani masuk dengan membawa plastik kresek hitam, sesaat melihat simbah kemudian mendorong
kursi roda dipindahkan ke sudut panggung yang lain, dekat jendela.
Ani : wonten mriki nggih mbah? Supados radi anget pikantuk sinar matahari, sae kagem
kesehatanipun simbah, sawangan saking mriki ugi nyenengake mbah ...... Ani pamit
rumiyin ngih mbah, ngeteraken pesenan ayam goreng damel bu RW ...... mangkih
tiyangipun ndak selak kesah ....
Simbah terdiam hanya memberikan isyarat dari gerak tanggannya, Ani keluar
Sari : mbak .... mbak ani ..... aduh ... wes aduh meneh..... sambele ketinggal .... wes kaping
kaping lo mbak Ani kuwi lali babagan sambel, kamongko konsumen kuwi marem
ngrasake ayam goreng naliko nganggo sambel ...... la iki malah ditinggal sambele .....
duhhh ..... kamongko bakulan onlen yo lagi timik timik mlaku, la yen durung durung
kok gawe konsumen kuciwa kuwi kan njur bahaya kanggone usaha to ..... awake
dewe kuwi lagi berjuang kanggo golek langganan .......
Ani menuju dapur kembali, beberapa saat kemudian masuk lagi dengan membawa sayuran untuk di
olah
Sari : Rin, rini ... tangi ! .....cah wedok kok keblog ! .... arep turu nganti jam pira ? eh ...
mbah .... obatipun sampun dipun unjuk? .... mesti dereng to.......
Sari menuju kamar mengambil obat, beberapa saat kemudian kembali dengan membawa obat dan
air putih, lalu meminumkan pada simbah
Sari : Simbah ampun kesupen ngunjuk obate ...... la mangkeh mboten mantuk mantuk
gerahe ...... menawi kok kula menapa mbak Ani kesupen maringi obat, panjenengan
ngemotke, menawi simbah kok mboten gelem ngendika, paring kode kemawon
kados biasane ..... nanging ampun kaliyan si Rini, cah keset niko, la deweke mboten
bakal nggagas mangkih. panjenegan nggih klentu kok mbah, rumiyin naliko simbah
tasih sehat, Rini digadang-gadang terus, dimanja ..... napa napa dituruti .... la sakniku
... dados keset .... tur atos bocahe .....
Rin ... tangi ! sampun padang ndoro ayuuuu !!!! keblog tenan !
Sari : delok ke njaba !, wes padang njingglang ngono ..... cah wedok kuwi tangine ora awan
– awan, ora ilok !
Sari : Arep napa? Akeh seng kudu dilakoni, resik resik omah, mbantu nang dapur masak,
ngopeni simbah .....
Sari : ora ngandel ..... paling ya mung youtuban karo autis medsosan ......
1
Rini menuju kebelakang
Sari : bocah kok yen ora disuarani mung ndableg, gaweane mbakyumu ki akeh, mbok ya
mbantu ora ketung mung sitik, syukur-syukur ngrewangi bakulan
Rini : bakulan kuwi kan wes diniati to mbak, la mbok sing iklas le nglakoni, ora mung
nggrundel .... ben berkah .....
Sari : bakulan kan ya nggo uripe aweke dewe to ...... arep mangan karo apa yen ora
bakulan?!
Rini : ah... sak karepmu kono mbak arep ngomong opo, aku kuwi ora bakat yen kon
bakulan ngono, lan aja dipekso aku kudu ngrewangi masak, mengko malah bakulane
sampeyan ora payu, wong ya angger aku ngrewangi masak sampeyan karo mbak Ani
ya mung nyacat, ora kebeneran terus... yawes ... teko tak fokus sekolah sik.... sapa
ngerti sesuk aku bisa dadi wong sukses ora seko bakulan
Sari : aamiiiinnnn ...... karepku ya ngono kuwi, aku melu seneng yen pancen cita-citamu
kuwi kasembadan, nanging sak durunge kekarepanmu kuwi kasembadan tenan, apa
salahe to prihatin sik?!
Sari : wes, njawab wae terus! suwe suwe tak kapruk panci tenan ......kae disapu jogane !
Rini : jajal mbah, biyen yen jogan omahe iki dikeramik, ra bakal nyapune rekoso koyo
ngene, tur mesti ora mablug.
