Anda di halaman 1dari 12

KELOMPOK 1

Kelompok 1 :
1. Ahmad Sururi ( Bandung Bondowoso )
2. Alifia Nur Julaikah ( Prajurit/ Rakyat )
3. Aprilia Nanda ( Ratu )
4. Aura Amalia ( Roro Jonggrang )
5. Aurelia Salsabila ( Prajurit/ Jin )
6. Bening Ayuning Titis ( Kostum/ Prajurit/Jin )
7. Cindy Zahira (Prajurit/ Rakyat )
8. Claudio Ananda ( Raja Boko/Rakyat )
9. Delia Nova Sari ( Dayang 2 )
10. Delila Yuniar Putri ( Jin Utama/ Prajurit )
11. Dina Indiani Pratiwi ( Sutradara/Prajurit/Jin )
12. Dinda Nisfa Nirwana ( Narator )
13. Fara Eka Sukmawati ( Prajurit/ Rakyat)
14. Fatimah Azzahra ( Dayang 1 )
15. Fibrianti Aisah ( Prajurit/ Jin )
16. Indah Febriana ( Patih )

NASKAH DRAMA “SEJARAH CANDI PRAMBANAN”

Adegan 1
(Raja dan Bandung)
Jaman kae ono sebuah kerajaan Ing Pengging, Raja nipun kagungan putero asmanipun
Bandung Bondowoso. Bandung Bondowoso wong kang perkasa kaya romone, deweke nduwe
macem-macem ilmu sekti mandraguna. Tirose kesaktiane luwih duwur ketimbang romone
amarga Bandung Bondowoso seneng merguru ing para pertopo sakti.
Ing daerah Prambanan ana kerajaan kang makmur lan rakyatipun sejahtera, asmanipun
Rajane yaiku Raja Boko. Sang raja kagungan putri kang ayu parase asmanipun Roro Jonggrang.
Raja Boko kagungan salira ageng ugi dhuwur dadosipun wong wong ndugi yen Raja Boko
putranipun raksasa.
Antawis Kerajaan Pengging lan Kerajaan Prambanan kedados peperangan. Wonten
mulanipun Raja Pengging kalah. Tentara Pengging kathah ingkang gugur ing medan perang.
Mireng kekalahan pasukan ramanipun Bandung Bondowoso kagungan niat nyusul.

Bandung bondowoso : “He Prabu Boko, metuo kowe!!”


(Prajurit matur marang Raja Boko)
Prajurit :”Ngapunten Prabu wonten pasukan saking kerajaan Pengging arep nyerang kerajaan
iki"
Raja Boko :”Sopo iku wani-wanine nggae rusuh ing kerajaanku!”
(Raja Boko metu ngampiri pasukan kae)
Raja Boko: “Sopo kowe? Lapo kowe ngerusuh ing kerajaanku”
Bandung Bondowoso: “Aku putra saking Raja pengging”
Raja Boko: “Ono opo awakmu teko mrene?”
Bandung Bondowoso: “Hahaha, Prabu Baka, aku arep bales dendam amargo kowe wes mateni
bapakku lan aku bakal nguasai kerajaanmu”
Raja Boko: “wanine koe ngomong koyo ngono kui neng ngarepku!”
Bandung Bondowoso: “Hah!! kowe ora bakal isa ngalahno pasukanku”
Raja Boko: “Yen kui niatmu, langkaono disik mayatku!”
Bandung Bondowoso: “Monggo”
Patih : “Pasukkan!!!!Serang!!!!!!!!
(Jin bolone bandung bondowoso melu perang)

Perangnipun dikawiti, tanpa pasukan prambanan kasemerap, Bandung Bondowoso nyuwun


bantuan jin kagem ngelawan pasukan Raja Boko sedaya.
dening kekalahan kerajaan prambanan ugi sedanipun Raja Boko.

Bandung Bondowoso: “Rasakno kuwi, saiki kerajaan iki dadi tekku sak kabeh e Hahahaha”
Patih :”bener tuanku, kerajaan iki saiki ono ing pimpinanmu”
(Bandung Bondowoso lan Patihe mlaku-mlaku ing sekitaran istana)
Adegan 2
(Ratu, Dayang)
Mireng pirengan kekalahan pasukan Prambanan, para dayang enggal ngaturi Pirengan kasebut
dhateng Ratu.
(Dayang-dayang bergegas nemoni Ratu sing lagi longgoh ing njero istana)

Ratu: “Ana apa emban?”


