Anda di halaman 1dari 11

Drama Keong Mas Bahasa Jawa

BABAK 1
Ing keraton Daha, ono rojo kang duweni asma Raja Daha lan duwe anak 2 kang ayu rupane. Putri
CandraKirana yaiku putrid kang ramah lan ayu. Dewek e arep dinikahno karo pangeran saka Keraton
Kahuripan kang asma Raden Inu Kertapati.
RD :Anakku, mreneo !
CK :wonten menopo romo?
Ga :menopo Romo inggih nimbali kulo?
Rd :iyo anakku, ana seng arep tak sampekno menyang kowe kabeh, mene Raden Inu Kertapati soko
keraton Kahuripan arep teko mrene.
Ga :lajeng wonten menopo Romo? Wonten hubunganipun menopo kaleh kulo lan mbk yu Romo?
Rd :Romo wes gawe perjanjian karo Romone, yen Romo arep nikahno salah sijine soko anakku karo
Raden Inu Kertapati.
Ga :sinten engkang bade dipon nikah aken kaleh Raden Inu Romo?
Rd :aku lan romone Raden Inu wes sepakat yen Raden Inu Kertapati arep dinikahno karo Candra Kirana.
Ck :matur suwun sanget Romo. Kula bungah banget, nggeh niki seng kula impi - impi aken wiwit kula
tasek alit.
rd :temen ta iku? Yen ngunu pancen ora salah Romo milih awakmu kanggo calon bojone Raden Inu . Ayo
bareng bareng ndang disiapno kanggo nyambut tekane Raden Inu Kertapati.
Raja Daha lan Candra Kirana ninggalno ruangan kang sak iki mung ana Galuh Ajeng, Candra Kirana lan
Romone ngroso bungah ambek pernikahan iki. Ananging Galuh Ajeng nduweni roso liyo, yaiku mangkel
lan keciwo.
GA :aku ora setuju karo pernikahan iki. Opo' o kok Candra Kirana seng dipilih, kok duduk aku? Padahal
aku jelas luwih ayu soko dewek'e. Iki bener bener ora adil, mung aku siji sijine wanito seng pantes dadi
bojone Raden Inu.Sak iki opo seng mesti tak lakoni? Aha.....,,,,,,
BABAK 2
Galuh Ajeng kang nduwe nia tolo marang Candra Kirana. Cepet cepet budal nang alas.
GA :kulo nuwun, nopo wonten tiang ten mriki?
P : ooh nggeh, monggo mlebet cahayu, mreneo
Ga :nggeh
P :awakmu pingin aku ngelakoni opo?
Ga :kulo pingin pernikahan Candra Kirana kaleh Raden Inu Kertapati di wurungaken.
P : oh yo, aku ngerti maksudmu. Terus kowe pingin Candra Kirana tak apakno?
Ga :sedanten kulo serahaken sampean, seng jelas kulo pingin Candra Kirana susah.
P :zowes, aku bakal ngutuk Candra Kirana, sehinggo dewek e ora iso nikah ambek Raden Inu
Ga :matur suwon nggeh, kulo seneng nyuwun bantuan nang penyihir seng kados sampean. Niki arto
kangge DP ne,mangke yen kutukan sampean pon hasil. Kulo tambahi maleh seng katah.
P :mesti wae, wes sak iki aku tak nyepakno kutukan kanggo dewek e.
Ga :kulo enteni kabar saking sampean. Sampon kulo tak nyuwun pamit.
Ha...,,ha.,,,,ha...
BABAK 3
Sawise njalok bantuan nang penyihir. Galuh Ajeng mulih menyang kraton, kepingin ketemu Romone.
Ga :Romo.. Romo.... Romo wonten pundi? Wonten ingkang bade kulo aturaken.
Rd :ono opo anakku?
Ga :niki masalah Candra Kirana Romo.
Rd : Ono opo ambek Candra Kirana?
GA : niki kulo nemok aken layang kang ditulis kaleh Candra Kirana ten kamare kangge pengawal
Rd : Opo? Dasar bocah nakal, wes arep di nikah kok malah pacaran karo pengawal. Kurang ajar iku.
Ga : sabar Romo sabar
Rd : Kirana..... Kirana....
Ck : Wonten menopo Romo?
Rd : Ki wocoen!
Kok wani - wanine awakmu yo....!!
Ck : Oh. Niki fitnah Romo. Kulo mboten nate nglampahi niki Romo. Saestu Romo, percados kaleh kulo.
