Anda di halaman 1dari 13

Kelompok 2

Ketua : Tiyo Ardianto

Sutradara : Uun Dhahanina

Wakil sutradara : Alvian Sulton Ardianto

Penyerat : Puji Rahayu Ningsih

ANGGOTA :

 Ahmad Shofaul Huda


 Bella Dwi Agus Riyanti
 Cindy Putri Puspikasari
 Dea Ady Saputri
 Evita Ega Ramadhani
 Lilis Kristiani
 Mochamad Sodiq Fauzi
 Nadya Anantasya
 Mochamad Sodiq Fauzi
 Ninda Cakra Ayu Wiraritama
 Rajendra Junet Tegar. S.
 Wildan Darmawan
 Yopie Nanda Fitriansani
 Yoga Sasmita Pratama
 Yusita Putri Erviana

1
JUDUL DRAMA : NYI RARA KIDUL

Para Parga :
 Ahmad Shofaul Huda alias Adigang (perampok)
 Alvian Sulton Ardianto alias Prabu Munding Laya
 Bella Dwi Agus Riyanti alias Dewi Suwida (Nyi rara kidul.)
 Cindy Putri Puspikasari alias Suwarti (dayang 2)
 Dea Ady Saputri alias Mutiara (ibune dewi suwida)
 Evita Ega Ramadhani alias Juminten (bakul)
 Lilis Kristiani alias Sulastri (dayang 3)
 Mochamad Sodiq Fauzi alias Bagaskara (pengawal 2)
 Nadya Anantasya alias Dewi Rembulan (permaisuri)
 Ninda Cakra Ayu Wiraritama alias Kobalkobul (jin)
 Puji Rahayu Ningsih alias Mbah Bolot (wong pinter)
 Rajendra Junet Tegar. S. alias Sanjaya (pengawal 1)
 Tiyo Ardianto alias Ki Ageng (penasehat)
 Uun Dhahanina alias Intan (adik mutiara)
 Wildan Darmawan alias Adigung (perampok)
 Yopie Nanda Fitriansani alias Sunarti (dayang 1)
 Yoga Sasmita Pratama alias ki Suro (mbah kakung)
 Yusita Putri Erviana alias Siti (rakyat)

2
NYI RARA KIDUL

Sinopsis :
Dek jaman biyen, ing Jawa Tengah ana kraton sing tansah ayem tentrem
kang dipimpin dening raja kanthi asmane Prabu Munding Laya. Nanging, Prabu
Munding Laya durung diwenehi putra sing bakal nerusake tahtane.Ing liyo dino
Prabu Munding Laya mangkat menyang alas .Ing tengahe perjalanan, Prabu
Munding Laya nyasar , untunge Prabu Munding Laya ora sengaja ketemu wong
wadon sing lagi golek woh wohan ing tengahe alas.
Wes pirang-pirang tahun Prabu Munding Laya ninggalne istana tanpa
kabar. Prabu Munding Laya simah malih kalih mutiara lan sampun gadah
putra.nanging perkara iki durung di weruhi dewi Rembulan.

Babak 1 : ing istana


Prabu Munding Laya :He.... rakyatku, diloken negarane adewe iki? subur lan
makmur kaya ora kurang opo-opo. Bener to dinda?
Permaisuri : (mesem) Leres kakanda, kados-kados dipunberkati
kaliyan para dewa ingkang sakmestinipun mboten lepas
saking kapinteranipun kakanda saklebetipun mimpin
negri kita.
(Penasehat teka ngadhep Raja)
Ki Ageng : Salam kula Prabu.
Prabu Munding Laya : Ana apa penasehat?
Ki Ageng : Nuwun sewu prabu, sakmenika persiapan kagem berburu
sampun rampung.
Prabu Munding Laya : Iya, patih.
Permaisuri : Tamtu tindak ta kakanda?
Prabu Munding Laya : Iya dinda, aku kepingin bisa nggawa mulih rusa tanduk
emas sing wis suwi tak kepingini.
Permaisuri : Inggih, tansah ngatos-ngatos lo kanda.
Prabu Munding Laya : Iya dinda, tansah tak eling-eling pesenmu.