Rini : mbah ........ bangunan omah iki wes pirang suwe ya? .... biyen omah iki seng
mbangun mbah buyut, ya wes bisa disebut cagar budaya, wes luwih seko 100
tahun .... sakjane kuwi ya mbah, mesti ana seng salah karo lelakune seko garis
keturunane mbah buyut, ngerti dewe ta, biyen kuwi mbah buyut lurah seng kondang
lan disegani, sawahe amba, omahe ya paling gede sekampung nalika kuwi .... la kok
saiki kahanan wes kuwalik, tinggalan sawah ya wes entek, omah kawit biyen yo isih
koyo ngene, kurang bejane ambruk yen reng karo usuke nduwur kae ora ndang
diganti .......
Mbah ......... la mung simbah je seng ngerteni Rini, mbak Rini karo mbak ani anane
mung sedal sedul wae, uripe kayene kok kemrungsung ......
Sari : mung nyapu kaya ngono diselake njupuk wedang lak ya bisa to?
Rini : nglakoni apa-apa kuwi kudu fokus mbak, aja disambi-sambi ben hasile maksimal.
2
Sari : kahanan kaya ngene kok ya isih ngajak guyon ! Rin, misale kowe ora gelem
ngrewangi masak, apa salahe to kowe mbantu masarke bakulane mbakyumu, lewat
onlene, gaweanmu kan mung dolanan HP to ?
Rini : genah HP mung siji diceneng rana ceneng rene gawe gantian kok, le arep fokus
masarke ya kepiye .....
Datang Bu Romlah
Romlah : kulanuwun mbah .... nuwun sewu lo mbah ..... kulo mboten salaman .... corona .....
Romlah : wes ra usah do salaman ya ...... ah .... sumpek, maskerre rausah tak nggo, angger
pada tetep njaga jarak lo .......
Romlah : njagong tetep adoh-adohan lo ya ....... wes ra usah nggawe wedang barang ..... to the
point wae ..... aku ora pengen suwe-suwe ..... Ani nangdi ?
Romlah : dagangan ?
Romlah : wah ... la aku perlune karo Ani je, seng bisa tak ajak rembugan ..... yen mung karo
kowe, apa maneh kok Rini lak ya percumah to ...... iki sakjane ya urusane karo
simbahmu, nanging simbah lak ya wes angil ngendika to?
Sari : nuwun sewu ..... sekedap ........ Rin .... simbah gawanen nang mburi, apa diajak
mlaku-mlaku .....
Romlah : njaga ati wong tua kuwi pancen utama, ben umure dawa ..... nah luwih becik meneh
yen urusane wong tua kuwi dibereske ....
Romlah : ello .... isih takon? Makane aku pengen ketemu karo mbakyumu, Ani, sing luwih
ngerti urusan iki ...... apa ya ora crita karo kowe si Ani?.
Sari : nggih Criyos ..... nanging napa salahe tanglet malih supados luwih paham ...
Romlah : halah ... dipahamke ya tetep ora bakal dirampungke karo kowe to urusane ?
Sari : Hapenipun dibeto mbak Ani .... menawi Hpne dibeto kulo nggih sami mawon mboten
saged nelpon Mbak Ani, wong njur mboten mbeto HP deweke
Romlah : ngomong wae Hpne mung siji, gawe gantian, mung rep ngono wae mbulet
omongane
Datang Ani
3
Ani : loh ... wonten Bu romlah to ...... sampun wau ?
Ani : Alhamdullilah bu, nggih dereng rame, nanging sampun mlampah damel harian bu.....
Romlah : yo tetep kudu ora oleh diendani to?... kuwi tanggung jawabmu.
Romlah : yen mung dipikir ya ra bakal terus lunas, kudu nglumpukke dhuwit mbuh piye carane
....
Ani : nggih bu ... nggih ... niki kulo lan adhi-adhi kulo nembe nata usaha .... tasih wonten
wedal tigang wulan to bu?
Romlah : jare sapa ? aku mrene iki ya mergo kuwi, aku kahanane wes kepepet, ora mung kowe
seng iso kepepet, juragan koyo aku ya tetep bisa kepepet butuhan, wong pancen
mergo pandemi wabah corona iki marai simpenanku yo asat, ora ono penghasilan,
tagihan mrono-mrene yo seret kabeh ..... la aku mrene iki mung arep menehi alarm,
ora kudu saiki, nanging seminggu sesuk sak cilik-cilike separo utangmu kudu siap
dibayarke ....
