Anda di halaman 1dari 6

Drama Bahasa Jawa : ''Ande-ande Lumut''

Skenario Drama
Ande-ande Lumut
Prolog
(Musik 1 : prolog)
Kadadosan ing Negari ingkang gemah ripah loh jinawi , tata tentrem kerta
raharja . wonten salah sawijining pangeran ingkang gesangipun sarwe
kacekapan . pangeran kala wau inggih punika putra mahkota ingkang
bade nglajengake tahta kerajaan .
Ananging pangeran kala wau mboten marem kalih gesangipun ingkang
kacekapan . pangeran kapingin lelono. Nglampahi wono. Pangeran
kepingin madosi jati dirine ugi penggalaman gesang . saking mriku wau
kawiwitan lelampahan gesangipun pangeran ingkang manggihake sisihan
gesangipun inggih punika lare wadon ingkang sae manahipun lan ayu
pasuryane.
Bagian 1 :
(musik 2 : di hutan )

Kalih tiang kaneman mlampah ngelewati wono ingkang rimbun . ningali


kanan keringipun mboten bilih wonten kewan utawi peksi ingkang saget
dipun buru. Kaneman bagus kalihan pandereke. Paneman wau
sakyektosipun inggih punika pangeran ingkang lelono kangge pados jati
dirinipun .
(keterangan: Dua orang berjalan waspada melihat keatas dan kebawah, mencari
binatang buruan)

Pangeran : Jo bejo kowe neng endi? jo. bejo


Bejo : Pangeran. Pangeran. Panjenengan wonten pundi pangeran?.
(keterangan: berjalan mundur. Kemudian bertabrakan bersama, sampai gelimbungan).

Pangeran : aduh kowe kui ati-atio.


Bejo : hehehe.. ngapunten pangeran kula mboten ngertos pangeran
enten wingking kula
Pangeran : rene Jo rene!!!. Aku arep cerita.
Bejo : wonten napa pangeran.
(keterangan: dua orang duduk bersama dan bercerita)

Pangeran : Kok renek kewan dina iki ya?


Bejo : Injih pangeran sepi sanget!!!
(Keterangan : Pangeran dan pengawalnya berdiri, Kaget melihat ada orang di hadapan
mereka)

Pangeran : Siapa kui jo


Bejo : kula mboten ngertos pangeran.
Pangeran : ngapunten bu , kula bade tanglet?
(keterangan: Yang ditanya diam, tidak menjawab, sibuk dengan kayu bakarnya)

Pangeran : Kulanuwun bu.


(keterangan: Pangeran mendekat pada mbok rondo, tiba-tiba mbok rondo kaget melihat
pangeran)

Mbok rondo dadapan : waladalah. Sapa kowe?..


Pangeran : kula penggembara bu ngapunten niki dusun napa?
Mbok rondo dadapan : Iki dusun dadapan le kowe arep ngapa neng
kene??

Pangeran : kula bade menggembara bu ananging kula tersesat mboten


ngertos dalane.
Mbok rondo dadapan : Wah.. yow weskowe melu mbok wae pie le ??tak
dadekne anak angkatku yen kowe gelem.
Pangeran : Wah.. injih bu kulo purun bu..
Mbok rondo dadapan : mulai sekiki kowe dadi anakku.kowe tak jenengke
ande-ande lumut ya le.
(keterangan: Pangeran bersama dengan pengawal dan mbok rondo pergi menuju
rumahnya)
(Musik 3 di hutan < akhir > )

Bagian 2 :
(musik 4 : dirumah keluarga kleting-kleting )

Wonten injang ingkang terang Mbok rondo kleting nyawiji kalihan putriputrinipun. Putri-putri Mbok rondo kleting sanget ayu pasuryane,
piyambake inggih punika kleting merah,kleting hijau ugi salah sak
tunggaling putri tirinipun ingkang nami kleting kuning.
Mbok rondo kleting sanget remen lan tresno kalian putri-putrinipun ,
ananging benten kalian kleting kuning, dados putri tiri piyambake sanget
dibentenake katresnonipun. Kleting kuning didawuhi nyapu,ngresiki griya
lan ugi nyambut dame ling sawah . sanget mrihatinake kleting kuning.
(keterangan: datanglah kleting kuning membawa sapu, menyapu dan mengepel lantai.
Duduk di pojok ruangan. Tak lama datang mbok rondo mengawasi kleting kuning.
Disusul sodaranya kelting merah,dan hijau berjalan menuju mbok rondo)

