Anda di halaman 1dari 5

Skenario Drama

“Ande-ande Lumut”
Prolog
(Musik 1 : prolog)
Minangka negara makmur, akeh wong sing tentrem. Ana siji pangeran sing uripe kaya banget. Pangeran
iku mbiyene putra mahkota sing repan ngantikna takhta kerajaan. Nanging pangeran ora prngin takhta,
pangeran pengin lunga ngentekna wektu kanggo nemoni jatidiri lan rentang uripe. Saking perjalanan sing
ke siji, pangeran nemukake sisa uripe yaiku eong wadon sing ayu rupane lan atine.

Bagian 1 :
(musik 2 : di hutan )
Ing sawijining dina, pangeran mengembara karo pengawale ing alas. Pangeran mlaku nglewati semak semak kang
subur, nanging barang nglinguk kanan kiwa mboten ana kewan utawi hama sing bisa diburu. Pangeran keder
amarga ora ngerti dalan ing alas iki.

(keterangan: Dua orang berjalan waspada melihat keatas dan kebawah, mencari binatang buruan)

Pangeran : Jo… bejo… kowe neng endi? jo…. bejo…


Bejo : Pangeran…. Pangeran…. Panjenengan wonten pundi pangeran?….
(keterangan: berjalan mundur…. Kemudian bertabrakan bersama, sampai pangeran terjatuh).

Pangeran : aduh…sirahku lara….


(Keterangan : mengusap bokongnya)

Bejo : hehehe.. ngapunten pangeran,kuwi gudu sirah tapi bokong.


(Keterangan : sambil menujuk bokong pangeran yang diusap usap)

Pangeran : eh iya jo, sory sory


(Keterangan : bangun sambil mengusap pakaian yang kotor)
Pangeran :rene jo rene!!!…. Aku arep cerita.
(Keterangan : Duduk di bawah pohon)

Bejo : wonten napa pangeran….


(keterangan: dua orang duduk bersama dan bercerita)

Pangeran : Kok neng kene laka kewan ya?


Bejo : Injih pangeran sepi banget…kaya kuburan!!!
(Keterangan : Pangeran dan pengawalnya berdiri, Kaget melihat ada orang di hadapan mereka)

Pangeran : Siapa kui jo?kok kayak nenek gayung jo…


Bejo : kula ora ngerti pangeran, tapi laka gayunge kok pangeran.
Pangeran : ngapunten bu , kula bade takon?
(keterangan: Yang ditanya diam, tidak menjawab, sibuk dengan kayu bakarnya)

Pangeran : Kulanuwun… bu….bu..bu... Budeg ya bu


(keterangan: Pangeran mendekat pada mbok rondo, tiba-tiba mbok rondo kaget melihat pangeran)

Mbok rondo dadapan : waladalah… Sopo kowe sopo?..


Pangeran : kula penggembara bu… ngapunten niki dusun napa?
Mbok rondo dadapan : Iki dusun dadapan le… kowe arep ngapa neng kene??
Pangeran : kula bade menggembara bu… ananging kula tersesat ora ngerti dalane.
Mbok rondo dadapan : Wah.. yow wes…yowes kowe melu mbok wae pie le ??tak dadekne anak angkatku yen kowe
gelem.
Pangeran : Wah.. injih bu kula setuju..
Bejo. : lah aku piye bu?
Mbok rondo dadapan : moh koee elek, aja dadi anakku la,kowe ngintil bae.
Pangeran : ibu ary ngomong !snenge lah bener.

Mbok rondo dadapan :yowes,mulai sekiki kowe dadi anakku.kowe tak jenengke ande-ande lumut ya le.
(keterangan: Pangeran bersama dengan pengawal dan mbok rondo pergi menuju rumahnya)

(Musik 3 di hutan < akhir > )


Bagian 2 :
(musik 4 : dirumah keluarga kleting-kleting )
Ana ing umahe klinting klinting, ibune klinting nimbali putri putrine sing parasase ayu ayu banget arane klenting
merah, klenting hijau, lan salah siji putri tirine arane klenting kuning.ibu klenting sanget remen lan tresna marang
putrine, nanging ora karo klenting kuning, klenting kuning sering disiksa,lan ngurusi urusan umah lan sawah.

