Anda di halaman 1dari 6

Ayo Sekolah

Sugeng rawuh, para tamu sedaya monggo pinarak mirsani ludruk kita, ludrukan
niki seni Indonesia asli, seni budaya klompok 1, monggo mirsani.
Bagas : “Ing pasar minggu tuku lenga gas
Mlaku mlaku ketemu wong gagah
Iki aku sing jenenge Bagas
Arek ngganteng dewe sak SMA 3”
“Awan-awan tuku es wawan
Bima iku cekelane gadha
Perawan memang menawan tapi janda lebih menggoda”
“Nggolek watu sing kathah
Digawe nyawati gajah
Ayo dulur pada sekolah
Sinau nulis lan maca buku
Sinau nulis lan maca buku
Sinau nulis lan maca buku”

Zefaki : “Aku pingin sekolah, mbesuk gede dadi dokter. Aku yen gak
sekolahmbesuk gede dadi wong gendeng.”
Bagas : “Woy!!! Awakmu iku lapo ngadhep papan iku. Ngadep o nang
ngarep kunu loh, arek kok utek e rodok kuwalik.”
Zefaki : “Karepku se ya, mau penontone nang kene kok. (nunjuk-nunjuk
papan)”
Bagas : “Matamu kok deleh ndi, le? (mumetno zefaki ning arah
penonton)”
Zefaki : “Oh ancene, awakmu sing mindah-mindah penonton.”
Bagas : Lha awakmu iku lapo nyanyi karo nari gak jelas ngunu iku karo
ngadhep papan.”
Zefaki : “Lho, matamu sing kok deleh ndi. Wong aku ket mau nguwasno
papan. Deloken iki lha ana rumus e Matematika, aku iki sinau
Matematika ben pinter.”
Bagas : “Lha awakmu nyanyi iku gunane gawe apa? Ana ta hubungane
nyanyi ambek ngapalno rumus Mateatika iku. Utek kok di deleh
dengkul”
Zefaki : “Lho arek iki gak ruh. Iki praenane wong pinter,Kowe gak eruh
aku iki anak e Isac Newton ke-130. Mbasio aku nyanyi ngangkang
karo ngapalno rumus yo tetep isa garap soal.”
Bagas : “Masak ana Isac Newton duwe anak 130. Lak ya jebol”
Zefaki : “Lho temen iki. Awakmu roh ta gak mbahku iku ahli fisika Albert
Einstein. Aja ngenyek awakmu iku”
Bagas : “Halah praenanmu gak jelas kok isa dadi turunane wong pinter
koyok ngunu iku. Seh tak badek i. 10+28x39+1:3x24x25x18-
78:100x0 piro?
Zefaki : “Sek tak mikir, Siji tambah siji iku telu terus?”
Bagas : “Wis ketoro ngawurmu.”
Zefaki : “Lho sek ta lah aku sek ngitung. Penake ngitung iku gawe
calculator”
Bagas : “Halah ngomong kalkulator ae calculator. Sing bener iku
kalkulator”
Zefaki : “Salah, sing bener calculator”
Bagas : “Ya gak ta lah. Sing tepak iku Klakulator.”
Zefaki : “Ya awakmu sing goblik. Wis bener-bener kalkulator kok di salah
salahno”
Bagas : “Lah iso ngunu loh ngomong kalkulator.Oh ancen anake uwong”
Zefaki : “ Ancen aku anake uwong. Masak ya aku anake kadal ndas ula?.”
Bagas : “Gak, awakmu iku anake singa ndas curut”
Zefaki : “Eh ngopi sek gak ngurusi praenanmu. Hee.. Ngopi apa ngopi,
diem - diem bae.”
Bagas : “Ohhh. Goblik. Ngalih o ngalih o”

Salah sijine murid melbu kelas….

Livinda : “Nangis”
Bagas : “Lhealah, onok ae maneh. Lapo awakmu teka-teka nangis iku
he?”
Livinda : “Iku bapakku”
Bagas : “Lah ya kenek apa bapakmu?”
Livinda : “Sik talah sikk, tak kandani” (mbisiki tangane bagas)
Bagas : “He! Iki tanganku lapo kok bisiki iku? Nyoh iki kupingku nang
kene. Wis kesuwen ngomongo langsung ae!”
Livinda : “Bapakku keceklaklaan”
Bagas : “Lho ya apa se sing temen lek ngomong iku.”
Livinda : “Iya temenan bapakku keceklaklaan”
Bagas : “Lho arek iki rodok miring. Sing bener iku kecelakaan. Wis
diplayukno nang rumah sakit ta bapakmu?”
Livinda : “Ogak, bapakku nang omah tenguk-tenguk karo rokokan”
Bagas : “Lho aja ngejak gelut, Masak ana kecelakaan isa tangi-tangi
dewe, moleh dewe, iki tambah tenguk-tenguk ambek rokokan. Ya
apa lak ngunu?.”
Livinda : “Sek talah aku gurung mari ngomong, bapakku iku mari liwat
nang tikuaan sing ana tulisane rawan kecelakaan”
Bagas : “Ealah koncoku pada kempel kabeh, iku rambu-rambu lalu lintas
goblikk. Wis ngaleho”
Livinda : “Yeee bapakku gak sido matiiii”
Bagas : “Wis kono muliho ae”

Saprol lan kanca-kacane melbu kelas

Bagas : “Ihiiiiiii.. Semlohekkk, bancine ajinomoto isa sekolah barang”