Babak 2 : ing alas


Adegan 1

3
Ki Ageng : Wonten mriki baginda penggenanipun.
Prabu Munding Laya : Ya uwes, saiki mandek ana kene.
Sanjaya : Ana kene ta panggone?
Bagaskara : Kok panggone angker banget ya?
Sanjaya : Iya, kaya raimu kuwi.
Bagaskara : Ooo...blegedes kowe.
Prabu Munding Raya :Ssst...uwes-uwes, saiki ayo endang goleki rusane,
tinimbang engko kedhisikan.
Ki Ageng& pengawal : Inggih Prabu.
Prabu Munding Raya : Sanjaya awasana sisih kana (nyawang kulon), Bagaskara
awasana sisih kana (nyawang etan).
Ki Ageng : Lha kula pripun prabu?
Prabu Munding Raya : Kowe ngawasi sekitar kene, menawa ana sing ora beres.
Ki Ageng : Inggih prabu.
Prabu Munding Raya : Tenan ta panggone ana kene, kok ora ana apa-apa.
Ki Ageng : Inggih prabu, leres panggenanipun wonten miki.
Sanjaya : Apa ta kae kok sulap emen.
Bagaskara : Endi....endi?
Ki Ageng : Sakmenika prabu rusa nipun.
Prabu Munding Raya : Hahh, mlayu......awake dewe kudu pencar, kowe
pengawal lewat kana, aku lewat kene.
Ki Ageng : Kedah ngatos-ngatos baginda.
Prabu Munding Raya : Iya....iya.

Adegan 2
Intan : Sapa ta kuwi mbakyu (bisik-bisik marang mutiara)
Mutiara : Aku yo ora eruh ta, sakdurunge urung pernah ngerti
aku.
Intan : Mengko sanuke perampok ae mbakyu ?
Mutiara : Tapi ketarane ora, yen di dilok saka penampilane kaya
wong kerajaan.
(Raja banjur nyedheki cah 2 kuwi mau)
Prabu Munding Laya : He cah ayu, sapa sejatine sliramu ?
Intan : Lha panjenengan niku sinten? Kula dereng sumerep
sakderengipun.

4
Prabu Munding Laya : Aku prabu muding laya, raja ing kerajaan pajajaran.
Mutiara & intan : Sembah bektus saking kita kanjeng.
Prabu Munding Laya : Uwes-uwes ora apa-apa, nyapa athek ana ing tengah
alas iki ?
Mutiara : Kula kaliyan adhik kula dipun utus mbah kakung pados
buah-buahan prabu.
Prabu Munding Laya : Oalah....ngono ta.
Intan : Panjenengan wonten napa prabu, wonten ing
panggenan niki?
Prabu Munding Laya : Aku lagi berburu karo pengawal-pengawalku, nanging
aku teka kene lan bingung ora ngerti dalan.
Mutiara : Niki sampun sonten prabu, dospundi menawi prabu
sementara wonten griya kula mawon?
Intan : Inggih prabu.
Prabu Munding Laya : Ayo cah ayu.

Babak 3 : ing omahe Mutiara


Adegan 1
Mbah Suro : endi iki putu-putuku, atek suwi temen ta ya.

Mbah Suro : sembah bektus kula kanjeng, wonten punapa kanjeng


sowan mriki?
Intan : ngeten lo mbah, prabu niki wau berburu tapi
piyambakipun supe menawi pisah saking pengawale.
Prabu Munding Laya : inggih mbah.
Mbah Suro : menawi raja kersa mboten punapa-punapa nyare
wonten mriki.
Prabu Munding Laya : matur nuwun sanget mbah.

Adegan 2
Prabu Munding Laya : waduh, piye ya wis setahun aku ora mulih menyang
istana, kira-kira wong istana badha nggoleki aku.
Mutiara : wonten napa ta kakanda, kok panjenengan gelisah
mawon?

5
Prabu Munding Laya : piye ya dinda, aku kepingin eruh kabare istana, aku wis
suwi ninggalake istana.
Mutiara : menawi kakanda badhe kundhur, inggih mboten napa-
napa.
Prabu Munding Laya : tapi, dinda sliramu lagi ngandhut putraku.
Mutiara : menawi putra niki sampun lahir, kula beta dhateng
istana kakanda.
Prabu Munding Laya : ya uwes dinda, yen keputusane ngono aku bisa tenang
saiki.
Mutiara : tansah ngatos-ngatos kanda, sugeng tindak.
Prabu Munding Laya : iya dinda, sampean uga semana.

