Anda di halaman 1dari 7

NASKAH LUDRUK

“RORO JONGGRANG”

TOKOH :

1. Roro Jonggrang
2. Bandung Bondowoso
3. Dayang 1
4. Dayang 2
5. Dayang 3
6. Dayang 4

Dipunceriosaken, Roro Jonggrang saweg sedhih amargi nembe dipuntilar ayahhandanipun, Prabu
Baka, ingkang dhawah ing papan lagan. Saksampune perang mengsah ksatria keraton pengging
ingkang kagungan asma Bandung Bondowoso. Roro Jonggrang lenggah kaliyan para dayang
ingkang taman sari Keraton Prambanan.

Dayang 1 : Nuwun sewu sakmenika Gusti Putri. Gusti putri lajeng kados pundi ugi kita sedaya
pancen kedah tabah nampi cobaan menika.

Dayang 2 : Ya ra maido lo mbakyu. Kepriye rasane sing diadhepi Gustri putri. Wis keraton ambyar.
Gusti Prabu Baka ya tiwas pisan ing papan lagan.

Dayang 3 : Pancen abot cobaan sing kudu diadepi Gusti Putri.

Dayang 4 : Tapi arep piye maneh? Kabeh kui wis kedadean? Awak’e lo iso opo?

Dayang 2 : Ya embuh yu, aku ya malah bingung ngene ki. Aku mek pingin nyawang eseme Gusti
putri. Wis suwi aku ora mresani eseme Gusti Putri. Jarene Kang Paijan ...

Dayang 1 : Kang Paijan? Sing dodol kutang goreng iku?

Dayang 3 : Kutang goreng? Berarti behae digoreng laan? Yek, gak panas a kui?

Dayang 2 : Kok kutang goreng seh! Piye toh, kentang yo!

Dayang 3 : Jarene Kang Paijan piye?

Dayang 2 : Kang Paijan dawuh, ing Keraton Prambanan iki, mek enek wong loro sing eseme
legiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiii banget. Sing kapisan ya mesthi Gusti Putri Roro Jonggrang.

Dayang 1 : Lha terus sing ke loro?

Dayang 2 : Jarene sehh… jarene Kang Paijan lo iki…


Dayang 3 : Iya sopo?

Dayang 2 : Wong kapindo sing nduweni esem pualing manis ya iku… Yaa aku dewe lah! Dayang
Srikandi sing ayune kaya Lisa Blekpink tenan!

Dayang 4 : Hoooooooooooo alah, mbok ya ngaca ! Rumangsamu kowe kui sapa? Ngomong kok
angger njiiieplak wae.

Dayang 2 : Yo kan pambisane uwong kui bedo-bedo toh yu... Kepriben toh sampean iki.

Dayang 3 : Wes wes cubo ta saiki, presanana bendharamu kui, wis suwi ora kersa dhahar. Mbendino
mrenguuutt wae,, mengko lak gerah piye?

Dayang 2 : Lha iyaa yaa yu… eh yu...!!

Dayang 1,3,4 : Nyapo?

Dayang 2 : Aku nduwe ide uapik pool.

Dayang 1 : Opo kui?

Dayang 2 : Kepriye lek awake... (dipotong pembicaraannya)

Dayang 1,3,4 : Nah...

Dayang 2 : Eh, sek-sek gorong woy! Aku gorong ngomong kui!

Dayang 3 : Lah, cangkemmu mengo wae!

Dayang 2 : Kepriye lek awake, para abdi dalem, gawe seneng bungahe Gusti Putri. Piye lak kene
nyanyi wae, sopo ngerti panjenengane kersa mesem lan dhahar maneh?

Dayang 4 : Wiiiiiiiiiih iki yo sip, mantul tenan! Tapi nyanyi lagune sopo? Aku ra iso dangdutan’e.

Dayang 2 : Hoalah, ra usah bingung-bingung yu. Ikuloh sing jenenge Rizdki Fadillah teko kelas 9E
kelompok siji, wes malang melintang garis katulistiwa kui apikeee. Ayo ndelok bareng-bareng.

Dayang 1,3,4 : Asiyappp...

— SKIP : RIZDKI BERNYANYI —

Dayang 3 : Lhaaaaaaaaa nggeh ngeten to Gusti Putri… kita-kita para abdi dalem kan ya nderek
seneng.

R. Jonggrang : Sopo lo sing ndak sedhih dayang. Negara kita dikuwasani musuh. Ramaku Prabu Baka
uga sedha. Kepriye nasibe rakyat tlatah Prambanan kui? Piye dayang?

Dayang 1 : Nuwun sewu sakmenika Gusti Putri, kepareng matur menawi lepat nyuwun ngapunten.

