Anda di halaman 1dari 21

CALONARANG

SDN 1 BARENGLOR

D’Best Calonarang SDN 1 Barenglor


Sinopsis
CALONARANG
Dengan berlatar belakang kisah menyebarnya Tenung di kawasan kerajaan Kahuripan, dengan
rajanya sang Prabu Erlangga cerita ini di angkat, kekejaman seorang Janda tukang Tenung dari daerah
Girah, telah menyebarkan petaka yang luar biasa di saat itu. Kemarahan si tukang Tenung di karenakan
oleh anak perempuanya yang tidak laku nikah, dan di hina karena anak seorang Dukun Santet.
Sebuah keiklasan tulus dari seorang ibu untuk kebahagiaan anaknya, seorang ibu rela mengorbankan
hidupnya, walau sekejam apapun Seorang Calonarang, Ibu adalah ibu yang harus bertanggung jawab
mencintai anaknya, memberikan harapan juga masa depan, dengan keiklasan mengorbankan hidupnya
Calonarang menyambut kebahagiaan Retna manggali putrinya dengan kematianya.

D’Best Calonarang SDN 1 Barenglor


Dialog CALONARANG RANDA GIRAH

OPENING

Seorang pemain memainkan gunungan wayang di tengah, Calonarang


berdiri di sebelah kanan sambil tertawa, warga lari bingung, ketakutan.
Munculnya Resi Bharada di sebelah kiri mengucap “Cukup!, Sirna Ilang
Kertaning Bhumi”

-BLACK OUT-

01 Adegan I :Sendang Nggirah


Swasana :Sengsem gumyak gecul
Proprety :Sendang pancuran, grumbul wit, gisik watu, bakul kumbahan
Paraga :Retna Manggali, rewang 4, macan, repad, Bahula
Katrangan :Retna Manggali lan para rewag sami umbah umbah lan
gegojegan sacekapipun, kedadak wonten macan ingkang
nggegiro, sami ajrih jerit jerit, datengipun Bahula lan repad
mitulungi, Macan kapejahan dening Bahula.........
01 Warga 1 : Eh kae anak e Nyai Calonarang to, wes yu ayo gek bali mengko
ndak salah kedaden
02 Warga 2 : Woo iyo hooh, wes ayo gek ndang bali
03 Warga 3 : Iyo ayoo wedi aku
04 Rewang 1 : (Mrengat mrengut) wes ben malah kaline sepi
05 Rewang 2 : Iyo yu ayooo, malah isoh umbah-umbah sik penak
06 Rewang 3 : Seger banyune ayo mengko adus sisan yo yuuu
07 Rewang 1 : Ndoro, monggo enggal-enggal nyemplung
08 R. Manggali : Iyo-iyo, ati-ati lho yo
Dumadakan ana macan nggegiro, Retna Manggali lan rewang sami ajrih jerit-jerit,
Bahula lan Repad mitulungi
09 Repad : Sampun ndara, macanipun sampun mlebet wonten ngalas
10 Bahula : Maturnuwun Repad
11 R. Manggali : Aku ngaturake gedening panuwun sedulur, jalaran pitulunganmu,
aku uwal saka bebaya macan kang bakal mbadog marang aku.
12 Bahula : Tiba sepada pada adi, wis dadi kwajibaning urip, menawa kudu
demen tulung tinulungan, aku aran Bahula saka padepokan lemah
tulis, banjur siadi sapa?
13 R Manggali : Aku retna manggali, matur nuwun dene penjenengan kersa
pitepangan marang aku.
14 Bahula : Genea ora manggali, wajibing urip rak kudu srawung marang
sepadane, kaya dene srawungku lan siadi.
15 R Manggali : Hiya kakang, nanging genea penjenengan adoh saka Lemah tulis
kok nganti tumeka ing kene apa ana sedulur sing mapan ing
Nggirah kene ?
16 Bahula : Ora ana adi, aku kepingin mboktekake kabar kang ndak rungu,
menawa Nggirah kaendahan papane endah lan asri.
17 R Manggali : Yak sampeyan kuwi, kene iki ndesa kakang, adoh klawan kuta,
anane sesawangan yha reget, beda karo kuta.
18 Bahula : Tenan adi, bareng aku tumeka ing papan kene, jebul nyata
kaendahan asri kang gawe sengseming rasa
19 R Manggali : Ya mengkono kui kahanane, yawis aku njaluk pamit kakang....

D’Best Calonarang SDN 1 Barenglor


( Bade bidal ginondelan )
20 Bahula : Kosek ta, sawuse sepisan ketemu marang siadi, aku kepengen
kekancan karo koe lan tepung karo wong tuamu
21 R Manggali : Aja ...aja kok bacutake kekarepanmu kuwi ( Nangis ) kowe durung
ngerti sapa wong tuaku......
22 Bahula : Lho… lha sapa wong tuamu kui?
23 R Manggali : Wong tuaku Nyai Randa Calonarang kang kondang juru tenung.
24 Bahula : Yha gene ora adi? sanadyan wong tuamu juru tenung, aku tetep
kudu ketemu
25 R Manggali : Yowes yen koyo mengkono kekarepanmu, sik penting ojo kaget
yen ketemu karo ibuku Nyai Calonarang
Masuk, rewang ngetutne
-BLACK OUT-

D’Best Calonarang SDN 1 Barenglor


0 Adegan II : Njero omah Nggirah
2
Swasana :
Property : Dampar ( Watu linggihane Calonarang )
Paraga : Calonarang, Weksirsa, Maesa wadana, Lendi, Gandi, Larung,
Retna manggali, Bahula.
Katrangan : Calonarang kaliyan para murid pirembagan datengipun Retna
manggali laden wedang ibune.