Dayang 1: “Kulo badhe ngaturaken kabar lara paduka ratu, raja kalah lawan kerajaan Pengging
(Ratu kaget lan nangis)
Ratu: “Sopo sing mateni bojoku?”
Dayang 2: “Jaleripun Bandung Bodowoso, Paduka Ratu”
Ratu :”Sopo kuwi Bandung Bondowoso?”
Dayang 2:”Bandung Bondowoso kuwi putrane Raja Pengging, paduka ratu”
Ratu :”Kurang ajar!!!”

Sawise krungu kabar kuwi Ratu marani Roro gawe nyampekaken kabar kuwi.
Roro Jonggrang :”Wonten napa bunda kok koyok sedih ngunu, rupane ono sing penting”
Ratu :”Putriku aku arep nyampekaken sesuatu, kowe ojok kaget, bapakmu sampun sedo ing
medan perang”
Roro Jonggrang :”Opo ora mungkin!”
(ratu nenangaken roro jonggrang kaliyan ngrangkul lan ngelus ngelus roro jonggrang)
Adegan 3
(bandung, roro, patih, dayang)
Sak marine menguasai kerajaan prambanan, Bandung lan Patihe mlampah- mlampah ing
desa. Mirsani keindahan Prambanan.

Bandung Bondowoso: “Wenak e udara nang kene”


Patih: “Pancen sejuk sanget tuan, nopomelih niki sampun gadahe tuan”
Bandung Bondowoso: “Aku ancen suangar yo patih, hahaha”
Patih: “Leres tuan”
Rakyat 1: “Aduh Raja Boko wis sedo, saiki kerajaan iki dikuasai Bandung Bondowoso”
Rakyat 2: “Krungu-krungu Bandung Bondowoso kuwi nduweni sifat sing angkuh lan sakkarepe
dewe marang rakyate”
Rakyat 1: “Aduh genahe, wedi aku”
(Rakyat ningali Bandung lan Patih mlaku nang kumpulane rakyat)
Bandung Bondowoso :”Sopo mau sing ngomongke aku?!”
Rakyat 1 :”mboten raja mboten ngomongke panjenengan”
Bandung :”ngaku o wae sak gorong e tak hukum kowe wong loro”
Rakyat 2: “Nyuwun sewu Raja kula sing ngelakokake”
Bandung Bondowoso :”Opo sing mbok omongno mau?”
Rakyat 1:”A-anuu”
Bandung Bondowoso :”Cepet! Koe muni opo?”
Rakyat 2 :”Mboten nopo-nopo Raja”
Bandung Bondowoso :”Ngapusi! Mbok kiro aku rakrungu opo!”
Rakyat 1 :”Ampun Raja, kulo aja dihukum”
Bandung Bondowoso :”Ora iso! Koe kudu dihukum! Patih, lebokno wong lro iki marang
penjarane istana”
Patih :”Nggeh Raja”
(Rakyat 1 lan 2 diseret kalih patih)
Sakmarine Bandung lan Patih ngehukum rakyat kui, Bandung lan Patih ngelanjutno mlaku-
mlaku ing sekitar kerajaan. Selagi mlaku-mlaku Bandung keningal cah wadon ayu ingkang
mlampah bareng emban ngeliwati Bandung Bondowoso.

Bandung Bondowoso: “Sopo cah ayu mau Patih?”


Patih: “Niku Roro Jonggrang Tuan”
Bandung Bondowoso: “Sopo iku?”
Patih: “Yuganipun Raja Boko, Tuan”
Bandung Bondowoso: “Opo?! Raja Boko?!”
Patih: “Leres Tuan”
Bandung Bondowoso: “Tapi rapopo, aku wes kadung kesemsem karo cah ayu kuwi, yaopo
carane cah kuwi kudu dadi ratuku”

Sawise cekap tebih saka paningalan,Rakyat-rakyat desa ngawiti micarake.

Rakyat 3: “Eh kuwi to Bandung Bondowoso”


Rakyat 4: “Bandung Bondowoso sing wis ngalahno Raja?”
Rakyat 3: “Iyo bener”
Rakyat 4: “krungu krungu bandung bondowoso kuwi naksir kaliyan putrine raja boko.”
Rakyat 3: “tenanan ta?”
Rakyat 1: “ndoro putri ra mungkin gelem wong bandung bondowoso kuwi seng nggarakne
bapane mati”
Rakyat 1: “Bener pisan”
Mirsani asike pembicaraan rakyat, dayang-dayang sing lagi mlaku badhe dateng pasar takon
babagan topik sing dibahas dening wong-wong mau.