R. Jonggrang : Arep matur opo dayang?


Dayang 1 : Pancen bubur wis dadi sego. Negara kita wis dikuasani musuh, sing dipimpin Bandung
Bondowoso.

Dayang 2 : Hooh yu. Jarene Bandung Bondowoso kui guuanteng banget kaya…

Dayang 4 : Jambu! Menengo dhisik. Lak enek wong gantheng engkok sek. Ngapunten Gusti Putri,
lare niki wau pancen dereng nginum baigon, dados nggeh maklum… mboten jangkep setunggal atus.

R. Jonggrang : Iya dayang ora popo! Sak tenane aku kuwi ya penasaran kaya apa toh Ksatria Pengging
Bandung Bondowoso iku? Apa dayang presa lan ngerti?

Dayang 1 : Yaa mesthii toh Gusti… jaman sak iki niku sarwo canggih Gusti. Wonten mbah Google,
Path, IG, Twitter, Facebook, WhatsUp,... teruss apa maneh yaa... oh, inggih niku, malah sakben bengi
kulo kaliyan Bandung Bondowoso ML-an bareng.

Dayang 2,3 : WHAAATTT??!

Dayang 4 : LOH, LOH, LOH! WIS PING PIRO KOWE?! WIS RA PRAWAN YA KOWE?!

Dayang 1 : Loh, loh! Guduk ML kui, Mobile Legend rek. Ojo kudet-kudet apa seh! (menoleh ke
Roro Jonggrang) Ya mesthi kulo semerap dening Bandung Bondowoso.

Dayang 2 : Walaahhhh... Lak jarene Kang Paijan…

Dayang 1 : Kang Paijan maneh.. nduwe pacar dodol kutang goreng wae bangga!

Dayang 2 : Ya babah talah. Sing penting halal ora entok soko nyleding, opo maneh nyepik.
Timbang sampean jomblo, ra laku-laku.

Dayang 1 : Hambret bocah ediiaan... tak tapuk sandal tenan kapok kowe!

R. Jonggrang : Wes, wes sirep! Kang Paijan-mu dhawuh opo toh dayang?

Dayang 2 : Kang Paijan dhawuh yen Bandung Bondowoso iku ganteng lan gagah prakoso Gusti.
Jomblo pisan kaya Sule ngoten niku lo Gusti.

R. Jonggrang : Masio giantheng kaya klenteng, dheweke wis njalari Ramaku sedha dayang. Aku ra sudi.
Amit-amit jabang bayi.

Dayang 2 : Walahh nggeh mpun kesusu riyen to Gusti, dipresani riyen toh. Mangke panjenengan
nyesel loh yen semerap tibake Kangmas Bandung niku guantenge kayata Kim Tae-Hyunge BTS!

Dayang 1 : Heh! Aja kurang ajar kowe, padhakne dangkrenganmu wae. Kados enten sing dugi
Gusti. Sinten nggeh?

Bandung Bondowoso ing taman sari, metuki Roro Jonggrang. Ananging Roro Jonggrang mboten
preso yen Bandung Bondowoso sing njalari sedha ramane. Piyambak’e sedaya sami kasmaran.
B. Bondowoso : Wahaii Gusti Putri sing ayu tenan kaya Dewi Shinta. Kaparing asma sopo?

Dayang 2 : Nuwun Sewu nami kulo...

B. Bondowoso : Guduk awakmu sing tak takoni, ngaliha!

Dayang 1 : Huh! Kapok! Kasian the loo! Bocah lak melu wae ya ngono kui oleh-olehe.

B. Bondowoso : Gusti Putri ingkang ayu tenan ora ana tandingane, kaparing asma sopo toh?

R. Jonggrang : Kula Putri Kedhaton Ing Tlatah Prambanan iki. Asmanipun kulo Roro Jonggrang, Kang
Mas. (Tersipu-sipu)

B. Bondowoso : Subhanallaaahhh… Tibake iki toh Gusti Putri Roro Jonggrang kui, esemmu ngalihaken
donyaku.

Dayang 1,2 : Cuit, cuit. Aseloleh~

R. Jonggrang : Ahhh... empun kathah–kathah mangke kula mumbul lo Kang Mas.

B. Bondowoso : Loh, loh, pun mumbul dhisik. Aku durung siap ditinggal ngalih. Aku isih tresna
marang sliramu. Btw... ngerti opo ora bedhane cahyane badra karo cahyane socomu?

R. Jonggrang : Mboten, nopo toh Kang Mas?

B. Bondowoso : Cahyane badra iku nyejukake bawana nanging yen cahyamu nyengkuyung atiku.

Dayang 2 : Asyiappp... Eh Mas, ngertos nopo mboten bedanipun bola lampu kalian bola mripat
kawulo?