Babak 4: ing istana


Adegan 1
Prabu Munding Laya : dinda...dinda aku bali.
Dewi Rembulan : kanda.........
Prabu Munding Laya : sepurane dinda, wis setahun iki aku lunga tanpa pamit.
Dewi Rembulan : mboten napa-napa kanda, sakniki panjenengan sampun
kundur kanthi wilujeng kula sampun seneng.
Prabu Munding Laya : ngene lo dinda, aku arep crita sing penting.
Dewi Rembulan : wonten napa kanda?
Prabu Munding Laya : sakjroning aku lunga, aku wis rabi maneh karo wong
liya sing jenenge mutiara, gek saiki lagi ngandut putraku.
Dewi Rembulan : napa kanda sampun mboten tresna malih kaliyan kula?
Prabu Munding Laya : ora.....ora ngono, aku uga tetep tresna marang dinda.
Dewi Rembula : mboten napa-napa kanda kula ngertos, kula niki
mboten saged maringi putra.(karo rasa pegel ing jero ati)
Prabu Munding Laya : aku kepeksa dinda, supaya aku bisa nduwe putra lan
nerusne tahta ing kerajaan iki.

Adegan 2
Mutiara : kanda......kula dugi kanda.
Prabu Munding Laya : mutiara, iku sampean?
Mutiara : inggih kanda.
Dewi Rembulan : oalahh dadi iku ta sing jenenge mutiara ?

6
Mutiara : kanda, napa panjenengan mboten emut kalih janjine
panjenengan?
Prabu Munding Laya : janji apa?
Mutiara : kanda badhe rawuh, amarga putra kita lahir.
Prabu Munding Laya : sepurane mutiara, aku wis nglalekake janjiku. Saiki aku
janji aku bakal njaga sampean lan bayi kita.
Mutiara : kula namung pesen setunggal kanda, tulung
panjenengan rawat putri kita.
Prabu Munding Laya : sekto dinda, sampean arep nyandi ?
Mutiara : kula mboten saged wonten mriki.
Prabu Munding Laya : tunggu mutiara. (mlayu nututi mutiara)
Dewi Rembulan : sampun kanda, kersane.
Prabu Munding Laya : oh anakku welas emen nasib mu cah ayu, rama bakal
nepati janji rama marang ibumu. Tak wenehi jeneng
DEWI SUWIDA kanggo anakku sing ayu iki.

Adegan 3
Dewi Rembulan : dayang...dayang cepet mreneo.
Sunarti&Suwarti : sembah bektus kula kanjeng permaisuri, wonten
punapa nimbali kita dhateng mriki?
Dewi Rembulan : dayang, aku lagi ana perkara, aku kuwatir yen mbesuk
dewi suwida dadi ratu ing kerajaan iki.
Sunarti : kenging punapa mboten kita damelaken mawon agem
piyambake, Kanjeng?
Dewi Rembulan : maksude piye dayang?
Suwarti : Aduuh.. Kanjeng niki lugu sanget..! Nggih santetlaaah
..santeeeeeeeett..!! niku lhoo ndamel guna-guna saking
mbah dukun.
Dewi Rembulan : Duh Gustiii,, medeni tenan kui. Mengko yen ora kasil
lan Kanjeng Prabu weruh piye ?
Sunarti : Menawi mekaten, Kanjeng Prabu mboten saged
ngangkat dewi suwida dados penerusipun.
Dewi Rembulan : Waahh, apik banget idemu kuwi. Tapi opo rencana iki
bisa kasil, Dayang?