Rd : cukup Kirana. Metu awakmu soko kraton kene! Metu ambek pengawal kurang
ajar iku.
Ck : namung Romo...
Rd : metuuu....
BABAK 4
Candra Kirana atine sedih banget lan dewek e terus lungo ninggalno kraton. Dewek e lungo menyang
pantai lan ndok pantai ketemu mbek penyihir.
P : hahaha. HaiCandra Kirana yo opo kabarmu hah? Ketok e dino iki awakmu sedih banget ha.. ha..
Ck : sinten sampean? Nopo'o wajah sampean kok olo sanget?
P : meneng o ! Aku mrene kanggo ngutuk awakmu dadi keong. Dulur macem opo dulurmu iku, kok
kepingin aku ngutuk awakmu. Awakmu eroh ta, dewek e ora setuju ambek pernikahanmu ha...ha...ha...
Ck : opo? Galuh ajeng arep ngutuk aku!
P : Yo iyo dasar wong wadon bodo, rasakno iki!!! ABROKOKOK! Ha ha ha
Ck : Aaaa! !!!!!!
P : Ha...ha awakmu dadi manungso mung yen awan, nanging yen bengi mbalek dadi keong maneh.
kutukan iki bakal ilang yen awakmu ketemu Raden Inu Kertapati ha...ha...ha..
BABAK 5
Candra Kirana wis dikutuk dadi keong mas lan gemletak nang pantai desa Dadapan. Salah sawijine dino
ono wong wadon kang lagi golek iwak ing pantai. Dewek e nemok no keong mas iku, terus digowo moleh.
N: oh , keong kang apik, aku arep gowo keong iki moleh.
Sak tekane ing omah, mbok Rondo nyimpen keong mas ing panggonan kang aman. Banjur dewek e ngaso,
lungguh ing kursi.
N : huh sampek yamene aku kok gorong oleh iwak, aku kudu golek maneh, yen gak oleh iwak, aku
mengko mangan opo?
CK : lho lalapo aku kok iso enek nang kene? O iyo mau lak enek mbah sing nggowo aku. Saknone rek
mbah iku kanggo mangan ae dewek kudu golek iwak disek, aku arep tuku panganan kanggo dewek e.
Ambek duwek seng digowo soko keraton. Kirana tuku pangananseng enak2 kanggo simbah. Panganan
mau ditoto rapi nang nduwure mejo. Naliko dino mulai bengi lan simbah dorong mulih. Ck kudu mbalek
dadi keong maneh. AAAAAAA...
Ora sepiro suwe simbah teko ambek muring2
N : sialan. Dino iki iwak2 podo nandi ae se? Goro2 iku gak oleh panganan. Kate mangan opo aku dino iki?
Wow, teko endi panganan iki? Ketok e enak2 banget. Sopo seng nguwehi kanggo aku? Yo wes lah, seng
penting sak iki aku mangan disek.
Dino menene, K nyediakno panganan maneh kanggo simbah. Tapi dewek e ora weruh yen simbah mulih
luwih cepet soko biasane sebab gak oleh iwak maneh.
CK : Mumpung mbah gorong mulih aku tak ndang nyiapno panganan kanggo mbah.
N : Ha sopo bocah iki? Awakmu sopo?
Ck : kulo...kulo... Candra Kirana
N : opo? Candra Kirana? sing bener?
Ck : inggih kulo Candra Kirana putri R. Daha.
N : yen ngunu, nyangopo awakmu kok biso ono neng kene?
Ck : Panjenengan seng mbeto kulo mriki, kulo niki keong sing jenengan temok aken kolo wingi.
N : opo? Awakmu iku keong mas? Yo opo kok iso?
Ck : kulo dikutuk penyihir mbah. Kutukan niku wau kengkene dulur kuloseng iri kaleh kulo.
N : sakno temen awakmu ndok. Dulur macem opo dulurmu iku, kok tego pingin ngutuk awakmu. Tapi
pancen jenenge menungso, yen wis iri opo wae di lakoni, seng biso ndadekno wong liyo susah, yo wes
sementara awakmu oleh manggon nang kene ndok.
Ck : matur suwun mbah.
BABAK 6
Sementara iku ing Keraton Kahuripan, Raden Inu Kertapati kang krungu kabar soalCandra Kirana Dewek
