Anda di halaman 1dari 4

Pundak anak pambarep

Jer Basuki Mawa Beya emang bener anane, kabeh samubarang ancen perlu diragati, ragat ora
kudu duit utowo bondho nanging uga tirakat lan niat seng bener .
Jenengku yurinda, bocah wadon kelas 12 sma karya bangsa, tunggalku loro yaiku aku lan
adhiku Dion jenenge. Omahku ana ing desa Tambah jaya sing isih klebu ing kab. Blitar,
ayahku saben dinone kerjo ing pabrik lan ibuku nyambi bukak toko pracangan ing ngarep
omah,,
Cerito iki tak wiwiti saka kuate karep ing atiku sing kepengen dadi uwong sukses lan iso
mbanggakne wong tuaku lewat pendidikan seng kudu terus tak perjuangne, aku tau krungu
ana pitutur sing ngomong "Duit iku uduk segalane" Ehh,, lha tapi segalane yen ora ana duite
kok yo soro yen dirasakne.
Ancen kurang trep pepiling kui rumangsaku,
Yen oleh jujur, saikimu atiku ancen lagi gundah gulana temenan e,
Aku saikimi wes kelas 12 dilut engkas lulus kudu mikir nerusne laku nendi ne, niatku pengen
lanjut sekolah perawat ing Malang, lha tapi pie neh yen Ati Kareb Bondho Cupet:(.,
Oponeh aku iki anak mbarep, berarti pundakku kudu luweh jejeg kanggo mbukakne dalan
sukses e adekku mbesok, sebenere keluargaku ki yo ora kekurangan banget, nanging saikimu
usume pagebluk, wabah penyakit ngremboyo tekan ngendi ngendi lan okeh pabrik utowo
perusahaan sing ra kuat ngadepi kahanan anyar iki akire bangkrut lan gulung tikar, gajine
ayahku emang ora gedhe lek diitung itung yo mek pas pasan lah diengge mangan wong papat
sekeluarga, olehe ibuku dodolan yo ra sepiro mergo mung bukak neng ngarep omah,Tokone
ibuku yo ora gedhe makane hasile yo ora sepiro
Lha terus, Aku kelas 3 sma lan adhiku kelas 3 smp., ragat yo ora titik mestine, banjur taun
ngarep bebarengan aku mblebu kuliyah lan adhiku mlebu sma, ing ati cilikku ra mentolo yen
mikirne kabeh iki, urung tanggungan lan kurangan e adhiku ing sekolahan seng urung kabeh
pok.
Nanging, aku sadar yen aku mung meneng wae mesti rabakal enek perubahan. Makane aku
coba njajal peluang bisnis online seng tak sawang sawang gedhe peluang e, amergo semakin
kemajuan jaman kabeh iki serba onlen, makane kuiadewe ora manfaatne kesempatan iki lahh.
Ndilalah barengan aku ketemu karo mbak iva, ohiyo urung tak kenalne.. Mbk iva kui
kancakh seng ues kuliah ing salah sawijining inversitas ing surabaya. Bocae ayu, kalem, tur
blater lahh pokok e  ) . Pas kui dee lan aku ra sengojo ketemu ing kantor kecamatan pas aku
rekam ktp lan dee ngurus ktp ne seng dhek mben kae ilang mbuh parane, awale yo mung
ndatuk ngalor ngidul ra karuan terus soyo mrene aku crito yen aku lagi bingung nggolek
peluang bisnis onlen seng pas, aman, lan iso ngasilake duit pastine, kurang liwuhe ngene
lehku takok “mbaak iv, sampean kok ketok modis ngene ki loo malian, larang yoan rek hp ne
mestian, koyone sampean ki isih kuliyah lhah kok iso mbak?”, ojo diguyu emng aku ki terus
terang alias blak blakan dadi uwong hihihi,. Oke lanjut mbak iva njawab “halahh dekk iso ae
lo sampean ki, aku emang isek kuliah dek tapi saiki yo nyambi dodolan online dek,,“, krungu
jawabane mbk iva atiku langsung kemejut rakaruan, temenan iki seng lagi tak golek i gaess..
Terus aku takon “dodolan online mbak? Opo lo seng kok dol kui?” mbak iva njawa”kui lo
dek, Aku dodolan Skincare seng ues kebukti aman amergo aku dewe yo ues njajal nggawe
lueh setaunan iki,. Lha nyapo dek? Sampean pengen melu join opo pie iki?” Wuuhh langsung
tak jawab “behh puengen bgt mbak, jujure aku yo lagi pengen nggolek penghasilan tambahan
ben iso ngurangi beban e wong tuek mbk,, lha tapi aku ra ndue modal seng gedhi lo mbak,
kan sampean yo ngerti dewe lek aku iki mung pelajar biasa, seng amben muleh sekolah
langsung bablas muleh nyang omah.. Pie terusan mbak?”, banjur mbk iva njawab “halahh
modale paketan ge posting lan seng lueh utamane sampean yo kudu njajal produk seng arep
kok jual iki sek, ben awakmu ngerti dewe pie rasane, khasiate terus pas awakmu mengkone
dodolan utowo nawakne marang wong lio kui iso mbedasar ko pengalamanmu dewe dekk,,,
pengen tak jelasne eneh jane iki, tapi sepurane iki lagi kesusu arep slametan e dhek omahku,
ngene wae simpenen nomer WA ku terus engko chat o yo dekk...”.langsung tak jawab wae
“iyoo mbak suwun, engko tak simpen lan tak chat sampean wae”.
