Anda di halaman 1dari 10

Andhe Andhe Lumut

Alkisah enek pemuda seng minggat soko omah arep mengembara golek jati diri. Pemuda kui
mengembara dewe moro neng alas seng adoh soko pemukiman warga. Suatu Ketika pas pemuda kui
mlaku-mlaku neng Tengah alas pemuda kui diserang celeng pas arep dipangan macan utung ono 3
wong seng nulungi

Wong kui yaiku para santri ing pedopkan ing Tengah alas iki

Santri 1 : kowe rapopo

Andhe-andhe : aku ora popo, matur suwun mas wes nulung aku, nek ora enek sampean-sampean
aku mesti ora slamet

Santri 2 : iyo mas untung awak dewe mau ora telat

Santri 3 : sampean iki sopo lo mas kok iso neng Tengah alas ngeneki, padahal neng sekitar
kene ora enek pemukiman, soko ndi asalmu?

Andhe : aku andhe amdhe lumut mas, aku minggat soko omah arep golek jati diri kangge
awakku dewe

Santri 2 : ooo, la saiki tujuanmu arep nyandi?

Andhe : ora ruh mas, saiki aku ngalor ngidul ora enek tujuan

Santri 1 : yowes, sampean melu awak dewe ae moro neng pesantren KI Rahmat

andhe : opo oleh mas aku melu? Opo ora nyusahne

Santri 3 : ora, ki Rahmat yo seneng nek enek wong anyar

Andhe andhe lumut melu karo 3 santri kui moro neng pesantren

(Ki Rahmat ngajar poro santri neng pesantren)

3 santri : assalamualaikum

Ki Rahmat : waalaikumsalam

Santri 2 : niki wau diserang celeng ten alas ki

Ki Rahmat : sopo jenengmu mas?

Andhe : kula andhe andhe lumut ki

Ki Rahmat : nyapo kowe kok iso neng Tengah alas dewe?

Andhe : kula mengembara madosi jati diri ki, kula sampun mlampah ngalor ngidul sampek
wau diserang celeng ten alas, untung enten mas mas niki engkang nulung kula

Santri1 : ngapunten ki mas e niki mboten enten tujuan, dadi kula gowo mriki
Ki : rapopo, pie mas kowe gelem pora dadi santri neng kene

Andhe : angsal nopo ki? Nopo mboten ngrepotaken?

Ki : ora popo, aku yo seneng nek enek santri anyar

Wes 2 taon andhe dadi santri neng pesantren e ki Rahmat

Andhe : ra kroso yo Ji, aku wes 2 taon neng kene

Aji : iyo, Syukur kowe betah neng kene

Andhe : ji aku ketok e arep metu soko kene

Aji : la nyapo ndhe, opo ra krasan kowe neng kene opo goro goro lawuh e raenak

Andhe : ora ji aku arep nglanjute nek ku golek jati diri

Aji : takiro nek kowe rakrasan neng kene, la terus bar ko kene kowe arep nyandi?

Andhe : paling akun arep neng deso cedek kene ji

(andhe ngomong neng ki Rahmat)

Andhe : assalamualaikum ki, kula badhe matur

Ki : arep omong opo le kok ketok e penteng

Andhe : kula bade nglanjutaken madosi jati diri ki

Ki : yowes nek kui keputusanmu aku ora iso ngalangi

Andhe : maturnuwun sampun ngramut kula teng mriki, kula dereng saget maringi nopo
nopo ten jenengan

Ki : wes ora popo le tak dongakne kowe slamet terus

Andhe : nggh ki matur nuwun sanget

Sesok e andhe budal golek jati diri neh

Andhe andhe lumut teko ing desa dadapan, ning desa dadapan andhe andhe lumut sambat karo
nyekeli weteng e. bejone enek mbok rondo sing bar muleh soko pasar sing nulungi andhe andhe
lumut

Mbok rondo D : kowe nyapo le wajah mu kok pucet banget

Andhe : awak kula lemes mbok, kulo dereng dahar 2 dinten


Mbok D : yualahhhh le… le… kok iso ra mangan 2 dino

A : kula pengembara saking alas gunung niku, kulo mboten gadah arto kanggem

tumbas sekul

Mbok D : ealahhh le.. le.. ayo melu aku muleh neng omah

Andhe andhe lumut karo mbok rondo dadapan muleh neng omah mbok rondo dadapan

Mbok rondo karo andhe andhe lumut teko neng omah, ning kono andhe andhe lumut diwehi
panganan. Mbok rondo ndelok andhe andhe lumut mangan, malih pengen duwe anak lanang soale
mbok rondo uwes sui urip dewe.

Mbok D : jeneng mu sopo le..

