Anda di halaman 1dari 11

“Tangga Tunggal Gedheg”

Penulis naskah : Yuni Herawati


BABAK 1 ( Jalan Desa )
Penduduk : Maling ….maling,………
Maling 1 : He,… yok opo iki awak dewe wis dikepung penduduk
Maling 2 : Nek wis ngene iki carane yo tawur
Maling 1 : Tawur…??? Gendeng koen awak dewe iki mek 3 lah musuh wong sak
kampong
Maling 3 : Lha iyo ,… yek opo carane,??? Sing onok awak dewe iki malah ajur kabeh,
… asu koen iku
Maling 2 : Maling kok wedi mati coy………….. nyalimu endi?
Maling 1 : Nek mati temen lakyo sara lho!!!!
Maling 2 : Halah, wis gk ngurusi! Ayo maju…….
Penduduk 1 : Heh, maling… jo mlayu koen! Reneo tak gepuki koen!
Maling 2 : renea tak enteni!
(tawuran)
Maling 1 : hahaha,……. Modelmu ae kate nantang aku?!?!? Koen gak ngerti aku
sopo??
Penduduk 1 : aku ngerti sopo koen,…. Koen iku maling sing sering nyusahne warga kene.
Maling 1 : hahaha ,.. goblok!!! Kenalno iki, jarwo pemimpin maling sing nguasai desa
iki, hahah,….
Penduduk 1 : maling ae bangga,……. Sing modele kaya awakmu iku penyakite
masyarakat.
Maling 1 : terus..???
Penduduk 1 : kudu disingkirna,..!!
Maling 1 : iwak ati rasa keju, lalapane sayur bayem,…… lek wani ayo maju, gak usah
kakean cangkem!!
(tawuran)
Penduduk 2 : kolang kaling digawe buko tambah sego
Maling 2 : artine,…????
Penduduk 2 : maling ndang bongko mlebu neraka
Maling 2 : cethek geni karo sapi ompong,… lek pancen wani gak usah kakean omong
Penduduk 2 : jangkrik,….. tampanana iki,… (tawuran)
Penduduk 3 : he maling,… sek wanimu mbobol omah-omah nang desa iki
Maling 3 : iku urusanku,….lapo koen melu-melu??
Penduduk 3 : iku saiki dadi urusanku, soale gara-gara awakmu kabeh , wes akeh penduduk
kene resah
Maling 3 : terus,… ape lapo koen marang aku???
Penduduk 3 : sayur bacem segone sak pethi
Maling 3 : artine???
Penduduk 3 : gak usah kakean cangkem, koen bakal mati
Maling 3 : hahaha,….. nang Jakarta lewat yogya, numpak bis sumber kencono
Penduduk 3 : artine ???
Maling 3 : kadohen, larang goblok,…. Majuo, iki patimu!! (tawuran)

BABAK 2 ( Rumah Pak Suyono )


Suyono : apes temen dina iki, bengi-bengi omah kemalingan,…Ganggu wong kelon
ae.
Yayuk : opo seh pak,… wes talah sing ikhlas, sing ilang kan isa dituku maneh
Suyono : lha yo bu, aku lho bingung maling saiki padha pinter marang sing digoleki, ,..
yek opo maling jaman biyen iku sing
diincer gelang, kalung, jam, mas-mas’an, tv. Lha sak iki HP, lapotop, iku ae
kudu sing model anyar,… lek lawas gak usah digowo.
Yayuk : ya wes, timbang bingung-bingung tuku maneh ae, duwit yo nggangur,
timbang njamur kan luwih apik dihambur
Suyono : bener bu,… endi keceng iki?, wes mari tah ngumbah mobil’e mau?,…
ceng…..keceeeng!!!
Keceng : nggeh den,…..
Suyono : waduh, mlaku klemar-klemer koyok putri solo ae
Keceng : lha pripun toh den, kula kan rajane,..
Suyono : dapuranmu ngunu ae koyok raja solo, pantese iku raja kaya.
Keceng : nggeh sekarep den mawon,… niki wau wonten napa toh den? Kok nimbali
kula?
Suyono : tolong awakmu saiki budhal nang toko, ibu tukok’e HP model anyar karo
laptop sing canggih, gantine sing kemalingan mau bengi, nyoh 20 juta, lek
kurang ngomongo ojo lali njaluk bon
Keceng : kok bon seh den? ,…. Kwitansi toh?
Suyono : sembarang sing penting tanda bukti, ben gak mbok tilap susuk’e
Keceng : walah den,…. Kok pritungan nemen,..
Suyono : opoooo?!?!? ,….Balenana?
Keceng : mboten den, lagi itung-itung
Suyono : ndang budhal kana!
Yayuk : wes pak,… ayo ndang mangan sek
Suyono : ayo.