Akhire aku lan mbk iva bubaran banjur muleh dewe dewe, pas tekan omah ora lali aku
nyimpen wa ne cae lan chat ben cae ngerti yen iki WA ku. Saka awal kui mau mbk iva akeh
menehi aku kawruh tentang produk lan bisnis seng arep tak lakonj kui mau,, seminggu bar
kui aku moro menyang omahe mbk iva privat sekalian njupuk produk skincare e cae seng
arep tak tuku,
Awale aku ragu mergo selain regane seng ora murah aku yo urung pernah nggae skincare
koyo ngono kui sak duurunge tapi aku yo percoyo yen produk kui mau apik lan okeh
khasiate, makane aku nekat tuku senajan duitku pas pas tok,.. Lanjutt . Pirang wulan sak wise
aku join bisnis skincare kui selain muka ku soyo glowing lan sehat kantong dompetku yo
soyo soyo urep, mbuh soko ngendi asale enek wae seng minat terus tuku produk seng tak
dodoli kui mau, Alhamdulillah saikimu aku iso nggolek pendapatan dewe yo ancen urung
seakeh wong wong seng ues sui join bisnis iki nanging yen diengge mbayar sekolah, biaya
urep lan tuku barang seng tak pengeni yo wes iso kelakon,,
Pitulungan Allah ancen ra ono tandingane, seng penting adewe ikhlas lan ora gampang
nyerah insyaallah mesti oleh berkah..
Berarti saiki karek aku mikir sinau seng tenanan ben kekarebanku iso kelakon sekolah
perawat ing Malang,, pirang pirang sasi sinau lan donga dindonga marang Gusti kang maha
Agung,, Alllhhhaaammmddduuulliiilllaaahhh, akhire aku iso klebu marang sekolah seng tak
impikno kui mau,, sujud syukur langsung tak lakoni naliko aku eruh yen ono jenengku ing
papan penerimaan mahasiswa baru, Alhamdulillah kekarebanku iso kelakon lan ora perlu
bingung mikirne ragat eneh mergo bisnisku yo soyo berkembang lan soyo akeh wong sing
melu koyo aku iki,,
Tapi..., ora urep yen ora ono masalah, masalah anyar teko maneh yoiku mergo jarak omahku
lan panggon sekolahan adoh banget berarti aku kudu ngekost, berarti ibuk kudu dewean neng
omah, soale ayahku seng kerjo ing pabrik mulihe yo seulan pisan ngono wae mung 2-3 dino,
adheku bebarengan mlebu SMA yo panggone ora cedek soko omah tapi isih kenej yen
sepedahan montor tapi ibuk ora tego yen mbendino nduduk sepedaham montor budhal esuk
muleh sore,,
Enek wae yo masalah urep ki .. Tapi panggah iso tak adepi kanthi sabar lan ikhlas mergo
kabeh iki yakin wae mesti enek jalan keluare,, tetep lanjut posting posting skincare ku lan
mbangun jaringan bisnis marang uwong uwong seng sevisi lan semisi karo aku, tetep
berbakhti marang wong tuo lan sekitar, sholat yo ora lali terus tak jogo..
Akhire ibuk lilo yen aku ngekost nanging adek kudu nduduk mergo adek yo mesakne yen
ibuk kudu dewean neng omah,,”yowes rapopo le, sampean oleh nduduk sepedah montoran
tapi kudu seng ngati ati pesen e ibuk “.. Kurang lueh ngono kui omongane ibuk marang adek.,
Sakwise masa liburan entek, berarti uwes wektune aku kudu budhal neng kost lan ngelanjutne
sekolahku, abot banget rasane ninggal ibuk, adek, lan omah seng wes mbendino tak sobo..
Rasane kesendal sendal nyawang, nganti ra kroso eluhku netes sak dowone ndalan, Tapi kudu
tetep semangat lan Pundakku kudu lueh semangat kanggo nerusne lakon urepku.
Lan bener omongane kakak kakak kelasku yen dadi maba utowo mahasiswa baru iku
mbungahne ati temenan e, okeh konco soko daerah adoh lan okeh kating seng keren keren
mestine,, sekolah anyar rasane yo dadi menungso anyar neh..