0 Calonarang : Weksirsa lan kowe kabeh para murid muridku........ aku njaluk
1 pelapuranmu kepiye kahanan Nggirah sawuse prajurit Kahuripan
klakon mundur tanding klawan kowe kowe kabeh ?
0 Weksirsa : Menawi ningali glagat miwah kawontenan, tiyang tiyang Kahuripan
2 mila mboten bade wani malih dateng penjenengan nyai
0 M Wadana : Nyatanipun ngantos sepriki mboten wonten tanda tanda bade
3 wontenipun mengsah saking Kahuripan, lan malih…kangge paitan
menang kemawon menapa, lha wong mengsah penjenengan.
0 Calonarang : Hi hi hi ....eh eh eh...... Malah sisan gawe ora tanggung tanggung,
4 yen perlu bakal tak ransang kawibawan Kahuripan, Erlangga kudu
dadi reh rehanku Hi hi hi....eh eh eh........
0 R Manggali : ( teka laden unjukan Calonarang ) Mangga ibu unjukanipun,
5 mumpung taksih anget....... ( Terus mlebet )
0 Calonarang : ( ngulati ngadeg ) Eh cah...... saka rumangsamu kowe nek ngulati
6 Retna Manggali apa ana sing aneh ?
0 Lendi : Jane enggih nyai, ning ajeng ngeloke ajrih
7
0 Gandi : He anehe nggon endi ?
8
0 Lendi : Saiki brai dandan, tur grapyak semringah kae
9
1 Calonarang : Apa ya jalarane kok keri keri iki anaku wedok seneng atine yha ?
0
1 Larung : ( Teka ) Kula sowan nyai, atur uninga wonten tamu, kaneman
1 menawi kepareng bade sowan nyai ?
1 Weksirsa : He larung, saka pangiramu mbebayani apa ora kanoman mau ?
2
1 Larung : Ketoke ora, mbuh apa arep merdukun apa ngapa yha embuh
3
1 Calonarang : Coba ajaken mlebu ing kene........
4
1 Larung : Inggih nyai ( Bidal .... mlebet malih kaliyan Bahula )
5
1 Bahula : Kula ingkang sowan nyai, sungkem kula katur......
6
1 Calonarang : Hi hi hi ....eh eh eh... genep trapsilamu, yoh tak yrima, sapa
7 jenengmu lan ngndi omahmu ?
1 Bahula : Kula nami Bahula, saking Lemah tulis
8
1 Calonarang : Saka lemah tulis ?.......... yen ngono kowe ngerti karo Resi Barada ?
9
2 Bahula : Goroh waleh punapa kula kaleres putranipun.
0
2 Calonarang : Hi hi hi....eh eh eh.......anake Resi Barada eh eh eh....... ana karep
1 apa kowe teka ing Girah kene he Bahula, apa di kongkon karo
bapakmu?, arep lik elik anggonku dadi juru tenung ? Hiya ?
2 Bahula : Mboten nyai, nanging sowan kula menika mila pikajeng kula
2 piyambak, nanging Bapa Resi mila ugi mangesthoni.

D’Best Calonarang SDN 1 Barenglor


2 Calonarang : Kosik, kowe duwe perlu apa teka kene ?
3
2 Bahula : Nyuwun pangapunten sakderengipun nyai, estunipu kula mila
4 sampun sarembag kaliyan adi Retna Manggali, bilih niating manah
kula, kula kepingin bebrayan kaliyan adi Retna Manggali.
2 Calonarang : He piye !? sing ceta nggonmu matur
5
2 Bahula : Sowan kula mila niat ngebun ebun enjang anjejawah sore, nglamar
6 dateng ingkeng putra Retna Manggali.
2 Murid Bareng : Lha rak tenan tha !
7
2 Calonarang : Hus gawe kaget ! Tenan apane ?
8
2 M Wadana : Ingkang putra sing ngowah owahi padatan
9
3 Calonarang : Wis menenga kowe! He Bahula, apa karepmu mau wis kok pikir
0 sing tenanan ? lan wong tuwamu wis menehi idi tenan ?
3 Bahula : Sampun nyai, tiyang sepuh kula mila sanget jumurung.
1
3 Calonarang : Retna Manggali kuwi prawan kasep ki ?
2
3 Bahula : Mboten dados punapa nyai.
3
3 Calonarang : Anake tukang tenung ki?
4
3 Bahula : Kula saestu tresna lair bathin nyai.
5
3 Calonarang : ( Ngundang ) Nduk cah ayu Manggali renea ngger........
6
3 R Manggali : ( Teka ) Wonten dawuh ibu ?
7
3 Calonarang : Coba sawangen bocah lanang kae apa kowe tepung ?............ piye !
8 ngerti apa ora kowe ngger ?
3 R Manggali : ( Isin ) nggih....kula ngertos ibu.......
9
4 Calonarang : Sapa jenenge ?
0
4 R Manggali : Kakang Bahula ibu
1
4 Calonarang : Ngene ngger cah ayu, tekane Bahula iki ana niat nglamar kowe,
2 bakal di ajak urip bebrayan, ibu manut kowe, yen kowe nampa lan
gelem dadi bojone, ibu mung mangesthoni, nanging yen kowe ora
gelem, ibu ora wani meksa, ....... coba wangsulana ngger.......
4 R Manggali : Kula.... kula purun ibu
3
4 Murid bareng : ( Nggetak ) Lha rak apa tha
4
4 Calonarang : Ngaget ngageti! Kana sumingkir kana.........
5
4 Murid : Inggih nyuwun pamit nyai ( Sami bidal )
6
4 Calonarang : Yha wis yen ngono wis ora ana barang kang angel, pun ibu bakal
7 nyamektakake kanggo temantenanmu, kowe sakarone pada ana
kene........ ( Bidal )
4 Bahula : Adi wis tak wujudi karepku ana pengarepane ibumu
8
4 R Manggali : Matur nuwun kakang
9