Ani : seminggu bu .... duh ... la awrat meniko .... rumiyen panjenengan sampun janji to,
paring wedal setahun
Romlah : kuwi biyen, naliko seserahan warunge simbahmu seng kasile yo ora sepirakno kae
kanggo mbayar utang seng 20 juta, turahane isih 10 juta, pancen tak wenei wektu
setahun, sak iki wes ngancek 9 sasi, kudune yen kowe wes mulai lumpuk – lumpuk
kawet biyen, ndara saiki aku njaluk 5 juta wae mesti bisa? Aku kuwi kepepet ... seng
tak jaluk ora 10 juta ... mung 5 juta .....
Romlah : la piye to ...... sangang wulan opo ora ono usaha nyicil nyimpen duit
Ani : la bade nyisihke kados pundi, la wong damel nyukupi kebutuhan pangan mawon
tasih kirang, napa malih kahanan nembe kados ngaten
Sari : Bu romlah, sampun tigang wulan kepungkur mbak Ani dipun lereni saking pabrik,
nembe sewulan meniko njenggelek usaha dodolan matengan online. Mbok nyuwun
dipun paringi wedal malih
Romlah : wis ... rausah ngombro-ombro ... ra apik kesuwen namu .... aku mulih sik ......
seminggu aku mrene meneh ....... kurang apikan piye aku, biyen kepekso aku njupuk
warunge sembako simbahmu, nyatane yo sakiki tak gawe bakulan ora mlaku , kae
malah mangkrak ora iso gawe bakulan ..... seminggu meneh aku mrene ....
Romlah keluar
Sari : mbak
4
Ani : wes menengo sik .......
Sari : wes ora ono simpenan meneh ya mbak ? ora ono seng bisa di dol meneh?
Ani : wes kuwi mengko tak pikire aku ..... kowe rausah melu mikir seng nemen-nemen .....
rewangi wae anggone bakulan onlen .... mugo-mugo rame lan lares
Rini : wes mulih rentenir mau mbak ....... napa? Nagih ? durung wancine to mbak ....??
Ani memberikan kode kepada Rini untuk diam, ani melihat simbah lalu diam
Ani : kerja apa? Aku wae dipecat seka pabrik amergo kudu pengurangan karyawan kok, iki
kahanane wes sansaya rekasa.
Sari : bantuan pemerintah kuwi ya mung piro? Kuwi wae mbuh mudun opo ora .... butuhe
kuwi duit akeh .....
Sari : arep kerja apa kowe, sinau sik .... kon rewang-rewang ngomah wae durung becus!
Rini : njur rumangsane aku njur ora iso nyambut gawe mbak ?!
Ani : monggo .... eh ... mbak surti ... mbak atun ...... pinarak mbak .....
Surti : nganu dek ..... iki ngene ........ (kepada Atun) kowe wae lah seng ngomong ... aku kok
ora tekan .....
Atun : mau wes perjanjian to ... sampeyan seng arep ngomong ..... sampeyan kuwi seng
luwih mudeng lan ngerti Ani, Sari, Rini kawit cilik .... yen aku seng ngomong yo kliru
kok
Surti : nganu dek .... nanging sak durunge aku njaluk ngapuro ..... iki mau kok nnaliko aku
lagi ngobrol nang ngarep omah karo Atun, dumadakan kok ono tamu, sekilas kuwi
aku koyo koyo tahu weruh ... nanging sopo aku ya lali ..... la naliko keprungu suarane
kok njur aku ....... (kepada Atun) kowe wae lah seng ngomong, aku kok ora tekan ....
Atun : aku kuwi sakjane ya ora patio paham, mung ngerti seka crita wong wong .....
sampeyan wae lah
Surti : naliko aku keprungu suarane ... aku lagi kemutan ...... tamu kuwi ibumu dek ......
5
Atun : iya bu Nariyah ...... aku ya pangling, wong wes 15 tahun ora ketemu
Surti : saiki isih nang ngomahku, dikancani karo bu RW, amargo durung wani kanggo mulih
ono ing ngomahe dewe mrene .....
Sari : napa ora wani mbak, wes tak paranane ...... ayo Rin
Ani : Sari, Rini ....... ora usah kowe pada grusa grusu kaya ngono ..... kanggo apa marani?
arep ora mulih yo ben wae! ra usah metu!
Rini : lo mbak, kuwi ibune awake dewe mbak .... 15 tahu ora ketemu ......
