Anda di halaman 1dari 1

Budaya

Dening: Baku Nindra

Budaya, budya, culture

Babaring nalar-pambudi manungsa maujud kagunan, kapinteran, lan kawruh

Budaya wis palastra

Sing ditiru mung budaya manca

Budayane dhewe dilalekake

Kepara malah disepelekke

Budaya kita ora ala

Malah luwih utama

Sopan santun tatakrama

Iku kalebu budaya

Kang wis sirna

Ing bumi Nuswantara

Heh para pemudha!!

Apa kowe lila?!

Budayamu diboyong manca

Mung Basa Jawa wae ra bisa

Kepriye nasibe praja?!

Anda mungkin juga menyukai