e ora percoyo lan dewek e berusaha golek warto kang bener kanggo belo Candra Kirana
RIK : ora mungkin Candra Kirana nglakoni kabeh iki, mesti ono wong seng mitnah dewek e. Aku kudu
nggolek weruh sopo wong iku.
Ing tengah dalan ketemu penyihir
P : ha..ha... aku oleh duwit akeh dino iki. Untung wae aku berhasil nuruti kekatepane galuh ajeng kanggo
ngutuk Candra Kirana lan sakno banget pengawal sing melu difitnah Galuh Ajeng iku, dewek e diusir
soko kraton, amargo dituduh pacaran mbek Candra Kirana ha..ha...ha..
Rik : opo? Opo seng kok omongno? Bener tah seng kok omongno iku?
P : he awakmu sopo kok melok melok?
Rik : aku Raden Inu Kertapatiseng kok maksud maeng, dadi saktemene iki pokal gawene Galuh Ajeng?
P : Waduh mati aku! Dewek e wes krungu kabeh
Rik : awakmu melu aku!
BABAK 7
RIK seng wes ngerti khabar sak temene teko menyang kraton Doho.
Rik : Gusti sak lerese kedadosan menopo ingkang sampun dipun alami Candra K? kengin menopo
panjenengan ngantos ngusir Candra K ?
Rd : aku yakin awakmu ora bakal percoyo berita iki. Dewek e wes -menghianatimu -
Rik : mbotenGusti. GaluAjeng sampun mitnah Candra Kirana.
Rd : lapo awakmu kok ngomong ngunu? Awakmu eroh teko endi?
Rik : niki..niki.. gusti penyihir kang dibayar kaleh Galuh A kangge ngutuk Candra K lan saking penyihir
meniko kulo mangertosi menawi Galuh A meniko ingkang sampun mitnah Candra K. He ayo ngaku kowe!
!
P : inggih meniko leres gusti
Rd : GALUH AJENG! !!!
Ga : inggih Romo. Wonten menopo? Lho kok awakmu?
Rd : lapo kok kaget? Dewek e iki koncomu yo? Sak iki Romo wes mangerteni kabeh. Awakmu wes mitnah
sedulurmu dewe. Sak iki awakmu metu soko kraton kene. Minggato kowe! kejobo kowe.awakmu oleh
manggon ning kraton kene!
P : ingkang leres gusti
Rd : iyo tapi manggon ing penjaraku, sak lawase.
Ga : Romo, ampun Romo. Ajeng ngaku salah Romo, ajeng pon diusir Romo! !
Rd : minggato soko kene, ojo wani2 awakmu ngetok ing wilayah ku kene, Raden Inu tolong gowoen
wong loro iki
Rik : inggih gusti.
BABAK 8
sakwise iku Raden Inu K ngemboro golek i Candra K sampek dewek e mlebu nang salah sawijine deso lan
nemokno ono nang deso iku.
Rik : ah nang kono ono omah. Aku tak ngaso sediluk, aku pegel kabeh sak wise mlaku sak mono adohe.
Sopo ngerti aku oleh njaluk ngombe. Kulo nuwun!
Ck : inggih sekedap.
Ck : Raden Inu? kok saget ten mriku?
Rik : iku ora penting seng jelas aku seneng biso nemokne awakmu. Pirang2 ndino aku golek i awakmu,
ayo mulih sopo seng bener wes ketok, romomu wes ngenteni, panjenengane wes ora sabar kepingin
ketemu awakmu.
CK : matur suwun sanget, amargi panjenengan sampun nylametaken kulo.
N : sopo Kirana?
Ck : oh mbah tepangaken, meniko raden inu ingkang sampun nate kulo critaken ten simbah. Panjenengane
meniko bade ngajak Kirana wangsul. Tapi kulo mboten tego ninggalaken mbah kiyambak'an.
N : ora opo2 Kirana. Awakmu muliho, awakmu mesti kangen karo keluargamu.
Rik : wes ngene wae. Mbah ayo digowo nang kraton, lan urip karo awak e dewe yen awak e dewe wes
nikah. Mbah monggo bidal ten Kraton Doho.
Wong 3 iku maeng akhire budal nang kraton Doho , ora suwe maneh, Raden Inu K lan Candra K kawin lan
urip bahagia sak lawase.
TAMAT

