Anda di halaman 1dari 2

Drama Musical

Ande-Ande Lumut

Ing sawijining desa ana mbok randha lan kepapat anak-anakke yaiku kleting abang, kleting biru, kleting ijo,
lan kleting kuning. Mbok randha pilih kasih nalika ngramut marang anak-anakke. Kleting abang, kleting biru,
kleting ijo dimanja lan ditrisnani, nanging kleting kuning saben dina dokongkon masak, resik-resik, lan umbah-
umbah.

Mbok randha : kleting abang, kleting biru, kleting ijo reneo nduk ayo tak
jak nang pasar pon!
awakmu pengen tuku opo?
Kleting abang : Aku pengen tuku martabak manis, mbok
Kleting biru : Yen aku pengen tuku HP Apple, mbok
Kleting ijo : Aku tukokno klambi kaya nggone shahrini ae mbok
Mbok randha : Ya wis ayo ndang budal. Kleting kuning kowe ora usah melu.
Nyoh tugasmu umbah-umbah klambi iki…
Intro lagu ibu tiri (Umbah-umbah nang kali)
Kleting kuning : Astagfirulloh, panjenengan sinten?
Widadari : Ora usah wedi aku rabakal nglarani awakmu, justru nulung
awakmu. Iki takwenehi sada, gunakna kanggo kabejikan yo!
Kleting kuning : Inggih, matur nuwun
Intro lagu dengarkanlah :
Mbok randha dadapan : Anakku andhe-andhe lumut, aku pengen kowe ndang duwe
sisihan
Andhe-andhe lumut : Dospundi carane supados enggal angsal mbok?
Mbok randha dadapan : Gawe sayembara ae
Andhe-andhe lumut : Abdiku kekaro umumno sayembara iki ya!
Abdi loro : Woro-woro, andhe-andhe lumut pengen golek sisihan.
Sapa-sapa sing pengen menyango omahe mbok randha!
Mbok randha : Anakku kowe kudu melu sayembara yo nduk!
Kleting abang, k.ijo, : Iyo mbok
k.biru
Mbok randha : Kene tak pacaki ben tambah uayu. Gek ndang budal yo selak
kasep. Mugo-mugo kepilih yo nduk!
Kleting kuning : Mbok kula nggih pengen tumut sayembara
Mbok randha : Kene tak wedaki kembang telekan
Kleting abang : Mbakyu, kaline njeru banget. Mengko lek nyabrang trus
kenter piye?
Yuyu kangkang : Cah ayu-ayu aku gelem ngeterne tapi awakmu kudu
nyenengne aku
Kleting biru : Aku gelem, nyoh tak wenehi apel
Yuyu kangkang : Ayo takterne kabeh cah ayu!
Kleting kuning : Yuyu kangkang aku yo pengen kok sabrangne!
Yuyu kangkang : Emoh aku, ambumu ra enak, guilani jall…
Kleting kuning : Bismillahirrahmanirrahim paringa pitulung
Kleting ijo, kleting biru, : Kula nuwun, mbok randha awake kabeh pengen melu
k.abang sayembara
Mbok randha dadapan : Pie ngger anakku?
Andhe-andhe lumut : Kula mboten puron mbok, lare tigo niku tilase yuyu kangkang
Kleting kuning : Assalamu’alaikum, mbok kula kleting kuning badhe tumut
sayembara
Mbok randha dadapan : Pie ngger anakku?
Andhe-andhe lumut : Kula puron mbok
Abdi kaloro : Alhamdulillah pangeran wis ketemu calone
Kleting abang, k.ijo, : Ealah…tibake andhe-andhe lumut kui pangeran to…
k.biru
Pesan moral Becik ketitik ala ketara

Anda mungkin juga menyukai