Anda di halaman 1dari 6

Roro Jonggrang

Kelompok 2
1.      Dayang Prameswari : Aulia Rahma Faradina
2.      Dayang Gayatri : Lena Zulfria Syaifullah
3.      Bandung Bondowoso : Zyahriel Nugroho
4.      Roro Jonggrang : Rosita Ilvina Orva Linnisa
5.      Patih Adiwilaga : Muchamad Rafi
6.      Ratu Prambanan : Aven Hasan Zarrin
7.      Suyadita ( rakyat ) : Sa’adatun Abadiyah
8.      Sedah (rakyat ) : Nove Dwi Putri Ardini Aliska
9. Suhita (rakyat ) : Sheila Putri Cahyani
10. Jin Nenez : Vanezha Andhika Putra Bahri
11. Jin Dindin : Muhammad Izzuddin

ADEGAN I – Kraton Prambanan


            Gemiyen ana kerajaan sing arane kerajaan pengging sing rajane durjana banget arane
Bandung Bondowoso. Bandung Bondowoso terkenal kondhang amarga mateni wong sing ora
nurut karo perintahe. Tapi ning siji dina Bandung ketemu karo wong wadon sing ayu banget
arane Roro Jonggrang.

Bandung Bondowoso  : Nyai, arane sapa? (bandung lumaku nyedhaki roro)


Roro Jonggrang           : Aku Roro Jonggrang, panjenengan sinten?
Bandung Bondowoso  : Aku Bandung Bondowoso, Hahahahahhaa, Asline pundi?
Roro Jonggrang           : Kraton Prambanan
Bandung Bondowoso  : Mlaku – mlaku yah?
Roro Jonggrang           : Panjenengan mlaku – mlaku gendi?
Bandung Bondowoso  : Muter – Muter ning kene wae

            Lagi mlaku – mlaku, mung meneng menengan tok. Bandung Bondowoso kala-kalae
ngajak ngomong Roro Jonggrang ning bangku ning ngisore wit.

Bandung Bondowoso  : Roro, kesel apa ora?


Roro Jonggrang           : Lumayan bandung.
Bandung Bondowoso  : lungguh disik ya.
Roro Jonggrang           : Nggih (Roro lan Bandung lungguh ing ngisor wit)
Bandung Bondowoso  : Roro Jonggrang…
Roro Jonggrang           : iya bandung?
Bandung Bondowoso  : Ora sida wis
Roro Jonggrang           : Bandung… panjenengan temenan raja?
Bandung Bondowoso  : Ho.. oh, ana apa?
Roro Jonggrang           : Orapapa bandung
Bandung Bondowoso  : Oh ya, kowe anake sapa?
Roro Jonggrang           : Aku putri saking kraton prambanan
Bandung Bondowoso  : Kraton gede ora?
Roro Jonggrang           : Iya bandung. wis sore, aku pan balik disik (Roro ngadeg)
Bandung Bondowoso  : Iya Roro, tak kancani balik ya?
Roro Jonggrang           : ora usah bandung

ADEGAN II – Kraton Pengging


            Bandung Bondowoso mulai mrajalela terus ngatona sifat durjana ning rakyate.
Bandung nyiksa rakyat sing ngrasani Bandung.

Bandung Bondowoso : Hahahahaha! Dilut maning aku bisa ngrebut atine Roro Jonggrang.
Suyadita                      : Aduh piye yah? Raja wis mulai maneh, mesti tambah sadis iki
(padha bisik-bisik)
Sedah                     : iya yo, aduh piye iki , maren, kulo ra bisa ngadepi sadise raja
Bandung Bondowoso : sapa mau sing ngrasani aku! (mripate mendelik)
Suhita                    : Ngapunten raja, niki kulo sing ngrasani (raine sedih lan sujud)
Bandung Bondowoso  : Koen ngrasani apa?
Suyadita                      : a… anu…
Bandung Bondowoso  : Cepet! koen ngrasani apa!
Sedah                       : ora ngrasani apa apa raja
Bandung Bondowoso  : ora, aku mung krungu kok
Suyadita                       : Ngapunten raja, kulo aja dihukum.. (tumungkul ringkih)
Bandung Bondowoso  : Ora bisa! Koen kudu dihukum! Patih Adiwilaga jukutna kayu!
Patih Adiwilaga           : iki raja
Bandung Bondowoso  : rasakna iki! Hahahahaha! (nabuh kayu marang rakyate)
Sedah                       : Ampun raja, Uwis… lara… (nahan awak sing kena tabuh)
Suhita                      : Uwis Raja! Lara nemen sumpah… ampun (tumungkul ringkih)
Bandung Bondowoso  : Patih Adiwilaga!
Patih Adiwilaga           : iya raja
Bandung Bondowoso  : Penjarakna wong telu iki (nuding wong-wong mau)
                         patih Adiwilaga : iya raja (patih menggiring rakyat ning penjara terus balik maning)