B. Bondowoso : Bentene nopo nggih dayang?

Dayang 2 : Nggeh katah toh mas. Bola lampu disetruk lak murup nggeh… yen bola mripat kawula
yen disetruk yaa innalillahi wa’innailaihi raji’un toh Raden Kang Mas.

B. Bondowoso : Sek sek kalem ae dayang. Aja cemburu dhisik. Aku ero kok lak sampean kui
kesengsem marang aku. Jajale dayang ngertos nopo mboten bentene bolongan knalpot kaliyan lesan
dayang?

Dayang 2 : Mboten, nopo toh Den Mas? (Menirukan suara Roro Jonggrang saat tersipu)

B. Bondowoso : Nggeh mboten enten bentene dayang… hahaha!

Dayang 1 : Sokor! Ya ngunu kowe mlebu ae ngrusak cerita teross! Wis ngalih ae ayo, ngalih sing
adoh! (Menggeret badan Dayang 2. Sedangkan Dayang 2 berjalan dengan rona muka sebal.)

R. Jonggrang : Loh.. sak tenane njenengan niku sinten nggeh Kang Mas?
B. Bondowoso : Aku Panglima Keraton Pengging sing ganteng banget kaya Sehun ESSO, Bandung
Bondowoso!

R. Jonggrang : Hah? Nopo mboten klentu Kang Mas? Njenengan Bandung Bondowoso niku? Kesatriane
Prabu Pengging niku? Sing kalawingi tumut perang ing Tanah Jawi?

B. Bondowoso : Inggih sayang. Kowe ra budhek kan? Ra kopoken sisan? Apa rada sliwer?

R. Jonggrang : Heh! Sembarang! Lare ayu-ayu ngeten diarani kupinge enek masalah. Ora ngerti ae kula
niki kembarane Suyu Twice. (Bandung Bondowoso memutar mata jengah) Eh, tapi leres panjenengan
sing mejahi Rama kula, Prabu Baka?

B. Bondowoso : I-inggih. Leres Sanget. Na-nangging aku kepekso. Suer ra bujuk.

R. Jonggrang : KEPEKSO?

B. Bondowoso : I-injih. Kepekso amargi kesatria ing palagan kui mek nduweni rong pilihan. Mateni apa
dipateni.

R. Jonggrang : Tapi tetep ae sampean tego Bandung. TEGO! (Sembari menangis)

B. Bondowoso : Loh, loh, aja nangis beb. Mengko atiku lara sisan. Guduk aku sing tego, tapi iki aturan
kang kudu dianut.

R. Jonggrang : Kanggoku, sampean tetep uwong sing njalari Ramaku ninggalake aku. (Terisak)

B. Bondowoso : Wistalah Jonggrang. Negaraku lan negaramu pancen kudu perang. Ramamu pancen
wis ditakdir sedha nanging ayo kita bukak lembaran anyar mek enek aku lan awakmu. (Mencoba
menyentuh bahu Roro Jonggrang untuk menenangkannya.)

R. Jonggrang : Sorry not sorry ae, kenanganku karo Ramaku ora bakal tiwas tak lalekake. (Usapan
tangan Bandung pun segera ditepis.)

B. Bondowoso : Oke... okee Jonggrang, sing uwis ya uwis ora usah diiling-iling.

R. Jonggrang : Enak wae opo maksudmu? (Bernada marah.)

B. Bondowoso : Sabar beb, sabar. Pangertenono Jonggrang aku tresno marang sliramu, aku uga wis
ditunjuk Sinuhun Pengging Prabu Pengging dadi Raja Ing Prambanan kui.

R. Jonggrang : Dadi awakmu njaluk opo? Kurang opo Bandung?

B. Bondowoso : Kangge kui kabeh aku niat dadekake awakmu garwaku, dadi prameswariku.

R. Jonggrang : OGIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIAHHHHHHHHHHHHHH! EM TO THE MOH!


EMMOH! AKU JIJIK! AKU RA SUDI KARO KOWE KANG MAS!

B. Bondowoso : Jonggrang yen sliramu mbaturi aku seumur urepku aku bakal nuruti opo penjalukanmu.
Plis, dadio garwaku Jonggrang. Aku ora isok urep tanpa awakmu. Ayem poling in lop wit yu Jonggrang.
(Berlutut.)
R. Jonggrang : (Mendesah) Tapi aku nyuwun syarat sak durunge sampean dadekake aku dadi garwamu.
Kula mboten nyuwun emas permata, ojo maneh watu akik lan kali. Tresna iku mboten saking kerlap
kerlip’e tahta, nanging saka tresna saka ati sing paling jeru. Ora adoh saka kui aku mek nyuwun
dibangunake sewu candi ing sedina sewengi.

