Nanging malah kepara saya bubrah. Bumi gonjing lemah bengkah. Polahe ora betah nyawang manungsa
kang trekahe sansaya ora genah. Kakehan pokal polah kang ora lumprah. Lali marang panembah. Kocap
kadyo kandheg mandheg jegrek. Ora bisa gambareke rusaking donya. Nanging isih beja. Dene isih ana
titah sawantah kang isih eling lan waspada
Adegan durga
Durga: hong tetehyang kala rudra manik rajadewaku putra-putraku ngger dewa srani klawan dewa
dhenta
Durga: bat tobat tobat tobat tobat, padha ngertiya ya ngger dene ora suwe maneh perang bharatayuda
bakal kedaden
Durga: mula awake dhewe kudu enggal tata tata saperlu sabyantu marang para sata kurawa supaya
mbesuk sukmane para kurawa bisa nyawiji marang awake dhewe
Durga: aja wedi kangelan dina iki enggal budhalna para wadya bajubarat kanthi laku culika. nyidra jamus
kalimasada perlune supaya ngringkihake kekuatane para pandawa.
semar: e e e... petruk... gandheng bapakmu iki arep nduwe perlu mbangun kedhong kencana, mula koe
tak jaluk pambiantumu ya le
petruk: inggih ma, kula niku sakjatosipun nggih mpun tanggap napa ingkang dados kewajiban kula
minangka lare jaleripun rama semar. ning kula niku bingung, wong gur sak petruk ngeten niki ajeng
sabiantu pripun ma? sakniki kula niku nembe ngrasakake gela awit kula riyin dhek tasih bocah nom
noman, dikongkon sekolah wae yo males malesan. nek diparingi sangu kudune dinggo tuku buku malah
kula damel jajan. eee napa malih nek babagan ulah kanuragan, apa meneh latian perang. la wong
mlampah mriki dugi ngarepan mawon mpun menggeh menggeh ma kakean udud kula niku ma... dadi
paru paru kula niku rodok seseg. dados rama ngendikan ngoten niku wau, dhadha kula nggih tambah
mbeseseg. trus badhe sabiantu pripun nggih ma, wong ya rabisa apa apa
semar: eee... ya ngono kui jeneng e gelo ana ing mburi, aku ya eling. mbien kui koe nek tak kandhani
sajak e mung ngiwi iwi. ning ya kepiye maneh wong manungsa kui mung sak derma nglakoni, saiki gari
niat e ati yen koe tulus arep ngetokake darma bekti marang wong tuamu, percayoa yen gusti bakal
ngijabahi.
semar: la ngene iki truk. nek wong tua kui durung rampung leh ngomongan, kui ojo malah disauri
pitakonan, rungokna dhisik. eee... mlaku o ngulon... lempeng ora menggak menggok, tutna nereatimu.
ora oleh sambat ngantio sikilmu wes krasa ora kuat
semar: eee durung cukup ya le... syarat sing paling abot kui aja nganti lirak lirik. apa maneh menga
mengo ngadhep memburi, ya kui welingku, aja nganti lali ya ngger. enggal budhal o tak pangestoni.
petruk: nggih ma
kocap, lampahe petruk kanthong bolong nggenira ngayahi darma bekti tan metung siyang lan ratri,
dipunkanthi nyenyuwun mring gusti tan kraos nggenira lumampah dumugi papan ingkang boten dipun
mangertosi
petruk: hehhh wes suwe nggonku mlaku, mau welingan e bapak dipenging menga mengo, mbuh saiki
tekan ngendi aku ora ngerti. nek arep mlaku terus sakilku yowes kesel arep leren yo leren nangdi, arep
mangan yo mangan apa wong yo ora nggowo sangu, sangune mung niat karo tekat. trus arep pie iki...
bingung aku. betek betek e nuhoni dhawuhe bapak. bekti marang wong tuwa. e e e sek sek opo kae kok
kaya ayang ayang e manungsa, oalah asem jebule mung godhong klaras kanginan. nek umpamane wong
rak yo malah beneran iso nggo kanca omong omongan. iyo nek manungsa, nek gendruwo pie... hiii dadi
merinding aku
sampak suwuk
petruk: wadhuh.... lo rak tenan too. saiki arep pie jal, arep mlayu mbalik ora oleh karo bapak, ora arep
mlayu ning ngarepku ono gendruwo....