TIMUN MAS

“Ing sawijining desa, urip sakpasang wong tua sing pingin due anak nanging ora iso due anak amerga
wong lanang e loro. Sabendinane deweke dunga ing Maha Kuasa supaya due anak. Ing tengah wengi
Mbah Lanang ngimpi yen ditekani karo Buto sing ngongkon deweke lunga menyang alas.”
Mbah Lanang : Mbok iku mang aku mimpi, nanging iku koyok tenan banget. Aku nganti ora percaya
tapi aku kudu iso nemukno maksute ngimpi kasebut. Awakdewe kudu budal nang alas saiki muga-
muga ngimpiku iku kedaden temen.

Mbok : Iyo Pak, saiki ayo budal ng alas.

“ Mbah Lanang lan Mbok budal nang alas bareng.”

Mbah Lanang : Aduh nang endi yo bungkusan iku sing dikirim Buto ing jero ngimpiku? Wah koyok e
iki (njupuk timun seng di bungkus) loh kok biji timun e mek siji tak kiro iki isine bayi, nanging iki
maksute opo yo, aku bingung???

Mbok : Gawe opo toh wiji timun mek siji iku? jare ngimpi entok bayi. (Wajahe nelongso)

Mbah Lanang : Wah... iki Buto seng nang jero ngimpiku, aku wedi…. Ampun Buto ojo mangan aku,
aku isih pingin urip. (Buto marani mbah lanang)

Buto : Ojo wedi, aku ora bakal mangan kowe. Awakmu pingin due anak seh?

Mbah Lanang : Bener Buto. Awakdewe pingin due anak, wes suwi aku ngenteni pingin due anak
nanging ora iso.

Buto : Yen ngunu tanduren wiji timun kuwi, mengko kowe bakal duweni anak wadon.
Nanging ilingo yen anak iku wes gedhe kowe kudu nyerahke nang aku. Deweke bakal tak dadekno
pangananku.

Mbah Lanang : Iyo Buto lek wes gede tak serahno nang kowe.

Mbok : Suwon nggeh Buto.

“ Buto mbalek Mbah Lanang lan Mbok mbalek ng omah e, nandur wiji timun sing dike’i Buto.
Sakminggune iku maeng Mbah Lanang penyakite kumat lan ora iso lapo-lapo.”

Mbah Lanang : Aduh Mbok (watok-watok), lek aku wes orah enek, ramuten timun iku mang yo... lek
ancen enek anak e sayangen koyok anakmu dewe.

Mbok : Iyo Mbah anak kuwi mben bakal tak ramut koyok anakku dewe.

“ Mbah lanang mati, sakminggune timun mas tukul gede. Mbok langsung motong wae timun mas
mau lan seng delok yoiku…..”

Mbok : Wah bayi wadon, bayi iki ayu tenan. Aku pingin banget nggendong.

Timun Mas : Oek... oek... oek....

Mbok : Wah bayi iki nangis, aku seneng banget…. Yowes lah nak, amerga kowe lahir saka
timun suara emas, kowe tak jenengi Timun Mas.

“Mbok ngerasa seneng banget, dino ganti dino garai Mbok lali karo janjine marang Buto yen bakal
ngewehno anake marang Buto. Mbok ngeramut timun mas dadi anak sing ayu, pinter, lan nurut
marang wong tuwo.”
“Ing tengah wingi Mbok ngimpi yen ditekani karo Buto, Buto ngomong yen Buto bakal teko seminggu
maneh kanggo njupok Timun Mas. Sakwise iku Mbok ngerasa ora enak ati, deweke wedi.”

Mbok : Aku ora gelem pisah karo Timun Mas. Anak seng tak sayangi banget. Ndanio yo, aku
lagi wae nyadar yen Buto iku onok deweke yo ateh dadikno Timun Mas dadi panganan deweke.

“ Timun Mas sering merhatikno ibune sing sering banget bingung lan ketokane ora enak atine, ing
suatu wektu Timun Mas wani takon mareng ibune.”

Timun Mas : Bu, ibu kok asih sanget, nopo ibu mboten ecoh. Ibu niko mikiraken nopo? Yen kulo
saget ngewangi, dening susah e ibu.