BABAK 3 ( Jalan Depan rumah Marsudi)


Bolot : lho iku lak keceng ,… ceng keceng,…. Teka endi?
Keceng : mari belanja
Bolot : belanja opo ae?
Keceng : iki pesenane juragan Suyono tuku barang ngganti seng kemalingan mau
bengi
Bolot : Sek ndelok kenee!
Keceng : akeh lot,.. enek laptop canggih, enek Hp model anyar iku loh,… opo arane
yo? Bebek blek blek ngono. Blekberi opo pie ngono
Bolot : hah?? Blek krupuk?? Gawe opo juraganmu tuku blek krupuk barang? Ape
digawe dodol krupuk ta?
Keceng : ndasmu koyok blek krupuk,….. black berry lot,..
Bolot : mboh opo arane iku,… juraganmu iku aneh-aneh ae sing dituku
Keceng : maklum juraganku wong kadung sugih lot, sembarang yo isa dituku, gak
koyok juraganmu , aku ae ambe juraganku ditukokne HP BB kok.
Bolot : mosok???
Keceng : iyo BB,.. tapi sing biri-biri, pokoke gak koyok juraganmu medit,…. Hahahah
wes yo tak mulih sek, dienteni juraganku
__________________________________________________________________________
BABAK 4 ( Rumah Pak Marsudi )
Bolot : wah hebat juragane keceng iku, tuku opo ae isa atek jjarene juragane gelem
nukukne keceng HP pisan
Marsudi : iki lapo kok ngomong dewe, aku iki ngerti arek iki sedeng ket baiyen, tapi
lek gendeng baru tumon saiki, lot,….boloot, lot,…boloooott!!
Bolot : eh nggeh gan,… wonten napa?
Marsudi : koen iku nggremeng dewe ae,… nggremengi opo koen?
Bolot : niku lho gan,.. keceng mau dikengken juragane belanja, mborong pisan
Marsudi : belanja opo ae suyono iku?
Bolot : katah gan, wonten laptop, wonten HP, lan liyane, lha keceng niku mawon
ditumbasaken HP pisan lho gan,……nggeh kulo kepengen
Marsudi : iyo sesuk tak tukoke
Bolot : saestu gan?
Marsudi : yo, tapi mene koen gak tak bayar setahun
Bolot : oalah gan,…
Marsudi : gendeng suyono iku, sek sombonge dikira aku gak isa tuku be’e,… sawangen
lek suyono isa, aku ya isa luwih malahan, lek meh belanja ngono tok kecil,…..
Ipah : ya loh pak, mosok ape kalah, dikira sing duwe duit mek de’e thok, saiki
mending sampeyan karo bolot budhal tuku belanja pisan, kudu luwih apik, sek
suyono iku gak sombong
Marsudi : ngono yo bu?
Ipah : iya pak, ojo mek tuku iku thok, sing akeh pisan, lek perlu kabeh barang neng
omah iki dianyari pisan
Marsudi : yo wes,… ayo lot budhal borong belanja
Bolot : hah? Sundel bolong belanja??
Marsudi : ayo budhal (menjewer kuping bolot)
Bolot : aduh-aduh,… nggeh gan

BABAK 5 ( Dalan Desa )