petruk: ngapusiii... ora percaya aku... bapakku kui ora elek koyo koe kok
rajasuala: jenengmu mbien kui pecruk pethakilan, tak mong ana negara madyantara
petruk: ngeten rama, jimat kalimasada dipun cidra, kula dikengken bapa semar nggolek i kanthi cara
tapa mlaku mangulon. sakniki sampun kula lampahi lan boten kepethuk napa napa, mbok menawi rama
mangertosi sinten ta ingkang nyidra jimat jamus kalimasada
rjsuala: ya jagad dewa bathara, ngene yo ngger... mangetiya dene wektu iki jimat kalimasada digawa
dening pendita peparab begawan dewa ngulandara
rjsuala: ya ya petruk tak awat awati anggonmu mlaku, tak pangestoni muga koe bisa nggayuh apa kang
dadi panjangkamu minongka netepi dhawuh e bapakmu semar
dhenta: yen arep nggoleki dewa ngulandara langkahi bangke ning dewa dhenta
semar: eee iki anakku petruk, pie bisa kasil ora, anggonmu ngupadi pustaka jamus kalimasada
petruk: elah to pak, kasil pripun genah kula diuncalake dewa dhenta ngantos tiba dumugi ngajenge
njenengan ngaten kok pak pak
semar: eee ngono ngger
petruk: nggih pak nanging kula sampun pikantuk pitedah dene ingkang nyidra jamus kalimasada punika
begawan dewa ngulandara
semar: aku kui jane wes krasa, ning pancen tak sengaja kanggo lakumu. minongka anake semar koe kui
ya kudu prigel lan lantip panggrahitamu, mula... iki minongka gladhen kanggo koe ngger...
werk: ya
semar: eeee dewa ngulandara ora usah kakean percika, aku kui wes ngerti sapa sejatine koe. balio
menyang asalmu
semar: koe kui awit mbiyen tekan saiki kok isih pada wae, senengane nganggu gawe. ndi kene pustaka
jamus kalimasada balekna
adegan ngamarta
puntadewa: kyai semar aku ngaturke agunging panuwun dene wekdal sakmangke kyai semar wektu iki
kersa rawuh ana ing ngamarta
semar: e e e e.... nggih ndara niku sampun dados kewajiban kula pinangka dados pamonging
panjenengan panjenengan sedaya, eee... syukur mangayubagya dene wegdal niki sedaya bendara
bendara kula saged kempal wonten mriki. niki jamus kalimasada sampun kepanggih, sakpunika kula
aturke panjenengan ndara puntadewa.
kresna: kyai semar, sampean mau kon konan petruk arep ngampil pustaka jamus kalimasada, kamongka
jamus kalimasada mau dicidra dene pawongan sing memba aku. saiki sakwise mbok temokake kok
malah mbok balakake, apa ora sido mbok silih ta kyai, jarene kui syarat utama kanggo anggonmu arep
mbangun kedhong kencana.
semar: eeee... ngeten ndara kresna, ndara puntadewa lan sedaya ingkang rawuh ing mriki. anggen kula
badhe mbangun gedhong kencana punika sanes gedhong ingkang awujud. ananging kula badhe bangun
jiwa lan batin panjenengan panjenengan niku. kencana punika barang ingkang sae, gedhong punika
panggenan.
semar: tegesipun panggenan ingkang sae punika mapan wonten manah lan penggalih ndika ndika
sedaya. sakjatosipun sing badhe kula bangun niku pikirane para titah sing nembe padha kelalen. sing
dadi pengarep dadi pemimpin lali marang tanggung jawabe, lali marang janjine kepara malah ngendel-
delake dumeh nduwe panguwasa banjur padha nguja kamurkane. sing dadi wong cilik ya semono uga,
ora noleh ing cilik ira. yen ana wong lagi ngomong padha pating clomet ora nggatekake anggepe wes
pinter dewe.
semar: hainggih, kula niku namung badhe njejegke kiblat e sing mpun padha minger kala wau.
syaratipun kita kedah anggadhahi jiwa ingkang ingkang resik, boten batin ingkang kebak rereget kebak
sesuker. sahingga kanthi jiwa ingkang resik kala wau, sedaya ingkang kita lampahi nggih saget sae, sae
tumrap dhiri pribadi, sae tumrap kulawarga, sae tumrap nagara, lan sae mungguhe agama. eeeee
pramila awit saking punika gegandhengan sedaya sampun sami pirsa anggen kula gadhah niat mbangun
gedhong kencana. mangga sakpunika kula aturi ngrahapi dhaharan ingkang sampun kula beta mugi
sedaya tansah bagas waras slamet, nir ing sambikala kalis ing rubeda amin