7
Suwarti : Inggih Kanjeng , menawi kita ndamel jasanipun mbah
dukun ingkang sakti mandraguna. Sampun ngantos
namung dukun sembarangan.
Dewi Rembulan : Aduuuh dayaang, aku apa ya kenal dukun sakti negeri
iki?
Sunarti : Kagem ingkang setunggal punika kanjeng, mboten usah
khawatir. Kula tepang sanget kaliyan setunggal dukun
paling sakti mandraguna wonten ing negeri niki. Saking
sektinipun piyambake ngantos kesuwur wonten ing pulo
Jawi.
Dewi Rembulan : apa dheweke gelem ngrewangi awake dewe dayang?
Suwarti : Inggih Kanjeng , menawi wonten imbalanipun.
Dewi Rembulan : Nyoo.. iki emas kanggo mbayar mbah dukun kuwi karo
sajen e pisan, turahane oleh kok jupuk lan elinga
omongane adhewe iki aja sampek wong liya ngerti, apa
maneh kanda prabu. Ngerti?
Sunarti&Suwarti : inggih kanjeng.

Babak 4 : ing tengah alas topone wong pinter


Adegan 1
Sunarti : Ketok e awake wis meh teka, manut pawarta sing tak
rungokne, omahe dukun kuwi angker banget. sak
durunge mlebu wae hawa petenge wae wis krasa.
(suwara manuk gagak)
Suwarti : ya ampun manuk gagak ana ngendi swarane?
Dayang-dayang kuwi mau mlaku terus nganthi nemoni gubuk tuwa.
Sunarti : kula nuwun...
Suwarti : iki bener ta panggone?
Sunarti : wis ta manuta aku, yakin aku iki panggone dukun sekti
kuwi.
Mbah Bolot : sapa koe lan arep nyapa kowe teka mrene? apa kowe
arep masang susuk konde?susuk konde cantik.....
Suwarti : awak mu kuwi dukun sing paling sekti ing negeri iki,
tapi nyapa utekmu meslek? mestine awakmu ngerti
kekarepan awake dewe teka mrene.

8
Mbah Bolot : dadi ehm critakna maksud tekamu mrene.
Sunarti : dadi ngene mbah, aku nduwe siji panjalukan.
Mbah Bolot : aku uga ndue siji pangabulan.
Sunarti : kita kepengin nggolek santet sing bisa nggawe wong
dadi ala rupane.
Mbah Bolot : gawe apa santet kuwi?
Suwarti : ya pokok e gawe..gawe,,gawe kepentinganku dhewe lah,
dadi awakmu ora usah eruh.Kepriye apa mbah dukun
sanggup?
Mbah Bolot : aku ora bisa nyantet uwong sing ora tak kenal, kleru-
kleru mengko santet ku mleset.
Suwarti : kuwiki titahe permaisuri, kanggo nyingkirne Dewi
Suwida (bisik-bisik), tapi tutupen rapet-rapet lambemu.
Mbah Bolot : oo..titate permaisurine paduka?
Sunarti : dadi kepriye?sanggup ta?
Mbah Bolot : Janji imbalan sing kok wenehne cukup. Uga gawe
nyumpel cangkemku sing kerep kebablasan iki.
Sunarti : westo ra usah mikir kui, Kanjeng permaisuri wis nitipne
emas kanggo kowe akeh banget.
Mbah Bolot : ya wis, percayakno kabeh karo aku.

Adegan 2

Kobalkobul : haaa....haa...haaaa aku teka, aku teka...ana apa?


Mbah Bolot : awake dewe oleh gawean sing imbalane gedhi saka
Dewi Rembulan.
Kobalkobul : apa kuwi?
Mbah Bolot : nyingkirne Dewi Suwida.
Kobalkobul : kepriye carane?apa sing kudu tak lakoni?
Mbah Bolot : gampang, sebarna bubuk iki ing awake dewi suwida pas
turu.
Kobalkabul : siap boss.
Mbah Bolot : nanging, aja lali mantrane.
Kobalkobul : beres....

9
Babak 5 : ing Istana
Adegan 1
Dewi suwida : Duh Gusti, ana apa iki kok perasaanku ora penak.
Sulastri : wonten punapa, sampun yahmenten kok dereng sare?
Dewi Suwida : ora ana apa-apa, yo uwis aku arep turu.
Sulastri : inggih, menawi betah napa-napa, kula wonten ing
jawi?
Dewi Suwida : iya dayang.
Adegan 2

Kobalkobul : ha...ha...ha iki sing jenenge Dewi Suwida, tak sebar


bubuk iki ing awake (maca mantra)
Adegan 3
Dewi Suwida : duh Gusti,,,ana apa iki karo awakku iki?piye iki?
Sulastri : sabar gusti ayu enggal mantun.
Dewi Rembulan : ya ampun, kulimu geniyo kuwi?ambune,,,,,kudu mutah
aku...
Dewi suwida : kula inggih mboten ngertos ibu.
Dewi Rembulan : arep tak laporne marang ramamu, deloken engko apa
sing bakal kedadeyan.
Dewi Suwidaa : mboten ibuuuuu(nututi permaisuri).