D’Best Calonarang SDN 1 Barenglor


-BLACK OUT-

D’Best Calonarang SDN 1 Barenglor


0 Adegan III : Emperan omah desa Nggirah
3
Swasana : Regeng
Property : Lincak pot kembang
Paraga : Rewang, repad, Retna manggali, Bahula.
Katrangan : Rewang, repad sami reraosan nggenipun Bahula lan Retna
Mangggali gesang bebrayan sampun lagkung selapan dinten........
datengipun Retna Manggali kaliyan Bahula, Repad rewang sai
kesah mlebet.

0 R Manggali : (Retna Manggali nyepaki unjukan)......jane ana apa tha kakang


1 kok sampeyan keri keri iki amung ngalamun
0 Bahula : Ora ana apa apa kok.....
2
0 R Manggali : Sampeyan aja nggorohi aku kakang, mbok yha blaka marang aku
3 kakang, apa sampeyan kangen karo Nyai lan Resi Bharada?, yen
hiya aku uga ora niat nggondeli sampeyan niliki ing lemah tulis.
0 Bahula : Pancen bener jalaran wis suwe aku ninggal lemah tulis, nanging adi,
4 baliku kudu bebarengan karo kowe, lan gelema urip bebarengan ana
Lemah tulis.
0 R Manggali : Aku mung manut karo kersamu kakang.
5
0 Bahula : Adi sing dadi susahing atiku uga bab pakartine ibumu, genea nganti
6 wektu iki, ora mandeg anggone tumindak neluh lan nenung, kang
njalari swasana ora tentrem.
0 R Manggali : Mbok menawa sampeyan yha ngerti kakang, menawa ora kendat aku
7 elik elik lan ngelingake ana ngersane ibu, nanging nyatane kabeh
aturku ora di paelu.
0 Bahula : Lho yen jalarane ibumu nenung marga sliramu durung rabi, kuwi
8 rak wingi, nanging saiki sliramu wus ndak wengku, kudune ibumu
mandeg anggone gawe Wisuna kawula Kahuripan.
0 R Manggali : Banjur aku kudu kepiye kakang, nyatane kabeh pambudi dayaku,
9 gagar wigar tanpa gawe? malah ibu srengen marang aku.
1 Bahula : Aku lan kowe kudu bisa nentremake swasana iki, mesakna para
0 kawula kabeh kang ora weruh dosa luput, kena tenunge
ibumu........Awit saka iku, sliramu mlebua ing patunggone ibumu
kang kanggo sesaji nenung........ colongen kitab mantra kang dadi
srana anggone neluh, lan mengko wenehna aku
1 R Manggali : Kakang, ibu mesti nesu banjur aku lan kowe kepiye ?
1
1 Bahula : Aja wedi, sawuse kitab Mantra wus ana ing tanganmu, aku lan kowe
2 daya daya ninggal Girah, tumuju ana ing Lemah tulis...... Sumpahku
aku bakal ngayomi lan nresnani siadi nganti salawase urip.... Saguh
tha sliramu ?........ mengko bengi sawise ibumu sare colongen
kitabe.....
1 R Manggali Iya kakang ( Kaliyan mlampah mlebet )
3
1 Calonarang : ( teka ngulati gethun ngelus dada lungguh ) S L O T .
4
-BLACK OUT-

D’Best Calonarang SDN 1 Barenglor


0 Adegan IV : Sanggar pamujan Nggirah
4
Swasana : Wingit tintrim
Property : Uborampe sesajen, kutug menyan anglo, Kitab Mantra
Paraga : Retna manggali, Calonarang
Keterangan : Retna manggali lan Bahula alon alonan nyolong kitab, laju
kesah, Calonarang teka ngulati.......

