Anda di halaman 1dari 8

Kelompok 2

Roro Jonggrang
Nama Tokoh
1. Jin 1 2. Dayang 1, Narator
3. Bandung Bondowoso 4. Roro Jonggrang
5. Patih 6. Ratu Prambanan
7. Dayang 8. Jin 1
9. Jin 2 10. Rakyat 1 11. Rakyat 2

ADEGAN I – Kerajaan Prambanan


Gemiyen ana kerajaan sing arane kerajaan pengging sing rajane sadis nemen
arane Bandung Bondowoso. Bandung Bondowoso terkenal soale seneng mateni wong
sing ora nurut karo perintahe. Tapi ning siji dina Bandung ketemu karo wong wadon
sing ayu nemen arane Roro Jonggrang.

Bandung Bondowoso : Mba, arane sapa?


Roro Jonggrang : Aku Roro Jonggrang mas, koen sih arane sapa?
Bandung Bondowoso : Aku Bandung Bondowoso, Hahahahahhaa, Asline mendi
mba?
Roro Jonggrang : Kerajaan Prambanan
Bandung Bondowoso : Mlaku – mlaku yuh?
Roro Jonggrang : Pan mlaku – mlaku mengendi mas?
Bandung Bondowoso : Muter – Muter ning kene mboran

Lagi mlaku – mlaku, kur meneng menengan tok laka sing ngomong siji sijia
kosing anjog ning ngisore wit. Bandung Bondowoso kala-kalae ngajak ngomong Roro
Jonggrang ning bangku ning ngisore wit mau.

Bandung Bondowoso : Roro, kesel apa ora?


Roro Jonggrang : Lumaya mas
Bandung Bondowoso : Njagong disit yuh
Roro Jonggrang : Iya mas
Bandung Bondowoso : Roro Jonggrang…
Roro Jonggrang : Iya mas?
Bandung Bondowoso : Ora sida wis
Roro Jonggrang : Bandung… ader koen temenan raja?
Bandung Bondowoso : Ho.. oh, Kening apa?
Roro Jonggrang : Orapapa mas
Bandung Bondowoso : Oh ya, koen anake sapa?
Roro Jonggrang : Aku putri ning kerajaan prambanan
Bandung Bondowoso : Kerajaane gede ora?
Roro Jonggrang : Iya mas, wis sore mas, aku pan balik disit
Bandung Bondowoso : Iya Roro, tak aterna ya?
Roro Jonggrang : ora susah mas

ADEGAN II – Kerajaan Pengging


Bandung Bondowoso mulai mrajalela terus ngatona sifat sadise ning rakyate.
Bandung nyiksa rakyat sing ngrasani Bandung

Bandung Bondowoso : Hahahahhhaaa! Kala kalae aku bisa mereki Roro


Jonggrang. delat maning aku bisa ngrebut atine keh. Hahahahahaa!
Rakyat 1 : Aduh pimen yah? Raja wis mulai maning, mesti tambah
Sadis keh
Rakyat 2 : iyayah, aduh pimen keh, pimen, dewek bisa ngadepi sadise
raja

Bandung Bondowoso krungu omongane rakyat mau

Bandung Bondowoso : sapa mau sing ngrasani aku!


Rakyat 2 : Maaf raja, miki aku sing ngrasani
Bandung Bondowoso : Koen ngrasani apa miki!
Rakyat 1 : a… anu…
Bandung Bondowoso : Cepet! Miki ngrasani apa!
Rakyat 2 : ora ngrasani apa apa raja
Bandung Bondowoso : Ader aku ora krungu apa!
Rakyat 1 : Maaf raja, aku aja dihukum..
Bandung Bondowoso : Ora bisa! Koen kudu dihukum! Patih jukutna kayu!
Patih : Kiye raja
Bandung Bondowoso : Keh rasakna! Hahahahaha!
Rakyat 2 : Ampun raja, Uwis… lara…
Rakyat 1 : Uwis Raja! Lara nemen sumpah… ampun
Bandung Bondowoso : patih!
Patih : iya raja
Bandung Bondowoso : Penjarakna wong loro kiye
Patih : iya raja *patih menggiring rakyat ning penjara terus balik
maning*
Bandung Bondowoso : Rakyate aku wis pada wani karo aku, dewek kudu pimen
keh patih… apa kudu dihukum kabeh ari rakyate pada wani?
Patih : aka raja, mengko laka sing percaya maning karo raja,
mending mateni ratu prambanan bae raja
Bandung Bondowoso : kerajaan prambanan? Ko esuk siapna senjata karo
strategine go mateni ratu prambanan
Patih : Siap raja

ADEGAN III - Kerajaan Prambanan


Esuke, bandung bondowoso karo patih wis siap go mateni ratu prambanan. Sawise
anjog ning prambanan bandung weruh roro jonggrang karo ratu prambanan lagi
ngomong ngomongan.

