Anda di halaman 1dari 2

sang saya dalu....

lesung jumengglung

petruk: assalamuaikum wr wb. sugeng dalu para pinisepuh, sugeng dalu para rawuh. puji syukur
dhumateng ngarsanipun gusti. dalu punika kita saged kempal wonten ing ....

gareng: ngendi truk?

petruk: ngendi gong

bagong: ana anu truk. wonten pendopo senjoyo laras desa tegal waton kecamatan tengaran kabupaten
semarang.

petruk: wayahe suka parisuka ya lurr, tulung iki awake dewe kabeh, sing kompak dalang papat. mau sing
mucuki wes ono mas kevin. mengko ya ana mas damar prabaswara ya ana mas damar estu kusuma.
double damar yaa

bagong: hiyaa

petruk: wah hebat hebat hebat...

gareng: acara apa truk?

petruk: ngene kang gareng. bengi iki sepisan awake dewe kabeh, bisa gladhen wayangan ngepasi ambal
warsa ne simbah.

gareng: eyang truk. eyang bambang supriyana ingkang kaping pitungdasa

petruk: dinten niki eyang bambang supriyana yuswanipun jangkep pitungdasa tahun. 5 oktober 2021

gareng: mosok to , eyang pri wes 70 tahun

bagong: hiya! tak kiro yo lagi 60 kok. wong yo isih sehat isih gagah isih prakasa. aku ki yo ra percaya kok
maune

petruk: laiyo gong, pancen piyantun sepuh kuwi nek longgar penggalihe. akeh dana driyah e yo ngono
kui. mula ayo podho didongakake. mugi eyang pri tansah dipun paringi bagas waras slamet sedayanipun.
tansah dipun paringi rejeki ingkang manfaati kangge putra wayah, tangga tepalih ugi murakapi kangge
kita sedaya, amin!! saged nenggani putra wayahipun anggenipun sami

gareng: sami apa truk

petruk: yaa sing isih sekolah ben tutug sekolah e, sing wes kerjo yo lancar rejekine.

bagong : termasuk mangestoni awake dewee ya truk.


petruk: hiyaa. mangestoni awake dewe kabeh anggone padha gladen ana kene iki. nuthuki gamelan e
kagungan e eyang iki. besuk hasil e apik bisa padha disawang bisa padha dirungokake.

gareng : iya ya truk.

petruk: heeh

gareng: awake dewe iki  perlu syukur bisa ngemping kamuktene eyang pri.

bagong: awake deewe sopo to truk

petruk: ya pokok e awake dewe kabeh sing ana kene iki.

bagong: wes yo truk, wes dawa leh mu ngrumpaka. saiki diaturke lelagon kagem eyang pri. mangga bu
ingkang pinarak sebelah kilen/etan/ tengah. o nggih ngapunten dereng kenalan, dereng tetepangan.
tetepangan riyin bu. tembang e bebas sak kerso jenengan kinten2 ingkang cocok kagem eyang.

tembang.......

gareng: wes truk

petruk: wes... wah jan nyampleng tenan yo swantenipun ibu solekah, maturnuwun nggih bu....

bagong: ingkang kaping kalih, iki yo ulang tahun e grup karawitan langen mudho budoyo

petruk: oiyo ding

bagong: jane ulang tahun e agustus, ning gandheng kahanan corona koyo ngene, lagi bisa di pengeti dina
iki. selamat ulang tahun yang ke 2 untuk karawitan langen mudho budoyo pimpinan mas kokok. semoga
sukses selalu, tetap kompak dan makin bersemangat dalam nguri uri budaya jawa khususnya karawitan
dan wayang kulit

petruk: iyo yo gong, iyo yo kang gareng.  nek ora awake dewe, sing isih enom2 iki. yo sopo meneh sing
arep nglestarekke budaya jawa. wong pancen wayang kulit kuwi budaya sing adiluhung.

gareng: iya bener truk. wes saiki ngaturke tembang setunggal malih kangge kanca2 langen mudho
budoyo yo sing saiki podo ngrawit. sekaliyan kula pamit mangkih kersani dipun lajengaken mas damar.
mangga mbak gentosan, wau bu solekah sakniki mangga jenengan/ mangga sinten.

Anda mungkin juga menyukai