Saprol : “He, gak usah njawil-njawil aku. Iing-ilingen aku duduk banci.”
Galuh : “Iya, aja sakpenak e ngelokno boscuuu. Iki duduk banci tapi
bencong”
Saprol : “Ya pada ae, awakmu iku gak mbelani aku malah ngelokno aku.”
Imas : “Loh sakjane igak, teko ngarep seh ngguanteng e pol kaya
Nicholas Saputra, tapi cobak lek dijawil wedokmu metu (njawil
Saprol)”
Saprol : “Cek cek (ngekekno mik nang kanca-kancane)”
Imas : “Ha”
Galuh : “He”
Saprol : “Ho” (Nyanyi karo njoget)
Bagas : “Halah didemok latah ngunu, ayo kene melu aku”
Saprol : “Moh aku engkok, kok apak-apakno aku”

Bu guru teka ing kelas

Guru : “Lho munggah-munggah mejo, masak ana gurune munggah


meja?”
Semua : “Saprol bu sing munggah-munggah mejo”
Guru : “Prol Saprol”
Saprol : “Nggih bu”
Guru : ”Mrene prol, dadi murid kok gak duwe aturan” (njiwit kuping)
Saprol : “Mboten buk” (suoro bencong)
Guru : “Lho awakmu iki wedok ta lanang”
Saprol : “Lanang buk” (suoro bencong)
Galuh : “Lanang kok ngondek se Proll”
Saprol : “Loh lanang temen iki” (suoro lanang)
Guru : “Wis lungguh o proll. Ya wis ayo kita mulai pelajarane, pelajaran
apa iki enak e?”
Semua : “Badek-badekan bu”
Bagas : “Halah badek badek an yo kalah kabeh buk arek arek, wong kene
anake professor”
Semua : “Halah ngomong apa Gas”
Guru :”Wes ayo anak anak sak iki belajar maca ae ya?”
Semua : “Nggih buk”
Guru : “Sapa sing nang kene gak isa maca?”
Imas : “Saprol, Bu”
Saprol : “Lho ngawur ngomonge. Aja ngeyek sik awakmu”
Guru : “Yawis tak badeki siji-siji, sak iki mulai tekok Saprol disek. Prol
Saprol”
Saprol : “Dalem, Bu”
Guru : “Coba iki wacaen. Pe n to l”
Saprol : “Pentil”
Semua : “Halah-halah awakmu kok ngawur sih”
Guru : “Lho lho kok ngawur sih Prol. Duduk ngunu wacane Prol”
Saprol : “Lho lho ngene lho Bu Guru lan arek arek, tak kandani pencet jek
cilik jenenge pentel , watu cilik jenenge krikil”
Guru : “Oalah ngunu ta Prol”
Saprol : “Nggih Bu”
Guru : “Sak iki ganti Galuh. Luh Galuh”
Galuh : ‘Inggih Bu”
Guru : “ Ta hu , di waca?”
Galuh : “Tahu”
Guru : “Sip. Galuh pinter”
Galuh : “Inggih dong Bu”
Guru : “Sak iki ganti Imas. Mas Imas”
Imas : “Dalem Bu”
Guru : “Te m pe , di waca?”
Imas : “Tempe”
Guru : “Pintere”
Imas : “Terbaiklahkauboboiboy”
Guru : “Sak iki mbalek Saprol maneh sing tak badeki”
Guru : “Prol Saprol”
Saprol : “Dalem sayang”
Kabeh : “Loh kon iku ya apa sih Prol? Ilingo Prol iku ngunu gurumu, kok
di celuk sayang.”
Imas : “Mboh Saprol iku. Njaluk dibalang pesawat”
Guru : “Prol Saprol”
Saprol : “Dalem Bu”
Guru : “Ja go , di waca?”
Saprol : “Pitik”
Guru ; “Halah Saprol iki gak niat sekolah”
Saprol : “Lho napa maleh sih Bu? Kula bener kan macane. Saprol maneh
sing salah”
Guru : “Iku ngunu wacane jago, Prol”
Saprol : “Lha ndek njero niku terkandung sosok makhluk gaib sing di
gawe ngolek duwek”
Guru : “Halah wis Prol , Aja kakean alasan maneh. Awakmu iku gak tau
moco buku ta prol? Kok maca tulisan ae gak isa. Wis gerang masak
gak isa maca tulisan?”
Saprol : “Mboten saget kula Bu. Kula mboten nggadah buku”
Guru : “Lho buku sing Bu Guru wenehi kan ana Prol? Buku sinau maca.
Iku disinaui supaya awakmu lancar maca Prol”
Saprol : “Oh sing niku napa Bu? Inggih ngapunten Bu sampun kula
rombegaken ndamel tuku pentol kabul”
Guru : “Wis Saprol iki ngawur. Ya wis, ayo saprol melok aku nang
perpus kota! Oh kabeh ae wis melok Bu Guru nang perpus kota.
Dadi gawe arek-arek seng gak nduwe buku isa nyilih buku ing
perpus kota. Nang perpus kota buku iku akeh macame, ana buku
filsafat ilmu, buku ilmu bahasa, buku ilmu sosial, tapi sing cocok
gawe awakmu kabeh ya buku dongeng soale awakmu kabeh isih
arek SD. Ayo nang perpus kota bareng tak dolekno buku. Tapi
tangane gak oleh ndablek, lek mari maca ya kudu dibalekno, aja
malah dirombengno gawe tuku pentol kabul. Gawe dulur-dulurku
sing wis isa maca. Ya jelas isa maca, sing gak isa maca lak Saprol
tok ya, Budayaaken maca ya, supaya Indonesia duwe generasi
penerus sing gemar maca lan isa nerusake pembangunan negara”
Kabeh : “Inggih Bu ayo (budal metu)”
Guru : “Lho Prol, ayo metu, bareng-bareng nang perpustakaan.”
Saprol : “Halah sek rek , aku ojok di tinggal , aku tak brai disek. Aku
melok, aku ya pingin isa maca”
Kabeh : “Halah kesuwen”

Anda mungkin juga menyukai