B. Bondowoso : Sendiko dawuh bidadariku, sayangku, pujaan hatiku! Tresnaku tulus lan suci kangge
awkmu, opo wae tak lakoni asal awakmu ing sisihku.

R. Jonggrang : Wiwit saka bengi iki!

B. Bondowoso : Sendika dawuh Gusti Putriku. Bala ku budiiiiiiiiiiiiiiiiiiaall!!

Bandung Bondowoso lan balane lekas mbangun penjalukane Roro Jonggrang kang dadi syarat
sing kudu di tuntasake Bandung Bondowoso sajrone cukup wengi iku. Ora ono nyang-nyangan.

R. Jonggrang : Dayang-dayang, abdi dalem, mrinio! (Berjalan mondar-mandir dengan gelisah.)

Dayang 1&2 : Wonten nopo Gusti?

R. Jonggrang : Jam piro iki maeng?

Dayang 3 : Jam 3 Gusti.

R. Jonggrang : Waadoooooooh aku kudu piye iki? Iso-iso Bandung ngrampungake penjalukku.

Dayang 2 : Tegese, Gusti Putri dados Garwane Raden Bandung ya Gusti?

R. Jonggrang : Lha iyaa aku OGIIIIIIIIIIIIIIIIAH DAYANGGG!

Dayang 2 : Lha dos pundi ta Gusti Putri?? Nopo Kulo ganteni posisi Gusti Putri. Kan kula kalian
Gusti Putri 11-12 ora bedo adoh toh?

Dayang 1 : Kok sek sempet to yoo yoo.

Dayang 4 : Kepriye yen awak’e gagalake Raden Bandung karo unen-unen ndeplok pari, ben dikiro
wes isuk. Raden Bandung kan mboten kerjo kiambak Gusti, nyuwun pinulungi bangsa jin. Lan jin kui
pengapesane kaliyan terbite srengenge.

Dayang 3 : Waahhh yo iki mantul.

R. Jonggrang : Aku paham dayang. Ayo lak ngunu ndang budal ae selak keburu Bandung ngrampungake
penjalukku. Perintahna kabeh Rakyat Prambanan mbantu aku.

Dayang 1,2,3,4 : Sendiko dawuh Gusti.


Roro Jonggrang mrintahakeh supaya rakyate mbantu deweke gawe unen-unen saka lesung,
kanggo nggalake usahane Bandung Bondowoso. Sakliane ngunekake suoro lesung deweke nyebar
wangi-wangian, lan siasat iki kasil. Para Prajuriit Bandung Bondowoso keteteran lan mlayu
ketepang-tepang amarga wedi kenek srengenge.

B. Bondowoso : (Keluar menemui Roro Jonggrang) Jonggrang, wong ayu, wong manis calon garwaku,
apa kang dadi panyuwunmu wis tak pinangkani wong ayu. Ayo ndang moro gone penghulu, tak dadekne
bojoku.

R. Jonggrang : Sek sek Kang Mas, opo wis tenan panyuwunku wis kok rampungne, wis kok wujudake?

B. Bondowoso : Yomesthii sudah toh Cah Ayu. Kene omahe, kono sumur sak padasane, lan sewu candi
penjalukanmu beb.

R. Jonggrang : Tapi nopo wis yakin Kang Mas, yen wis enek sewu candi?

B. Bondowoso : Yomesthi sudahhhh too sayang.

R. Jonggrang : OoOoO tidak bisa! Bukane iki kurang siji?

B. Bondowoso : Hm, ajane aku wis paham yen sliramu sing gagalake. Mula kui kowe kudu dadi
garwaku.

R. Jonggrang : Emooohh Bandung aku ogah!

B. Bondowoso : Lak ngono awakmu sing dadi pelengkape Jonggrang. Awakmu bakal dasi candi
kesewu!

R. Jonggrang : EMOOOOOOOOOOOOOOOOOHHHH!!! ARRRGGGHHHHHHHHHH!!!!

B. Bondowoso : Jonggrang ono opo iki! Jonggrang aku tresno sliramuu!!!

Deladhuk anggenipun sakti sang Bandung Bondowoso, iling-iling kang taksrih kang turune
narindra sekti mandra guna opo kang kasabda tratampuh bakal dadi kasunyatan, ilang wujud e
Roro Jonggrang, kenyo ayu sulistya ing warna, glagar dadi reco jengkaping candi sewu.

Anda mungkin juga menyukai