Anda di halaman 1dari 8

SI TOMPEL CARI JODOH

TOKOH :
1. BEJO : Anak orang kaya (Si Tompel)
2. YOSI : Adike Bejo
3. PARTO : Bapake Bejo
4. SARTI : Ibune Bejo
5. ATUN : Pembantu keluarga pak Parto
6. INEM : Bakul jamu gendong (Calon istri )
7. JUMINTEN : Banci nyamar (Calon istri)
8. SARMI : Pembantu alay (Calon istri)
9. SARI : Mbok Rondo (Calon istri)
10. MICEL : None Belanda (Calon istri)
11. NUNUK : Orang gila menyamar (Calon istri)
12. TAMI : Baby sister (Calon istri)
13. PAIJO : Pak ustad

ADEGAN 1

Suatu hari ada seorang bujangan bernama Bejo yang sangat kaya raya. Dia memiliki banyak
rumah dan tanah. Lelaki itu kaya raya tapi dia tidak mempunyai pendamping hidup. Tidak ada yang
mau dengannya karena dia memiliki tompel yang sangat besar di pipinya.

BEJO : Pergi-pergi sendiri. Makan-makan sendiri. Mandi-mandi sendiri. Tidur pun sendiri.
Aduuh nasib-nasib. Ndue harta akeh tapi kok yo aku iku durung ndue bojo yo! Kanco-koncoku wes
podo due anak, lah aku bojo ae ora ndue. (Mondar-mandir di ruang tamu)

PARTO : Kowe iki mondar-mandir lapo toh le. Bapak nyawang loh sampek bingung.

BEJO : Yo ora usah disawang toh pak. Anakmu seng guuantenge koyok artis korea iki durung
due bojo pak. Bapak gak pengen dolekke aku bojo tah pak, ben aku iki gak kesepian ngunu loh pak!.

PARTO : Mosok yo bapak seng dolekno kowe bojo.

BEJO : Lah piye toh pak. Aku iki durung oleh seng srek ngunu loh pak. Aku iki anake bapak,
bapak gak kepingin ta ndue putu.

PARTO : Bapak iki yo kepingin ndue putu ben omah iki rame.

BEJO : Lah iyo toh pak, mangkane aku iki ndolekno bojo seng uayuuu blaem-blaem ngunu lo
pak.

PARTO :Iyo mene tak doleko nak pasar minggu. Wes-wes bapak tak nang pabrik. Kerjoane bapak
dadi mandor iku akeh. (Melangkah keluar dari rumah)

BEJO : Aduh bapak iki kerjo bae. Mosok yo bojo iku ndolek nak pasar minggu. Andai ono
penjual cewek-cewek ayu ngunu paling tak tuku di gae bojoku.

Tiba-tiba YOSI datang.

YOSI : Ono opo toh kang mas kok ngomong ae.


BEJO : Masmu iki bingung kepingin ndolek bojo. Mosok yo kang masmu iki jomblo terus.

YOSI : Bojo kok di goleki seh mas-mas. Kepriye kang mas biso ndolek bojo yen tompele kang
mas iku gedene koyok pentol.

BEJO : Loh ojo ngenyek. Tompel iki membawa keberuntungan.

YOSI : Keberuntungan apane toh mas. Buktine kowe yo sampek saiki durung oleh bojo. Sopo
seng gelem dadi bojone kang mas. Lah wong aku dadi adike kang mas ae isin. Opo maneh wong
wedok seng dadi bojene kang mas, yo mlayu yen nyawang tompele kang mas.

BEJO : Wes-wes rausah ngomongake tompel. Mene aku tak operasi plastik wae ben tompelku
iki iso ilang. Ben artis-artis iku kalah guanteng karo aku.

YOSI : Masi di operasi plastik yo tetep ae gak ganteng.

BEJO : Kowe mau ngomong opo?

YOSI : Ora-ora mas. Kang mas ganteng kok.

BEJO : Bagus. Ngunu toh, sekali-sekali muji kang masmu iki ben atine iku seneng.

ADEGAN 2

PARTO : Siji, loro, telu, papat, limo, enem, duhh siji, loro, telu.. Duwetku iki akehe yo, bingung
apene dig awe opo?

SARTI : Pak! Pak! (Mengetuk dan membuka pintu ruangan kerja PARTO)

PARTO : Heeeeee? ( kaget dan langsung menyembunyikan jutaan uangnya )

SARTI : Geloo, emasku wes teyengen, panci wes borot kabeh, bengesku wes entek, pupur y
owes mbluduk, opo kon dempulan nganggo gamping bae piye? Aku iki tumbasno to pak-pak, sekali-
kali nyenengake atine bojo.

