Anda di halaman 1dari 7

Pemeran Tokoh :

Raja Daha : risky

Dewi Candra Kirana : viona

Galuh Ajeng : cheline

Penyihir : arsadani

Mbok Rondho : milda

Raden Inu Kertapati : nino

Dewi Sekar : riris

Pengisi Suara :

Raja Saha : risky

Dewi Candra Kirana : ratna

Galuh Ajeng : agneta

Penyihir : farrel

Mbok Rondho : elsa

Raden Inu Kertapati : danau

Dewi Sekar : tyas

Kameramen : lu’lu/kayla

Editor : chalista&riris

Narator : oksa
Babak 1

Ing keraton Daha ana raja kang duweni asma Raja Daha lan duwe anak 2 kang ayu rupane, putri
Candrakirana lan Putri Galuh Ajeng. Putri Candrakirana yaiku putri kang ramah lan ayu. Dheweke arep
dinikahno karo pangeran saka keraton Kahuripan kang asma Raden Inu Kertapati.

Raja Daha : Anakku, mreneo !

Candra Kirana : Wonten menapa pak ?

Galuh : punika bapak inggih nimbali kula ?

Raja Daha : Iyo anakku, ana seng arep tak sampekno marang kowe kabeh. Sesuk raden Inu Kertapati
saka keraton Kahuripan arep teko mrene

Galuh : Lajeng wonten menopo pak? Wonten hubunganipun menopo kaleh kulo lan mbakyu, pak ?

Raja Daha : bapak wes nggawe perjanjian karo bapakke, yen bapak arep nikahno salah sijine saka anakku
karo Raden Inu Kertapati.

Galuh : Sinten engkang badhe dipun nikahken kaleh Raden Inu, pak?

Raja Daha : Aku lan bapake Raden Inu wes sepakat yen Raden Inu Kertapati arep dinikahno karo Candra
Kirana.

Candra Kirana : Matur suwun sanget pak, kulo bungah banget, nggeh niki seng kulo impi-impi aken wiwit
tasik alit.

Raja Daha : Temen ta iku ? yen ngunu pancen ora salah milih awakmu kanggo calon bojone Raden Inu.
Ayo nggek ndang disipano kanggo nyambut tekane Raden Inu

Candra Kirana lan romone ninggalno ruangan karo perasaan bungah. Ananging Galuh Ajeng nduweni
roso liyo, yaiku mangkel lan kuciwo.

Galuh : Aku ora setuju karo pernikahan iki. Opo’o koq Candra Kirana sing dipilih, koq duduk aku ?
padahal aku jelas luwih ayu. Iki ora adil, saiki opo seng mesti tak lakoni ?(mondar mandir karokaro
mikir)"AHA! aku ndiendue ide apik "

Babak 2

Galuh Ajeng kang duweni niat ala marang Candra Kirana cepet-cepet budal nang alas.
Galuh : Kula nuwun, nopo wonten tiang teng mriki ?

Penyihir : Oh nggeh, monggo mlebet cah ayu, mreneo

Galuh : Nggeh

Penyihir : Awakmu pingin aku nglakoni opo ?

Galuh : Kula pingin pernikahan Candra Kirana kaleh Raden Inu Kertapati diwurungaken.

Penyihir : Oh yo ! aku ngerti maksudmu. Terus kowe pingin Candra Kirana tak apakno ?

Galuh : Sedanten kula serahaken sampean, seng jelas kula pingin Candra Kirana susah.

Penyihir : Yo wes, aku bakal ngutuk Candra Kirana, sehinggo deweke ora iso nikah ambek Raden Inu.

Galuh : Matur suwun nggeh, niki dene mengko yen kutukane pon hasil kulo tambahi seng katah.

Penyihir : Mesti wae, wes saiki aku tak nyepakno kutukan kanggo deweke. Ha...ha...haa...

Babak 3

Sawise njaluk tulung nang penyihir. Galuh Ajeng mulih menyang keraton, kepingin ketemu Raja Daha.

Galuh : Pak.... Pakk... wonten pundi ? Wonten ingkang badhe kula aturaken.

Raja Daha : Ono opo ankku ?

Galuh : Niki masalah Candra Kirana pak...

Raja Daha : Ono opo ambek Candra Kirana ?

Galuh : Niki kula nemokaken layang kang ditulis kaleh Candra teng kamare kangge pengawal.

Raja Daha : Opo ? !!! dasar bocah nakal, wes arep dinikahno koq malah pcaran karo pengawal, kurang
ajar iku !!!

Dewi Sekar : Sabar...sabar...pak........

Raja Daha : Kirana...............kirana..............

Candra Kirana : Wonten menopo romo ?

Raja Daha : Iki wocoen !!!,Kok wanine awakmu.

Candra Kirana : Niki fitnah romo. Kula mboten nate nglampahi niki, saestu romo.

( sujud nang sikile Raja Daha )


Raja Daha : Cukup, Kira. Metu awakmu saka kene..metu karo pengawal kurang ajar iku !!!

Candra Kirana : Namung pak (mohon-mohon)

Raja Daha : Metu..........!!

Babak 4

Candra Kirana atine sedih banget lan deweke terus lungo ninggalno keraton. Deweke lungo menyang
pantai, lan ndok pantai ketemu penyihir.

Penyihir : Hahaha.......hee Candra Kirana yo opo kabarmu nak ?.....

Ketoke awakmu sedih banget..ha...ha..ha....

Candra Kirana : Sinten sampean ?Nopo’o wajah sampean koq olo sanget ?...

Penyihir : Menengo !!!,Aku mrene kanggo ngutuk awakmu. Dulur macem opo dulurmu iku kok kepingin
aku ngutuk awakmu. Awakmu eroh ta deweke ora setuju ambek pernikahanmu..? ha....ha...ha.....