Suyono : ceng,… sapi sing sek tas manak iku kate tak dol, kate tak ijolne sapi brahman
Keceng : byoh-byoh, sapi ae enek jenenge barang seh ndara?
Suyono : yo iyo, sapi brahman iku teko luar negeri, regane yo larang banget sek larang
kuwi timbang awakmu
Keceng : mosok seh ndara?
Suyono : diomongi kok ngeyel ae
Keceng : berarti kula niki mboten wonten regane
Suyono : sapa apene ngregani koen iku? Wes jarang adus, wajah pas-pasan, kemproh
pisan, nyawang ae gak doyan
Keceng : lha ndara kok taseh purun ndadeke kula babu?
Suyono : kepeksan ceng,….
(marsudi dan bolot datang dengan membawa belanja’an mereka)
Marsudi : pencene repot dadi wong sugih, nek belanja mesti kudu akeh, lot awak dewe
mau belanja opo ae?
Bolot : nggeh gan,… wau tumbas sawi, wortel, brambang, Lombok, empon-
empon…..
Marsudi : goblok,.. iku kan belanjane ibumu mau isuk, belanja sing iki mau lho,..
Bolot : oalah gan,…. Wau tumbas mas-mas’an ½ kilo, wonten HP 10juta’an, laptop
sing isa digawe tivi
Marsudi : iku sing cilik-cilik, lha sing engko sore diterne gawe mobil iku opo ae?
Bolot : wonten kulkas, AC, DVD, motor,.. barang gres langsung saking tokone
Suyono : halah wong yo ngono ae kok dipamer-pamerna
Marsudi : gak masalah, lha wong duwitku akeh, dipangan pitung turunan gak entek
Suyono : koyok gak enek sega ae mangan duwit
Marsudi : ayo lot mulih, ngomong karo wong gak duwe duwit panceng angel!! Gak
level, ambek ngenteni mobile mau lho wediku nyasar neng omahe suyono
Bolot : nggeh mangga gan,….
___________________________________________________________________________

BABAK 6 ( Rumah Pak Suyono )


Yayuk : (ngudarasa) eyalah,. Yo,..yo,.. urip wes enak, sandhang pangan wis
kecukupan,
omah yo wis magrong-magrong, nanging kok enek sing kurang ya, sampe
saiki aku kok durung isa ngekek’i anak ning mas suyono
Suyono : ono opo sih dek? Disawang-sawang kok koyok susah, mobok yo crito neng mas
Yayuk : gak kok mas,..
Suyono : temen?
Yayuk : iya
Suyono : dek,… aku wes sandhingan karo sampeyan ampir 10 tahun lho, dadi lek
sampeyan lek enek apa-apa mas iki yo hapal,…. Jujur nang mas, enek opo toh
sampeyan? Opo aku ono kurange nang sampeyan?
Yayuk : gak mas,.. sampeyan gak kurang opo-opo
Suyono : lha terus?
Yayuk : ngene loh mas, awak dewe iki wes urip bareng hamper 10 tahun, opo-opo
wes keturutan, tapi sampe saiki kok durung duwe keturunan
Suyono : yo sing sabar dik, awak dewe iki y owes berusaha, tapi yek opo maneh, wong
Gusti Allah durung maringi
Yayuk : tapi aku gak enak karo sampeyan, aku gak pantes dadi bojone sampeyan
(nangis)
Suyono : aku gak opo-opo kok dik, aku wes seneng urip karo sampeyan, aku janji
bakal gawe sampeyan bahagia
Yayuk : temen mas,….sampeyan janji?
Suyono : iya dek mas janji
Yayuk : lek ngunu sampeyan kudu rabi maneh
Suyono : opo?!?!
Yayuk : iya,.. sampeyan kudu rabi maneh
Suyono : gak dek,… aku mesakne sampeyan,….aku moh ngemadu sampeyan
Yayuk : tapi aku gak opo-opo mas,…. Sampeyan wes janji bakal gawe aku bahagia
Suyono : tapi gak ngene carane dek
Yayuk : gak opo-opo mas,… kanggo aku
Suyono : ,……… yo wis, demi sampeyan aku rabi maneh, tapi janji karo mas lek
sampeyan kudu lilo
Yayuk : iya mas,….aku seneng banget
Suyono : padha,.. mas tak berusaha adil
___________________________________________________________________________