Ani : aku ora duwe ibu seng minggat karo wong lanang liyo, ninggal Bapak, Simbah lan
telu anak-anake seng isih cilik-cilik !
Ani : Sampeyan ra usah melu melu mbak, sampeyan ora ngerti piye larane lan rekasane
keluargaku, merga wong seng ngakune ibu nanging nelantarke anak-anak lan
keluargane !
Surti : aku mung nggowo pesen dek ....... ya muga muga sampeyan kabeh gelem iklas
nampa ibumu mulih ana ing ngomah iki, ibumu dewe ya wes abot arep teko ana ing
ngomah seng wes 15 tahun kepungkur ditinggalke .... nanging .... mbok menawane
kangen marang anak seng marahi ibumu kepengen mulih mrene .....
Rini : mbak .... deknen ibuke awake dewe ..... kudu tetep di regani .....
Sari : pancen abot mbak ...... nanging ora kepenak karo wong-wong yen nganti sak
kupenge masyarakat kene ngerti ....
Ani : kono ... kowe sak keloron yen isih ngakoni deweke ibu, nanging ojo mekso aku, ora
bakal aku gelem ngakoni ! naliko kowe kabeh ditinggal lungo, kowe isih pada cilik
cilik ..... aku wes umur 10 tahun naliko kuwi, dadi aku wes nalar, bisa ngrasake kepiye
larane atine bapak, ngrentes nganti tekan sedane, ibu seng medot umure bapak !
piye loro ati lan rekasane simbah nggedeke awak dewe ..... kok wanita kang ngaku
ibu kuwi luwih tengeng marang godane wong lanang liyo, terus longo ninggalke
keluarga !
Sari : kabeh manungsa duwe salah mbak ..... ngapuranen ibu mbak ......
Nariyah : aku pancen ora bisa disebut ibu ..... seng wes ninggal lan nelantarke anake dewe
6
Ani : napa sar? Kowe pangling ta? la iyo, deweke lungo seko ngomah iki nalikone kowe
isih umur limang tahun, opo meneh kowe Rin, mesti ora kenal, umurmu lagi 2
tahun !
Nariyah : nanging sampeyan kabeh kuwi anakku, lahir seko wetengku .... aku kangen nduk
Ani : wes .... rausah dolanan sandiwara meneh .... mesakke simbah..... sari, rini,
mundur .... arep pada milih aku dadi mbakyumu seng tahunan karo simbah momong
kowe, opo milih wong seng ngaku ibu nanging seng gawe sengsarane keluarga?!
Nariyah : (menangis) pancen nduk, ibu pancen salah, ibu sak asor asore wanita, nganti arep
mulih wae abot rasane, isin sejatine ...... ibu nalika kuwi wis kliwat blereng marang
godane wong liya, jebul ibu mung kanggo dolanan, seng ngakune wong sugeh jebul
mung supir .... ibu isin yen terus kudu mulih bali ono ing ngomah ...... aku pancen
salah lan dosa, marang bapakmu, sampeyan kabeh, lan simbah .... aku durung lego
yen durung njaluk pangapuro
Ani : ora usah etok etok ..... aku lan adi adiku lagi susah... ora usah gawe tambah pikiran
meneh ! wes mumpung ono bu RW, menika wonten tiyang ingkang damel mboten
nyaman warga bu RW, monggo dipun tindak .....
Bu RW : dek ....... mbok ayo do dirampungke kanti becik, njagong sik ben atine adem ...... aku
ngerti iki abot, nanging arep piye meneh ....... iki wes dadi suratan takdir ..... mesti
ono hikmah seng bakal ditemoni mengko
Tiba-tiba Simbah bergerak gerak dan mencoba bicara dengan tidak jelas .....
Nariyah : Ibu .... kula nyuwun pangapunten .... kula lepat ....... kula ingkang damel goro goro ....
mugi panjenengan kersa paring pangapunten .... semanten ugi mas pram bojo kulo
ingkang sampun damel kuciwa ......
Rini : simbah tansah criyos, bapak sedha mergo ngrentes dipun tilar ibu, naliko anak-anak
tasih lare ..... bapak dados sok mabuk mabukan, simbah tansah nangis nampi
kahanan kados ngaten, ngantos bapak sedha amargo sakit liver naliko umur kulo
tasih sekawan tahun
Nariyah : mas pram aku njaluk pangapuro mas .... panjenengan pria becik, nanging amargo
tumindakku, kabeh kahanane dadi bubrah ..... (menangis) ......