Murid 1 : Kabeh wes diubengi to?, koyone wes aman


Murid 2 : Iyo wes aman,
Murid 1 : Yowes ayo saiki awak e dewe ngaso
Retna manggali lan Bahula mlebu nyolong kitab
0 Calonarang : Ora apa apa ngger..... ibu lila, jer kowe urip tentrem salawase, aku
1 satenane wis ngerti, apa lan kepiye si Bahula anake Resi
Barada.....ora papa, ngger, ruwatku pancen kudu Resi Barada kang
nyampurnake patiku ngger......... ( S L O T ).
-BLACK OUT-

D’Best Calonarang SDN 1 Barenglor


---------ADEGAN V DAGELAN----------

Dalan (Wit-witan, watu, gedhang)


Juminten Wes wes leren sik, karo ngaso nunggu Paiyem golek pangan
Paijo Hoo iki joget terus marai ngeleh, ki lho cacing neng wetengku
melu joget krugel krugel
Paimin Lha yo joget weteng ngeleh wes ra semangat
Mbendol mlebu joget
Paijo Ndol, heh ndol ngopo koe kui
Juminten Lha mbendol kesurupan kui (Juminten geret klambine
Mbendol) Paijooo iki sebulen sik!
Paijo nyekel sirah e mbendol trus disebul
Mbendol Wuambune joooo koe kui bar mangan opo,
Paijo Mosok to Ndol…wooo iyo mambu jebule, jabakno aku urung
mangan ki
Paimin Lha koe kui gamelan e wes mandeg kok iseh mleteeer ae
Mbendol Woolha puenak e nemen kok, aku yo muk ngetutne cacing
sikjoget
Painem Haiyah wes yen ngeleh ki do meneng o akit mau do iyik ae,
Paijo Wes pokokmen gandeng aku gede dewe berarti aku nko sik
mangan disik
Paimin Yo ngono kui ra gede-gedenan Jo, yen gede aku yo wes gede
Jum & Jo Gede apane?
Paimin Iki lho gede wetengku
Mbendol Heee kosek luuur, senadyan awakku cilik manganku ki paling
akeh dadi penak e aku disik
Paiyem Kene-kene iki lhooo tak gawakne guedang guedhi-guedhi
Juminten Eeiits kosek iki lo malah do arep rebutan disik-disikan sik
arep mangan
Paiyem Hoooraaaa isoooh, dadi bocah kui kudu podo rukun
Painem Yowes, yowes ngene ae saiki dolanan ngurutne huruf
sopo sik oleh huruf M kui nko oleh jatah mangan
Paiyem Wes yo rapopo, ayo Ndol koe melu to, jare koe cah pinter
Mbendol Wooo yo genah melu, kosek kosek tak golek wangsit sik
Painem, Paijo, Paimin nyerak rembugan
Paijo: pokoke Mbendol dipukili yo
Painem: hooh ben kuapok
Juminten Wes gek ayo diwiwiti
Painem Yowes aku tak neng kene
(Painem-Paimin-arep menang Paijo trus direbut Mbendol)

D’Best Calonarang SDN 1 Barenglor


Juminten Mulakno Ndol ojo keset-keset, ojo muk gleleng tok, sekolah o
ben pinter!
Mbendol Lha terus ben pinter kudu sekolah ngendi?
Paijo Sekolah o neng
Bareng-bareng (SD Negeri Siji Barenglor)
Mbendol Lah apik e opo sekolah neng SD Negeri Siji Barenglor?
Painem SD Negeri siji Barenglor kui dadi salah sijine Sekolah
Penggerak neng Kabupaten Klaten
Mbendol Sik-sik Sekolah Penggerak kui po sekolahane gaweane gerak
jalan po piye?
Paiyem Haiyah Mbendoool, Sekolah Penggerak kui duwe tujuan ndidik
siswane ben dadi siswa sing duweni karakter Pelajar
Pancasila
Mbendol Wah lah opo ae kui karakter Pelajar Pancasila?
Paijo Rene Ndol dirungokne!
Juminten Ayo urut ben ra bingung!
Siji: Beriman dan bertakwa kepada Tuhan YME dan
berakhlak mulia
Painem Loro: Berkebhinekaan Global
Paiyem Telu: Bergotong Royong
Paijo Papat: Kreatif
Paimin Limo: Bernalar Kritis
Bareng-bareng (Enem: Mandiri)
Mbendol Yoh, aku gelem sekolah neng SD Negeri Siji Barenglor
Juminten Naaah ngono kui bene koe kui dadi bocah sik …cerdas!
Bareng-bareng (Cerdas)
Paiyem Yowes yen ngono ayo gek nyusul Bendarane neng Lemah Tulis
Painem Kosek ayo ngaturke panuwun kagem
Siji: Bupati Klaten
Juminten Loro: Dewan Kesenian
Paijo Telu: Omah Wayang
Paimin Papat: Keluarga Besar SD Negeri Siji Barenglor
Paiyem Limo: kabeh sik nyengkuyung FKP tahun iki sik ra isoh
disebutne siji siji
Mbendol Muga-muga Budaya Jawa tetep lestari
Juminten Wes ayo gek mangkat
Bareng-bareng (Hooh ayo-ayo)
-BLACK OUT-