Mbok rondo Kleting : Anak-anakku sing ayu-ayurene ndug


Kleting-kleting : injih . Mbok
Mbok rondo : ngene ndug ana berita sing penting banget
Kleting merah : Berita apa to mbok (dewasa)
Kleting Hijau : iya mbok enten napa ta??(manja, mendekat sambil memegang
tangan mbok rondo kleting)

Mbok rondo kleting : kowe ngerti ta mbok rondo dadapan kui duwe anak
sing bagus banget, jenenge ande-ande lumut.
Kleting-keleting : Owh ande-ande lumut. Bagus!!!! Wahh gelem no.
Mbok rondo klenting : iyo,, mbok rondo dadapan gawe saembara kanggo
anake ande-ande lumut sing lagi goleki garwo pendampinge
Klenting-klenting : wahh ,,,purun sanget bu.
(keterangan :kleting merah dan hijau bersama bergaya manja, centil)

Mbok rondo kleting : iya mengko mbok arep dandani kowe-kowe gen
dadi putri sing ayu-ayu, sapa ngerti salah sijine kepilih dadi garwone
ande-ande lumut.
Kleting-kleting : Iya mbok.. purun_purun
Kleting merah : wahh mesti aku sing dipilih mengko, kan aku ayu
Kleting hijau : ora iso,,!!mesti aku sing dipilih ande-ande lumut dadi
garwone.
Kleting merah : heh!! Aku kan luwih tua saka kowekudune kowe ngajeni
aku dadi mbakyumu!!!!
Mbok rondo kleting : wes-wes to!! Rasah padu..anak-anake mbok kan ayuayu,,rasah do udur!! Gek neng njero,,siap-siap dowan!!!
Kleting-kleting :injih mbok.
(keterangan: kleting merah,hijau meninggalkan mbok rondo dan masuk kerumah)

Mboten dangu melih , kleting kuning ingkang saking wau mirengake


pirembugan saderekipun , datengi mbok rondo lan dialog.

Kleting Kuning : Mbok kulo bade matur


Mbok rondo kleting : Matur opo.? Apa kowe wes rampung nyapune ?
Kleting kuning : Sampun mbok, ngenten mbok kula inggih kepingin
nglamar dados garwone ande-ande lumut kados mbakyu-mbakyu
klenting.
Mbok rondo kletling : Owh yow wes..rene tak dandani kowe .

(keterangan: mbok rondo memberikan angus dan bau-bau tidak sedap kepada Kleting
kuning)

Mbok rondo Kleting : yow wes sakiki kowe ngumbahi klambi-klambine


mbakyumu karo gone mbok neng kali kono.
(keterangan: Mbok rondo mendorong Kleting kuning dengan kasar)

Kleting kuning : Injih mbok


(keterangan: Kleting kuning meninggalkan mbok rondo dan menuju dapur)

Mbok rondo Kleting : Hahaha muga-muga sing ditrima dadi garwone


ande-ane lumut yaiku salah sijine anak-anakku.. dudu kleting kuning.
(keterangan: mbok rondo kleting tertawa terbahak-bahak, menuju kedalam rumah)

Kleting kuning nampi menapa ing ingkang dipun langkahi kanti sabar
dipun dawuhake mbok rondo kleting ditampa kanti lemah manah .
(musik 5 : dirumah keluarga kleting-kleting )

Bagian : 3

(Musik 6 :perjalanan menuju sungai,, suara ghaib )

Kleting kuning saben dinten nyambut damel ,ngresiki griya,ugi nyambut


damel wonten lading. Mboten karaos sayah lan keluh kesah . sinaos
piyambake dipun damel mboten sae kaliyan mbok rondo klenting. Naming
piyambake ugi Gusti Allah ingkang ngertos sengkowo piyambake .
piyambake ngajengaken Gusti Allah bade maringi ganjaran ingkang sae
kangge piyambakipun.
Kleting Kuning : Duh Gusti ngenten niki geangipun kulamugi-mugi kula
saget nampi kanti lemah manah.
(Musik 7 : suara ghaib )

Suara Ghaib : Hai cah wadon ayu.