BABAK 7 ( Rumah Pak Marsudi )


Marsudi : lot,… bolot,…. Loot,.. bolooooot!!!
Bolot : nggeh gan,… wonten napa?
Marsudi : ancen susah lek duwe gedibal kopok koyok koen iki
Bolot : napa gan??? Bantal kapuk?
Marsudi : kopok lot,.. bolooot
Bolot : kula niki sakjane mboten kopok lho gan,…
Marsudi : lha terus??
Bolot : Cuma gangguan sakedhik
Marsudi : padha ae iku,….gak usah ngomong aneh-aneh, iki maeng aku lewat ngarep
omah e Suyono, tapi kok ono rame rame, ono opo iku?
Bolot : lek krungu-krungu, suyono iku ape rabi maneh gan,..
Marsudi : opo rabi maneh??!! Sing temen koen iku!!
Bolot : juragan dikandhani kok ngeyel,.. nggeh saestu, dados duyono sakniki
nggadah bojo 2 gan,.
Marsudi : jangkrik wong iku,… ngene carane ngejak saingan, dudu’ marsudi lek nyerah
ngono ae,… aku kudu rabi maneh
Bolot : mantap gan,….
Marsudi : pah,..ipaaah, endi seh arek iku?
Ipah : ya mas,… sabar po’o, lagi masak kok, ono opo bengak-bengok
Marsudi : pah,.. aku pengen rabi maneh
Ipah : opo mas?!?!?,… coba balenana
Marsudi : aku apene rabi maneh
Ipah : gak isa mas,… moh ,… aku moh dimadu mas,… lapo sampeyan rabi
maneh?!?
Marsudi : yo pokok’e kudu rabi maneh
Ipah : opo iki gara-gara saingan iku mas?? Lek ngene carane mas mending gak
usah, aku gak rela
Marsudi : gak isa dek,…. Engko aku kalah karo suyono, gelem tah aku diguyu suyono
Ipah : mending ngono mas,… timbang aku lara ati
Marsudi : wes dek,.. rela’na aku,.. ayo lot budhal!
Ipah : mas,… maaaaaass!!!
___________________________________________________________________________

BABAK 9 ( Dalan Desa )