PARTO : Opo to buk buk, ngerti bojone lagi sibuk mbok yo digawekne kopi-kopi kono, malah teko-
teko ngaget ngageti wae. Bapak kerjo dingge sinten ? sampean kan ?

SARTI : Wis mesti, bojo njaluk setaun pisan wae ora dituruti, wis mangan aspal wae kono. Ra
arep masak pokoke! ( SARTI mutung )

PARTO : Yo ojo ngono to buk buk, yen ora kowe sing masakne, bapak maem opo ? krikil ? yowis
ngene wae, sesuk yen longgar ayo ning pasar golek benges.

SARTI : Opo? Pasar ? keren sitik to pak pak. Mall ngunu loh pak, ben koyok wong kuto.

PARTO : Yo.. yo Mall opo kui manut. Gek ndang kono bapak dimasakne seng enak-enak.

SARTI : Yowis nggih, Ibuke tak masak riyin. Monggo kangmas. ( pergi memasak meninggalkan
PARTO )

PARTO melanjutkan kesibukannya untuk menghitung uang dan tiba tiba YOSI datang.
PARTO : Ealah, bojo lagi siji wae wis koyo bledek.Mbendino mung ngomel wae. Opo meneh loro
hahahaha.

YOSI : Pak, aku pengen tuku kae pokoke tukokne!

PARTO : Wis kae opo meneh, anak siji wae yo podo karo mboke.

YOSI : Aku tukokne leptop sing enek gambare apel di krowak kae pak, lagi jaman ngono kui.
Terus aku yo pengen Hp sing enek BBMe koyok artis iku loh pak.

PARTO : Omong opo ? Pake lagi sibuk, sokmben tukune ! Kowe ndang sinauo ben pinter koyo
bapak mu iki lo. Wes guanteng, pinter, sugih sisan.

YOSI : Alaaaah pak, ojo medit-medit. Sibuk ngopo wong ngitung abang abang kuwi. Mbok yo
aku anake dewe iki diciprati siji ngunu lo pak-pak.

PARTO : Duit ...duit opo ? kowe iku jek cilik, ngerti duit barang. Wis ora katek!

YOSI : lhooo pak, nek ngunu aku mene emoh yen mbok kongkon njabuti uwanmu maneh!

PARTO : huussss. Nyoooo iki loh gawe awakmu ( memberikan uang 10 ribuan )

YOSI : Asikk. Lho kok sepuluh ewu pak. Aku geleme sing abang kuwi toh pak.

PARTO : Lha kui wernane opo? abang toh? wis kono ndang lungo, bapak sibuk.

YOSI : Abang sing atusan ikuloh pak. Bapak iki pelit menyang anake dewe. Yowis aku tak lungo.

PARTO seakan-akan merasa ditekan oleh anak dan istrinya sendiri. Permintaan yang diinginkan
aneh-aneh dan banyak sekali. Akhirnya YOSI yang penurut itu pergi bermain ke rumah temannya.

ADEGAN 3

BEJO : Kapan yo tompelku iki iso ilang. Yen di operasi plastik iku yo iso ilang tah. Mosok yo aku
kudu jomblo terus koyok ngene. Nasipku iki kok yo koyok ngene seh. Sugih tapi kok yo gadue bojo.
Bapak lan Ibu iku yo ngunu. Anake dewe ora di dolekake bojo. Nasip-nasip.

Tiba-tiba pak ustad berjalan di depan rumah Bejo.

BEJO : Assalammualaikum pak usatad.

PAIJO : (berjalan mendekati Bejo) Waalaikum salam.

BEJO : Pak, aku oleh tekon rah?

PAIJO : Tekon opo toh jo?

BEJO : Ngene loh pak ustad. Aku iki lak lebih tuo seh ketimbang pak ustad. Pak ustad wes due
bojo lan anak, lah kulo mboten gadah. Kepiye pak carane kulo iki iso oleh bojo. Ben kulo iki ora
jomblo terus ngunu loh pak ustad.
PAIJO : Jodohmu mene lak yo teko dewe seh jo. Jodoh iku di tangan tuhan. Pasti kowe iku oleh
jodoh. Menungso ing dunyo iki kabeh mesti ono jodohe. Lah kowe durung diwenehi jodohe karo
gusti Allah.

BEJO : Lah kapan pak ustad. Aku iki wes kepingin due bojo lan anak.

Tiba-tiba PARTO dan SARTI datang dengan bergandengan tangan.

PARTO : Eh pak ustad. (Bersalaman)

SARTI : Pak ustad saking pundi?

PAIJO : Saking masjid bu Sarti. Terus niki mau ketemu Bejo.