Kleting kuning : Siapa kui
Suara Ghaib : Kowe rasah wedi.. aku sifat sae sing ana ing njero awakmu.

Kleting kuning : ameh ngapa kowe?..


Suara Ghaib : Aku arep menehi kowe pusaka terimonen mugo-mugo
pusaka iki keguna karo kowe. Iki jenenge Jimat Kalimosodo. Terimonen cah
ayu.
Kleting kuning : Injih matur nuwun..
(keterangan: Kleting kuning meninggalkan sungai dengan membawa pusaka barunya).
(Musik 8 : suara ghaib )

Bagian : 4

(musik 9 : Yuyu kangkang (awal)

Lan salah sawijining lepen ingkang toyonipun santer , wonten mriku yuyu
kangkang gesang. Piyambake ingkang nguasani lepen menika .
piyambakipun si yuyu kangkang ingkang julik.
(keterangan: Yuyu kangkang sang penjaga sungai sedang mondar-mandir mengawasi
jika ada orang datang).

Yuyu kangkang : Hohohoho. Godong waru ko bolong-bolong bocah ayu


ko moblong-moblong.Sapa kae sing teko??
(keterangan: kemudian datang Kleting Merah dan hijau menuju pinggir sungai)

Kleting merah : Wah kaline banjir

Kleting hijau : Iya mbakyu piye carane awake dewe nyebrang??


Kleting merah : kosek-kosek.kae ono yuyu kang-kang to????
Kleting hijau : Wah iya.. ayo jaluk tulung yuyu kang-kang wae mbakyu..
Kleting merah : Iya .Yuyu kangkang yuyu kangkang
Yuyu kangkang : Hahaha ana apa cah ayu-ayu
Kleting merah : Yuyu kangkang aku jalik tulung kowe.tolong sebrangke
lewat kali iki
Yuyu kangkang : Wahabot banget kui, tapi enek syarate cah ayu.enek
imbalane
Kleting merah : imbalane apa tokon mbayar ngango duit?? Wah kowe
kui mata duitan
Kleting hijau : yow wes lah yen duit gampang.mengko tak bayar..
Yuyu kangkang : dudu duitaku rak doyan. Hahaha
Kleting-kleting : Prett.
Yuyu kangkang : Imbalane yaiku ngango tangamu..
Kleting merah : apa tanganku???ameh bok kapakne??
Yuyu kangkang : ora tak kapak-kapaknemung tak ambung sitik
Kleting hijau : ihhhhh,,,emohh ahh.gilani
Kleting merah : iyo,,apa renek imbalan liyane..??mosok tanganku sing
wangi iki bok ambungi??hiiiii
Yuyu kangkang : yow wes yen wegahyen suwe-suwe mengko imbalance
nambah
(keterangan: kleting merah dan hijau berembug)
Kleting merah : yow wes,,,tapi neng tangan wae,,sedilit tok.
(keterangan: yuyu kangkang menyebrangkan kleting merah. dan hijau bergantian)

Yuyu kangkang : Wah seneng banget aku iso ngambung tangane cah
wadon ayu-ayu..
(keterangan: datanglah kleting kuning akan menyebrang)

Yuyu Kangkang : Hohoho.. apa kui??.. ambune rak enak,,,rupane elek


banget.
Kleting Kuning : Wah kok banjir to??pie carane aku iso nyebrang??
Wah kae enek yuyu kangkang,,yuyu kangkang merene.tolong sebrangne
aku.
Yuyu kangkan : Hahaha aku wegah
Kleting kuning : mengko tak keki duit
Yuyu kangkang : aku wegah wes kono lungo.. ojo rene meneh!!dasar
wung wadon elek
Kleting Kuning : alahkowe kok jahat to Yuyu kangkang
(keterangan: Kleting kuning mengeluarkan biting)

Kleting kuning : Yow wes yen kui karepmu. Aku arep gawe kali iki asat.
Dumadaan lepen menika asat , yuyu kangkang kacilakan lajeng kesah
tebih. Sak lajengipun klenting kuning saget lumampah nyebrang lepen
menuju griya mbok rondo dadapan , griyanipun si ande-ande lumut.
(Musik 10 : Yuyu kangkang mati)

Bagian 5
(Musik 11 : dirumah mbok rondo dadapan (awal) )

Salah sawijining dusun ingkang nami Dadapan , mbok rondo nembe nyapu
griya , wonten ndalem mriku wau si ande-ande lumut nembe ngaji wonten
salah sawijining surau . ngentosi gengantilaning manah ingkang dipun
janjiaken Gusti Allah kangge piyambake.