Mbok : Yo’ opo yo Nak, ibu gak kepingin kowe melu sedih, ibu gak gelem pisah karo awakmu,
ibu sayang karo awakmu Nak.

Timun Mas : Punipon maksud e Bu, kulo mboten ngertos leresipun wonten nopo? Mungkin ibu
saget nyeritakaken ten kulo, kulo mboten ngertos Bu.

Mbok : (ngelus-ngelus sira e timun mas) Awakmu iku sebenere duduk anakku Ndok, tapi aku
sayang tenan nang kowe Ndok.

Timun Mas : Puniko aku anak e sinten Bu? (nangis)

Mbok : Biyen bapak iku di tekani Buto lewat ngimpi, terus Buto ngeke’i wiji timun seng
kongkon nandur wiji iku, woh e iku bakal di gawe mangan buto lan isih buah timun e iku kowe
anakku.

Timun Mas : Nopo o’ kok ngoten Bu? laju aku di tedoh buto, Bu?

Mbok : Iyo cah ayu. (ngelu-ngelus timun mas)

Timun Mas : Kulo mboten purun ditedoh Buto, kulo tresno kalian ibu.

Mbok : Iyo anakku, ibu sayang tenan marang kowe. Ibu bakal golek cara gawe nyelamatno
kowe saka buto seng ala iku.

Timun Mas : Injeh Bu, matur nuwun sanget Bu. (nangis tersedak-sedak)

“Saben dinane Mbok mesti mikirno cara gawe nyelametno Timun Mas, anak sing disayang banget
karo deweke. Nanging deweke durung nemu carane, deweke bingung banget. Sakwise wektu sing
wis dijanjekno Buto saka deweke teko, Mbok ngongkon Timun Mas puro-puro loro supaya Buto ora
mangan Timun Mas.”

“Buto teko marang gubuk cilik e Timun Mas.”

Buto : Wah... ha... ha.... aku arep jupuk anakmu saiki.

Mbok : Sepurane Buto, anakku sek loro. Menawi panjenengan dhahar, panjenengan mboten
eco. Menawi telongdino maleh penjenengan mriki. Kulo badhe marasaken timun mas riyen.
(berlutut di kaki buto)
Buto : Ha... ha... ha... ngono yo? Yo wes aku arep mbalek, tapi kowe kudu janji nang aku yen
kowe menehno anakmu marang aku.

Mbok : Enggeh Buto, kulo janji.

“Buto nyingkrih saka gubuk.”

Mbok : Timun Mas sesok aku bakal nang alas. Aku bakal marani kyai. Kyai iki biyen koncoku,
mugo-mugo kyai iso mbantu nyelametno kowe, Ndok.

Timun Mas : Iyo mbok, kulosayang tenan mbok marang panjenengan.

“Mbok budal nang alas marani Kyai.”

Mbok : Assalamualaikum, kyai Danang.

Kyai : Wa’alaikumsalam, ono opo moro-moro kowe marani aku?

Mbok : Ngeten kyai, kulo mriki badhe nyuwun tulung dhateng kyai.

Kyai : Jaluk tulung opo? Yen iso mbantu bakal tak bantu.

Mbok : Dados kulo gadha putra wadon, naminipun Timun Mas lan piyambake bakal
didadosake dhahar buto, kulo mboten pingin piyambake pun tilar, kulo gadha harepan menawi kyai
purun ngewangi kulo.

Kyai : Oalah ngunu toh. Iyo bakal tak ewangi. Sek entenono nang kene. (njupuk barang)

Mbok : Nggeh kyai.

Kyai : Iki Mbok, wenehno bungkusan iki marang Timun Mas. Bungkusan iki isine wiji timun
mas, dom, uyah, lan trasi. Yen Buto ngejar anakmu, kongkon deweke nyebar isi bungkusan iki,
ngerti ?

Mbok : Ngerti kyai. Enggeh matur suwon sanget kyai. Kulo nyuwun pamit wangsul rumiyen
kyai. Assalamualaikum.

Kyai : Wa’alaikumsalam.

“ Mbok mole lan langsung marani Timun Mas.”

Mbok : Timun Mas, ibu wes teko rene o Nak, tak ke’i senjata seng iso ngalahno Buto.