Konco anyar berarti iso tak manfaatne ugo kanggo ngremboyokne jaringan bisnis skincare ku
berarti,, “sipp iki kesempatanku, kudu tak uber ojo nganti kedisikan uwong pokok e.. “,
Banjur tak wiwiti prospek siji siji konco anyar ku kui maeng,, enek seng gelem terus lanjut
join enek ugo seng ora melu lan enek ugo seng urung kepengen join bisnis e , tapu
Alhamdulillah iso kangge nambah member ku ing bisnis ku iki,,, ra keroso ues ono 6 ulan
utowo sak semestet aku dadi mahasiswi, seng tak rasakne tekan semen yo seneng lan
mbunghne ati mestine. Hhh...
Tapii.,
Kabar lelayu moro moro teko,. Mbak erlis anak e budheku sedo ..bar dikabari ora dadak
nunggu engko, langsung budhal muleh ,dino kui rasane ajurr banget. Ora nyono ora ngiro ,ora
ono anging ora ono udan..wes mugo mugo wae Gusti maringi papan panggonan seng uapik
deneng mbak erlis..Ammiinn
Sakwise ta'ziah mau aku muleh nyang omah disik banjur sesok budhal maneh ing kosan.,,lan
ngelanjutne urep bareng kenangan seng terus ngelingi marang mbak erlis.,
Lan seulan bar kui ,kabar lelayu teko eneh...saikimu Mbak dina. Dukur wedokku seng paling
cedek lan paling ngerteni kabeh kekarebanku dipundut dening Gusti Allah..,
Ora percoyo rasane atiku, mbendino awor lan ngalor ngidul bareng lhah kok saikimu uwes
ora iso bebarengan eneh,,, bungah e atiku deingi langsung ajurr lebur sak kedep ing moto.
Mbiyen yen ono tempat wisat anyar mesti mbak dina ngajak aku dolan rono rene, tapi
saikimu wes ora iso eneh, ra percoyo kadang.. Tapi urep kudu terus mlaku, seng biso tak
lakoni saiki mung berdoa marang Gusti supoyo Almarhumah loro kui dipanggone ing
surgane Allah kang endah lan abadi.
Wess ora usah melu sedih, kabeh iki wes garise Gusti, opo wae ing dunyo pancen mung titip
ane Allah., makane yen sewaktu waktu dipundut yo awak dewe kudu sabar lilo legowo..
Aku terus berjuang sekolah lan nglakoni bisnis ku supoyo aku iso mbahagiakne ayah ibuk lan
adekku..
Ra keroso aku uwes teko ing semester akhir kuliyahku,, lan Alhamdulillah e aku iso lulus
karo predikat Cumlaude.., Alhamdulillah... Gusti pancen mboten sare, sopo seng gelem
berjuang mesti oleh ridhone Allah..,
Saikimu aku uwes lulus lan uwes nglamar kerjo ing salah sawijining rumah sakit gedhe ing
kota ku kene.. Kari nunggu jawaban lan tetep fokus marang bisnis skicare seng uwes sui tak
lakoni,, hasile soyo sui soyo akeh wae olehku bisnis lan saikimu biaya kuliahe adekku yo
alhamdulillah ues dadi tanggunganku.. Seneng banget rasane iso mbantu wong tuo lam
adek...
Lan Alhamdulillah ugo aku saiki ues sah dadi pegawai tetap ing rumah sakit gedhe
kui...saikinu tokone ibuk soyo gedhe lan mulai iso mbukak cabang grosir gedhe, ayah
mandeg soko pabrik lan melu ngembangne toko grosir.. Dadi ayah lan ibuk iso terus
bebarengan ngurus usaha anyar iki..
Bisnisku yo dadi lueh gedhe, malahan saikimu aku yo kereb diundang ing acara acara
motivasi kanggo nyadarne mereka mereka seng butuh cekelan urep utowo motvasi.
Nah. ..
Soko kisahku kui maeng, intine ojo pernah ngresulo utowo nyalahne Gusti yen awakmu
dilairne dadi anak mbarep lan ketepak an wedok pisan.. Mungkin awakmu ora iso milh ing
ngendi awakmu dilairne , sopo ayah ibukmu, kepriye kahananmu.. Tapi ojo lali yen awakmu
diwenehi urep iki mergo Allah percoyo lan yakin awakmu mesti iso nyelesaikne masalah
seng ono..
Tetep berbaik sangka marang Gusti, ngibadah ojo lali , ora ngelarani atine wing tuo, westoo
yakin o mesti urepmu mulyo lan tinoto..
Aku wani ngomong ngene mergo aku ngerti lan tau nglakoni yen Pundak Anak Pambarep
ancen ora entheng, ono ing fase rendah soyo urep yo pernah tak lakoni,, nannging aku aku
ora mandhek karo kahanan.. Aku tetep mlayu ben aku iso nguber nasib dadi lueh apik lan
kepenak..
Suwun kanggo sampean seng wes gelem moco ceritoku kanthi tuntas.,.   

Anda mungkin juga menyukai