Bandung Bondowoso : rakyatku wis pada wani karo aku, aku kudu piye maneh patih..apa
Apa kudu dihukum kabeh rakyat iki sing pada wani? (bingung)
Patih Adiwilaga : ojo raja, mengko ora ana sing percaya marang raja, mending mateni
Ratu prambanan bae raja
Bandung Bandowoso : kraton Prmbanan? Sesuk siapna senjata karo strategine gae mateni
Ratu Prambanan
Patih Adiwilaga : Siap Raja

ADEGAN III - Kraton Prambanan


Esuke, bandung bondowoso karo patih wis siap go mateni ratu prambanan. Sawise
anjog ning prambanan bandung weruh roro jonggrang karo ratu prambanan lagi ngomong
ngomongan.

Ratu Prambanan : Roro, apa kowe uwes ketemu Raja Kerajaan Pengging?
Roro Jonggrang : Sampun rama.
Ratu Prambanan : Koen kudu ati-ati karo Raja Pengging Roro.
Roro Jonggrang : Lha wonten nopo rama?
Ratu Prambanan : Raja Pengging kuwi kepingin ndadekna Kraton Prambanan iki dadi
Kekuasaane, terus Rajane durjana banget Roro.
Roro Jonggrang : Nggih rama, kula mesti ati-ati kalih Bandung Bondowoso iku.

            Sementara kuwe Bandung Bondowoso karo patihe lagi ngamati…

Bandung Bondowoso : Yaopo strategine patih?


Patih Adiwilaga : Dewek nyamar bae wis. Mengko langsung manah Ratu Prambanan.
Bandung Bondowoso : kowe yakin bisa?
Patih Adiwilaga : Bisa raja.
                       
Bandung Bandowoso balik ning kraton pengging karo patih terus nyiapna
penyamarane. Wis wayah bengi, bandung karo patihe langsung ning kraton Prambanan
kanggo bunuh ratu Prambanan.

Bandung Bandowoso : Ndi panahe!?


Patih Adiwilaga : Iki raja! Ati-ati. Iki Ratu Prambanan lagi ning teras, maca koran.
Mumpung ora ana Roro Jonggrang.
Bandung Bondowoso : Siji, loro, telu!Hiyaaaakkkk!!!

           anak panah sing ditembakna daning Bandung Bondowoso uwis kena ning awake ratu
Prambanan. Ratu prambanan berteriak lan Roro Jonggrang tangi sing turune.

Roro Jonggrang : Suara sapa kae? ? (Roro Jonggrang keluar kerajaan)


Roro Jonggrang : Ramaaa!!!!!?? Sopo seng wani mateni ramaku??? (mlayu ning rama)
Ratu Prambanan : Roro….
Roro Jonggrang : Rama…..
Ratu Prambanan : Roro, ibu ndue pesen. Lek ana sing kepengen nguasai kraton iki, apa
Pengen dadi bojomu, kowe kudu ngekei syarat, nggawe sewu candi.
Roro Jonggrang : Nggih Romo! Romooo, ojo mati romoo..
Ratu Prambanan : Roro, jaga kerajaan iki *lan sekejap, Ratu Prambanan mandheg
ambegan ing ngarepe anake.
Patih Adiwialaga : Raja! Roro Jonggrang metu Raja!
Bandung Bondowoso : Wah, ayo mlayu patih!!!!

Roro Jonggrang weruh ana loro wong sing lagu mlayu ngadohi kraton prambanan.
Tapi kur weruh samar-samar pundak wonge.

Adegan IV (Kraton Prambanan)


            sawise Ratu Prambanan mati, Roro Jonggrang kesepian terus dadi ratu ning kerajaan
Prambanan. Ning siji dina, Bandung Bandowoso nglewati Kerajaan Prambanan.

Roro Jonggrang : Bandung Bondowoso?


Bandung Bondowoso : Roro?
Roro Jonggrang : arep menyang ngendi Bandung?
Bandung Bondowoso : Lagi nggoleki kewan Roro.
Patih adiwialaga : Raja! Ana kewan ning kene!
Bandung Bondowoso : Ya wis, kowe golek-golek disik patih. Aku kape mlaku-mlaku karo
Roro Jonggrang disik.
Patih Adiwilaga : Siap Raja (patih ninggalake Raja banjur nerusake golek kewan)
Bandung Bondowoso : Roro, opo kowe bisa mimpin kerjaanmu dhewe?.
Roro Jonggrang : Bisa Bandung, aku uwis diajari cara mimpin kerjaan karo rama.
Bandung Bondowoso : Owalah.

            Raut wajah Bandung Bandowoso mulai berubah. Roro Jonggrang ngileng Bandung
Bandowoso, ia langsung sadar Bandung Bandowoso nyoba nguasani kerajaan, kaya sing
diomongna Ratu Prambanan sadurunge meninggal dunia.