PARTO : Iki loh pak ustad anakku iki kepengen cepet-cepet nduwe bojo. Lah bojone iku durung
ketemu-ketemu. Kepriye iki pak?

SARTI : Enggeh pak? Tolong dibantu ngoten loh pak.

BEJO : Pak ustad kan baik seh pak. Pasti pak ustad gelem bantu aku.

PAIJO : Aku iki ora iso nggolekke bojo gawe Bejo. Lah aku golek bojo wae uangel kok. Aku biso
ndongakake supoyo Bejo biso ketemu karo jodohe.

SARTI : Walah pak-pak. Kepriye nasibe Bejo pak-pak? Anakmu iki loh pak ndang di dolekke
calon-calon ngoten loh pak? Ibuk iki wes kepingin ndue putu.

PARTO : Embuh buk. Aku iki yo bingung, aku iki yo kepingin gendong putu koyok konco-konco
liyone.

Tiba-tiba HPnya Bejo berbunyi.

BEJO : Halo! Assalamualaikum. Ono opo toh dek!

YOSI : Waalaikum salam Mas, aku ndue ide supoyo kang mas cepet oleh bojo.

BEJO : Opo?

YOSI : Sampean gawe sayembara golek bojo wae ben cepet.

BEJO : Wah ide bagus itu. Dongaren otakmu encer.

YOSI : Adikmu iki pinter. Yowes pulsaku entek. Assalamualaikum.

BEJO : Waalaikum salam.

SARTI+PARTO : Ono opo toh le?

BEJO : Ayo pak-buk tak ceritani nang omah bae.

PAIJO : Yowes, aku tak muleh yo TO, TI, JO. Assalamualaikum.

P+S+B : Waalaikum salam.


ADEGAN 4

Didalam rumah, Bejo duduk santai di ruang tamu dan memanggil pembantunya untuk diberi amanah
kepada warga.

BEJO : Bik Atun cepat kesini bik. Ada perintah cepat.

ATUN : Wonten nopo tuan?

BEJO : Saiki bibi gawe woro-woro nang deso.

Tuan muda BEJO yang paling kaya raya sedang mengadakan sayembara untuk mencari
calon istri. Silahkan untuk para gadis bisa daftar mulai besok pagi

ATUN : Enggeh tuan.

Keesokan harinya. Rumah keluarga bejo ramai di datangi para gadis.

ATUN : Saiki pendaftarane di bukak. Monggo pendaftar pertama INEM.

INEM : Aduh aku pengen ndue bojo sugih ben aku ora dodol jamu maneh. Sampean gelem toh
jamuku. Jamu penghilang tompel.

BEJO : Ono tah jamue. Endi aku pengen coba.

INEM : Iki mas jamue.

BEJO : Uuuwek.. Jamu kok pait ngene.

INEM : Jamu yo pait toh kang mas. Manis lak yo rupaku iki, manise ngalah-ngalahi gulo.

BEJO : Loh manis ta? Cobak seh tak dilate. Loh kok awakku tambah gatel-gatel ngene, jamu
teko opo iki. (garuk-garuk)

INEM : Ora oleh ngunu kuwi. Jamu saka ulat bulu kang mas. Manjur iku kang mas.

BEJO : Walah! Wes-wes minggat kono. Aku ora gelem karo kowe.

INEM : Ora gelem yowes, aku yo ora sudi ndue bojo tompelen koyo kowe. (berjalan keluar
dengan sewot)

BEJO : Ora tambah ngilangno tompel, eh malah oleh gatel-gatel.

ATUN : Pendaftar kedua lan ketiga SARMI lan TAMI.

SARMI : Mbak, kulo gelem dadi bojone seng ndue omah iki.

TAMI : Aku wae seng dadi bojone. Kowe iku gak pantes dadi bojone wong sugeh.

SARMI : Yo kowe iku seng gak pantes. Aku ayune ngene kok! Gak ndelok ta? Loh loh, calone
model iki. (Memutar tubuh seperti orang fashion)
TAMI : Model obat lamuk ta? Nyatane yo pembantu ae kok gayamu. Aku iki seng lebih ayu
tinimbang kowe. Aku iki baby sister, lebih duwur tinimbang pembantu.

SARMI : Baby sister iku yo podo ae karo babu.

TAMI : Yowes, seng penting jenenge keren BABY SISTER

BEJO : Uwes-uwes, umek wae. Sopo seng gelem dadi bojoku.

SARMI : Opo? Bojo kanggo sampean to? Ora! Aku ora sido dadi bojomu. Kowe ae MI seng dadi
bojone, aku ora sudi ndue bojo tompelen koyok ngene. Mosok wong ayune koyok ngene bojone
tompelen.

