Anda di halaman 1dari 10

NASKAH DRAMA KELAS 6 2019

Nang salah sawijining negri,urip bocah bagus sing jenenge ande ande lumut.Ande
ande lumut urip nang keluarga sing sugih,tentrem lan bahagia.taoi ande ande
lumut ora betah karo keadaane sing serba enak.Si ande pengen
berkelana,berpetualang koyo dora the explorer.Nggoleki halangan lan rintangan
lan nemoake wit jati,eh maksute jati dirine.Akhire ande ande lumut kabur saka
omah lan marakke rama biyunge khawatir.
SKENARIO SIJI
TEMPAT:OMAHE ANDE ANDE LUMUT

Reporter : para pemirsa,wonten bocah abg naminipun ande ande lumut sampun
kabur saking omah.nganti sakniki kabare durung jelas.Teng mriki kula badhe
mewawancarai rama lan biyunge ande ande lumut.Bu,kepripun perasaane ngerti
anakke nganti sakniki durung ketemu?
Biyunge ande : iki wes mlebu tv iki ?
Reporter : sampun bu,kepripun perasaane,Bu?
Biyunge ande : perasaane yo……sedih banget pokokke lah.Kae ki cah bagus
ku,anak siji sijine kok bisa ilang wes tak rumat saben dina,wes di empani,diwei
sangu kok bisa ya kabur saka ngomah,jan ra patut yakin

Reporter : oh kados niku nggeh,lajeng bapakke kepripun perasaane pak?sedih


mboten pak?
Bapakke ande : lha yo oralah.la wong bocah wis bujang yo patut pengen
lunga,mosok kok angkrem wae neng njero omah.wis jorna wae lah,lon
berpetualang,engko angger wes puas bali dewe loyo dara.
Biyunge ande : yo ora ngunukui pak,mosok karo anakke dewe ngonokui,ora
patutlah.
Bapakke ande : yo rapopo,lagian nek ora ono ande ande kan akdewe dadi bebas
bisa bulan madu kaya mbiyen.
Biyunge ande : jan…..bapakki pikirane koyo ngono.
Reporter : dados ande ande badhe jaraken Pak?
Biyunge ande : jawab sing bener pak.ora patutlah,akdewe lagi mlebu tv,didelok
karo wong akeh.
Bapakke ande : oke oke,TOTO!
Toto : wonten nopo nimbali kula pak bos?
Bapakke ande : pokokke koe saiki kudu nemokke ande ande,ojo bali sakdurung
koe nggowo bali anakku,oke?
Toto : tenang pak bos,anakke pak bos mesti tak gowo bali.
Akhire ramane ande mrentah Toto,si pembantu rumah tangga kon nggolekki si
ande ande lumut.Nah sementara kui,si ande ande lumut wes kabur tekan ngalas.
SKENARIO LORO
TEMPAT : ALAS
Ande : akhire aku bisa kabur saka rama lan biyung.bosen rasane urip nang
kono,ora ono tantangane.aku ki pengen berpetualang koyo Dora The Explorer(ijig
ijig Toto teko)
Toto : eee,koe mas ande ande lumut ta?ayo bos bali,uwes digolekki kae karo
bapakmu.
Ande : loh,ngopo kwe neng kene?kowe diprintah yo?kok cepet tenan tekan kene?
Toto : hhhhhhh……kwi rahasia bos.mung aku ro sutradarane tok seng reti.
Ande : oh,ngonokui to.
Toto : haiya ngonokui bos.
Ande : terus kepiye?pokokke aku gemang bali neng ngomah meneh.
Toto : yen gelem bali ngomah jare arep ditukokke montor karo bapakmu.
Ande : ora,nganti kapanpun aku ra bakal gelem bali.
Toto : tapi jarene arep dijodohke karo via valen.
Ande : ngomong opo kwe ki?ngmong opo?
Toto : angger kwe gelem bali ngko dijodohke karo via vallen.