Dayang 2: “Ono opo iki? Kok kayake onok perkoro penting sing kowe omongno”
Rakyat 2: “Opo bener Bandung Bondowoso kuwi arep nyideki putri Roro Jonggrang?”
Dayang 1: “Endi aku ngerti, emange onok opo?”
Rakyat 1: “Masa kowe ora ngerti yen Bandung Bondowoso iku uwong sing wes nyedoni Raja”
Dayang 1: “ngerti tekan ngendi yen bandung bondowoso arep nyedeki putri?gak usah ngarang
ngarang kowe ”
Dayang 2: “Iyo bener, ayolah wes bali wae”

Ndek nggen liyo, Bandung lan Roro ora sengojo papasan wong loro. Bandung nyideki Roro
lan ngajak kenalan.

Bandung :”Sopo jenengmu cah ayu?”


Roro Jonggrang :”Lapo kowe takon jenengku? Opo pentinge jenengku gawe kowe?”
Bandung Bondowoso :”Ora popo aku mek pengen kenalan tok”
Roro Jonggrang :”Aku Roro Jonggrang putri saking kerajaan iki”
Bandung Bondowoso :”Ohh Roro Jonggrang, jenengmu ayu koyo parasmu ”
Roro Jonggrang :”Ah isok ae, yowis aku arep bali disik yo”
Bandung Bondowoso :”Iyo Ro, ati-ati, kapan-kapan petukan maneh yo”
Adegan 4
(ratu, dayang)
Selagi Bandung lan Roro omong-omongan ono warga sing gasengojo ngerungokno omongane
wong loro kuwi. Warga langsung ngaturaken marang emban ing istana.

Rakyat 3 :”Emban aku arep nyampekaken sesuatu nang kowe”


Dayang 1 :”Ono opo iki?”
Rakyat 3 :”Aku maeng ora sengojo ndelok ndoro putri kenalan karo Bandung Bondowoso,
koyoe Bandung duwe niatan gae nyedeki ndoro putri”
Dayang 2 :”Opo iyo! Waduh gabener iki, kanjeng ratu kudu ngerti!”

Tanpa mikir dowo, para emban enggal ngampiri Ratu lan nyampekno fakta sing diintukaken
saking warga.

Dayang 2: “Ngapunten kanjeng Ratu, wonten warta ingkang kersa kito ngaturaken”
Ratu: “Ana opo para emban? sampek kesusu koyok ngene”
Dayang 1: “sauntawis wonten tiang ingkang bedhe nyelaki Roro yoiku putra saking Raja
Ingkang sampun nyedani Raja, Kanjeng Ratu”
Ratu: “Apaa!?!? Aku kudu nyegah Roro ben ora cidek karo lanang laknat iku.”
Dayang 2: “Inggih Ratu.”
Adegan 5
(roro, bandung)

Nanging tibakne Bandung Bondowoso lan Roro Jonggrang lagi mlampah bareng ngiteri desa.

Bandung Bondowoso : “Roro, ayu tenan kowe dina iki”


Roro Jonggrang: “Ah ora, kowe iso wae”
Bandung Bondowoso: “jalaran apike atimu lan ayune parasmu, aku arep kowe dadi garwaku
gawe seng kawitan lan pungkasan”
Roro Jonggrang: “wenehono aku wektu Bandung, lan temoni aku sesok ing ngarep istana”
Bandung Bondowoso: “yowes Roro, aku bakal ngewenehi kowe wektu”

Ambek bungah atine, Roro pun kundur teng istana kanggo nyuwun restu saking ratu. Arep-
arep Ratu bakal ngerestui.
Adegan 6
(roro, ratu, dayang)

Roro Jonggrang: “Ibunda, ndalem badhe ngaturaken sesuatu.”


Ratu: “Ono opo anakku?”
Roro Jonggrang: “Wonten lare ingkang kersa ngelamar kulo Bunda”
Ratu: “Sopo bocah lanang kuwi,Roro?”
Roro Jonggrang: “Asmane yoiku bandung bondowoso”
Ratu: “Apaa?! Tenanan?”
Roro Jonggrang: “inggih bunda saestu,wonten nopo kok bunda sampe kaget?
Ratu: “rungokno anakku,ana sing bunda arep sampekno nang awakmu, sakjane Bandung
Bondowoso kuwi bocah laknat sing nyedoni bapakmu, Roro”
Roro Jonggrang: “HAH ORA MUNGKIN”
Ratu: “bener iku nak”
Roro Jonggrang: “lajeng pripun carane nolak Bandung Bondowoso Bunda?
Ratu: “Hmm..”(berpikir)
Dayang 1: “ngapunten kanjeng Ratu, kula kagungan ide. Kados pundi menawi Roro Jonggrang
ngewenehi syarat ingkang mustahil kagem dipuntumindakaken”
Ratu: “yaapapa iku emban?”
Dayang 2: “Kados pundi menawi Roro Jonggrang ngutus kagem ndamel 1000 candi sedalu
saderenge pitik kluruk”
Roro Jonggrang: “oo inggih aku setuju”
Benjingnipun, Roro Jonggrang nemoni Bandung Bondowoso kanthi ndredeg kagem ngantos
jawaban lamaranipun.

