Anda di halaman 1dari 7

Nama Kelompok :

1. Ardinda Wilyan Novalia (03)


2. Febriana Tri Wahyuni (13)
3. Laily Nur Azizah (18)
4. Maulina Alifia Solikhah (19)
5. Veldisya Nafitri Oktaviana (32)

Keong Emas
Nuju sawijining dinten Raden Inu Kertapati lan Candra kirana wonten ing
krajaan ngwontenake parepatan kangge ngrembag babagan nikahane Raden
Inu Kertapati kaliyan Candra Kirana.

Rama : “ Mreneo Anakku!!”

Dewi Galuh Lan Candra Kirana : “ Wonten nopo Rama?”

Rama : “ Raden Inu Kertapati arepe mrene “

Dewi Galuh :” Wonten keperluan punapa Raden Inu tindak mriki ? “

Rama : “ Ramane wis setuju arepe ngrabekne salah siji saka awakmu “

Dewi Galuh : “ Sapa ingkang bade dipun nikahake kaleh Raden Inu Kertapati ,
Rama ? “

Rama : “ Sing arep dirabekake yaiku Candra Kirana .”

Candra Kirana : “ Matursuwun sanget Rama kula bungah banget .”

Rama : “ Ayo gek ndang disiapake .”


Ananging Dewi Galuh sedereke Candra Kirana ora seneng yen Raden Inu
kaliyan Candra Kirana nikahan banjur dheweke lungga saka krajaan kanggo
nemoni Mbah Dukun.

Dewi galuh : “Aku pengen adhiku dadi apa wae sing paling nggilani. Cepet
saiki!”

Mbah dukun : “Ngapunten sakderenge putri, nanging wonten punapa saengga


kula kedah ngutuk Candra Kirana?”

Dewi Galuh : ”Candra Kirana wes ngrebut Raden Inu Kertapati saka aku, aku
ora pengen ngerti Candra kirana dadi bjone Raden Inu Kertapati.”

Mbah Dukun : “Inggih.”

(Ing sawijining dina, ana wong tuwa utawa rondo tuwo sing diarani mbok
randha dadapan sing lagi golek iwak nganggo pancing ing kali.)

Mbok Randha : “Rasa-rasane dina iki aku pengin mangan iwak. Ah … coba tak
golek iwak nang kali nganggo pancing, mesthi luwih cepet entuk katimbang
nganggo pancing.”

(Saktekane ing kali…)

Mbok Randha : “kira-kira sing akeh iwake ngendi ya?”

(Mbok Randha Dadapan banjur nggolek pakan iwak, supaya iwake pada teka
lan gampang dijupuk nggo jala. Nanging dheweke malah nemokake keong kang
warnane emas sing nyangkut ing jalane. Keong mas banjur digawa bali karo
mbok Randha Dadapan.)

Mbok Randha : “Coba tak kei pakan supaya iwake pada nyerak. Aduh-aduh kok
ora ana sing nyerak, nanging jalaku abot, apa ya iki…? Weh…lah, keong mas
apik bangetwarnane beda karo liyane. Tak gawa mulih wae diingu.”

(Sakwise tekan ngomah, keong mau banjur disimpen ana genthong. Dina
sesuke, mbok Randha nunggu-nunggu iwak njedhul, nanging wis dienteni suwe
iwake ora njedhul-njedhul. Mbok Randha Dadapan banjur bali menyang
ngomah.)
Mbok Randha : “Endi iwake, awet wingi kok ora njedhul-njedhul apa lagi
musim jagongan ya, iwake pada njagong, yo wis lah mulih wae.”

(Saktekane ing ngomah Mbok Randha Dadapan kaget amarga neng meja
pawone wis ana panganan kang enak-enak dheweke kaget banget.)

Mbok Randha : “We ladalah, saka ngendi tekane panganan iki, sapa sing
ngeteri ya?”