Ratu Prambanan : Roro, apa kowen uwes ketemu raja kerajaan pengging?
Roro Jonggrang : Sampun buk.
Ratu Prambanan : Kowen kudu ati-ati karo raja pengging Roro.
Roro Jonggrang : Lha wonten nopo to buk?
Ratu Prambanan : Raja Pengging kuwe kepingin ndadekna kerajaan
Prambanan kiye dadi kekuasaane kae. terus rajane sadis
nemen Roro.
Roro Jonggrang : Nggih buk, kula mesti ati-ati kalih Bandung Bondowoso iku.

Sementara kuwe Bandung Bondowoso karo patihe lagi ngamati…

Bandung Bondowoso : Patih, ora sida bae ya?


Patih : bisane raja?
Bandung Bondowoso : Lha jebule ibune Roro Jonggrang
Patih : iya pancen raja!
Bandung Bondowoso : terus pimen?
Patih : dewek nyamar bae wis. mengko langsung manah Ratu
Prambanan.
Bandung Bondowoso : koen yakin bisa?
Patih : bisa raja.

Bandung Bandowoso balik ning kerajaan pengging karo patih terus nyiapna
penyamarane. Wis wayah bengi, bandung karo patihe langsung ning kerajaan
Prambanan untuk membunuh ratu Prambanan.

Bandung Bondowoso : Ndi panahe!?


Patih : kiye raja! Ati-ati. kae ratu prambanan lagi neng teras, maca
koran. Mumpung laka Roro Jonggrang.
Bandung Bondowoso : Siji, loro, telu! Hiyaaakkk!!!!

anak panah sing ditembakna daning Bandung Bondowoso uwis kena ning awake
ratu Prambanan. Ratu prambanan berteriak dan Roro Jonggrang tangi sing turune.

Roro Jonggrang : Suara sapa kae? *Roro Jonggrang keluar kerajaan*


Roro Jonggrang : Ibuuuu!!!!!?? Sopo seng wani mateni ibukku???
Ratu Prambanan : Roro,
Roro Jonggrang : Ibu....
Ratu Prambanan : Roro, ibu ndue pesen. Ari ana sing pan nguasai kerajaan kiye,
apa pan dadi bojomu, koen kudu nein syarat, nggawe sewu candi.
Roro Jonggrang : Nggih ibuk! Ibuukk. Ibuk, ojo mati bukk..
Ratu Prambanan : Roro, jaga kerajaan kiye *dan sekejap, Ratu Prambanan
menghembuskan nafas terakhirnya di pangkuan sang anak*
Patih : Raja! Roro Jonggrang metu raja!
Bandung Bondowoso : Wah, ayo mlayu patih!!!

Roro Jonggrang weruh ana loro wong sing lagu mlayu ngadohi kerajaan
prambanan. Tapi kur weruh samar-samar pundak wonge.

Adegan IV (Kerajaan Prambanan)


sawise Ratu Prambanan mati, Roro Jonggrang kesepian terus dadi ratu ning
kerajaan Prambanan. Ning siji dina, Bandung Bandowoso nglewati Kerajaan
Prambanan.

Roro Jonggrang : Bandung Bandowoso?


Bandung Bondowoso : Roro?
Roro Jonggrang : pan mengendi Bandung?
Bandung Bondowoso : lagi pan nggoleti hewan Roro.
Patih : Raja, laka hewan ning kene.
Bandung Bondowoso : Ya wis, koen golet golet disit patih. Aku pan mlaku-mlaku
karo Roro Jonggrang ndisik.
Patih : siap raja. *patihpun meninggalkan kerajaan dan mencari
hewan di hutan kembali*
Bandung Bondowoso : Roro, koen ora keder mimpin kerajaan kiye dewekan?
Roro Jonggrang : Ora Bandung. Aku uwis diajari cara mimpin kerajaan karo
ibukku.
Bandung Bondowoso :Owalah.
Raut wajah Bandung Bandowoso mulai berubah. lagi Roro Jonggrang ngileng
Bandung Bandowoso, ia mbene sadar ari Bandung Bandowoso nyoba nguasani
kerajaan, kaya sing diomongna Ratu Prambanan sadurunge meninggal dunia.

Bandung Bondowoso : Roro, apa kowen gelem dadi bojoku?