Timun : Nggeh Bu nopo niki?

Mbok : Papat bungkusan iki isine wiji timun, dom, uya, lan trasi seng iso ngalahno Buto. Yen
kowe di uber buto sebarno isi bungkus iki, ngerti Ndok?

Timun Mas : Nggeh Bu, nanging kulo isih wedi sanget.

Mbok : Ora usah wedi Ndok. Ibu saiki wes sodok lego amerga kowe wis entok senjata kanggo
ngelawan Buto.
Timun : Nggeh Bu...

“Telung dina wes kelewat Buto moro nang gubuk cilik e Mbok lan Timun Mas.”

Buto : Kowe kudu nepati janjimu, yen ora kowe bakal seng tak pangan ha... ha... ha...

Mbok : Nggeh Buto kulo aturi Timun Mas rumiyen, Timun Mas rene Ndok enek seng golek i
awakmu.

Timun Mas : Wonten nopo, Bu?

Mbok : Ojo wedi anakku, ileng pesen ibu wingi !

Buto : Anak wedok iki mesti daginge enak, aku wes ora sabar gawe mangan daging e arek iki,
ayo reneo !

Timun Mas : Aku mboten purun dados panganan sampean, Buto. (mlayu ngadoh saka Buto)

“Timun Mas mlayu lan njaluk tolong marang wong sekitar.”

Timun Mas : Aduh… aku pegel wesan, aku wes ora iso mlayu maneh. Sikilku pegel.

Buto : Nang endi maneh kowe timun mas? Ha…ha…ha…

Timun Mas : Aku bakal nyebarno sing diwenehi ibu.

“Timun Mas nyebarno bungkusan kesiji sing isine wiji timun sing dadi wit timun kang iso ngelilit
Buto, nanging Buto isih iso lolos lan ngejar Timun Mas.”

“Sing kepindo Timun Mas nyebarno dom sing dadi eri lan iso gawe sikile Buto loro, nanging buto isih
iso lolos lan nguber timun mas.”

Timun Mas : Waduh yak opo iki? Aku wis nyebarno loro bungkusan iki, nanging Buto iku isih iso
lolos lan ngejar aku. Aduh aku wedi banget, tapi aku tak nyebarno isi bungkusan ketelu yaiku uyah.

“Bungkusan ketelu dadi lautan, awake Buto kelep ing jero lautan, nanging isih terus iso nglewat lan
ngejar Timun Mas.”

Timun Mas : Waduh yok opo iki? Bungkusan ketelu wis tak sebarno, Buto iku iso nglewati neh. Saiki
karek siji, yen siji iki gak iso ngelawan Buto, aku bakal mati. Mugo-mugo bungkusan iki iso ngalahno
Buto.

“Bungkusan kepapat disebarno Timun Mas yaiku trasi sing iso dadi lendut kang iso neggelamno Buto
nganti mati.”

Timun : Aku seneng banget Bu, Buto wis mati… ibu... ibu... aku slamet Bu (mblayu marani ibu
e karo rasa seneng).

Mbok : Anakku aku seneng banget kowe iso lolos saka Buto iku.
“Sakwise iku Mbok lan Timun Mas urip bahagia.”

Legenda Gunung Kelud

Ing kerajaan majapahit kang gemah ripah loh jinawi, tata tentrem kelawan kerta raharja.
Sajroning pasewakan ing siti inggil kraton majapahit sang prabu brawijaya kahadep putri nipun
ingkang sulistiyo ing warni lan para prajurit ipun.

Putri pusparini ingkang sulistiyo warni mahanani kathah para taruna saking njaban rangkah
ingkang pingin ngayunaken sang putri. Ananing manah sang prabu brawijaya mandeg mangu, amargi
sang prabu mboten purun kadadosan derdah saking panolak ing sang putri. Mula saking menika sang
prabu brawijaya ngawontenaken sayembara, sok sinteno ingkang saget menthang gendewa sakti
kyai garudayeksa lan ngangkat gong kyai sakerdelima inggih menika ingkang dados garwanipun sang
putri.

Sang prabu : “ Putriku angger pusparini kepriye?, opo wis sumadya anggoniro
angadepi sayembara ?”

Putri : “ Saderengipun kula ngaturaken sembah rama. Ngenani bab


sayembara dalem namong nyadhong dhawuhipun rama.”