(Mbok Randha ngubengi omahe, ora ana wong siji-sijio dheweke tambah
bingung mikir asale panganan kuwi. Mbok Randha Dadapan banjur nduwe cara
supaya ngerti sapa sing menehi panganan kanggo dheweke.

Sesuke Mbok Randha ethok-ethoke lunggo neng kali, padahal dheweke


menyang mburi omah pengin ngerti asale panganan akeh kuwi. Mbok Randha
Dadapan kaget amarga keong mas sing neng genthong ngerti-ngerti dadi
perawan ayu. Perawan mau banjur masak lan nyepakake panganan neng meja.
Mbok Randha Dadapan banjur nemoni perawan mau.)

Mbok Randha : “Kowe sapa cah ayu? Kok iso keong alih dadi perawan ayu?
Saka ngendi asalmu?”

Candra Kirana : “Kula putri Candra Kirana saking Kraton Daha ingkang disihir
dados keong mas dening mbah dukun ingkang kautus dening sedherek kula.”

(Sakwise njawab pitakonan saka Mbok Randha Dadapan, Candra Kirana banjur
malih maneh dadi keong mas. Mbok Randha Dadapan semaput amrga kaget
banget karo kedadean sing dialami lagi wae.

Raden Inu Kertapati ngerti menawi Candra Kirana ilang. Dheweke banjur
madosi Candra Kirana kanthi nembo-nembo dadi wong cilik.)

R.Inu Kertapati : “Waduh Candra Kirana ana ngendi ki? Hem…cah ayu ndang
balio, kakang kangen karo kowe. Wah aku kudu goleki dheweke, nanging piye
carane ya? Aha…aku membo-membo dadi rakyat wae.”

(Nanging Mbah Dukun krungu menawi Raden Inu Kertapati arep ngoleki
Candra Kirana. Dheweke banjur nembo-nembo dadi manuk gagak lan niat
nyelakakake Raden Inu Kertapati.)
Mbah Dukun : “Ihihihih…aku bakal nyelakakake kowe Raden Inu
Kertapati.”

(Nalika ana ing tenah ndalan, Raden Inu Kertapati arep goleki Candra Kirana
dheweke banjur nembo-nembo dadi manuk gagak lan niat nyelakakake Raden
Inu Kertapati.)

Mbah Dukun : “Raden, panjenengane badhe tindak pundi?”

R.Inu Kertapati : “Aku arep nggoleki Candra Kirana ana apa kowe kok ngalangi
lakuku.”

Mbah Dukun : “Ngapunten Raden, kula badhe nyaosi pirsa bilih Candra
Kirana eonten ing tengah alas.”

R.Inu Kertapati : “Apa bener?”

Mbah Dukun : “Inggih Raden!”

R.Inu Kertapati : “Tak cekel omonganmu!”

(Nalika ana ing tengah alas, Raden Inu Kertapati boten nemokake Candra
Kirana. Dheweke ketemu pengemis, pengemis iku kandha yen Candra Kirana
ing pinggir alas cedak kali, Desa Dadapan.)

R.Inu Kertapati : “Candra Kirana… kowe ana ngendi cah ayu? Aku Raden Inu
Kertapati!”

Pengemis : “Raden paring-paring…”

R.Inu Kertapati : “Niki kula wonten satunggal ewu rupiah.”

Pengemis : “Nuwu Raden, ngapunten panjenengan madosi Candra


Kirana?”

R.Inu Kertapati : “Inggih Mbah, jenengan ngeros saking pundi? Turune


manuk gagak Candra Kirana wonten ing tengah alas mriki.”

Pengemis : “Manuk gagak niku badhe nyelakakake panjenengan, sejatine


Candra Kirana ing laladan Dadapan.”

R,Inu Kertapati : “Matur nuwun mbah, kula badhe nglajengaken lampah.”


Pegemis : “Sami-sami.”

(Ing wektu iku, Mbah Dukun lan Pengemis adu kekuatan)

Mbah Dukun : ”Woi ngopo kowe nyampuri urusanku? Apa kowe wani karo
aku?”

