RORO JONGRANG
Jaman biyen, ing sawijining desa sing uripe apik, ana wong wadon sing ditinggal karo
bojone. Dheweke urip karo putrane sing jenenge Bandung.
Bandung :“Bu, nopo ibu mboten kesepian yen kulo kalih ibu manggon teng desa niki
tiang kalih mawon?”
Ibu : “Kesepian ngopo to le?Ibu wis seneng ana kowen neng kene. dewe uwis urip
kecukupan, seneng tanpa ana sing ganggu, arep njaluk sing piye maning..”
Bandung : “Mbok menawi ibu kersa gadah rama ngge kula.”
Ibu : “Kowe ki ngomong opo to. Ora..ora..ibu rapapa urip janda kaya ngene sing
penting ibu duwe kowe”
Bandung : “Lho, estu Bu.”
Ibu : “Kowe sing patut tak takoni koyo ngono kuwi anakku. Kowe iku wis gede,
moso arep dewekan bae”
Bandung : “Ah, menawi kula, mboten usah di pikir bu. Saktemene kula ajeng tanglet
kalih ibu, Nanging kula mboten kepenak,Bu.”
Ibu : “Kowe arep takon opo? Kok nganggo ora kepenak barang. Aku iki ibumu
opo dudu. Arep takon opo to Le?”
Bandung : “Ngeten bu, saestunipun rama kulo menika sinten? Ngantos sakniki kulo
tesih bingung”
Bandung : “Bu,kok mendhel mawon? Wonten penggalih menopo to bu?”
Ibu : “Anakku Bandung. . Kowe saiki wis gede, ibu ora wedi maneh cerita karo
kowe. Ibu ngerti,kowe mesti iso ngerteni iki.”
Bandung : “wonten nopo ,Bu?”
Ibu : “Bapakmu kuwi sakjane bangsawan ing tlatah adoh kono.”
Bandung : “dados bapak tesih selamet bu?”
Ibu : “Yen kowe pancen pengen nemoni Ramamu, yo ora opo-opo. Golekana
Ramamu kuwi,nanging ibu mung iso pesen. Rungokno pesen – pesen ibu iki.”
Bandung : “inggih, Bu.”
Ibu : “Ibu mung iso dongakake apa sing kowe karepake bakal pengin temu. Lek
wis kepetuk ramamu, cepet sujud ing sikile ramamu kanggo tanda
kahormatan. Ing jabakono, pasti akeh wong asing sing bakal kok temui lan
kabeh pasti nduwe niat dhewe-dhewe. Kowe iku lanangan sing isok dipercaya
. Ojo seneng adu otot anakku, iku ora apik. Ojo waton tumindak ing kono, ora
liyo kanggo njaga keslametanmu dhewe.”
Bandung : “Inggih, Bu.”
Ibu : “Lan siji meneh amanatku (mlebu ing kamar, metu lan nggawa selendang
warna abang). Gawaen selendang iki supaya Ramamu percaya yen kowe iku
anake.”
Bandung : “Matur nuwun Bu, nanging kepripun ibu menawi kula ngembara. Menapa
ibu aman gesang piyambakan ing bumi ingkang mboten tentu niki .”
Ibu : “ Ibu ora bakal keno opo-opo. Ibu mung iso nyangoni slamet yoanakku sing
tak tresnani.”
Menika Bandung budhal ngembara. Lan dheweke teko ing nggone jin. Dheweke ditekani
karo para abdi dalem saka nggone jin. Bandung bisa nglawan para abdi dalem. Banjur
Bandung nemoni Jin Bondowoso.
Wektu nangis iku patih Gupala mati lan Bandung Bondowoso teka ing ngarepe Rara
Jonggrang. Bandung banjur mikir-mikir, sapa Ratu ayu ing ngarepe iku?Apa selire Prabu
Baka sing dak pateni mau?
Jonggrang : (mbatin) Bandung iku wong sing sekti.Ra mungkin aku wani nolak. Nanging
atiku ora tresna. Kenal wae durung, kok njaluk aku dadi bojone. Penak tenan.
Saya maneh, uwong iki sing gawe aku kelangan Rama tercintaku.
Bandung : ”HALAH!!!, trimo ae, Aku ngganteng kok. Kena apa kowe ora gelem? Opo
kowe isin karo aku?Hem? (karo nggoda)”
Jonggrang : “Ngene wae, yen kowe pancen pengen duweni aku, syarate sitik-sitik wae.
Gawekno 1000 candi ing wektu sakmalem. Yen kowe kasil, aku gelem tok pek
bojo.”
Bandung : “Weh..weh..weh..Wah, kowe ki lucu banget lho!!Sewu candi wektu
sewengni? 10 candi wae, apa mending kowe njaluk syarat liyane.
Sekarepmulah.. Moso kon gawe 1000 candi. Arep tok nggo ngopo candi iku.”
Jonggrang : ” Kula tetep pengen digawekke sewu candii. Iku panjalukku. buktekno yen
kowe tresna aku Bandung.”
Bandung : “Wis, sakiki ngene wae. Pase,njalukmu piro?”
Jonggrang : “Aku nyuwun sewu candi!!” (karo arep nglungani)
Bandung : “Yowes..yo wes.. Aja mutung to! Kanggo buktekake tresna ku karo
kowe, bakal tak gawekake sewu candi.”(janji)
Dayang iku mau banjur nangikne para wadokan ing ndesa iku. Wedokan mau dikonkon
numbuk padi lan pemuda-pemuda dikonkon mbakar jerami ben pitik pitik dikongkon
nguruk.
Jonggrang : Bakarna jerami ing wetan Prambanan ben katon srengenge wis munggah
Para jin-jin pada mlayu lan ninggalake gaweanne .Ora suwe maneh Bandung Bondowoso
teko karo. Dhalu sing rame, srengenge wis muncul , pithik jago , para wadon wis mulai
numbuk pari lan jin-jin pada ngilang kabeh.Ndeleng keaadan kuwi Bandung
Bondowoso. Ing esuk, Bandung nekaniJonggrang.
Moro-moro Jonggrang berubah dadi Patung.