Ande : tenan kui?tenan ora?
Toto : iya tenan bos!
Ande : yen ngono kui aku gelem bali.wes ya bali,ojo kesuen es kepengen aku.
Toto : nah,ketmau ngopo bos, yo bali bos.
(Toto mlaku,ande ngikuti.ijig ijig Toto Mandeg)
Ande : loh kok mandeg?ono lampu merah po?
Toto : ngaourane bos,balikke liwat ngendi yo?
Ande : loh kok ra ngerti?lha kok iso ngene?
Toto : lha aku dikon mlebu kok bos,aku yo manut wae.
Ande : berarti akdewe kesasar,y owes lah mlaku ketuk ngendi wae.

Akhire ande karo toto kesasar neng alas.nggoleki dalan bali tapi ora ketemu.
SKENARIO TELU
TEMPAT :ALAS, OMAHE MBOK RONDO DADAPAN
Ande : piye iki to?kok mbalek meneh neng kene?
Toto : lah wong panggunge gur siji ko bos,kepiye meneh?
Ande : eh kae ono omah jajal yo mlebu.
Toto : (mbukak lawang)lawange ora di kunci bos, mlebu wae yo.
Ande : tenan ki rapopo,akdewe dadi koyo maling.
Toto: ih iki ono kalung bos,koyone larang lho bos,yen didol nang pasar mangiran.
Ande : yo ojo koyo ngono kui,koe koyo maling.
(mbok rondo dadapan teko)
Mbok : maling!maling!(karo ngowo sapu terus digebukke neng ande lan toto)
Toto : ampun mbok,aku udu maling.
Ande : iya bener mbok angger ora percaya takoni sutradarane.
Mbok : oh,ngono kui to,lha koe ki sopo?
Ande : kula pengembara mbok,lagi kesasar ora reti dalan bali,iki teng pundi mbok?
Mbok : iki neng dusun dadapan,lha terus arep podo ngopo kowe ki?
Ande : kula nggeh mboten ngertos mbok,lha wong kesasar.
Mbok : kepiye nek kowe manggon neng kene wae,engko kowe tak dadekke anak!
Ande : tenan mbok?
Mbok : iya,tenan.
Toto : lha aku kepiye mbok?
Mbok : yo keo manggon neng kene wae,engko koe tak dadekke pembantu.
Toto : kok ngonokui mbok?yo wes rapopo lah manut wae.
Akhire ande ande lumut didadekke anak angkat karo mbok rondo dadapan.tapi
seng jenenge ande ande lumut pancen kurangajar.Nembe wae diangkat anak
langsung pengen di golekke bojo.Akhire kesebar kabar yen ande ande lumut lagi
golek bojo.Sementara kui neng tempat liya,urip mbok rondo kleting karo anak
anakke.
SKENARIO PAPAT
TEMPAT : OMAHE PARA KLETING
Para kleting lagi lungguh lungguh sambi geguyon,banjur simbokke kleting
teko,para kleting langsung kusak kusuk lungguh sing rapi.Banjur pembantu
kleting wong wadon loro teko nggawa wedang.
Pembantu : mangga ndoro.....niki unjukanipun.
(para pembantu banjur lunga tamuju dapur)
Mbok kleting : Anak anakku sing ayu ayu kecuali kleting kuning simbok arep
takon.Koe kan wis pada gede,wis wektune koe pada golek calon bojo.Pada wes
duwe calonbojo opo durung?coba jawaben siji siji!
Kleting ungu : aku mbok aku wes calon wonge gagah,gededuwur,murah
senyum,eman meneh.kae lho bakul batagor sing kerep dodol nang
sekolahan,wonge eman banget mbok.
Mbok kleting : oalah jan,bakul batagor wae tok taksir.terus kleting abang.