Pengemis : “Anggomku ngalahke kowe iku gampang rasakna penthungku


iki!”

Mbah Dukun : “Waduh…!”

Pengemis : “Kalah tho!”

(Wonten ing dadapan Raden Inu Kertapati mampir ing salah sawijining gubuk
arep mampir ngombe. Dheweke weruh Candra Kirana ing njero gubuk kuwi.)

R.Inu Kertapati : “Wah ngelak ki aku. Mampir neng gubuk iku sek wae lah.
Kulo nuwun…!”

Candra Kirana : “Mangga wonten perlu napa?”

R.Inu Kertapati : “Candra Kirana … alhamdulilah akhire aku nemokake kowe.”

Candra Kirana : “Inggih, kula Raden.”

R.Inu Kertapati : “Aku nggoleki awakmu nganti ngendi-ngendi cah ayu,


kepriye critane awkamu iso tekan kene?”

Candra Kirana : “Niku Raden kula dipun kutuk dadi keong mas dening Mbah
Dukun lajeng kula diopeni kaliyan Mbok Randha Dadapan wonten mriki.”

R.Inu Kertapati : “Nistha temen kelakuane Dukun kuwi, sakiki dening aku wis
nemukake awakmu ayo balek nang krajaan karo aku.”

Candra Kirana : “Sembah nuwun Raden.”

Raden Inu Kertapati lan Candra Kirana lajeng ngadakake pesta kangge gelar
syukuran dening baleke Candra Kirana menyang krajaan maneh. Senajan tho
Candra kirana boten nesu kaliyan Dewi Galuh nanging nasibe Dewi Galuh yaiku
sedereke Candra Kirana, tetep dimudhunke tingkatane amarga tumindhake
sing nistha banjur ora dadi dewi maneh nanging dadi rakyat biasa ing Desa
Dadapan.
PESAN POSITIF :

Ojo dadi uwong sing ndueni sifat iri opo maneh marang sedulure , lan nyukuri
apa sing wis di nduweni

Tema : Katresnan lan ketabahan ati

LATAR

Tempat : Keraton , Alas , Kali

Suasana : Tegang,melasake,bungah

Wektu : Isuk lan awan

ALUR : Alur maju,(Kawiwitan saka Raja ngutus Candrakirana rabi karo Raden
Inu,banjur Candrakirana diusir saka keraton amarga dituduh Dewi Galuh.Ing
alas Candrakirana disihir dadi keong emas banjur ditemu Mbok Rondho.Ing
panggonan liya Raden Inu nggoleki Candra Kirana nggunakake arahan saka
pengemis.Akhire Candra Kirana dadi manungsa lancethuk Raden Inu banjur
rabi lan uril mulya.

PARAGA LAN PAMARAGAN

1. Candra Kirana : Kalem , andhap asor lan dhemen tetulung

2. Dewi Galuh : Iri , julig akale , lan kejam

3. Raden Inu : Wicaksana , Tulus lan dermawan

4. Mbah Dukun : ala atine

5.Mbok Randha : sabar , welas asih

7. Pengemis : becik atine , dhemen tetulung

SUDUT PANDANG

Sudut Pandang Wong Katelu Pengamat


Unggah Ungguh Bahasa :

• Unggah ungguh basa marang wong sing derajate luwih duwur

Mbah dukun : “Ngapunten sakderenge putri, nanging wonten punapa


saengga kula kedah ngutuk Candra Kirana?”

• Unggah Ungguh basa marang wong sing luwih tuwa

Candra Kirana : “Kula putri Candra Kirana saking Kraton Daha ingkang
disihir dados keong mas dening mbah dukun ingkang kautus dening
sedherek kula.”

• Unggah Ungguh basa marang wong sing luwih tuwa

R,Inu Kertapati : “Matur nuwun mbah, kula badhe nglajengaken lampah.”

Anda mungkin juga menyukai