Adegan 3
Dewi Rembulan : kanda...kanda panjenengan pirsani ta Dewi Suwida.
Prabu Munding Laya : ana apa ta iki? Annaku nyangapa karo awakmu kuwi?
Dewi Suwida : kula inggih mboten ngertos rama.
Dewi Rembulan : dospundi kanda mengke yen tiyang-tiyang wonten
mriki ketularan?
Prabu Munding Laya : penasehat, kepriye iki?
Ki Ageng : ngapunten baginda, kula setuju kaliyan kanjeng
permaisuri, sementara Dewi Suwida kedah medal saking
istana.
Dewi Suwida : mboten napa-napa rama, kula sadar niku pancen
keputusan sing sae.
Prabu Munding Laya : sepurane anakku, dayang....tulung jaganen anakku.

10
Sulastri : inggih prabu.

Babak 6 : ing desa


Babak 1
Juminten : ayo...ayo mangga-mangga dipilih-dipilih.
Siti : aku arep tuku iki, pira regane?
Juminten : ayo mbak regane murah-murah, dipilih-dipilih.
Dewi Suwida : iki regane pira?
Siti : eh, iki ambune apa ya?daganganmu wis mambu ta?
Juminten : sembarangan...., iki ambune kaya saka (radak nyedek
dewi suwida), owalahh iki baane ambune saka wakmu
ta?
Siti : ambune ora enak banget wis aku ora sida tuku, aku
tuku karo wong liyo ae.
Juminten : lho diloken, sing arep tuku badha ngalih. Wis-wis
ndang ngalih kana, isane mung nyusahne wong.
Dewi Suwida : tapi kan aku mung arep tuku.
Juminten : wislah gara-gara mambu awakmu, daganganku malih
ora payu.
Sulastri : gusti ayu, kita nerusaken mlampah mawon.

Adegan 2
Adigang : he,,adiku nyapo dina kimaeng kok sepi banget ya?
Adigung : iya ya kang, ana apa?
Adigang : eh..eh deloken kae,?lha kae mangsane teka. (marani
Dewi Suwida lan Sulastri)
Adigung : he...sapa awakmu?
Dewi suwida : apa?aku Dewi Suwida, puteri kerajaan Pajajaran.
Adigang : haiiiii cantik.....eh elek, elek banget pisan. Tapi masio
elek, awakmu putri Kerajaan, umpamane aku rabi karo
awakmu aku bakal dadi wong sugih.
Dewi Suwida : apa? Ora sudi aku.
Adigang : kurang apa aku iki, aku nggantheng, gagah lan sekti
mandraguna.
Sulastri : kowe-kowe ki badha ora sopan karo gusti ayu.

11
Dewi Suwida : dayang, aku sakiki awake mlayu ae (bisik-bisik).
Sulastri : inggih gusti ayu.

Adegan 3
Sulastri : peripun gusti ayu, wonten ngajeng kita sampun segara.
Dewi Suwida : ya uwes, aku tekok....dayang apa awakmu setia karo
aku?
Sulastri : inggih gusti ayu.
Dewi Suwida : yen ngono, melua aku nyemplung menyang segara
kuwi.
Sulastri : inggih

Adegan 4
Adigung : loh, nyandi wang 2 maeng?
Adigang : sanuke nyemplung segara?
Adigung : ah..aja ngawur kowe kang.
Adigang : wis-wis ayo digoleki maneh.

Adegan 5
Dewi Suwida : aku ana kene perampok.
Adigang&Adigung : apa? “putt...putttt..putri pantai selatan....’’’(banjur
mlayu).
Dewi suwida akhire urep ayem ing segara kidul, lan dadi ratu sing dipuja-
puja para pengikute lan dikenal dadi Nyi Roro kidul taka saiki.

...............Rampung...................

12
13

Anda mungkin juga menyukai