Marsudi : dek,…. Mene ladang tebu sing 20 hektar iko, bakal dadi nggone sampeyan
Lastri : sing temen mas,…
Marsudi : iyo,.. gelem ta gak,..
Lastri : yo gelem mas,….tapi engko mbak ipah yek opo?
Marsudi : halah ipah ae mbok pikir, gampang,….iku urusanku
Lastri : yo gak ngono mas, awak dewe iki kan wes rabi, meski aku dadi bojo nomer 2
wes suwe koyok ngene kok durung isa kepethuk mbak ipah.
Marsudi : wes gak usah,… engko aku tak ngomong dewe nang de’e,..
(ipah datang)
Ipah : lho,.. mas,.. mas marsudi??
Marsudi : lho Ipah??!!!
Ipah : aku,. Aku wes seminggu golek’I sampeyan mas,..,.. ayo mas mulih
Marsudi : gak,.. aku moh mulih
Ipah : lapo mas,…??? Aku wes kangen,…. Lho iki sapa karo sampeyan mas??
Lastri : aku lastri mbak,..bojone mas marsudi
Ipah : bojo?!?!,.. bojone mas marsudi iku mek aku tok,.. ipah!!
Marsudi : iyo,.. iki bojoku nomer loro
Ipah : dadi awakmu sing gawe bojoku gak mulih??
Lastri : maksudte?
Ipah : iya, mek wedok kegatelen sing wani-wani nggroyok bojone wong liya
Lastri : heh,… sampeyan ojo ngawur lek ngomong, mas marsudi ancene sing pengen
ngrabi aku kok
Ipah : halah,.. alasan!!
Lastri : pantes ae mas marsudi gak betah nang omah,.. lha nang omah ono demit’e
Ipah : opo maksudmu?!?!
Lastri : iya,… demit cerewet, bener ae mas marsudi luwih milih aku,…ancen aku sik
ayu, seksi,enom,.. timbang awakmu!!
Marsudi : he…. Wes, Ojo tukaran ae!!,..pah,… minggira aku ambe lastri apenen neng
ladang tebu
Ipah : moh mas,.. ayo mulih saiki!
Lastri : pah,.. minggiro, gak krungu ta omongane mas marsudi?
Ipah : ojo kakean omong koen las,..
Marsudi : wes,… pah saiki awakmu minggiro!!
Ipah : maass,.. massssss!!!
(marsudi & lastri pergi)
Ipah : ngene iki gara-gara suyono, mas marsudi rabi maneh, gara-gara suyono
keluargaku morat-marit,…. Pokok’e gara-gara suyono,…. Titenana suyono
iku,….biasane yamene iki suyono mlaku-mlaku karo bojo-bojone,.. endi wong
iku??,.. lha iku,…suyono!, suyonoo!!
Suyono : opo toh pah,… nyeluk wong kok koyok ngunu,… aku iki gak budeg
Ipah : gak usah kakean omong!! Kabeh gara-gara awakmu!
Suyono : gara-gara aku?
Ipah : iyo!
Yayuk : he! Ono opo dasarmu nyalahne bojoku!
Ipah : iyo yuk, gara-gara bojomu rabi maneh, mas marsudi melu rabi maneh, saiki
aku dijarno aku gak diiurus maneh
Yayuk : jogoen omonganmu pah! Bojoku rabi maneh pancen aku sing ngongkon, aku
ikhlas, mas suyono isa adil, iku urusanmu yek marsudi rabi maneh, gak ono
hubungane karo keluargaku, ancene marsudi sing kegatelen paling. Lek ora
percaya takokno de Rahayu…
Rahayu : Iyo….mbak Ipah. Aku rabi karo mas marsudi jalaran di kongkon karo mbak
yayuk..
Ipah : nanging gara-gara iku mas marsudi rabi maneh, soale pengen saingan karo
mas marsudi, sapa sing luwih hebat
Rahayu : yok..iku urusane bojomu mbak..
Suyono : lah lek jarene bojomu ngono pah,… berarti de’e sing keliru,.. aku rabi maneh
jalaran saka panjaluke bojoku yayuk, lek bojoku gak gelem aku rabi maneh,
aku gak ngarah rabi pah,……gak koyok bojomu sing ngawur iku
Ipah : (nangis)
(marsudi datang dengan istri keduanya)
Marsudi : ngomong opo koen yon!!,… wani-wanimu ngarani aku ngawur, koyok koen
bener ae
Yayuk : marsudi!! Ancene awakmu sing gak bener, sawangen ipah saiki mbok jarno,
gak mbok urus!, ipah iku lara ati amarga awakmu rabi maneh! Yek opo koen
iku?!? Lek apene rabi maneh mikir sing bener!
Marsudi : ojo kakean cangkem koen yuk!!
Suyono : wanimu ngomong model ngunu nang bojoku!!
Marsudi : opo terusan?!? ,… nanas banyune amber,… lek awakmu panas, ayo geger!!
Suyono : bothok teri rasane legi,…. Lek iku karepmu di!,.. tampanono iki (tawur)
Pak RT : hee,.. onok opo iku kok padha gelut?,.. eling wes padha tuwa
Suyono : iku marsudi sing nggarai…!!!!!!
Marsudi : ngawur!! Yo koen iku!!
Suyono : cangkemmu rusak!!
Pak RT : wes-wes ,…… saiki padha nang omahku kabeh, bareng-bareng dirembug ben
kelar,…… ayo
___________________________________________________________________________