D’Best Calonarang SDN 1 Barenglor


05 Adegan VI : Padepokan lemah tulis
Swasana : Regeng
Property : Lincak kursi, Buku
Paraga : Nyai Bharada, Bahula, Retna Manggali, Rs Barada
Katrangan : Nyai Bharada nyapu sok sok mandeg nglamun, datengipun Bahula lan
Retna Manggali,
01 Warga : Monggo Nyai
02 Nyai Bharada Njih monggo
Bahula lan Retna Manggali mlebu
03 Bahula : Ibu..........
04 Nyai Bharada : Ngger, anakku..... ( Nyedak ngrangkul )
05 Bahula : ( Udar ) Ibu ingkang ageng pangapuranipun, dene nembe sakmenika kula
wangsul ing lemah tulis
06 Nyai Bharada : Aku ngerti ngger, balimu mboyong bojomu Retna Manggali.........
07 R manggali : ( Maju ngrangkul ) Matur nuwun ibu........ matur nuwun,
08 Nyai Bharada : Iyo nduk bungah rasaku, awit saka iku anggonmu bebrayan karo anakku
sing pada rukun
09 R manggali : Njih ibu
10 Rs Barada : ( Teka ) Kowe Bahula.........
11 Bahula : Sungkem kula bapa
12 Rs Barada : Tak trima, apa iki sing jeneng Retna manggali ?
13 R manggali : Leres bapa kula Retna manggali anakipun ibu Calonarang. Sungkem kula
katur bapa
14 Rs Barada : Hiya tak trima Manggali, kepiye kahanane ibumu ngger ?
15 R manggali : Pangestu penjenengan ibu mboten kirang punapa punapa bapa
16 Rs Barada : Sokor sokor yen mengkono, kana Nyai ajaken mlebu kareben leren ana
ing pepungkuran anakmu Manggali.
17 Nyai Bharada : Inggih Resi....ayo ngger ( Nyai Bharada lan manggali bidal )
18 Rs Barada : Kepiye Bahula anggonmu mbudi daya murih ibumu Calonarang leren,
anggone nyebar teluh ?
19 Bahula : Nyuwun duka, kula lan adi Manggali sampun mbudi daya murih lerem
anggenipun ibu nyebar teluh, nanging sedaya mboten kapaelu, tumunten
adi Manggali ndusta kitab mantra srananipun ibu Calonarang, lajeng
kanti dedemitan kula wangsul ing Lemah tulis mriki mboten pamit
bapa.......
20 Rs Barada : Yen ngono, aku kudu engal enggal tumuju ing Nggirah..
21 Bahula : Kok ngaten bapa......
22 Rs Barada : Aja nganti Lemah tulis dadi ajang nesune Calonarang, mara wenehna aku
Kitab mantrane Calonarang, tak rembuge kanti aris
23 Bahula : ( Ngulungke buku ) Mangga bapa, punapa kula kadawuhan nderek?
24 Rs Barada : Kowe lan Manggali kudu melu ing Lemah tulis, nanging aja bareng
klawan lakuku, becik sumusul wae.
25 Bahula : Ngesthokaken dawuh bapa...... ( Barada lan murid bidal Bahula mlebu )
SLOT
-BLACK OUT-