Sang prabu : “ iyo, sembahmu tak tompo. yo…mugo-mugo sayembara mengko kalakon
kanthi rancak , ora ana rubedo.”

Sang prabu : “ Iki ono pawongan telu ngadep ing ngarsaku,opo iyo arep melu ngleboni
sayembara kisanak ?”

Taruna 1 : “ Inggih sinuwun sadereng ipun, kula ngaturaken sembah. Nami kula joko lola saking
negri sabrang. Kula bade mupu sayembara.”

Taruna 2 : “ Kula semanten ugi sinuwun sederengipun kula ngaturaken sembah. Nami
kula raden asmoro. Kula inggih nderek sayembara.”

Taruna 3 : “ Kula inggih sinuwun sadereng ipun, kula ngaturaken sembah. Nami
kula raden kusuma. Kula badhe nderek sayembara.”

Sang prabu : “ iyo, yen ngono mboko siji majuo ing sangareping gendewo lan gong
sigro.laksanakno amenthang gendewa lan ngangkat gong.”

Taruna 1 : “ inggih sinuwun ngestoaken dhawuh.” (mlampah dhateng


ngajeng. Menthang gendewa nanging mboten saget)

Taruna 2 : “ Nyuwun palilah sinuwun mugi-mugi kula saget ngrampungi sayembara menika.”
( mlampah dhateng ngajeng . Menthang gendewa sasampunipun dilanjutaken ngangkat gong
nanging mboten kuat )

Taruna 3 : “ sinuwun ngestoaken dhawuh , mugi-mugi kula saget ngrampungi


sayembara menika (mlampah dhateng ngajeng . Menthang gendewa nanging mboten kuat )
Sang prabu : “ Sarekne sayembara ora ono kang bisa ngrampungi, sayembara
enggal ingsun wusanani”

Sesarengan kalian sabdanipun sang prabu, repepeh-repepeh lembu suro sowan ngarsanipun
sang prabu, badhe nderek mupu sayembara.

Lembu suro : “Nuwun sewu sinuwun lepat nyuwun pangapuro. Kula pun lembu suro
badhe mupu sayembara.”

Sang Prabu : “Jenengmu lembu suro?! Awakmu menungsa sirahmu lembu, opo bisa
kowe mupu sayembara?”

Lembu suro : “ Menawi gusti ingkang murbeg dumadi, angidinaken paminto kula
mbok menawi kula saget angrampungi sayembara.”

Sang Prabu : “ Yen ngono enggal laksanakno sayemabra kisanak.”

Lembu suro : “ Sendiko ngestoaken dhawuh sinuwun ( mlampah wonten ngajeng


anyedaki panggenan gendewa kalian gong )

Lembu sura saget menthang aken gendewa lan ngangkat gong kaya mboten wonten beban.
Sareh ne lembu sura saget ngrampungi sayembara, lembu suro nggadhi hak anggarwo dewi
pusparini. Suasano ing kaputren, sang putri tansah muwun amargi sang putri mboten purun kagarwo
dining lembu suro.

Emban : “ Ndoro putri sampun dipun galih sanget-sanget. Mangke mindak


badanipun kero anjalari sakit.”

Putri : “ mbok emban kepriye anggonku anglakoni digarwo dining lembu suro sin ora umum
kaya sa’dengahe manungsa. Mbok emban aku njaluk eguh pratikelmu, kepriye amprih aku ora
digarwo dining lembu suro? Coba pikirno, kepriye pratikelmu mbok emban?

Emban : “ Nyuwun sewu gusti, menawi pamikiran kula mekaten, panjenenga kedah anggadahi
setunggal panyuwun ingkang aurat damatheng lembu suro.”

Putri : “ Lha iyo mbok emban kira-kira opo panyuwunku mengko?”

Emban : “ Eguh pratikel kula pripun menawi lembu suro dipun kengken ndamel sumur wonten
ing puncake gunung kelud.”

Putri : “ Iyo yen ngono mbok emban, mengko yen lembu suro mlebu ing kaputren tak
jalukane bebono sing kaya mbok emban aturaken.

Salebete wawan rembag antawis gusti putri kaliyan mbok emban, mboten ka nyono-nyono
lembu sura mlebet kaputren saperlu sapejagong kalian gusti putri.