Kleting abang : anu mbok,aku yho wes nduwe calon,kae lho mas mas kernet bis
argo mulyo.gayane keren banget mbok.wonge juga eman,mosok wingi aku
ngebis ora mbayar,kayane wes jatuh cinta karo aku lho mbok.
Mbok kleting : bukane seneng marang koe,paling kernette lali ora nagih duit
marang koe.terus kleting ijo!
Kleting ijo : aku wes due mbok,jenenge mas bram.ketemu wingi neng
terminal,wingiaku juga boncengan mbok karo mas bram,diterke tekan
ngomah.eman banget mbok wonge,soko terminal tekan ngomah kur mbayar
5000 tok.
Mbok kleting : aduh jan mas bram mesti tukang ojek yo.terus terakhir kleting biru.
Kleting biru : aku yo wes nduwe mbok jenenge kang bondet .mosok wingi aku
liwat dikei gabah sak bagor,diterke tekan ngomah meneh.koyone wonge naksir
karo aku lho mbok.
Mbok kleting : aduh aduh mesti gabahe wes podo gabug kabeh ya!mau simbok
wes niliki.
Kleting kuning : mbok,lha kok aku ra ditakoni?
Mbok kleting : wes koe ora usah melu melu.simbok yakinkoe ora bakal due calon
bojo.
Mbok kleting : anak anakku sing ayu ayu kecuali kleting kuning,ndeneo simbok
lagi moco neng fesbuk.ono putrane mbok rondo dadapan jenenge ande ande
lumut lagi golek jodo lan ngadakke seleksi calon istri,jenenge hdkssukepiye,arep
podo melu seleksi ora?
Kleting ungu : jelas melu mbok aku mesti menang lah.kleting ungu gitu loh.
Kleting abang : hush,seng tuwo yo ngalah lah,jelase aku sing bakal menang.
Kletung ijo : ojo podo koyo ngono,jelas aku sing bakal menang.sing paling
enom,paling ayu.
Mbok kleting : uwes ojo podo gelut mending kwe podo dandan sing ayu ben
engko iso dipilih ande ande lumut.
Kleting kuning : aku oleh melu opo ora mbok?
Mbok kleting : wis kwe ora usah melu melu,kwe neng ngomah wae.kae latare
reged,saponono.
Kleting kuning : simbok kok jahat banget e....
Mbok kleting : yo wes,yo podo neng salon,kleting kuning jogo omah.ora oleh
melu seleksi.yo gek mangkat neng salon anak anakku.
Mbok rondo kleting karo anak anakke lunga nang salon.kleting kuning ditinggal
neng ngomah kon nyaponi latare seng reged lan temandang gawean omah
liane.sementara kui neng tempat liya meneh urip gadis jenenge timun mas karo
biyunge.
SKENARIO LIMA
TEMPAT : OMAHE TIMUN MAS
Biyung : timun mas mrene tak omongi!
Timun mas : ono opo yung?arep omong opo?kayane penting banget.
Biyung : biyung arep cerita sesuatu marang koe.
Timun mas : wes ojo kesuen yung,dadi penasaran aku yung.
Biyung : timun mas,janne mbiyen biyung pernah njaluk marang buto ijo supaya
dinei anak,tapi syarate yen anakke wes gede arep dijaluk meneh karo buto ijo
lha anakke koe kui timun mas.
Timun mas : lha terus kepiye yung?mosok aku arep dijaluk karo buto ijo.lha buto
ijo ki ganteng ora yung.
Biyung : ganteng apane wonge ki gede lemu ora ganteng.
Timun mas : aduh jan,terus aku kudu kepiye yung?
Biyung : biyung lagi krungu,ono bocah bagus jenenge ande ande lumut lagi
golek jodo.mending saiki koe lungo neng deso dadapan lan melu seleksi
sakdurunge kowe dijaluk marang buro ijo.
Timun mas : oh ngono to yung, yo wes aku lungo disik yo,assalamu’alaikum.