D’Best Calonarang SDN 1 Barenglor


06 Adegan VII : Kuburan laladan Girah
Swasana : Wingit angker
Property : Kuburan, Bontotan mayit, keluk, wos dor, grumbul wit, buku
Paraga : Weksirsa, M. Wadana, Lendi, larung, Gandi ( malihan Teluh ), Resi
Barada, Calonarang, Bahula, R Manggali
Katrangan : Teluh malihane murid Nggirah, mbongkar kuburan ngetoke mayit, ka
poteng poteng kamangsa kroyokan..........tekane Rs Barada namani aji
murid Nggirah mati, Weksirsa lan M. Wadana tobat teluk, njaluk
karuwat.......
01 Weksirsa : Resi kersaa panjenengan paring aksama dumateng kula
02 M Wadana : Semanten ugi kula Resi kersaa paring pangapunten dateng lepat kula
03 Rs Barada : Kang wenang paring pangapura iku Gusthi kang murba kawasa utawa
Sang Hyang Widi Wase, jer kowe mertobat kanti tulus.
04 Weksirsa : Menawi mekaten Resi kula saestu mertobat, mboten bade mangsuli
makarti awon resi, awit saking menika kersaa panjeengan paring
nedahaken margi kanggi pamratobat kula resi ?
05 R Barada : Aku bakal nuduhake dalan kanggo tobatmu, kanti cara kowe sakarone
bakal ndak ruwat, nanging elinga, Pangruwatan mau upacara suci kanggo
ngilangi sesuker ing awakmu, dene sabanjure, gumantug kowe dewe, apa
pilihaning uripmu, sing pilian mau kabeh ana pikolehe, yha iku Swarga
lan Nraka.
06 Sareng : Njih kula ngertos resi...........
07 Rs Barada : Kanggo mboktekake pamratobatmu, aku njaluk, kowe sakarone pisan
balia ketemua Nyai Calonarang, kandaa supaya nemoni aku ing papan
kene.
08 Weksirsa : Inggih ngesthokaken ........ ( Murid kekalih lajeng bidal )
09 Calonarang : ( Teka ) Hi hi hi....eh eh eh....wilujeng rawuhipun besan.....kenging
menapa kok namung kandeg ing papan punika, mangga besan, kula
derekaken ing rompok kula
10 Rs Barada : Banget panarimaku nyai, sing gede pamengkumu aku ora bisa tumeka
ing Girah,
11 Calonarang : Hi hi hi ....eh eh h.... sampeyan wedi kelepetan dosa nggih besan?, yen
mertamu ten omah kula sing tukang tenung niki inggih ?......
12 Rs Barada : Awit saka iku nyai panjalukku, aja kok bacutake anggonmu tumindak
kaya mengkono iku, eling kuwi tumindak sasar sing dadi laranganing
agama lan negara.........
13 Caloarang : Negara?.......Napa pun pas negara kok nyampuri urusaning kawula cilik
kaya kula niki sing ngurus anake dewe sing di ina lan di wirang
wirangake karo nguwong.
14 Rs Barada : Nanging tumindakmu mau banjur ampyak awur awur, nyatane, korban
kang ketaman akeh, kepara nerak kawula kabeh ora pilih pilih ing
Kahuripan
15 Calonarang : Iku upami utang, pinangka anakanipun besan........ndika ora wani
tumindak dewe njur kongkon Bahula sing pun dadi mantu kula, kon
mbujuk anak kula Manggali dadi bojone, trus wekasan kon nyolong
Buku Mantra piandel kula lan pengapesan kula ...inggih tha ?
16 Rs Barada : Kowe ngerti kabeh nyai ?
17 Calonarang : Hi hi hi....eh h eh...Kula ngerti besan, kala wengi Manggali nyolong
Kitab Mantra, kula weruh....kula ngerti besan
18 Rs Barada : Genea kowe ora alok lan ngelikake ?
19 Calonarang : Mboten........Urip kula kanggo anak, kula weruh lan ngerti yen anak kula
nemoke kabagyan kaliyan Bahula, kula ora mentala ngrusak kabagyane,
mula kula yha mung meneng, yen perlu, nyawa kula lilake kanggo
kamulyane anak. Kula ora nesu, upama nesu sepira banggane Bahula,
kula remet mesti lebur, nanging kula lila kanggo anak kula Retna
manggali, eman eman Besan, jeneng sampeyan sing pun kaloka, genea
ndadak nganggo karti sampeka kaya ngaten sing mung kanggo ngalahke
Randa tuwek elek saka Girah niki hi hi hi....eh eh eh..........
20 Rs Barada : Nyai aku ora niat pasulayan karo kowe, pakartiku mau mung kepingin

D’Best Calonarang SDN 1 Barenglor


ngajak sliramu bali ana dalan kang bener, aja nggunakake teluh, tenung
lan santet, mula ayo leren wiwit dina iki, ayo memayu hayuning jagat
kanti dalan kautaman.
23 Calonarang : Oraa......Aku tetep arep nyebar teluh ana ing Kahuripan, jalaran iki
pilianing uripku.......
24 Rs Barada : Apa kelakon aku kudu pasulayan karo kowe kang wis dadi kluwarga
25 Calonarang : Lha yen sampeyan nekat ngelike, yo ayo kudu pasulayan....ayo di coba
sekti endi, aku apa koe...............
26 Rs Barada : Ngono karepmu.....Majua kowe ! ( Dados perang tanding, babag,
wekasanipun Rs Barada ngedalaken Kitab Mantra ) He Nyai sawangen
Kitab Mantra iki dununging apesmu ( Lajeng Ka obong )
27 Calonarang : ( Ambruk muntah getih sekarat ) Aduh mati aku ............
28 R Manggali : ( Teka karo Bahula Nubruk mangku Calonarang )
Ibuuuuuuu !!!.......kula nyuwun pangapunten ibu.....kula nyuwun
pangapunten ibu......
29 Calonarang : ( Pedot pedot ) Kowe...o...ra lu luput ngger......ibu kaya ngene iki mung
kanggo....kabagyane uripmu Manggali........ Bahula tresnana
Manggali....kaya tresnaku marang kowe sakarone............
Besan......Inggih kanti pejah kula ing tangan penjenengan punika ingkang
dados pangajabing manah........
30 Rs Barada : Genea kaya mengkono nyai, satenane ora kudu kaya ngene rampunging
perkara iki...
31 Calonarang : Dosa lan kaluputan kula mboten wonten pangapura malih ing jagat niki
besan, awit saking punika, kudu penjenengan ingkang nyampurnakaken,
kanti pangruwatan suci, lan penjenengan ingkang kedah ngruwat jasad
kula.............
Mangga Besan kula aturi nguntabaken nyawa kula...kanti pangruwatan
panjenengan. mangga Resi........ mugi sempurna pejah kula......
32 Rs Barada : Hiya nyai, ayo kowe uga nyuwuna pangapura ana ngersaning Sang
Hyang Widi wase.............. Aku kang nuntun lakumu .....
( Maca Mantram pangruwatan ..... )
Suro Dira Jayaningrat
Lebur Dening Pangastuti
Sirno Ilang Kertaning Bumi
Rahayu Rahayu Rahayu
31 Calonarang : Kula nyuwun aksami duh Sang Hyang Widi......Kula nyuwun apunten
duh sang Hyang widi..............
( Mati Manggali jerit ngungkebi Ibune IBUUUU........... )