Bandung Bondowoso: “Pripun Roro,apa kowe wis nemtokake jawabanmu?


Roro Jonggrang: “aku arep nanging wonten syarate”
Bandung Bondowoso: “syarat opo cah ayu?”
Roro Jonggrang: “gawekno aku 1000 candi ing sewengi sakdurunge pitik kluruk”
Bandung Bondowoso: “walah gampang Ro.yawis nek iku karepmu,nanging tepatono janjimu
kuwi”
Roro Jonggrang: “yowis yen ngunu aku bali dhisik”
Bandung Bondowoso: “yawis,piye nek tak terno bali?”
Roro Jonggrang: “ora usah Bandung, aku iso bali dhewe”
Bandung Bondowoso: “yawis,aku ora bakal mekso”
Roro Jonggrang: “matur nuwun Bandung”
Bandung Bondowoso: “Inggih, atos-atos”

Kagem menuhi syarat ingkang diwenehno Roro Jonggrang, Bandung nggagas nyuwun bantuan
datheng jin, Bandungnipun maos mantra lan jin muncul.

Jin: “Ana opo tuan?”


Bandung Bondowoso: “Aku due tugas abot gae awakmu, gaekno aku 1000 candi sakdurunge
pitik kluruk mene isuk”
Jin: “Hah 1000 candi? Gawe apa tuan”
Bandung Bondowoso: “ora usah kakean takon,ndang marekno”
Jin: “Inggih tuan”
(Jin pun nyeluk pasukane gawe ngewangi mbangun candi.)
Jin: “Ayo konco - konco adewe bangun candi iki sakdurunge pitik kluruk mene isuk”
Ing tengah dalu, Roro Jonggrang mirsani hasil nyambut damel Bandung Bondowoso. kaget
Roro kala mriksani candi-candi sekedhap malih rampung

Roro Jonggrang :”yaopo iki?Bandung wis mbangun akeh candi, koyoke dheweke arep mari
sadurunge pitik kluruk”
Dayang 1 :”Para jin iku kelemahane yen ono matahari”
Dayang 2: “Kados pundi menawi putri nyuwun tulung rakyat kagem nangekno ayame ingkang
sami tilem”
Roro jonggrang: “a iyo bener iku,ayo njaluk tulung ing rakyat”
Dayang 1 dan Dayang 2: “Inggih putri”

Sak sampek e ing desa…

Dayang 1: “Ibu-ibu monggo enggal-enggal numbuk lesung kangge nggugah pitik”


Rakyat 1: “Gae opo emban?”
Roro Jonggrang: “wis tah ora usah takon lan ndang lakokno”
Rakyat 2: “Nggeh ndoro kulo lakoni”
rakyatnipun nyambut ndamelaken perintah Roro Jonggrang, ora suwe pitik pitik kuwi podo
kluruk saut sautan, Bandung kaleh jin kebingungan mireng klurukan pitik.”
Jin: “Wah !!!ono suara pitik ono suara lesung barang!!!srengenge wes meh njedul iki!!! Aku
kudu ndang balii!!!!!”
Bandung Bondowoso: “opo opoan ini!!!jin mbalek o iki candine kurang siji!!!mbalek jinn!!!!!”
Roro jonggrang: (datang menghampiri Bandung Bondowoso)”wektumu wis entek, saiki aku
kate ngitung”
Bandung Bondowoso: (cemas sambil menunggu Roro Jonggrang menghitung)
Roro Jonggrang: kowe mung mbangun 999 candi Bandung, kowe ora marikno syarat iki”
Bandung :”neng aku wes usaha roro!!”
Roro jonggrang:”tapi candine kurang siji bandung!!iki gak njangkepi syaratku!!!”
(bandung bondowoso ngamok marang roro jonggrang bandung ngeroso ditipu kaliyan roro
jonggrang)
Bandung Bondowoso: “Aku ngerti kowe curang roro!! Kowe wes nggawe aku ra sabar!! Saiki
kowe tak dadekke candi seng ke sewu kanggo nggenepi candi sewu iki!!!!!!!”
(Petir menyambar)
Seketika Roro Jonggrang malih dados arca watu ageng. Ugha para dara sing ana ing
Prambanan kagem kutukan saka Bandung Bandawasa, ora bakal rabi kanthi sepuh. Candi sing
digawe marang makhluk halus senajan dereng nganthi sewu kasebut dijangkepi kaliyan archa
watu ageng roro jonggrang. Mula candi Prambanan uga kasebut candi Roro Jonggrang

TAMAT

Anda mungkin juga menyukai