Candra Kirana : Opo ? Galuh ajeng arep ngutuk aku !

Penyihir : Yo iyo dasar wong wadon bodo, rasakno iki !!!! ha..ha...ha...

Candra Kirana : Aaaaaa....................................!!!!!!

Penyihir : Ha...ha...ha......

Awakmu dadi menungsa yen awan, nanging yen bengi mbalek dadi keong maneh. Kutukan iki bakal ilang
yen awakmu ketemu Raden Inu lan deweke gelemnyium kowe rupo keong..ha....ha...ha...

Babak 5

Candra kirana wes dikutuk dadi keong mas lan gemletak nang pantai desa Dadapan. Salah sawijine dino
ono wong wadon kang lagi golek iwak ing pantai. Deweke nemokno keong mas iku, terus digowo moleh

Mbok Rondo : Oh.....keong kang apik aku arep nggowo keong iki moleh.

Sak tekane ing Omah, mbok rondo nyimpen keong mas ing wadah banjur deweke ngaso, lungguh ing
kursi lan keturon.
Keong/Candra : Lho lalopo aku kok iso enek kene ? Oh iyo mau lak enek mbah sing nggowo aku. Saknoe
rek mbah iki durung mangan.

Ujug-ujug keong mas berubah dadi menungsa maneh. Candra kirana masak nang pawon kanggo mbok
rondo. Panganan ditoto rapi nang nduwur mejo. Ujug-ujug mbok rondo tangi lan kaget ana putri.

Mbok Rondo : Ha...sopo awakmu ? (Kaget )

Candra Kirana : Kulo Candra Kirana

Mbok Rondo : Opo ? Candra Kirana ? sing temen ?

Candra Kirana : Inggih, kulo Candra Kirana Putri Raja Daha.

Mbok Rondo : Yen ngunu lha opo wakmu kok iso ono kene ?

Candra Kirana : Panjejengan sing mbeto kulo mriki, kulo niki keong sing jenengan tumokaken kolo wau...

Mbok Rondo : Opo ? keong ? lho kok iso kowe dadi keong ?

Candra Kirana :Kula dikutuk penyihir mbah, seng dikengken dulur kula (nangis )

Mbok Rondo : Sakno temen awakmu ndok. Dolor macem opo iku kok tego. Yo wes sementara wakmu
manggon kene

Candra Kirana : Matur suwun mbok

Babak 6

Sementara iku ing keraton Kahuripan, Raden Inu Kertapati krungu kabar soal Candra Kirana deweke
nyuwun restu bapak e lan ibune kanggo ndoleki Candra Kirana

Raden Inu : Pak.. kulo nyuwun restu badhe madosi Candra Kirana

Raja Kahuripan : Yo anakku budalo mugo-mugo Candra Kirana ndang moleh..

Raden Inu : Inggih pak... (salam nang bapak lan ibune )

Sawise iku Raden Inu ninggalake keraton Kahuripan deweke ngunem ing jero ati

Raden Inu : Ora mungkin Candra Kirana nglakoni kabeh iki, deweke mesti ono seng mitnah. Aku
kudunggolek weruh sopo wong iku.
Babak 7

Raden Inu budal menyang keraton Daha karo salah siji pengawale nanging thuthuk panggone lan arep
marani raja, deweke dicegat Galuh ajeng.

Galuh : Raden wonten menopo mriki ?

Raden Inu : Aku arep marani raja

Galuh : Aku ngerti..raden arep takok Candra Kirana

Raden Inu : Minggiro

Galuh : Candra kirana wes adoh. Ora mungkin mbalek, aku wis ngongkon tukang sihir supaya nguthuk
Cndra Kirana lan aku seneng karo awakmu raden....aku yo nggae crito yen Cndra kirana lan pengawal
ana hubungan asmara..

Raden Inu : Opo ? awakmu sing nglakoni iku kabeh. Tegone awakmu karo deweke...

Galuh : Yo..iku kabeh mergo aku tresno awakmu....

Raden Inu : Saiki neng ndi Candra Kirana ?

Galuh : Deweke wes adoh..ora bakal ketemu .. raden karo aku wae

Babak 8

Raden Inu ngaleh ninggalno kraton Daha. Sawise iku Raden Inu ngemboro ngoleki Candra Kirana.
Sampek deweke mlebu nang salah sawijine deso yaiku deso Dadapan. Deweke ngaso sediluk lan ketemu
mbok Rondo.

Mbok Rondo : Raden Inu la nopo panjenengan ana kene ?

Raden Inu : Kula badhe madosi putri Candra Kirana mbok..deweke ilang pirang-pirang dinten. Kulo
pingin ketemu.

Mbok Rondo : Nyuwun sewu raden, kulo ngertos Candra Kirana dateng pundi ngesakke, nasipe ala...

Raden Inu : Hah.....dtaeng pundi mbok ?


Mbok Rondo : Ayo melu aku

Mbok Rondo mulih nang omah sareng-sareng raden Inu Kertapati lan pengawale.

Mbok Rondo : Raden.....iki lho Candra Kirana ...(nunjuk Keong)

Raden Inu : Haah !! iki Candra ? saestu ?????

Mbok Rondo : Inggih, Candra Kirana dikutuk tukang sihir kongkonane Galuh

Raden Inu : Oh...candra ola opo kowe dadi ngene iki...(nangis lan nyium keong)

Ndilalah keong mas brubah awujud putri kang ayu rupane yaiku Candra Kirana sawise dicium Raden Inu
Kertapati. Akhire wong 2 iku mbalek nang kraton Daha uga mbok Rondo, inu Kertapati lan Candra kirana
urip bahagia sak lawase......

Anda mungkin juga menyukai