TAMI : Aku yo emoh. Wes ayo moleh wae, sopo seng gelem bojomu pak TOMPEL.

BEJO : Wes muleho. Aku ndolek bojo seng iso nrimo aku opo anane. Hus-hus sana!

ATUN : Pendaftar ke empat lan ke limo, SARI lan MICEL.

MICEL : Escuse me..

SARI : Opo ae es kusmi barang iku. Onone es teller.

MICEL : What?..

SARI : What-what, mok kiro lampu pirang watt.

BEJO : Wes-wes, kowe gelem dadi bojoku amergo lapo.

MICEL+SARI : Aku kepingin sugeh.

BEJO : Opo? Pengen sugeh.

MICEL : Iyo. Kalau aku jadi istrimu. Kamu harus memberi aku uang setiap hari 10 juta. Setiap hari
harus makan enak, belanja ke mall, jalan-jalan, liburane kudu nak luar negeri.

BEJO : Yo sido kere aku yen koyo ngunu. Lah kowe opo Sar?

SARI : Aku iki rondo, ndue anak 7. Yen aku dadi bojomu, kowe kudu biso ngeramu anak-
anakku. Nyekolahno, ngadusi, ngurusi, pokoke aku seng turu-turu lan shopping terus.

BEJO : RONDO??? ANAK PITU. Wes, kowe ogak ketrimo. Aku iki joko, mosok olehe rondo anak
pitu pisan. Aku yo emo.

SARI : Aku iki Rondo ting-ting.

MICEL : Kemana kemana kemana, ku harus mencari kemana? Kekasih tercinta tak tau dimana.
Lama tak datang kerumah

SARI : Iku Ayu ting-ting.

MICEL : Im sorry, Im sorry.


SARI : Heh iwak teri?

BEJO : Kowe ora tak trimo. Ayu-ayu kok matre. Sijine rondo sisan.

MICEL dan SARI keluar dengan perasaan tidak terima.

ATUN : Pendaftar terakhir, NUNUK lan JUMINTEN.

NUNUK : Hai cakep!

JUM : Hai ganteng.

BEJO : Yen kowe kepilih dadi bojoku, kowe lapo?

NUNUK : Aku gelem dadi bojomu seng opo anane mas?

JUM : Inggeh mas, aku yo gelem kok dadi bojomu. Seng penting kowe lan aku seneng.

BEJO : Temenan ta?

NUNUK : Inggeh kang mas?

JUM : Aku iki tenanan kang mas?

BEJO : Aluse kowe yen ngomong. Ngademke ati.

JUM : Inggeh to mas?

BEJO : Yowes kowe wong loro gelem ta dadi bojoku. JUM bojo pertama lan NUNUK bojo kedua.

JUM : Heh opo? Aku dadi bojo kedua? Ora gelem. Aku emoh yen di duakake. (Suara laki-laki)

BEJO : Loh? Lah kok suarane koyok lanang ngunu? Kowe iki lanang opo wadon.

JUM : Wadon mas?

BEJO : Tenanan ta?

JUM : Mok kiro aku opo? Aku iki wadon! (suara laki-laki)

BEJO : Kowe iki lanang yo? Wes kowe ora kepilih, NUNUK ae seng tak pilih.

JUM : Awas kowe. (Menarik kerah BEJO)

BEJO : Mbok ATUN, usiren iki.

ATUN : Inggeh tuan..

BEJO : Sepurane nggeh NUK, kowe gelem kan dadi bojoku.

NUNUK : He he he..

BEJO : Kowe gelem toh?


NUNUK : He he he..

BEJO : Yen ngguya-ngguyu berate gelem.

NUNUK : Ha ha ha .. aku duwe bojo. Aku duwe bojo. Ha ha ha. Kowe dadi bojoku yo?

BEJO : Wong iki waras tah?

NUNUK : Kang mas.. aku iki bojomu.

BEJO : HAH? Lah kok wong gendeng. Mlayuu

NUNUK lan BEJO kejar-kejaran.

BEJO : Emak, aku emo oleh bojo wong gendeng

Akhirnya BEJO tidak mendapatkan istri karena sayembara itu gagal. Kini BEJO pasrah dengan
keadaanny yang tidak punya istri. Lebih baim dia tidak punya istri daripada punya istri seorang yang
kurang waras (orang gila).

Disana gunung, disini gunung.

Di tengah-tengahnya ada rawa.

Penonton bingung, pemainnya yo tambah bingung.

Yag penting bisa ketawa.

~SELESAI~

Anda mungkin juga menyukai