Jaka krisnanto

Omah wayang Klaten

D’Best Calonarang SDN 1 Barenglor


Drap Adegan ( Keliran )

CALON ARANG RANDA GIRAH


01 Adegan I : Sendang Nggirah
Swasana : Sengsem gumyak gecul
Proprety : Sendang pancuran, grumbul wit, gisik watu, bakul kumbahan
Paraga : Retna Manggali, Rewang 2, Macan, Repad, Bahula
Katrangan : Retna manggali lan para rewang sami umbah umbah lan gegojegan
sacekapipun, kedadak wonten macan ingkang nggegiro, sami ajrih jerit
jerit, datengipun Bahula lan repad mitulungi, Macan kapejahan dening
Bahula.........
02 Adegan II : Njero omah Nggirah
Swasana :
Property : Dampar ( Watu linggihane Calonarang ), Uborampe
Paraga : Calonarang, Weksirsa, Maesa Wadana, Lendi, Gandi, Larung, Retna
manggali, Bahula.
Katrangan : Calonarang kaliyan para murid pirembagan datengipun Retna manggali
laden wedang ibune.
03 Adegan III : Emperan omah desa Nggirah
Swasana : Regeng
Property : Lincak, pot kembang
Paraga : Rewang, Repad, Retna manggali, Bahula.
Katrangan : Rewang, repad sami reraosan nggenipun Bahula lan retna mangggali
gesang bebrayan sampun lagkung selapan dinten........ datengipun Retna
manggali kaliyan Bahula, Repad rewang sai kesah mlebet.
04 Adegan IV : Sanggar pamujan Nggirah
Swasana : Wingit tintrim
Property : Uborampe sesajen, kutug menyan anglo, Kitab Mantra
Paraga : Retna Manggali, Calonarang
Keterangan : Retna manggali alon alonan nyolong kitab, laju kesah, Calonarang teka
ngulati.......
05 Adegan V Dagelan ana ing dalan
Wit-witan, watu
06 Adegan VI : Padepokan lemah tulis
Swasana :
Property : Lincak kursi, Buku
Paraga : Bahula, Retna Manggali, Nyai Bharada, Rs Barada
Katrangan : Widowati resik resik, sok sok mandeg nglamun, datengipun Bahula lan
Retna manggali.,
07 Adegan VII : Kuburan laladan Girah
Swasana : Wingit angker
Property : Kuburan, bontotan mayit, keluk, wos dor, grumbul wit, buku
Paraga : Weksirsa, M. Wadana, Lendi, Larung, Gandi ( malihan Teluh ), Resi
Barada, Calonarang, Bahula, R Manggali
Katrangan : Teluh malihane murid Nggirah, mbongkar kuburan ngetoke mayit, ka
poteng poteng kamangsa kroyokan..........tekane Rs Barada namani aji
murid Nggirah mati, Weksirsa lan M. Wadana tobat teluk, njaluk
karuwat.......

D’Best Calonarang SDN 1 Barenglor


Paraga

CALONARANG RANDA GIRAH


No Tokoh Nama Pemain NISN
01 Calonarang Chiela Marsha Calyca Deco 0118260565
02 Retna Manggali Pravinda Putri Azzahra 0126831299
03 Bahula Andreas Krisna Febriyanto 0129202726
04 Resi Barada Muhammad Ismail 0113447473
05 Nyai Resi Cinantya Candhani Alfianda 0117950840
06 Repad Muhammad Alif Ridwan 0117468849
07 Weksirsa Rindi Faisa Azzahra 0123225707
08 Maesa Wadana Andhik Wicaksono 0115076622
09 Lendi Dinara Safina Wardhani 0114775259
10 Lerung Olivia Nasya Putri 0122434988
11 Gandi Farelio Keyzaskie 0119475038
12 Murid 1 Havis Armeindra Eka Pratama 0126008680
13 Murid 2 Fauzan Irfian Yudhatama 3129548746
14 Murid 3 SatrioAlit Mandala Putra 0113699859
15 Murid 4 Ehab Madhia Muhana 0118648381
16 Warga 1 Berlyan Senuari Elsya Putri 0132761712
17 Warga 2 Nouretha Artika Putri 0124433236
18 Warga 3 Aisha Najma Xabiantha Valleriene 0112856563
Putri Wijayanto
19 Dagelan 1 Muhammad Abid Riqif Qusyoyyi 0101231521
20 Dagelan 2 Rendra Pratama Saputra 0117893615
21 Dagelan 3 Bima Anggara Saputra 0106712720
22 Dagelan 4 & rewang e Retno Manggali Qwaan Indira Faiza 0111331992
23 Dagelan 5 & rewang e Retno Manggali Desi Maharani 0102716794
24 Dagelan 1 & rewang e Retno Manggali Lavina Gilda Teria 0119738627
25 Macan Yardan Nur Akil Muqsit 0119217679

