Ing sawijining desa ana wong wadon lan anake kang jenenge Bandung Bondowoso.
Kelorone urip ayem tentrem ing desa kono. Ing sawijining dina nalika jadhuman, Bandung
Bondowoso nakokake sawijining bab marang ibune.
Bandung : “Bu, menapa Ibu mbonten rumaos sepen manggon ing desa mriki?”
Ibu : “Sepi piye ta le? Apa maneh ana kowe le... awake dhewe wis urip kecukupan,
kurang piye maneh le?”
Ibu : “Kowe iki ngomong apa to le... kok nglantur ngono. Sing penting Ibu wis nduwe
kowe le.”
Bandung : “Bu, nyuwun pangapunten, Ibu boten pengin kagungan garwa Bu?”
Bandung : “Ah, menawi kula, mboten sah dipunpenggalih Bu, sejatosipun kula badhe
nyuwun pirsa dhateng Ibu, nanging kula mboten wantun Bu.”
Bandung : “Nganten lho Bu, sejatosipun rama kula niku sinten Bu?”
(Ibu bingung arep wangsuli apa, sesawangane tumuju ing sawah-sawah ngarep omahe)
Ibu : “Ramamu iku salah sawijining priyayi kraton kan papane adoh saka kene le...”
Ibu : “Menawa kowe pengin ketemu karo ramamu ya ra pa pa le. Nanging Ibu nduweni
pangeling-eling.”
Ibu : “Yen kowe wis ketemu marang ramamu, enggala atur pakurmatan marang
ramamu. Ing sawadane laku bakal akeh pepalang kang bakal koktemoni. Kowe kudu
ngadhepi kanthi ksatria.”
Bandung : “Inggih Bu.”
Ibu : “Ana meneh welingku anakku (njupuk slendhang werna abang). Aturna barang iki
marang ramamu, kareben piyambake percaya menawa kowe putrane.”
Akhire Bandung lunga ngumbara. Lakune ngliwati jurang, ngalas lan kali. Ing tengahe
ndalan dheweke kasil ngalahake makhluk-makhluk gaib seng sabanjure dadi kawulane.
Sawise suwe ngumbara, dheweke tekan ing Kraton Pengging lan dadi raja ing kana.
Amarga pengin njembarake wilayahe, dheweke pengin nggabungake antarane kraton
Pengging lan kraton Prambanan.
Kraton Prambanan dipimpin dening sawijining raksasa kang jejuluk Prabu Boko.
Krungu negarane arep direbut dening negara liya, Prabu Boko ora mung meneng wae.
Prabu Boko : “He Bandung Bondowoso! Yen kowe pengin nguwasani Prambanan, kowe ora
bakal bisa, ora gampang Bandung.
Bandung : “Iya, kerajaan Prambanan iku kerajaan kang gedhe lan sedhela maneh aku
kang bakal nguwasani.”
Prabu Boko : “Hmm! Yen kowe pancene bisa, langkahana dhisik mayitku!”
Banjur kelorone perang. Nanging ing peperangan iku Prabu Boko ketusuk kerise
Bandung Bondowoso. Ngerti Prabu Boko gugur ing peprangan, Patih Gupala bali menyang
Kerajaan Prambananm lan nglaporake kedadeyan iku marang Roro Jonggrang.
Jonggrang : “Ana apa patih, kok sampeyan wis bali saka peperangan, ramaku endi Patih?”
Jonggrang : “Lho sapa kowe kok wani-wanine teka ing papan kene?”
Bandung : “Sapa aku? Apa kowe ora kenal karo aku, raja ing Kerajaan Penging. Aku Bndung
Bondowoso sing duweni kerajaan iki. Apa kowe gelem tak pek bojo?”
Jonggrang : “Wis ngene wae, aku nduweni syarat. Kowe kudu bisa nggawekake aku sewu
candi sajroning wektu sewengi.
Bandung : “Kowe ki aneh temen ta! Sewu candhi sajroning wektu sewengi?”
Jonggrang : “Adhuh piye iki, apa Bandung bisa ya nggawe candhi cacahe sewu ing wektu
sewengi”
Dayang : “Lajeng kados pundi, Putri. Bandung iku tiyang sekti, miturut kula Bandung
saged nyembadani kepenginan Ndara Putri. Gek sakniki taksih jam kalih anggenipun
ndamel candhi sampun meh rampung, Putri.
Jonggrang : “Terus aku kudu piye mbok. Aku emoh rabi karo dheweke.”
Jonggrang : “Wis saiki ngene wae. Dayang, tulung gugahna kabeh kawula ing Prambanan
kene, sing wadon-wadon kongkonen gawe bengi iki kaya wis isuk. Kanthi mangkono
jin-jin sing lagi nyambut gawe ngira yen wis isuk.”
Dayang : “Ide ingkang sae, Putri. Kanthi mekaten, Bndung mesthi mboten saged
ngrampungkake damela niku.”
Jonggrang : “Iya Dayang, wis saiki ndang tindakna supaya ora telat.”
Dayang : “Inggih Putri.”
Banjur dayang ngongkon dayang liyane kangge nangekake kabeh wong wadon ing
sekitare Prambanan. Kahanan dadi rame. Wis kayak isuk.
Jin 1 : “Wadhuh, deloken kae! Srengenge wis ameh jedhul! Awake dhewe bakal kobong!
Jin 2 : “Nanging keriye gaweane iki. Candhi kang digawe kurang siji.”
Jin-jin padha mlayu ninggalkake gaweane. Ora suwe Bandung Bondowoso teka ing
papan kono kanthi kaget. Swasanane bengi rame banget. Bandung banget nesune. Esuke
Bandung Bondowoso marani Jonggrang.
Jonggrang : “iya Bndung, nanging apa kowe wis tenan nggawekake aku sewu candhi?”
Jonggrang : “Sepurane Bandung, sawise tak etung, candhi sing wis kok gawe iku kurang siji.”
Bandung : “Wis lah, kan mung kurang siji tok, mengkomtak gawekne maneh, sawise kowe
nikah karo aku.”
Jonggrang : “Ora Bandung, perjanjiane dudu kaya ngono. Kowe kudu lunga saka kene.”
Bandung : “Sawise tak gawekne 999 candhi, apa mung kaya ngene iki balesanmu Jonggrang?
Bandung : “Jonggrang! Ya wis, candhi iki pancen kurang siji, lan pinangka ganepe kowe
Jonggrang! Dadia candhi kanggo hiasan ing kratonku!”