Andhe : kulo andhe andhe lumut mbok

Mbok D : jare mu mau kowe pengembara yo?, kowe nduwe omah muleh ora?

Andhe : nggih mbok…. Kulo pengembara sak niki kulo mboten gadah griyo kaggem wangsul

Mbok D :opo ngene ae le… kowe gelem ora tak dadekne anak ku??

Andhe : asli mbok?? Kulo nggih kepengen gadah griyo wangsul

Mbok D : yooo le… rapopo aku yo seneng nduwe anak lanang

Mulai kui andhe andhe lumut dingkat dadi anak e mbok rondo deso dadapan.

Ing siji esuk mbok rondo karo anak anak e, yaiku kelenting abang, biru, ijo, ungu, oren karo adik tiri
ne seng paling cilik yo iku kelenting kuning arep sarapan ning omah. Mbok rondo sayang ning anak
anak e kabeh tapi ora karo anak tiri ne.

Esuk kui klenting” ngenteni kuning gae sarapan

Mbok : kuningg…!!, sarapannee wess siapp urunggg….!!

Kuning : (mbengok soko pawon) sabar mbok… niki sekedap maleh rampung..

Abang : masak sarapan kok suwiii eram, masak opo turu jane

Kuning : ( karo gowo sarapan) niki mbok sarapan e sampun mateng

Ijo : moso gawe sarapan ngono sui eram…

Biru : laiyoo opo ora eruh adewe kabeh iki wes luwe

Ungu : wes wes wes.. podo sarapan, ngeladeni bocah sitok iki ora enek entek e

Oren : paring ono hukuman mbok kuning, ben kapok

Mbok : ide apik kui, kuning!! Esuk iki kowe ora sah sarapan!!
Kuning : kok ngoten mbok… kulo ngerjakne pandamelan griyo, kulo ugi butuh tenaga

Abang : ngono tek sambat kemayu opo piye??

Kuning : iyoo mbak, sing umbah umbah, isah isah, nyapu omah kui aku kabeh

Ungu : la wes eruh nolo tugasmu nek ngono ndang ono tandang gawe

Kuning : nggih mbok (karo ngaleh njukok umbah-umbahan)

Kuning gowo umbah umbahan mbak mbakyu karo mbok e moro menyang kali, pas umbah umbah
kuning nemokne gelang keli neng pinggir kali gelang e kui dijupuk neng kuning

Kuning : gelang opo iki kok apik bangett? Tak enggo opo yaa?

Kuning ngebar ne umbah umbahan terus mulih neng omah

Ing desa dadapan mbok rondo pengen anak e andhe andhe lumut ndang cepet rabi

Mbok D : le… kowe ra ndwe niat arep rabi? Umur mu wes meh 30

Andhe : kagem sak niki dereng enten mbok..

Mbok D : la ketok e we wes enek calon e opo urung le?

Andhe : mboten enten mbok kulo mboten enten gadah calon

Mbok D : la piye le aku pengen kowe ndang cepet rabi

Andhe : nggih pripun lo mbok wong calon e dereng enten

Mbok D : opo ngene ae le, aku mbukak sayembara lek kowe ki lagi golek bojo

Andhe : nggih menawi kados meniko kulo nderek mbok mawon

Mbok D : yowes le engko tak sebarne sayembara nek kowe golek bojo

Mbok rondo jalok tulung neng warga desa diengge nyebarne berita sayembara yen anak e golek
pendamping urip

10

Akhire berita sayembara ne andhe andhe lumut seng lagi golek pasangan urip teko ing deso
dadapan. Pas kui poro kelenting kejobo kelenting kuning mlaku mlaku ning sekitar kono

sayembara : pengumuman” mbok rondo desa dadapan ngenekne sayembara diengge golekne
anak e jenenge andhe andhe lumut golek pasangan urip

Warga bareng” : enek opo iki

Sayembara : budek kabeh ye iki jane. Anak e mbok rondo dadapan andhe andhe lumut
ngeneknene sayembara dingge dadekne bojo

Warga 1 : andhe andhe lumut I sopo neh jeneng kok aneh men
Warga 2 : moso kowe raroh kui lo, seng jarene ganteng e kyo arjuna

Warga 3 : iyo aku tau ngerti wonge gantenge raumum, aku lanang e yo seneng delok e

Warga 1 : ala hora beres cah iki

Warga 3 : ora ngono maksude , maksute wajae ki guanteng ngadem ne ati

Warga 4 : nek ngono anak ku tak kon melu menowo oleh, lumayan mbok rondo ne yo sugeh

Warga 2 : kur duit e sing kok pikir

Poro kelenting langsung muleh diengge ngabarne mbok e ne nek andhe andhe lumut mubukak
sayembara di engge golek pasangan urip

11

Poro kelenting : mbok.. mbok.. mbok.. mbok..