D’Best Calonarang SDN 1 Barenglor


CREW PRODUKSI CALONARANG

No Nama Keterangan NISN


1 Sidik Wikantoro Sutradara
2 Alex Prasetyo Koordinator property
3 Henny Megasari Tim Property
4 Naufal Feasna subagya Tim Property 0101568817
5 Arfan Budi Muhana Tim Property 0106406111
6 Arya Prasetya Tim Property 0114729865
7 Muhammad Saiful Anwar Tim Property 0118545462
8 Muhammad Nur Yusuf Tim Property 0101627875
9 Bima Pato Pamungkas Tim Property 0091009052
10 Rachaelya Jati Azzahra Tim Property

D’Best Calonarang SDN 1 Barenglor


LIGHTING CALONARANG

Adegan 1 Sendang Nggirah


Sengsem gumyak gecul

Adegan 2 Njero Omah Calonarang


Siang hari, wingit

Adegan 3 Ngarep omah Calonarang


Siang hari, tenang

Adegan 4 Sanggar pamujan


Malam hari, tintrim

Adegan 5 Dalan (Dagelan)


Siang hari, sengsem gumyak gecul

Adegan 6 Padepokan Lemah Tulis


Siang hari, tenang

Adegan 7 Kuburan
Siang hari, tegang

D’Best Calonarang SDN 1 Barenglor


PROPERTY CALONARANG

Adegan 1 Sendang Nggirah


Kali, watu, wit-witan, klambi, bakul wadah klambi

Adegan 2 Njero Omah Calonarang


Dampar, uborampe sesajen

Adegan 3 Ngarep omah Calonarang


Lincak, kembang

Adegan 4 Sanggar pamujan


Uborampe sesajen, peti wadah kitab, kitab, senthir, oncor

Adegan 5 Dalan (Dagelan)


Wit-witan, watu

Adegan 6 Padepokan Lemah Tulis


Linchak, bakul wadah klambi, klambi, wit-witan

Adegan 7 Kuburan
Bontotan mayit, watu, wit-witan

D’Best Calonarang SDN 1 Barenglor


SURAT KETERANGAN VAKSIN

Saya yang bertanda tangan di bawah ini:

Nama : TH. Wiwik Dwi Astuti Mardi Wahyuni, S.Pd.,M.Pd.

NIP : 19650909 198608 2 003

Jabatan : Kepala Sekolah Dasar Negeri 1 Barenglor

Menerangkan bahwa, seluruh pemain dan tim produksi ketoprak SDN 1


Barenglor telah melaksanakan vaksinasi covid 19.

Demikian surat keterangan ini dibuat, agar dapat digunakan yang sebaik-
baiknya.

Klaten, 11 November 2022


Kepala Sekolah

TH. Wiwik Dwi Astuti MW, S.Pd.,M.Pd.


NIP. 19650909 198608 2 003

D’Best Calonarang SDN 1 Barenglor


LAMPIRAN KETERANGAN VAKSIN

No Nama Pemain Vaksin 1 Vaksin 2


01 Chiela Marsha Calyca Deco Sudah Sudah
02 Pravinda Putri Azzahra Sudah Sudah
03 Andreas Krisna Febriyanto Sudah Sudah
04 Muhammad Ismail Sudah Sudah
05 Cinantya Candhani Alfianda Sudah Sudah
06 Muhammad Alif Ridwan Sudah Sudah
07 Rindi Faisa Azzahra Sudah Sudah
08 Andhik Wicaksono Sudah Sudah
09 Dinara Safina Wardhani Sudah Sudah
10 Olivia Nasya Putri Sudah Sudah
11 Farelio Keyzaskie Sudah Sudah
12 Havis Armeindra Eka Pratama Sudah Sudah
13 Fauzan Irfian Yudhatama Sudah Sudah
14 SatrioAlit Mandala Putra Sudah Sudah
15 Ehab Madhia Muhana Sudah Sudah
16 Berlyan Senuari Elsya Putri Sudah Sudah
17 Nouretha Artika Putri Sudah Sudah
18 Aisha Najma Xabiantha Valleriene Sudah Sudah
Putri Wijayanto
19 Muhammad Abid Riqif Qusyoyyi Sudah Sudah
20 Rendra Pratama Saputra Sudah Sudah
21 Bima Anggara Saputra Sudah Sudah
22 Qwaan Indira Faiza Sudah Sudah
23 Desi Maharani Sudah Sudah
24 Lavina Gilda Teria Sudah Sudah
25 Yardan Nur Akil Muqsit Sudah Sudah
26 Sidik Wikantoro Sudah Sudah
27 Alex Prasetyo Sudah Sudah
28 Henny Megasari Sudah Sudah
29 Naufal Feasna subagya Sudah Sudah
30 Arfan Budi Muhana Sudah Sudah
31 Arya Prasetya Sudah Sudah
32 Muhammad Saiful Anwar Sudah Sudah
33 Muhammad Nur Yusuf Sudah Sudah
34 Bima Pato Pamungkas Sudah Sudah
35 Rachaelya Jati Azzahra Sudah Sudah

D’Best Calonarang SDN 1 Barenglor

Anda mungkin juga menyukai