Biyung : eh,engko disik nyoh koe tak kei garem.yen koe ketemu buto ijo neng
dalan,uncalno wae gareme buto ijo kwi wedi karo garem.
Timun mas : ok yung maturnuwun!

Akhire timun mas lungo saka omah tumuju desa dadapan nggo melu seleksi
calon istri andeande lumut.tapi jan seng jenenge timun mas lagi sial banget neng
dalan di uyak uyak buto ijo.
SKENARIO ENEM
TEMPAT : JEMBATAN PROGO
Timun mas : tulung!tulung!ono buto ijo.
Buto ijo : weh tunggu cah ayu tunggu.
Timun mas : awas ojo nyedai aku!rasakno nyoh garem rasakna.
Buto ijo : aduh aduh, ngko disik cah ayu,aku dudu buto ijo,aku ki yuyu kangkang!
Timun mas : tenan kui tenanan?
Yuyu kangkang : iya tenan,aku yuyu kangkang.mosok baguse koyo ngene
diarani buto iijo.iya ora penonton?
Timun mas : lha jarene biyungku buto ijo wonge gede,lemu,terus ora
ngganteng,yo kiraku koe ki buto ijo.
Yuyu kangkang : sembaranga kowe!angger kowe cah lanang wes tak ceborke
kali progo iki!
Timun mas : iya lah aku minta maaf,aku ngaku khilaf,terus ono opo yuyu
kangkang?
Yuyu kangkang : kowe arep liwat jembatan progo iki?arep menyang deso
dadapan?
Timun mas : iya,emange ngopo?
Yuyu kangkang : angger arep liwat jembatan progo,ora keno sakkepenakke kudu
ono syarate.
Timun mas : opo syarate?ojo seng aneh aneh yo!
Yuyu kangkang : ora aneh kok,cukup poto selfi karo aku,terus tak tandatangani
tanganmu!gampang to?
Timun mas : yo wes lah manut.
(Banjur yuyu kangkang karo timun mas selfi,terus tangane ditandatangani yuyu
kangkang)
Yuyu kangkang : nah wes kowe oleh liwat jembatan iki.
Timun mas : maturnuwun yuyu kangkang.
Yuyu kangkang : allhamdulillah wes oleh siji,kapan yo ono seng teko meneh.eh
kae ono bocah ayu rombongan arep nyebrang,asik asik.
Kleting ungu : aduh jan,enakke bar neng salon.
Kleting abang : aku ayu banget ya,mesti arep dipilih.
Kleting ijo : sing tuwo ngalah,seng ceto dipilih yu aku seng iseh enom.
Kleting abang : oooo kyo ngonokui to,arep nantang gelut opo kwe?
Kleting biru : gelut wae gelut ndang gelut
(para kleting mengobrol dan tidak menghiraukan si yuyu kangkang)
Yuyu kangkang : woi
Kleting ijo : koyo ono sing omong opo yo?
Kleting abang : udu aku lho seng ngentut.
Yuyu kangkang : iki seng omong nang kene iki yuyu kangkang.
Kleting ijo : o kwe to,kiraku watu gede.
Kleting ungu : kira ku ya iya je.
Kleting abang : kiraku malah gerobak
Yuyu kangkang : jan jan dino iki sial banget aku mau diarani buto ijo, saiki diarani
watu gede karo gerobak.janjan.
Kleting biru : lha terus ono opo ngopo nyeluk nyeluk?
Yuyu kangkang : angger kwe podo arep liwat jembatan progo iki,ora keno
sakkepenake ono syarate.
Kleting abang : syarate opo,mesti seng aneh aneh.
Yuyu kangkang : ora aneh kok,mung foto selfi karo aku,terus tanganmu tak
tandatangani koyo ngono tok.
Kleting ungu : yen ngunukui gampang yok cepetan wes gugup ki!
(para kleting pada poto selfi terus ditandatangani yuyu kangkang)
Yuyu kangkang : nah wes,maturnuwun cah ayu,kono gek liwat.
