Anda di halaman 1dari 9

NGUMPULKE BALUNG PISAH

“ASAL USUL REOG PONOROGO SEBAGAI MEDIA DAKWAH DAN SIMBOL


PERDAMAIAN”

SINOPSIS

Raden patah seorang raja demak mengutus adiknya yang bernama raden katong untuk mendirikan
kadipaten dan menyiarkan agama islam di Tanah wengker yang begitu luas memiliki wilayah dari
gunung lawu sampai gunung wilis dan suatu ketika banyak pertentangan dari para warok yang ada
ditanah wengker.

TOKOH :

1. Raden Patah
2. Adipati Bathoro Katong
3. Kyai mirah
4. Ki Demang Suryongalam
5. Patih Seloaji
6. Niken Gandini
7. Adi dalem
8. Singosari
9. Nawang sari
10. Warok
11. Parjurit kadipaten ponorogo

Sumber :

Buku babat ponorogo


Buku Seni reyog ponorogo

INTRO

Ki Demang Suryongalam : hentoh hentoh....majapahit kae negaraku, kutu


wetan kang dadi panggonanku. sadumuk batuk senyari bumi tidak akan aku
biarkan demak bintoro mancik ing lemah wengker kene, iki wujud prasetyaku
marang sinuwun brawijaya.

ADEGAN 1

di kerajaan demak yang dipimpin oleh raden patah, beliau mengutus raden katong dan patih selo aji untuk
melakukan jajah deso milangkori dalam menyebarkan agama islam ditanah jawa

Raden patah : poro kawulaku kabeh podo raharjo lan rahayu


pinayungan rahmat Gusti, adimas katong!

Raden katong : inggih kulo kangmas

Raden patah : wong kang ginayuh pangkat kudu kinantenan tekat

Raden katong : ngapunten dengan cara apa saya mengartikan maksut dari
panjenengan kangmas?

Raden patah : dimas, kamulyan kui kudu digayuh kanti rekoso


disek, siro bakal tak sanutus jajah deso milangkori awit gunung
lawu tumekan gunung wilis kanti pungkasan tumekan segoro kidul,lan nyebarake
agomo suci kanti biso lumeber ing sak jembare
tanah jowo iki.

Patih seloaji : nyuwun gung ing pangapunten sinuwun wewengkon


meniko tansah gawat keliwat angker lan gung lewang lewung

Raden katong : paman patih mboten dados punopo kulo sampun niat kanthi
krenteking ati, kulo sagah nampi ngendikane kangmas

Patih seloaji : kulo dherekaken raden.

Raden katong dan patih seloaji pergi untuk menjalankan perintah dari raden patah untuk melakukan jajah
desa milang kori sekaligus menyiarkan agama islam ditanah wengker.

Raden patah : tanah jawa yang terhampar luas, demi menyabarkan


ajaran suci dan memperluas kerajaan demak, walaupun terhalang
kerasnya karang, apapun akan aku lakukan

ADEGAN 2

Di suru kubeng tempat singgahnya ki ageng kutu atau juga disebut ki demang suryongalam, para warok
yang sudah mendengar datangnya raden katong.
Ki Demang Suryongalam : sejatine ora pantes putro selirrr sinuwun
brawijaya jumeneng ning demak bintoro wes wani njungkeng kamardikane
mojopahit, pro tamtomo warok kutu wetan yen ono wong wong kulon utusane
raden patah njajaki lemah kene..Tumpes wae

Warok-warok : enggeh, enggeh, sendikoo Ki demang.

Ki Demang Suryongalam : ayo podo gegladhen olah kanuragan nggerr

ADEGAN 3

Raden katong bertemu dengan kyai mirah seorang ulama yang membantu untuk menyebarkan agama islam
sekaligus mendirikan kadipaten ponorogo bertempat diaetono atau yang sekarang disebut kota lama
kabupaten ponorogo.

Kyai mirah : tetapi masih ada beberapa tempat yang menolak


adanya kadipaten ini raden

Raden katong : pepunden kulo kyai mirah, jangan sampai dengan


adanya kadipaten ini merusak ketentraman poro kawulo dasih

kyai mirah : nanging raden

Raden katong : sabar rumiyen banyak urusan yang belum aku selesaikan

Patih seloaji : raden bukan seharusnya kita segera mendirikan


kadipaten sebagai penanda wilayah demak seperti yang dihaturkan sinuwun demak
bintoro, dados dinten niki panjenengan kudu dipun winisudo

ADEGAN 4

Beberapa warok sudah banyak yang mendengar kabar berdirinya sebuah kadipaten yang danamai
ponorogo dan tak lama kemudian kabar tersebut terdengar di telinga Ki Demang Suryongalam seketika itu
demang kutu wetan tersebut marah dan ingin melakukan pemberontakan

Ki Demang Suryongalam : ndlogok jaran ... Gek kuwi oleh ijine sopo
kadipaten madek ing tanah wengker kene, lan kui adipatine jenenge sopo?