Mbok : enek opo to jane iki kok podo mlayu mlayu!

Abang : anu mbok.. andhe andhe lumut saking desa dadapan mbukak sayembara pados
pasangan gesang

Oren : nggih mbok andhe andhe lumut ing kang bagus Rupane niku

Biru : adewe angsal tumut sayembara nopo moten?

Mbok : opo tenan, kowe kabeh iki pengen melu sayembara ne andhe andhe lumut?

Ungu : nggih mbok kulo ugi kajeng dados semahipun amargi rupane bagus lan bandha ne
mbok rondo dadapan katah

Mbok : yowes nek ngono kene tak pacaki ben kowe kabeh salah siji seng iso ngerebut ati ne
andhe andhe lumut

Ijo : nggih mbok jenengan rias supados saking awak dewe saget ngerebut atine andhe
andhe lumut

Mbok rondo macaki anak anak e diengge melu sayembara ne andhe andhe lumut

12

Para klenting dipacaki mbok rondo dingge melu sayembara

Abang : mpun ayu nopo dereng mbok adewe

Mbok : wess joss!! Anaku bodo ayu ayu kabeh

Ijo : neng ken ewes jelas salah siji soko adewe bakal iso menang

Biru : iyo wes jelas iki seng menang aku

Ungu : ora iso! Wes jelas seng paling ayu neng kene ki aku

Oren : wes wes gak usah ribut wong seng iso ngentukne ati ne andhe andhe lumut ki aku
Abang : wes ojo tukaran wae ayo gek ending budhal, mbok adewe pamit rumiyen damel
melu sayembarane andhe andhe lumut

Mbok : yowes ndang budal kono selak telat

Poro kelenting bodho budhal neng sayembarane andhe andhe lumut

Pas kui jujuk kuning moro neng mbok rondo

Kuning : mbok kulo nggih pengen tumut sayembarane ande andhe lumut

Mbok : kowe ki!?? Kowe ki arep melu sayembarane andhe andhe lumut?

Kuning : nggih mbok kulo kajeng tumut nyobi

Mbok : yowes kono karepmu tapi aku ora sudi macak kowe

Kuning : nggih mbok kulo pamit rumiyen

Mbok : yowes kono ndang budal

13

Ing perjalanan moro omae mbok rondo dadapan, para klenting ketok seneng koyo wes mesti nek
arep dipilih neng andhe andhe lumut

Warga 1 : iki bocah ayu ayu podo arep nyandi? Kok ketok sueneng banget

Biru : niki buk, adewe badhe tumut sayembara ing desa dadapan

Warga 1 : ooo, seng ngenekne sayembara dingge golek pasangan urip kui yo?

Abang : nggeh buk, kok sampan ngertos

Warga 1 : yo mesti ruh nduk, wong anake seng melu sayembara kui bagus e raumum

Abang : nggeh nek ngoten mbok adewe pamit rumiyen

Warga 1 : yo nduk ati ati, nek arep nyebrang kali neng kono alon alon nduk kali ne jeru

14

Neng kali seng jeru banget, neng kono ono seng jenenge yuyukangkang, yuyukangkang kui seng
nguasasi kali iku

Oren : piye iki mbak bener jarene warga mau kali ne jeru

Ungu : iyo ki jembatan e yo raenek, terus piye iki nyebrang e

Abang : laiyo to moso raenek seng iso dingge nyebrang rono iki
Oren : terus piye iki mbak moso renang rono adewe

Yuyukangkang : hahahahahha enek sopokihhh

Yuyukingking : bocah ayu soko ngendi iki?

Yuyukungkung : ayune hang ngayemiiiiii

biru : kowe kabeh ki sopo

y1 : adewe yuyukangkang seng jogo kali iki

y2 : arep nyandi cah cah ayu iki

abang : adewe arep melu sayembarane andhe andhe lumut sing enek ning sebrang

y3 : hahahahaha layak to podo macaka aayu ayu kabeh

Ijo : kita njaluk tulung sebrangne iso ra yu

Y3 : iso ae, tapi opah e nooo

Y1 : laiyo yaa

Ijo : njur koe koe kui njaluk opo?