Lembu suro : “ Di ajeng pusparini garwanipun kakang, kepriye janjimu ? aku mrene arep nagih
janjimu yayi ?
Putri : “ Iyo lembu suro aku gelem dadi garwamu nanging aku njaluk
panyuwun marang sliramu.”

Lembu sura : “ Iyo yayi panjalukmu opo ? enggal kondho mengko enggak kula laksanani.

Putri : “ Yen sliramu biso gawe sumur ing puncake gunung kelud
sajroning sewengi, aku gelem dadi garwomu, lembu suro.

Lembu suro : “ Opo nggawe sumur iku kudu ana ing puncake gunung kelud ? opo ora ono papan
seng cedak sakiwo tengen kene wae ?

Putri : “ Ora lembu suro , aku wes mantep njaluk digawekne sumur ing puncake gunung
kelud , mbesok samongsa awake dewe diresmek ake dadi temanten bisa ados bareng neng sumur
seng kok gawe kuwi.

Lembu sura : “ Yen penjalukmu koyo mengkono ojo kuatir diajeng, bakal tak
turuti panjalukmu mugo-mugo biso ngelaksanani panjalukmu.

Sasampunipun lembu suro angerteni panyuwunipun gusti putri sigro milar saking kaputren
terus bablas. Mlajeng ing sapuncaking gunung kelud sareng kluarga sang prabu brawijaya. Dumugi
ing gunung kelud , lembu suro nggina’aken sungu nipun kangge ngeduk siti ingkang badhe damel
sumur. Sak antawis dangu lembu suro sampun mboten ketingal saking pinggire sumur. Dados lembu
suro sampun tebih mlebet wonten sajroning sumur. Ningali kedadean menika putri pusparini
tansoyo kuatir. Menawi lembu suro saget minangkani pamundhutipun. Sang putri nyuwun
dhumatheng rama nipun inggal laksanakaken tumindak, supados lembu suro saget gagal anggarwo
putri pusparini.

Putri : “ rama .. pripun kahanan lembu suro kok saget ndamel sumur ? mugio
rama gadah pratikel kados pundi cara nipun amprih lembu suro mboten saget
anggarwo kula.

Sang prabu : ” ya nini.. aku ngerti karepmu lan mengko dhisik tak mikir kepriye cara ne iki ?

Sang prabu ketawis gugup lan mandeg mangu, menggalih kadospundi cara nipun lembu suro
mboten saget anggarwo putrinipun

Sang prabu : “ he… kabeh prajuritku wae podho siyaga . dina iki ana perintah kudu sigro
dilaksanakne yaiku nguruk sumur kanggo watu lan lemah ing sak kiwo tengen e sumur, ojo
katalumpen. saiko ugo laksanakno sampek sumur kebak watu lan lemah.

Prajurit : “ inggih sinuwun nggestoaken dhawuh.”

Sedoyo prajurit ngelaksanakaken printah sinuwun nguruk sumur kalian selo lan siti . saking
lebet sumur kepireng sambate lembu suro.

Lembu suro : “ tulung…tulung… tulung …ojo di uruk aku ana jerone sumur iki.

Para prajurit mboten anggatek aken sambat e lembu suro . para prajurit terus nguruk sampe
sumur kebak selo lan siti. Senaoso lembu suro ka uruk sajroning sumur ananging, suwanten nipun
tasih kepireng saking njawi sumur lan lembu suro murka ngantos ngedalaken sumpah kangge prabu
brawijaya lan sedaya kawula nipun amargi cuwo penggalih ipun lembu suro.

Lembu suro : “ hey.., brawiyaya mbesok bakal kepethuk piwalesku kang makaping kaping. Yaiku
Kediri bakal dadi kali, blitar dadi latar, tulungagung dadi kedung.”

Sajroning sumpahe lembu suro saben kaleh windu sepisan bakal ngerisak sedaya wewengkon
kerajaan prabu brawijaya.

sang prabu : “ para kawula ku kabeh lembu suro wes sumpah arep ngerusak wewengkon kita
kabeh, mula saka iku ayo kabeh wae nyuwun pandonga marang gusti kang murbeng dumadi supaya
bumi nuswantara kita tetep gimah ripah loh jinawi ora ono alangan sawiji opo.”

Anda mungkin juga menyukai