Warok 1 : ngapunten ki demang lek mboten klentu niku arane


kadipaten ponorogo, ingkang jumeneng noto asmanipun raden katong

Warok 2 : ki demang, meniko enggal dipun rampungi mawon

Ki Demang Suryongalam : piye ngger ditumpess..kog yowes ono


adipatine..biyoh biyohhh

Warok 3 : leresss niku, ingkang winisudo yo kae wong tuwek engkek


engkek

Ki Demang Suryongalam : tuwek engkek engkek?

Warok 3 : enggeh asmonipun kyai mirah


Tidak lama kemudian datang utusan raden katong antara lain kyai mirah dan patih seloaji

Kyai mirah : Assalamualaikum ki demang

Ki Demang Suryongalam : baiyohh..sopo wani jajaki lemah kene tanpo


kulonuwun, sopo jenengmu lan soko ngendi asalmu

Kyai mirah : "Assalamualaikum" niku tegese sami kalih


"kulonuwun" ki demang, ngapunten kulo dipun utus kalian raden katong
ngaturaken salam taklim silaturahmi teng ngarso panjenengan.

Patih selo aji : kaping kalihipun bade paring atur bilih kadipaten ponorogo
wes madek

Ki Demang Suryongalam : hentoh hentoh kutuk marani sunduk, wes teko ing
surukubeng kene tanpo kulo nuwun lha opo kepengin tinju ngakhirat nyawamu..

Kyai mirah : ngapunten ki demang, kulo mboten gadah niat gempil


kamardikan panjenengan..

Ki Demang Suryongalam : aku ora bakal ngekeki ijen marang sopo wae sing
rerebut darbeke liyan.....minggat, ayoh minggat...minggatooo

Peperangan pun tidak dapat dihindari, Akibat kemarahan ki demang suryongalam kyai mirah dan patih
selo aji dipukul mundur oleh para warok

Ki Demang Suryongalam : Sadumuk bathuk senyari bumi, akan aku bumi


hanguskan siapa saja yang menjajah dan merebut hak orang lain..raden patah
pancen licik, wengker akan tetap digenggamanku

ADEGAN 5

Ki demang suryongalam memiliki putri yang cantik jelita bernama niken gandini, ki demang suryo ngalam
sangat menyayangi dan demi apapun dia akan selalu melindunginya samapai-sampai pusaka sakti milik
demang kutu wetan tersebut diserahkan pada anak untuk berjaga jaga jika ada suatu marabahaya.

Abdi dalem : sepertinya ini sudah malam nduk, lebih baik sampean cepat
istirahat nanti romo marah lo nduk

Niken gandini : sudah lama saya tidak melihat kemerlape lintang lan eseme
rembulan mbok

Ki Demang Suryongalam : ndukkk ...anakku sing paling tak tresnani


(memanggil dari kejauhan)

Abdi dalem : nduk cah ayu romo mu datang nduk


Ki Demang Suryongalam : Oraa ndlomok..iki wes katon wengi ndukk mripatmu kog iseh
mblalak mblalak

Niken gandini : ngapunten romo meniko kulo dereng kepingin tilem

Suryongalam : nduk romo arep paring marang awakmu

Niken gandini : nopo niku romo

Ki demang suryo ngalam mengmbil keris sakti yang dimilikinya untuk diberikan kepada niken gandini

Suryongalam : nduk anakku romo paring pusoko marang awakmu,


supoyo biso jogo keslametanmu sak wayah wayah yen ono beboyo, ojo
malang mentoleh nduk lek wani ojo wedi wedi, pusoko iki kang aran keris condong
raweee

ADEGAN 6

Dikadipaten bathoro katong untuk menyusun setrategi untuk menundukkan kerasnya hati suryongalam

Raden katong : poro tamtomo ing kadipaten ponorogo ojo gawe


ruwet marang sapodo, yen ono wargo kang butuh bondo,bandu,pikir, podo
sengkuyungen...ojo nyawang genderone dewe dewe, ora kudu podo nganggo surbane
ora kudu podo sesembahane, ananging urip kudu
bebrayan marang sapodo.

Selo aji : kulo ingkang sowan kanjeng adipati

Raden katong : paman patih ono wigati punopo?

Selo aji : nyuwun agunging pangaksami, meniko ki demang kutu


tansah memalangi poro olah agomo, lan poro warok ing suru kubeng
mboten sarujuk yen kadipaten ponorogo madek ing tanah wengker...
Pripun umpami dipun tumpes, demak bintoro ingkang bakal
bebentengi lampahe panjenengan kanjeng adipati

Raden katong : pripun niki kyai mirah?