Ani : Kabeh kuwi yen getun mesti nang mburi .... kabeh wes gebacut, arep dikepiyeke wae
atiku wes kliwat lara, nganti anak kok bisa tukul roso benci lan dendam marang wong
tuane ...... kuwi mesti ono seng kebangeten .......
7
Nariyah : ibumu iki pancen kebangeten nduk ..... sepurane nduk ...... ibu ngerti, iki ora bisa
bakal ngleremke atimu kang wis kebacut jengkel marang ibu, nanging .......
(menangis )
Bu RW : ani .... leganono atine ibumu ..... sawangen adi adimu ... wes bisa nampa lan karep
ibumu bali dadi siji, simbahmu ..... menawane bisa ngendiko mesti .....
Ani : mesti bakal misuhi lan nundung lungo wanito puniko bu ...... kula ingkang mangertos
kadospundi rekasane simbah nggulo wentah kulo lan adi adi ..... ngantos sak
meniko .... panjenegan persani kiyambak bu RW .....
Bu RW : ya aku ngerti kepiye rasane atimu ..... iki pancen urusan ono ing njero keluarga kene,
nanging minangka seng di percaya karo masyarakat gawe nata lingkungan, aku ora
kepengen ono geger gegeran nang sak kupenge lingkungan kene .... yen bisa
dilantara supayane rembugane kepenak, masalahe ya bisa di rampungke, ya aku
mung bisa ngrewangi ......
Ani : kula niki nembe ketiban alangan bu, la kok malah ditambah kalian ketekan tiyang
ingkang mboten dikarepke, napa mboten tambah mangkel bu ?
Nariyah : yen pancen baliku ono ing ngomah kene ora di karepake karo anak-anaku, ya wes,
aku pamit nduk, aku wes rodo lego bisa nyawang anak-anakku lan nyikep sukune ibu
morotuo kang wes tak larani lan ngruwat anak-anakku .......
Surti : dek Ani ..... sampeyan kudu jembar pangapurane, dikepiyekke wae kuwi ibumu
Atun : wes ... sampeyan ra usah melu-melu sek, ben dilerem bu RW .......
Bu RW : An ....
Ani : Rini, Sari ....... pilih salah siji, aku apa wanita iki seng ana ing ngomah kene !
Nariyah : pancen kudune aku wes ora pantes ono ing ngomah iki, sepurane nduk, aku malah
gawe sampeyan kabeh tambah susah .... aku pamit nduk ..... mugo mugo sampeyan
kabeh bisa urip sing kepenak, ben ibumu iki lakoni kasile seko laku jaman biyen seng
wes ora bener ...... ibu pamit nduk .... kulo pamit bu ......
Sari : lenggah rumiyin, mbak Ani tiyang sae, dhukane mbak Ani kulo yakin mangkih bade
menep ..... ibu kedhah luwih sabar ....
Nariyah mengelus kepala kedua anaknya, lalu keluar. Rini duduk di kursi
Bu RW : ya wes Ani, Rini, Sari .... aku ora bisa nyampuri seng dadi urusan keluarga iki kanti
jero ..... aku pamit ya ..... ayo ibu ibu ... mulih sik .....
8
Suasana masih lengang
Sari : Mbak .... aku yakin Rini mesti bakal nusul Ibu, pancen 15 tahun awake dewe ora
kambon karo gulo wentahe ibu, nanging rasa iki ora bisa selak, kae tetep ibune
awake dewe..... mbak ... mumpung ibu durung adoh mbak ..... lereni jengkelmu
kuwi .... ngapuranen ibu mbak ...... mbak .....!!
Ani menatap dengan nanar ...... lalu melihat kesimbah, kemudian berlutut dipangkuan simbah
Ani : Nuwun sewu mbah ..... nuwun sewu menawi kulo lepat ..... nanging ati kulo sampun
kliwat loro mbah, dereng saget nampa ..... simbah ampun dados saya ngrentes ....
Ani ingkang bakal tetep ngruwat simbah ..... nanging menawi simbah kok ngersake
ibu wangsul wonten ing nggriyo mriki, kulo manut dawuhe simbah .... kulo tansah
ngeman simbah .... kulo ugi ngeman adi adi kulo ..... misalipun simbah saged
ngendiko ..... kulo bingung mbah ..........
***
Naskah ini ditulis pada 2020, dipentaskan pertama kali oleh Teater Infus Magelang