Bandung Bondowoso : Roro, apa kowe gelem dadi bojoku?


Roro Jonggrang : Aku ora yakin Bandung.
Bandung Bondowoso : Kowe ora yakin karo aku?

            Roro Jonggrang kelingan wasiat sing Ratu Prambanan sadurunge mati.

Roro Jonggrang : Ana syarate Bandung.


Bandung Bondowoso : Apa syarate Roro? Apa ae syarate bakal tak sanggupi.
Roro Jonggrang : Koen kudu nggawe sewu candi sewengi.
Bandung Bondowoso : Halah candi. Yowes Roro.

*Ning njero Kerajaan Prambanan*

Roro Jonggrang : Aku yakin! Bandung Bondowoso ora bisa nggawe candi sewengi.
           
            Sementara ning kerajaan pengging, Bandung Bandowoso lagi nyusun rencana karo
patih adiwilaga.

Bandung Bondowoso : Patih Adiwilaga, undangen jin-jin gae ngrewangi aku nggawe candi
Patih Adiwilaga : Nggeh Raja. Wahai JIN! Teka! Rewangi Bandung Bondowoso. Aku
butuh kowe!

Langsung metu telu jin sing diundang daning patih adiwilaga.

                      Jin Nenez    : ana apa ngundang aku?


                      Jin Dindin  : Hayo! Ana apa? Pokoke aja njaluk-njaluk, sepisan bae. Aku uwis
kudu
uwis.
                      Patih Adiwialaga : Tulung Jin Nenez lan Jin Dindin! Rewangi Bandung Bandowoso
nggawe sewu Candi!!
                    Jin Dindin    : Hahahaah! Gampang. Seng penting sadurunge srengenge munggah
                       Jin Nenez    : Nah! lek ana srengenge, pokoke aku kudu balik ning kraton jin!
                       Patih Adiwilaga : Iya jin nenez! Saiki cepet gawe sewu candi ning kene!
                      Kabeh Jin   : Siap!

            Sing adoh, Roro Jonggrang karo dayange ngintip cara kerjane Bandung Bandowoso.
Roro Jonggrang ngarti ari Bandung Bandowoso ngajak Jin nggo nggawe sewu candi.

Roro Jonggrang : Wah… lek kaya ngene Bandung Bondowoso mesti bisa nggawe sewu
Candi
Dayang Gayatri : awak dhewe kudu mandekno jin sing ngrewangi Bandung
Bondowoso.
Roro Jonggrang : Yaopo carane?
Dayang Prameswari : Para jin kuwi kelemahane lek ana matahari
Roro Jonggrang : Terus?
Dayang Gayatri : Deweke nutuki lesung ben dikira matahari wes kape metu.
Roro Jonggrang : Wahh.. apik kui idene!
Dayang Prameswari : Siji meneh, deweke kudu niru suara pitik!
Roro Jonggrang : okee ayo!!

            Roro Jonggrang karo dayang-dayange nutuki lesung karo niru suara ayam. jin mau
sing diundang daning Bandung Bandowoso ndarani srengenge pan metu. Terus jin lunga
ninggali candi sing enggal digawe. Jumlahe uwis  999 candi.

Jin Nenez : Wah!! Ana suara pitik! Ana suara lesung! Srengenge pe metu!!
Jin Dindin : Awak dhewe kudu balik!!
Bandung Bondowoso : Jin!! Balik mane! Iki candine kurang siji!! Balik jin!!

            Akhire Bandung Bandowoso nyerah karo sewot! jebule Roro Jonggrang uwis nyiapna
rencana iki. Terus Bandung Bandowoso ngundang Roro Jonggrang.

Bandung Bondowoso : Roro! Aku wis nggawe sewu candi!!


Roro Jonggrang : apa iya.. iki wis ana sewu?
Siji, loro, telu, papat, limo…….999!!!
Daning ana 999 candi bandung!! Kowe gagal Bandung!
Bandung Bondowoso : Tapi aku wis usaha Roro!
Roro Jonggrang : iki candine kurang siji lo yo! Ngaku ae, koen sing wis mateni ramaku!
Bandung Bondowoso : apa?? Kowe nuduh aku mateni ramamu??
Roro Jonggrang : Ngaku Bandung!! (Roro nesu)
Bandung Bondowoso : kowe uwis gawe aku lara ati Roro! Koen tak dadekno candi seng ke-
Sewu kanggo genepi candi sewu iki!! (bandung nyihir Roro)
           
            Akhir cerita, Roro Jonggrang disihir daning Bandung Bandowoso. Terus Bandung
Bandowoso nguasai Kerajaan Prambanan karo seribu candi sing salah sijine patung Roro
Jonggrang.
-TAMAT -

Anda mungkin juga menyukai