(keterangan: Mbok rondo sedang menyapu halaman rumah, tiba-tiba datang rombongan
gadis-gadis cantik, kleting merah, biru dan hijau)

Kleting-kleting : Assalamualaikum
Mbok rondo dadapan : Waalaikumsalam, sapa ya
Kleting merah : kula mbokKleting Merah
Kleting Hijau : kula kleting hijau mbok
Mbok rondo dadapan : wah.. ono cah wadon ayu-ayu arep ngopo iki??
Kleting-kleting : Kita arep nglamar Ande-ande lumut mbok
Mbok rondo dadapan : Owh.. arep nglamar ande-ande lumut sek ya
tak omongne ande-ande lumut
(keterangan: mbok rondo menyanyikan lagu)
(Musik 12 : kleting merah)

Mbok rondo dadapan : Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono putri


kang ngunggah-unggahi putrine Ngger sing ayu rupane.. kleting abang
iku kang dadi asmane
Ande-ande Lumut : Duh ibu kulo mboten purun aduh ibu kulo
mboten medun najan ayu sisane si yuyu kangkang.
Mbok rondo dadapan : Wah ora gelem ki nduk.
Kleting hijau : Cobi kulo mbok
(Musik 14 : kleting ijo)

Mbok rondo dadapan : Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono putri


kang ngunggah-unggahi putrine Ngger sing ayu rupane.. kleting ijo iku
kang dadi asmane
Ande-ande Lumut : Duh ibu kulo mboten purun aduh ibu kulo
mboten medun najan ayu sisane si yuyu kangkang.
Mbok rondo dadapan : wah ora glem kabeh kae
(Tidak lama kemudian, datanglah Kleting Kuning, dari kejauhan sudah
tercium bau yang tidak enak, wajahnya coreng moreng karena debu.)
(keterangan : datanglah Kleting Kuning menuju mbok rondo)

Kleting kuning : Assalamualaikum


Mbok rondo dadapan : waalaikumsalam sopo iku ya
Kleting kuning : kula Kleting kuning mbok bade nglamar Ande-ande
lumut.
Mbok rondo dadapan : Opo.. arep nglamar anakku??? Ora salah to
Kleting merah : La iyo rupamu elek ambumu rak enak.aku wae sing ayu
ditolak kok sansoyo kowe??
Kleting Kuning : Di coba disik mbok
(Musik 15 : kleting Kuning)

Mbok rondo dadapan : Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono putri


kang ngunggah-unggahi putrine kang olo rupane.. kleting kuning iku
kang dadi asmane
Ande-ande Lumut : Aduh ibu kulo inggih purun dalem putro inggih
bade medun, najan olo meniko kang putro suwun.
Mbok rondo dadapan : Lo apa rasalah kowe le tole??
Ande-ande Lumut : mboten bu niki sampun dadi pilihane kula
(keterangan ; kleting-kleting kusak-kusuk)

Mbok rondo dadapan : Owh.. yen kui pilihanmu karepmu le..ibu manut
wae.
Ande-ande lumut : Ibu.. kula bade ngomong jujur setunggal hal
Mok rondo dadapan : Apa kui???

Ande-ande lumut : Ibu sak jane iki kulo iku pangeran ingkang
menggembara golek penggalaman urip.
Mbok rondo dadapan : Apa pangeran???
Kleting-kleting : haa!!!!???? Pangeran???
(keterangan; kleting-kleting pingsan)

Pungkasane klenting kuning dados sisishanipun ande-ande lumut


,pasuryanipun ingkang awon ugi mambet dumadakake dados putrid
ingkang ayu , sejatosipun piyambake inggih punika Putri Sekartaji . Lan
ande-ande lumut sakmeniko dados Raja ngetosi kerajaan Ramanipun .
pangeran ugi klenting kuning ,gesang slaras saklawase.
(Musik 16 : penutup )
Selesai

Anda mungkin juga menyukai