Kyai mirah : nuwun sewu kulo aturi sabar rumiyen raden, meniko ki
demang suryongalam mboten saget dipun gampangake, amargi
meniko salah sawijine demang kang kondang kaloka kalintang jayaning perang
ugi gadah poro tamtomo warok ingkang kandel kulite
atos baling tansah bebentengi soho gadah pusoko ampuh kang aran keris
condong rawee

Raden katong : banjur kepriye niki kyai mirah menopo ingkang saget
kulo lampahi

Kyai mirah : ki demang suryongalam pengapesane manggon ing


pusakane yo iku keris condong rawe, yen panjenengan saget
ngrebut, ki demang saget dipun rangket.

Adipati ponorogo itu sedang memikirkan bagaimana cara mengetahui letak pusaka sakti milik ki demang
kutu, tetapi dengan kecerdikannya raden katong mengutus singosari untuk menjadi telik sandi.
Raden katong : yen mangono bakal tak sanutus abdiku singosari dadi dom
sumuruping banyu ing tlatah suru kubeng

Raden katong dan kyai mirah meninggalkan pasewakan untuk pergi istirahat sedangkan selo aji
mengobarkan para tamtama untuk mengepung ki demang suryo ngalam

Selo aji : pro tamtomo wis titi wancine podo siyogo, amargi
sesok wanci surup suryo bakal gempur kademangan suru kubeng...
Saguhhh

Prajurit : saguuuhhhh

ADEGAN 7

Telik sandi bathoro katong sampai di suru kubeng untuk mencari tahu kelemahan ki demang suryo alam

Niken gandini : enek opo suru kubeng podo akeh warok kang olah
kanuragan, opo tenan yen kadipaten ponorogo iku jajah kamardikan poro
wargo

Singosari : ngapunten tapi sejatine niku kadipaten ponorogo


amung kepingin madek tanpo ngrusak lan gawe kapitunaning liyan,
panjenengan ngertos adipatine?

Niken gandini : aku nate keprungu romo atur asmane raden katong,
nanging aku durung ngerti saktenane

Singosari : lohh kepriye to kog durung ngerti, raden iku


piantune sabar, kalem, gagah bidekso lan wicaksono.

Niken gandini : yen raden katong ora duweni niatan olo, nanging
menyangopo romo tansah ora sarujuk, nganti romo maringake pusokone
ingkang ampuh marang aku, supoyo aku biso jogo diri yen ono beboyo

Singosari : raden katong niku saktenane amung kepengin


ngaturaken salam taklim, ora ono niat kang ora becik.

Tidak lama kemudian raden katong yang menyamar sampai didepan niken gandini, dan sudah
mendengarkan pembicaraan mereka

Raden katong : singosari

Singosari : nggih raden katong

Niken gandini : lohh singosari, raden katong..

Raden katong : nimas niken gandini

Niken gandi : pangapunten raden wonten punopo panjenengan sowan


dateng mriki

Raden katong : nimas aku sowan mrene amung nyataake yen pancen
nyoto putrine kidemang tansah ayu linuwih, malah ambek prajurit sekti
kang kanggonan pusoko ampuh keris condong rawe.
Niken gandini : raden panjenengan sampung lancang mrikk tanpo ijin,
pangapunten kulo dipun utus kalian romo yen ono sopo wae sing ora ijin melbu ing
kademangan kene bakal dirampungi

Raden katong : ayo nimas bunuh aku dengan pusakamu

Niken gandini pun memberanikan diri untuk menyerang raden katong, raden katong hanya menghindar dari
serangan pusaka itu, tetapi ketika pusaka itu hampir menusuk raden katong,seketika niken gandini tidak tega
karena terkesima oleh karisma raden katong dan raden katong pun memanfaatkan situasi tersebut dengan
sigap raden katong mengambil pusaka tersebut. Mendengar keributan ki demang suryongalam mendatanginya
bersama para warok.

Ki Demang Suryongalam : ndukkkk niken gandini

Niken gandini : ngapunten romo kulo mboten prayitno.

Ki Demang Suryongalam : romo lak wes paring dawuh, pusoko kui jogonen
kanti wastiti lan ngati ati.