(para kleting lewat jembatan progo)
SKENARIO PITU
TEMPAT : OMAHE KLETING
Kleting kuning : aduh jan,iki janne pengen melu,malah kon nyaponi latar,yo aku
kewuhan lah.piye yo?janne aku pengen banget melu .
(para peri mlebu)
Peri : tenang kleting kuning,awakdewe bakal mbantu koe.
Kleting kuning : ha sopo koe dedemit yo?
Peri : ojo sembarangan,aku ki peri 1,iki sedulurku.
Per 2:hai aku peri 2
Kleting kuning : ooooo peri yo,ono opo peri neng omahku?
Peri : kan aku wes omong akdewe bakal bantu koe.
Peri 2 : iya kleting kuning,kowe pengen melu seleksi neng deso dadapan to?
Kleting kuning : tapi kepiye carane?angger lunga saiki yo jelas wes telat.
Peri : tenang wae kleting kuning akdewe due cara,peri 2!
Peri 2 : tetorettoret sapu ijuk.(gayane koyo gayane doraemon)
Kleting kuning:oh dadi akdewe lungane nunggang sapu ijuk koyo harrypotter?
Peri 2 : ora koyo ngono iki kur sapu ijuk biasa.
Kleting kuning : lha terus ngopo koe ngetokke sapu ijuk aneh banget.yo wes lah
yo mangkat.
(kleting kuning lan para peri lunga menyang deso dadapan)
Akhire kleting kuning lungo menyang deso dadapan dikancani peri
peri.twkanjembatan progo koyo biasane ono yuyu kangkang sing njagani.

SKENARIO WOLU
TEMPAT : JEMBATAN PROGO
Yuyu kangkang : dino iki wes oleh 5 bocah ayu.tapi isih kurang lah,ono meneh
mbok ngopo.eh,kae ono bocah ayu arep liwat asik asik,korban berikute.
(kleting kuning dan para peri berjalan lalu di hadang ole yuyu kangkang)
Yuyu kangkang : etss...ora keno sakepenakke,angger pengen liwat jembatan
progo kudu poto selfi sikik karo aku!
Kleting kuning : lha kok ngunukui,iki jembatan umum.kok ono syarat syarate?
Yuyu kangkang : pokokke kudu!Angger ora gelem ora kena lewat.
Peri : kepiye nek akdewe nggawe perjanjian wae.
Yuyu kangkang : perjanjian opo?
Peri : angger akdewe oleh liwat,engko koe tak balekke maring wujud aslimu.
Peri 2 : iya,bentuk aslimu udu kya ngono to?kwe di kutuk karo dewa kan dadi
koyongono.
Yuyu kangkang : loh kok reti yo wes lah tak tompo.asalkan aku bisa balrk meneh
maring wujud asliku kwe kwe bisa pada liwat jembatan iki.
Peri : ok gampang,aku ro sedulurku bakal gawe koe balik maring wujud
aslimu.ayo di mulai.
Peri 2 : yo dimulai.
(para peri nglakoake sesuatu,tapi ono seng aneh,yuyu kangkang malah meneng
wae ora obah)
Kleting kuning : lho,yuyu kangkang kok dadi koyo ngono, meneng wae,ora obah
jare arep diballekke mari wujud asline.
Peri : iya kleting kuning,wujud asline yuyu kangkang iku watu gede,terus di kutuk
karo dewa mulane dadi yuyu kangkang.
Kleting kuni : bukane kualik yo,kok mbingungke tenan.
Peri 2 : uwes kwe manut wae kleting kuning mendingan saiki kwe menyang deso
dadapan.
Peri : iya kleting kuning akdewe mung bisa ngeterke tekan kene.
Kleting kuning : yo wes maturnuwun peri.
Para peri : iya pada pada
Akhire kleting kuning nglanjutke perjalanan menyang deso dadapan.sementara
kui neng deso dadapan si ande ande lumut lagi di wawancarai karo reporter.
