Anda di halaman 1dari 3

# akibat dari perceraian

 Di suatu sawah anak sendirian


 Ibu mencari dan menghampiri anak

Ibu : fis fisa kamu dimana ? ayo maem wis sore lo iki ibuk selak ape lungo

Anak : “ diam “

Ibu : lo di tekoni bukke kok meneng wae to . gene rene lho crito karo ibuk

Anak : “ melihat ibu lalu beranjak pergi “

Ibu : piye to di takoni ibuk kok malah nglungani ora sopan ngunuwi .

Anak : ” berhenti lalu berbalik menatap ibu “ ibu ngapusi aku ,. Katane ibu syang karo

aku tapi kenopo ibu menikah meneh ,. Kancaku ibune gak enek sing menikah

meneh , ngko nak ibuk menikah meneh sopo sing sayang karo aku buk , sing tak
nggo tempat bercerita sopo buk,. Pasti ibuk lebih milih suamine ibuk di banding
aku,. Aku wedi kehilangan ibuk .

suami ibu : assalamualaikum 3x

ibu : walaikumslm .

anak : bapak….. kenopo bapak gak sak omah eneh karo ibuk, kenopo bapak gak tau

liburan neh karo adek ,, adek kangen bapak,.. ibuk ,ibuk ojo tukaran terus karo

bapak., ayo apikan neh buk.,

pacar ibu : ” nelfon’’ assalamualaikum ,. Dek ayo sido jalan jalan pora ., selak sore lho .,

ibu : walaikum salam., ngko bengi wae ya mas,. Tak kabari

Pacar ibu : oke

Anak : buk..ojo pacaran terus buk., aku gak pengen ibuk pisah karo bapak.,
SCENE 2

# ibu pacaran dengan pacarnya.

Perjalanan dari rumah menuju taman berboncengan sepeda motor

Ibu : Mas gowo motormu wae ya, motorku digowo anakku

Pacar : Yowis dek lah, ayo ndang mangkat

Ibu : Seandainya dewe iki mengko wis resmi nikah, aku bakal bahagia banget mas

Pacar : Yo dek mugo awake dewe ndang nikah

(DITAMAN)

Pacar : Dek, ngene, kan aku duwe niat pengen buka usaha, sing kui ngko bakale nguripi
awake dewe yen wis resmi nikah. Masalahe aku durung duwe modal yo dek. Iki butuh dana
cepet soale aku ditawari kontrakan kios murah dek cocok kanggo bukak bengkel. Sesok kudu
wis ono duite yen ora dicolke nek wong liyo.

Ibu : Yo sing wingi kae 50 juta sing tak kei angger di nggo modal to mas

Pacar : Wingi kae kan entek dek kanggo ngobatke bapakku

Ibu : Lho 50 juta ki entek nggo berobat tok?

Pacar : Iyo dek

Ibu : Bukane bapak mung ketisen to mas kok ngasi entek 50 juta

Pacar : Lha yo mboh rumah sakit wingi menehi nota entek semono aku dewe yo kaget,
Piye dek kiro-kiro iso gak awakmu golekne duit meneh kanggo modal usaha kita mbesok

Ibu : Duh, piye ya mas, yowis mengko tak usahakno ya mas. Tapi bener to iki
mengko kanggo usahane kita yen wis nikah mbesok?

Pacar : Iyo lah dek, iki ra mungg kanggo aku tok, iki demi masa depan kita

Ibu : Oke mas, makasih njih mas sampun berpikiran jauh sampai mikirke kehidupane
kita mbesok

Pacar : Hehe… Yowis tak ning WC sedelok ya dek

Ibu : (Mulai kebingungan nyari duit 50 juta) Menelpon Mantan suami…

Ibu : Pak, aku butuh duit 50 juta saiki, minongko harta gono-gini pokoke aku jaluk
saiki yo pak
Mantan Suami : Sik-sik, bukane kowe sing megat aku to buk? Kok jaluk gono-gini, lagian
awakmu ki tak rabi mbyen wong-wong tok ra duwe opo2. Yo ra duwe hak jaluk harta gono-gini

Ibu : Yowis aku utang iki ora jaluk, sok tak sauri nak usahaku wis maju

Mantan : Wah raiso Buk, sepurane aku wis rak iso bantu iki, wis rausah goleki aku
meneh yo.

Ibu : Heh Pak, Pak…

(Ibu kebingungan, panic dan gelisah karena tidak berhasil dapat uang untuk modal usaha)

Pacar : Piye dek cair?

Ibu : Anu mas, mantan bojoku rak gelem menehi duit iki mas

Pacar : Lho, ngopo kudu jaluk mantan bojomu, bukane kowe duwe duit akih?

Ibu : Yo mboten toh mas, kan kabeh bondoku duweke mantan bojoku, aku ra duwe
opo-opo mas.

Pacar : Aduh! Berarti sing sugih ki bojomu?

Ibu : Inggih mas, Gak popo ya kita usaha merintis soko nol wae ya mas

Pacar : Ora sudi! Tak kiro sing sugih ki kowe kok, wis lah males aku karo kowe.

(Si Pacar Pergi meninggalkan si Ibu yang sedang terpukul dan hatinya hancur)

Anda mungkin juga menyukai