Y1 : sun sek peng tiga nooo

Kleting kleting bisik bisik

Biru : pie iki moso ngambung yuyu disek

Ijo : lapie neh adewe kur iso nyebrang nggae cara iki

Abang : yowes rapopo diambung sitik ra ngaruh, kakangmas andhe andhe lumut yo ora
weruh adewe bar ngambung yuyu

Kleting” : yowes yu tapi janjimu yo barkui adewe sebrangno

(para klenting ngambung yuyukangkang)

Y1 : yuhhh ngeneki looo sing adewe sui ra oleh, bener opo bener dii

Y2 : bener kangg wis sui ra ngrasakke ngenekan

Y3 : jan uuenak

(yuyu nyebrangne kleting)

Y2 : kok guuelem diapusi wong kae

Y13 : laiyo to ngono e ambung wong ayu

14

Ora let sui kuning teko neng kali kui

Kuning : aduh pie iki enek kali


Kuning nyeluk para yuyu seng jagongan neng pinger kali

Kuning : yuu, iki kali ne jeru pora

Y3 : jeruu pol iki kaline ndukk

Kuning : nyuwun tulung sebrangne iso ta?

Y1 : halah raiso kowe ra ayu moh aku nyebrang ne

Kuning : njaluk tulung yuu

Y3 : kowe arep melu sayembara?

Y2 : wajah koyo aspal ngonowi arep melu sayembara, wes rabakal ketrimo kui mulio e

Kuning : ndang to yu tulung sebrangno

Y1 : wes gahgah nyebrango dewe kono

Yuyu kangkang ngaleh soko kono

Kuning : woo la bak e cetek ngene, trah bajingan. Wis wujud uelek ngapusinan

15

Abang biru karo ijo teko neng ngarep omae rondo dadapan

Kleting : assalamualaikum

Mbok : waalaikumsalam, enek opo nduk

Abang : anu mbok kita arep melu sayembara

Mbok : o arep melu sayembara yowes ayo melbu

(abang maju disik)

Mbok : lagu unggah unggahi

Andhe : tembang nolak

Mbok : la nyapo le ayune koyo ngene moso wegah

Andhe : senanajan ayu kyo ngene moh aku, soko ambu ambune tilak e yuyukangknag iki

Mbok : moso nduk kowe ki tilak e yuyu kangkang

(biru genti seng maju)

Mok : tembang

Andhe : tembang nlk

Mbok : nyapo neh le iki yo ayu kemriyuk koyo

Ngene moso yo wegah

Andhe : podo buk iki yo tilak e yuyu kangkang


(saiki genti ijo)

Mbok : tembang

Andhe : nolak

Mbok : iki yo wegah le

Andhe : podo ae buk buk iki yo tilak e yuyukangkang

16

Mbok : iki kabeh podo nyapo to kok podo dadi sisane yuyu kangknag

Abang : lapie lo mbok, kita saka desa sebelah gek perjalanan rene kudu nyebrang kali

Ijo : iyo mbok dadi adewe jaluk tulung yuyu kangkang nyebrangne

Biru : terus yuyu jalok opah e ambung

Mbok : layakno anakku wegah, bakno wes tilak tenan podokan

Jujuk kuning teko neng omae rondo

Kuning : assalamualaikum

Mbok : waalaikum salam, arep nyapo nduk

Kuning : kula bade tumut sayembara mbok

Abang : kuning nyapo kowe neng kene

Biru : wes rabakal ditompo kowe nek melu

Ijo : laiyo rai uuelek ngono arep melu, ramungkin kangmas andhe andhe lumut nrimo
koe

Ungu : dientahi we malahan

Mbok : yowes rapopo nduk kowe jajal disik

(kuning maju)

Mbok : tembang

Andhe : nrimo

Mbok : tenan kowe le kowe mileh sengi ki

Andhe : nggih mbok, senajan niki mboten ayu tapi sanes bekas e yuyukangkang.

Mbok : wis mbok pastikan tenan?

Andhe : injih mbok, leres..

Mbok : yawis lek terah piihan atimu ceblok nang cah iki. Nduk jenengmu sopo?

Kuning : nami kula klenting kuning mbok


Mbok : selamat ya kuning, koe sing iso ngolehne atine anakku andhe andhe lumut

Kuning : inggih mbok maturnuwun

Abang : hah!! Ora salah kui mas andhe andhe lumut milih kuning kur mergo ora di ambung
yuyukangkang??!!

Ijo : laiyo to, padahal bar adus yo ambune yuyukangkang wis ilang

Biru : jian, mbok e yo nompo ae padahal ayu adewe iki

Ungu : wis kebadug kabeh iki anak karo ibuk e

Oren : heshh gelo atiku ayo ngaleh ae

(mbok rondo ngumumne pemenang sayembara)

Mbok Rondo : ting ting ting ting pengumuman pengumuman pemenang saka sayembara iki uwis
ditemoake, yaiku klenting kuning saka desa sebelah

Anda mungkin juga menyukai