BABAK 10 ( Rumah Pak RT )


Pak RT : Kepriye….sakjane antawis keluarga pak suyono kaliyan pak marsudi niki
wonten napa toh??
Suyono : ngeten lho pak, niki wau kulo kalean bojo-bojo kula badhe dateng peken,
terus pas manthuk wau kok teng dalan dicegat kale Ipah niki
Pak RT : bener ngunu pah??
Ipah : inggih pak,..kula niki emosi
Suyono : lha terus, ipah niku muring-muring teng kula, dikirane kula niki, dadi
penyebab marsudi niku rabi maleh
Pak RT : pah,… bener jarene suyono iku ??
Ipah : nggeh pak,.. kula boten trima nek bojo kula niku rabi maleh
Pak RT : lah opo hubungane karo suyono lek bojomu rabi maneh??
Ipah : soale mas marsudi niki iri kaleh suyono, nek suyono iku saged rabi maleh,
terus mas marsudi nekad rabi maneh, nggeh kula boten setuju, kula nyalahne
suyono sing dadi penyebabe, soale antawis suyono kaliyan mas marsudi niki
saingan.
Suyono : alah ancene bojomu ae iri pah
Marsudi : ngomong opo koen!!
Suyono : ancene nyatane ngunu,… aku rabi pancen bojoku sing ngongkon kok
Yayuk : bener di,.. aku sing ngongkon mas suyono rabi maneh
Rahayu : inggih,… kula angsal ijin saking mbak yayuk dadi bojone mas suyono nomer
2, mbak yayuk piyambak sing nyuwun kula purun rabi kaliyan mas suyono
Marsudi : pancene awakmu diperalat wong iku kanggo nyaingi aku!
Rahayu : mboten …. saestu
Suyono : rungokna dewe di!!
Marsudi : alah iki ancen akal-akalanmu yon!!
Suyono : jangkrik koen iku!!
Pak RT : wes-wes,.. ojo geger maneh,…pak pancen bener, lek enek masalah iku kudu
dirembug bareng-bareng, musyawarah kanggo goleki dalan metu sing apik,
lan adil,.. engko ben gak dadi koyok ngene iki, keluargane pak suyono karo
pak marsudi dadi gegeran,..gak apik dirungakna tonggo-tonggo, apamaneh
omah’e pak suyono karo pak marsudi kan tonggo tunggal gedhek,…
Pak RT : wis timbang geger amarga saingan,….. mendhing di rembug apik-apikan
disik aja kesusu emosi..
Ipah : inggih boten saged pak, kula boten trima lek mas marsudi rabi maneh…ora
lilo…Atiku Lara pak…(nangis)
Yayuk : di, rungokno omongane bojomu…
Marsudi : gak nguruss…gak sah melu-melu koen yuk…
Suyono : cangkemu…ngomong karo wong wedhok sing penak di
Pak RT : wiss..gak usah tukaran…saiki jalukmu yo’ po…pah
Ipah : aku jaluk, saiki Mas Marsudi kudu megat Lastri…
Marsudi : gak iso…!!!!! aku gak bakal megat lastri…
Ipah : (ambil pisau) lek ngono…aku tak mati ae…
Semua : pah..aja pah…pikiren maneh pah…
Pak RT : aja cekak pikirmu Pah, dalan sek dawa…pikiren disek apa sing kate kok
lakoni…
Marsudi : aja pah…ak yo tresno marang sliramu..nanging aku yo tresno karo Lastri…
Ipah : Saiki sampeyan kudu milih, aku apa Lastri….????
Marsudi : gak iso pah,gak iso lek aku kon milih salah sijine…tresnaku wis kanggo
awakmu karo lastri..
Ipah : lek ngono jalukmu mas…aku ae sing ngalah… lilakno aku mati (sambil
menusukan pisau ke perut)
Semua : IPAHHHHHHHHH………………

THE END

Anda mungkin juga menyukai