SKENARIO SANGA
TEMPAT : OMAHE MBOK RONDO DADAPAN
Reporter : para pamirsa,sakniki kulo lagi neng daleme ande ande lumut seng lagi
ngadakke seleksi calon bojo.langsung wae kulo badhe mewawancarai si ande
ande lumut.niki bener naminipun ande ande lumut
Ande : iya bener
Reporter : kok namine mirip karo bocah seng kabur saka omah
Ande : kae kan ANDE ANDE KLUMUT nek aku ANDE ANDE LUMUT bedo lho
ojo di padak padakke
Reporter : oh kdos niku nggeh,laje mas ande opo karakteristike calon bojo
panjenengan?
Ande : karakteristikke,seng pertama yo kudu ayu,seng ke2 kudu pinter dalam
segala hal tapi udu pinter ngrasari wong lho yo!seng ke3 calon bojoku kudu
wadon,nek lanang aku yo emoh.
Reporter :oke oke,maturnuwung mas ande.lajeng mbok rondo dadapan,kepripun
pendapate panjenengan ngertianakke lagi golek bojo?
Mbok : yo seneng lah.engko kan bojone bisa bantu bantu ngresikki omah.
Reporter : o.. nggeh maturnuwun mbok rondo.lajeng kepripun perasaane mas
toto ngerti bos e arep nggolek bojo?
Toto : yo seneng banget lah.umpama bar iki bos ande digolekke calon bojo gari
aku sing di golekke calon.
Reporter : mugo wae doa ne terkabul mas toto.
Para calon bojo ande teko kanti uluk salam.
Para kleting & timun mas : assalamu’alaikum
Ande dkk:wa’alaikumsallam
Toto : nah,iki calone wes podo teko,ayo podo mlebu(banjur podo mlebu)
Reporter : para pemirsa niki calon calon bojone ande ayu ayu banget kan?
Mbok : koe arep milih seng endi anakku,pilihen salah siji seng benerbener tok
senengi.
Ande : ora ono seng tak pilih mbok,mergane kabeh we dadi pacare yuyu
kangkang.kui buktine wes ono tanda tangane neng tangane
Kleting ungu : udu mas ande,aku udu pacare yuyu kangkang
Kleting abang : aku yo udu pacare yuyu kangkang
Kleting ijo : iyo iki mung tanda tangan tok
Kleting biru:hooh mung tanda tanga tok kok
Timun mas : iya bener kui,suwer deh
Ande :wes ora ono alesan yen ono tandatangane berarti kowe pacare yuyu
kangkang
(banjur kleting kuning teko)
Kleting kuning : assalamu’alaikum
Kabeh : wa’alaikumsalam
Kleting ungu : loh kleting kuning?
Kleting abang : kok kleting kuning neng kene?
Kleting biru : jare arep nyaponi latar?
Kleting ijo : wis nengno wae rak rabakal dipilih!
Toto : kepiye bos,ono seng telat,arep diterima opo ora
Ande: akhire ketemu juga jodohku,aku milih kleting kuning wae,sing udu pacare
yuyu kangkang
Mbok : tenan le kowe arep milih kleting kuning
Ande : iya aku ora ngapusi tenanan
Kleting kuning : alhamdulillah aku bisa dadi calon bojone mas ande
(kontestan lyane lungo karo sinis mergane mangkel ora di pilih mas ande,malah
sing dipilih kleting kuning)
Reporter : mbak kleting kuning kepripun perasaane sampun dipilih karo mas
ande.
Kleting kuning : seneng banget aku nganti ora nyongko bisa dipilih.
Reporter : lajeng mas ande kepripun perasaane
Ande :seneng juga.akhire bisa nemu jodoh seng pas.akhire dramane bisa
rampung
Akhire ande ande lumut rabi karo kleting kuning lan urip bahagia saklawase.

Anda mungkin juga menyukai