Anda di halaman 1dari 3

Legenda Gunung Kelud

Ing kerajaan majapahit kang gemah ripah loh jinawi, tata tentrem kelawan kerta
raharja. Sajroning pasewakan ing siti inggil kraton majapahit sang prabu brawijaya
kahadep putri nipun ingkang sulistiyo ing warni lan para prajurit ipun.

Putri pusparini ingkang sulistiyo warni mahanani kathah para taruna saking
njaban rangkah ingkang pingin ngayunaken sang putri. Ananing manah sang prabu
brawijaya mandeg mangu, amargi sang prabu mboten purun kadadosan derdah saking
panolak ing sang putri. Mula saking menika sang prabu brawijaya ngawontenaken
sayembara, sok sinteno ingkang saget menthang gendewa sakti kyai garudayeksa lan
ngangkat gong kyai sakerdelima inggih menika ingkang dados garwanipun sang putri.

Sang prabu : “ Putriku angger pusparini kepriye?, opo wis sumadya anggoniro
angadepi sayembara ?”
Putri : “ Saderengipun kula ngaturaken sembah rama. Ngenani bab
sayembara dalem namong nyadhong dhawuhipun rama.”
Sang prabu : “ iyo, sembahmu tak tompo. yo…mugo-mugo sayembara mengko
kalakon kanthi rancak , ora ana rubedo.”
Sang prabu : “ Iki ono pawongan telu ngadep ing ngarsaku,opo iyo arep melu
ngleboni sayembara kisanak ?”
Taruna 1 : “ Inggih sinuwun sadereng ipun, kula ngaturaken sembah. Nami kula
joko lola saking negri sabrang.Kula bade mupu sayembara.”
Taruna 2 : “ Kula semanten ugi sinuwun sederengipun kula ngaturaken sembah.
Nami kula raden asmoro. Kula inggih nderek sayembara.”
Taruna 3 : “ Kula inggih sinuwun sadereng ipun, kula ngaturaken sembah. Nami
kula raden kusuma. Kula badhe nderek sayembara.”
Sang prabu : “ iyo, yen ngono mboko siji majuo ing sangareping gendewo lan gong
sigro.laksanakno amenthang gendewa lan ngangkat gong.”
Taruna 1 : “ inggih sinuwun ngestoaken dhawuh.” (mlampah dhateng ngajeng.
Menthang gendewa nanging mboten saget)
Taruna 2 : “ Nyuwun palilah sinuwun mugi-mugi kula saget
ngrampungi sayembara menika.” ( mlampah dhateng ngajeng . Menthang gendewa
sasampunipun dilanjutaken ngangkat gong nanging mboten kuat )
Taruna 3 : “ sinuwun ngestoaken dhawuh , mugi-mugi kula saget
ngrampungi sayembara menika (mlampah dhateng ngajeng. Menthang gendewa
nanging mboten kuat )
Sang prabu : “ Sarekne sayembara ora ono kang bisa ngrampungi, sayembara
enggal ingsun wusanani”

Sesarengan kalian sabdanipun sang prabu, repepeh-repepeh lembu suro sowan


ngarsanipun sang prabu, badhe nderek mupu sayembara.
Lembu suro : “Nuwun sewu sinuwun lepat nyuwun pangapuro. Kula pun lembu suro
badhe mupu sayembara.”
Sang Prabu : “Jenengmu lembu suro?! Awakmu menungsa sirahmu lembu, opo bisa
kowe mupu sayembara?”
Lembu suro : “ Menawi gusti ingkang murbeg dumadi, angidinaken paminto kula
mbok menawi kula saget angrampungi sayembara.”
Sang Prabu : “ Yen ngono enggal laksanakno sayemabra kisanak.”
Lembu suro : “ Sendiko ngestoaken dhawuh sinuwun ( mlampah wonten ngajeng
anyedaki panggenan gendewa kalian gong )

Lembu sura saget menthang aken gendewa lan ngangkat gong kaya mboten
wonten beban. Sareh ne lembu sura saget ngrampungi sayembara, lembu suro nggadhi
hak anggarwo dewi pusparini. Suasano ing kaputren, sang putri tansah muwun amargi
sang putri mboten purun kagarwo dining lembu suro.
Emban : “ Ndoro putri sampun dipun galih sanget-sanget. Mangke mindak
badanipun kero anjalari sakit.”
Putri : “ mbok emban kepriye anggonku anglakoni digarwo dining lembu suro
sin ora umum kaya sa’dengahe manungsa. Mbok emban aku njaluk eguh pratikelmu,
kepriye amprih aku ora digarwo dining lembu suro? Coba pikirno, kepriye pratikelmu
mbok emban?
Emban : “ Nyuwun sewu gusti, menawi pamikiran kula mekaten, panjenenga
kedah anggadahi setunggal panyuwun ingkang aurat damatheng lembu suro.”
Putri : “ Lha iyo mbok emban kira-kira opo panyuwunku mengko?”
Emban : “ Eguh pratikel kula pripun menawi lembu suro dipun kengken ndamel
sumur wonten ing puncake gunung kelud.”
Putri : “ Iyo yen ngono mbok emban, mengko yen lembu suro mlebu ing
kaputren tak jalukane bebono sing kaya mbok emban aturaken.