Roro Jonggrang : Aku ora yakin Bandung.
Bandung Bondowoso : Kowen ora yakin karo aku?

Roro Jonggrang kemutan wasiat sing Ratu Prambanan sadurunge mati

Roro Jonggrang : ana syarate Bandung Bandowoso.


Bandung Bondowoso : apa syarate Roro? Apa bae syarate bakal tak sanggupi.
Roro Jonggrang : Kowen kudu nggawe sewu candi sewengi
Bandung Bondowoso : Halah, kur candi. Oke Roro.

*Di Dalam Kerajaan Prambanan*

Roro Jonggrang : Aku yakin! Bandung Bandowoso ora bisa nggawe candi
sewengi.

Sementara ning kerajaan pengging, Bandung Bandowoso lagu nyusun rencana


karo patih.

Bandung Bondowoso : Patih, undangna jin-jin gon ngrewangi aku nggawe candi
Patih : siap raja
Patih : Wahai JIN! teka! rewangi Bandung Bandowoso. Aku butuh
kowen!

Langsung metu loro jin sing diundang daning patih.


Jin 1 : ana apa ngundang dewek?
Jin 2 : Hayo! Ana apa? Pokoke ari njaluk-njaluk, sepisan bae. Ari
uwis kudu uwis!
Patih : Tulung jin! Rewangi Bandung Bandowoso nggawe sewu
candi!
Jin 1 : Hahahaah! Gampang. Seng penting laka matahari?
Jin 2 : Nah! Ari ana matahari, pokoke dewe kudu balik neng kerajaan
jin!
Patih : Iya jin! Saiki cepet gawe sewu candi ning kene!
Jin 1 : Siap!

Sing adoh, Roro Jonggrang karo dayange ngintip cara kerjane Bandung
Bandowoso. Roro Jonggrang ngarti ari Bandung Bandowoso ngajak Jin nggo nggawe
sewu candi.

Roro Jonggrang : wah… ari kaya kiye ya Bandung Bandowoso mesti bisa
nggawe sewu candine.
Dayang : ya, dewe kudu mandekna jin sing ngerewangi Bandung
Bandowoso.
Roro Jonggrang : Yo carane pimen?
Dayang : Para jin kuwe kelemahane ari ana Matahari.
Roro Jonggrang : Terus?
Dayang : Mending dewe nutuki lesung ben dikira matahari wis pan metu
ratu.
Roro Jonggrang : Wahh apik kue idene!
Dayang : Siji meneh, dewe kudu niru suara pitik!
Roro Jonggrang : oke ayooo!!!!

Roro Jonggrang karo dayang nutuki lesung karo niru suara ayam. jin mau sing
diundang daning Bandung Bandowoso ndarani matahari pan metu. Terus jin lunga
ninggali candi sing enggal digawe. Jumlahe uwis 999 candi.
Jin 2 : Wah! Ana suara pitik! ana suara lesung! Matahari pan metu!!!
Jin 1 : Dewe kudu balik!
Bandung Bondowoso : Jin!! Balik mene! kiye candinee kurang siji!!! balik jin!!!

Akhire Bandung Bandowoso nyerah karo sewot! jebule Roro Jonggrang uwis
nyiapna rencana kiye. Terus Bandung Bandowoso ngundang Roro Jonggrang.

Bandung Bondowoso : Roro! Aku wis nggawe sewu candi!!


Roro Jonggrang : apa iya… kae wis ana sewu?
Bandung Bondowoso : dietung disit Roro !

Sementara Roro Jonggrang menghitung...

Roro Jonggrang : Siji, Loro, Telu, Papat, Limo.............. 999!!!


Roro Jonggrang : daning kur ana 999 candi Bandung! Koen gagal Bandung!
Bandung Bondowoso : Tapi aku wis usaha Roro!
Roro Jonggrang : kiye candine kurang siji oh ya! Ngaku bae! Kowe sing wis
mateni Ibukku!
Bandung Bondowoso : apa???? Koen nuduh aku mateni ibune koen???????
Roro Jonggrang : Ngaku Bandung!!!
Bandung Bondowoso : koen uwis gawe aku lara ati Roro! Kowe tak dadekne candi
seng ke-sewu kanggo nggenepi candi sewu iki!!!!

Akhir cerita, Roro Jonggrang disihir daning Bandung Bandowoso. Terus


Bandung Bandowoso nguasai Kerajaan Prambanan karo seribu candi sing salah sijine
patung Roro Jonggrang.

-TAMAT -

Anda mungkin juga menyukai