Raden katong : ki demang keris condong rawe wes ng tanganku, aku amung
kepengen panjenengan ora ganggu gawe marang olah agomo, lan aku ora duwe
niatan gempil kamardikan panjenengan, Poro alim ulama amung
nyebarake ajaran suci

Ki Demang Suryongalam : senajan keris condong rawe wes ning tanganmu


nanging aku ora gigrik mundur sejangkah, bakal tak tumpes tampis
tanpo siso dan kadipaten ponorogo akan aku bumi hanguskan

Perang pun tidak dapat dihindari bersamaan dengan datangnya bala pasukan patih selo aji yang dihadang
para warok utusan ki demang suryoalam, banyak para warok yang kewalahan karena jumlah pasukan patih
seloaji terlalu banyak sedangkan ki demang suryongalam berperang dengan raden katong terlihat ki demang
suryongalam lebih unggul dalam kanuragan seketika raden katong memanfaatkan pusakanya untuk menusuk
demang kutu tersebut, tetapi ki demang suryongalam dengan mudah menepisnya

Ki Demang Suryongalam : katong… iki wes titi wancine kesabaranku entek,


kelakon tinju akhirat nyawamu, keris condong rawe sing bakal
ngrampungi perkoro iki, sirnoo margoo layuuu

Seketika itu niken gandini langsung mencegah ayahnya agar tidak membunuh raden katong

Niken gandini : romoooo…ampun dipun pejahi kulo tresno kalihan


raden katong lan sejatine kadipaten ponorogo ora bakal daksio marang poro
kawulo ing tanah wengker ananging raden katong lan pangembanipun among
netepi darmaning asepuh nyebarake ajaran ingkang
suci agama islam, raden katong piantun ingkang sae lahir lan
batinipun romo, romo lak nate paring pitutur ojo gawe kapitunaning
liyan romo kulo nywun pangapunten.

Ki demang suryongalam : nduk ayu niken gandini putriku sing tak tresnani
bener opo sing mbok aturke marang romo, akeh wong kang nandang lulo,
putung tangane, buntung sikile amergo netepi printahe romo, lan katong
mangartio dudu pusoko iki sing ampuh lan dadi kasekten
ingsun ananging wujud katresnanku marang putriku
nduk ayu niken gandini lan poro kawulo ing wengker kene,
yen tekanmu mrene arep nganyepne kahanan iki aku lilo bondo legowo den pati.

Patih selo aji melihat kesempatan itu dia langsung menyerang ki demang suryongalam dengan tombak sakti
yang dibawanya yaitu tombak tunggul nogo, Ki demang suryongalam pun mundur dari pertempuran dan
lari ke gunung bacin

Patih seloaji : ki demang ini sudah saatnya engkau menemui ajalmu


kamu sudah terkepung oleh prajurit kadipaten ponorogo, bukan kah
kamu terkenal sakti mandraguna..ternyata engkau bagaikan macan
tanpa taring yang hanya bisa lari dari kenyataan…
prajurit tangkap dia hidup maupun mati

Ki demang suryongalam : setann iblis.. wong kulon pancen jirih getih wedi
mati…ayo majuo tak seblakke dadaku

KI demang suryongalam pun melawan prajurit dari patih seloaji bagaikan beras yang ditebar semua kocar
kacir terkena kesakting ki demang suryongalam patih seloaji pun melawannya dengan menombaknya akan
tetapi masih kalah jauh dari kesaktian ki demang suryongalam.

Raden Katong : KI demang sepinten lepat kulo monggo kulo aturi


nyawiji ing kadipaten ponorogo, saya tahu semua ini terjadi karena
wujud cinta dan kasih sayangmu terhadap masyarakat wengker, ki demang
saya tidak akan berbuat buruk terhadap kawulo-kawulo di
tanah wengker ini seperti wujud katresnan ki
demang suryongalam ayo podo ngumpulke balung pisah

Ki demang suryongalam : Katong mangartio… koyo di dodok batinku, koyo


bengkah-bengkaho dadaku nyawang putriku sing tak tresnani
nyawiji marang kadipaten ponorogo, kapindone aku weruh opo sing mbok
labuhi kui pancen becik, kaping pungkasan aku nitipake
putriku niken gandini lan poro wargo tansah
romaten podo kyo nyawamu, ngger katong kadipaten
ponorogo tak paring idhi mugo tansah joyo joyo wijayanti joyo kang
kaestii

Seketika itu ki demang suryongalam mengasingkan diri ke gunung bacin sampai sekarang masih belum
dijumpai dan warga ponorogo yang mempercayai bahwa ki demang suryongalam moksa karena sudah
melapas urusan duniawi, dan putri ki demang suryongalam niken gandini telah menjadi istri adipati
bathoro katong dan putranya bernama suromenggolo menjadi punggawa kadipaten. Dijaman pemerintahan
baytoro katong terdapat juga peninggalan seni budaya dari ki demang suryoalam yang masih diuri-uri yaitu
kesenian reog ponorogo yang juga dimanfaatkan untuk sebagai media penyebaran agama islam konon
manik tasbih yang menggantung paruh burung merak dianggap memiliki maksud agar manusia selalu
berziki dan ingat marang gusti Allah, Dan reog sebagai wadah untuk mempersatukan seluruh lapisan
warga masyarakat untuk menyimbolkan perdamaian atau bisa disebut juga ngumpulke balung pisah.

Anda mungkin juga menyukai