Salebete wawan rembag antawis gusti putri kaliyan mbok emban, mboten ka
nyono-nyono lembu sura mlebet kaputren saperlu sapejagong kalian gusti putri.
Lembu suro : “ Di ajeng pusparini garwanipun kakang, kepriye janjimu ? aku mrene
arep nagih janjimu yayi ?
Putri : “ Iyo lembu suro aku gelem dadi garwamu nanging aku njaluk panyuwun
marang sliramu.”
Lembu sura : “ Iyo yayi panjalukmu opo ? enggal kondho mengko enggak kula
laksanani.
Putri : “ Yen sliramu biso gawe sumur ing puncake gunung kelud sajronin
sewengi, aku gelem dadi garwomu, lembu suro.
Lembu suro : “ Opo nggawe sumur iku kudu ana ing puncake gunung kelud ? opo ora
ono papan seng cedak sakiwo tengen kene wae ?
Putri : “ Ora lembu suro , aku wes mantep njaluk digawekne sumur ing
puncake gunung kelud , mbesok samongsa awake dewe diresmek ake dadi temanten
bisa ados bareng neng sumur seng kok gawe kuwi.
Lembu sura : “ Yen penjalukmu koyo mengkono ojo kuatir diajeng, bakal tak
turuti panjalukmu mugo-mugo biso ngelaksanani panjalukmu.

Sasampunipun lembu suro angerteni panyuwunipun gusti putri sigro milar


saking kaputren terus bablas. Mlajeng ing sapuncaking gunung kelud sareng kluarga
sang prabu brawijaya. Dumugi ing gunung kelud , lembu suro nggina’aken sungu nipun
kangge ngeduk siti ingkang badhe damel sumur. Sak antawis dangu lembu suro
sampun mboten ketingal saking pinggire sumur. Dados lembu suro sampun tebih
mlebet wonten sajroning sumur. Ningali kedadean menika putri pusparini tansoyo
kuatir. Menawi lembu suro saget minangkani pamundhutipun. Sang putri nyuwun
dhumatheng rama nipun inggal laksanakaken tumindak, supados lembu suro saget
gagal anggarwo putri pusparini.

Putri : “ rama .. pripun kahanan lembu suro kok saget ndamel sumur ? mugio
rama gadah pratikel kados pundi cara nipun amprih lembu suro mboten saget
anggarwo kula.
Sang prabu : ” ya nini.. aku ngerti karepmu lan mengko dhisik tak mikir kepriye cara
ne iki ?

Sang prabu ketawis gugup lan mandeg mangu, menggalih kadospundi cara
nipun lembu suro mboten saget anggarwo putrinipun

Sang prabu : “ he… kabeh prajuritku wae podho siyaga . dina iki ana perintah kudu
sigro dilaksanakne yaiku nguruk sumur kanggo watu lan lemah ing sak kiwo tengen e
sumur, ojo katalumpen. saiko ugo laksanakno sampek sumur kebak watu lan lemah.
Prajurit : “ inggih sinuwun nggestoaken dhawuh.”

Sedoyo prajurit ngelaksanakaken printah sinuwun nguruk sumur kalian selo lan
siti . saking lebet sumur kepireng sambate lembu suro.

Lembu suro : “ tulung…tulung… tulung …ojo di uruk aku ana jerone sumur iki.

Para prajurit mboten anggatek aken sambat e lembu suro . para prajurit terus
nguruk sampe sumur kebak selo lan siti. Senaoso lembu suro ka uruk sajroning sumur
ananging, suwanten nipun tasih kepireng saking njawi sumur lan lembu suro murka
ngantos ngedalaken sumpah kangge prabu brawijaya lan sedaya kawula nipun amargi
cuwo penggalih ipun lembu suro.

Lembu suro : “ hey.., brawijaya mbesok bakal kepethuk piwalesku kang makaping
kaping. Yaiku Kediri bakal dadi kali, blitar dadi latar, tulungagung dadi kedung.”

Sajroning sumpahe lembu suro saben kaleh windu sepisan bakal ngerisak
sedaya wewengkon kerajaan prabu brawijaya.

sang prabu : “ para kawula ku kabeh lembu suro wes sumpah arep ngerusak
wewengkon kita kabeh, mula saka iku ayo kabeh wae nyuwun pandonga marang gusti
kang murbeng dumadi supaya bumi nuswantara kita tetep gimah ripah loh jinawi ora
ono alangan sawiji opo.”

Anda mungkin juga menyukai