(keterangan: datanglah kleting kuning membawa sapu, menyapu dan mengepel lantai. Duduk di pojok ruangan. Tak
lama datan ibu klinting mengawasi kleting kuning. Disusul sodaranya kelting merah,dan hijau berjalan menuju ibu
klinting)
Ibu Kleting : Anak-anakku sing ayu-ayune laka laka…rene ndug
Kleting-kleting : injih . Mboke…
Ibu klinting : ngene ndug ana berita sing penting banget banget nemen…
Kleting merah : Berita apa to mbok… (dewasa)
Kleting Hijau : iya mbok enten napa ta??(manja, mendekat sambil memegang tangan mbok rondo kleting)

Ibu kleting : kowe ngerti ta… mbok rondo dadapan kui duwe anak sing bagus banget, jenenge ande-ande lumut.
Kleting-keleting : Owh… ande-ande lumut sing kabare rupane gagah bamget...Wahh gelem aku mbok…
.ibu klenting : iyo,, mbok rondo dadapan gawe saembara kanggo anake ande-ande lumut sing lagi goleki
pendamping urip…
Klenting-klenting : wahh ,,ora nolak aku mbok.
(keterangan :kleting merah dan hijau bersama bergaya manja, centil)

Ibu kleting : iya… mengko mbok arep dandani kowe-kowe gen dadi putri sing ayu-ayu, sapa ngerti salah sijine
kepilih dadi garwone ande-ande lumut.
Kleting-kleting : Iya mbok…
Kleting merah : wahh mesti aku sing dipilih, kan aku ayune ws kaya selena goes…
Kleting hijau : ora iso,selena goes sing endi,!!mesti aku sing dipilih ande-ande lumut dadi garwane
Kleting merah : heh!! Aku kan luwih tua saka kowe…kudune kowe ngajeni aku dadi mbakyumu…!!!!
Ibu kleting : wes-wes to!! Rasah sayang sayangan..!!mana mlebu njero,,siap-siap dandan!!!
Klenting klenting : tukaran mbok gudu sayang sayangan
Ibu klentik : iyows sakarepmu,mana mlebu.
Kleting-kleting :injih mbok….
(keterangan: kleting merah,hijau meninggalkan mbok rondo dan masuk kerumah)

Neng mburine tembok,klenting kuning ora sengaja ngrongokna omongane ibu lan sodara sodarane,klinting kuning
marani maring ibune lan ngomong.

Kleting Kuning : Mbok… kulo pan ngomong…


Mbok rondo kleting :ngomong opo….opo? Apa kowe wes rampung nyapune ?
Kleting kuning : Sampun mbok…, mbok... kula inggih kepingin nglamar dadi garwane ande ande lumut
Ibu kletling : Owh yow wes..mene tak dandani kowe .
(keterangan: mbok rondo memberikan angus dan bau-bau tidak sedap kepada Kleting kuning)

Ibu Kleting : yow wes sakiki kowe ngumbahi klambi-klambine mbakyumu karo gone mbok neng kali kono.
(keterangan: Mbok rondo mendorong Kleting kuning dengan kasar)

Kleting kuning : Injih mbok…


(keterangan: Kleting kuning meninggalkan mbok rondo dan menuju dapur)

Ibu Kleting : Hahaha… muga-muga sing ditrima dadi garwone ande-ane lumut yaiku salah sijine anak-anakku..
dudu kleting kuning.
(keterangan: mbok rondo kleting tertawa terbahak-bahak, menuju kedalam rumah)

(musik 5 : dirumah keluarga kleting-kleting )

Bagian : 3
(Musik 6 :perjalanan menuju sungai,, suara ghaib )
Kleting kuning saben dina nyambut gawe,ngresiki umah,nyambut gawe wonten sungai.tqpi klenting kuning ora
pernah ngeluh.klenting kuning percaya yen perbuatan iku bakal dibales gusti Allah.

Kleting Kuning : Duh… Gusti nganti saiki kesabaran kula tetep ana, gadikna aku cah apik ya gusfi...

(Musik 7 : suara ghaib )

Suara Ghaib : Hai… cah wadon ayu.


Kleting kuning : sopa kui?maling yo?…
Suara Ghaib : sembarangan! Kowe rasah wedi.. aku sifat sae sing ana ing njero awakmu. …
Kleting kuning : arep ngapa kowe?..
Suara Ghaib : Aku arep menehi kowe pusaka… terimonen … mugo-mugo pusaka iki keguna karo kowe. Iki jenenge
Jimat Kalimosodo. Terimonen cah ayu.
Kleting kuning : Injih matur nuwun..
(keterangan: Kleting kuning meninggalkan sungai dengan membawa pusaka barunya).
(Musik 8 : suara ghaib )

Bagian : 4
(musik 9 : Yuyu kangkang (awal)
siji sijine dalan sing kango aring umahe mbok rondo yaiku sungai, nanging ing sungai kuwi wonten yuyu kangkan
sing senenge njagani dalan sungai lan nggodani wong wadon.

(keterangan: Yuyu kangkang sang penjaga sungai sedang mondar-mandir mengawasi jika ada orang datang).
Yuyu kangkang : Hohohoho…. Godong waru ko bolong-bolong… bocah ayu ko moblong-moblong….Sapa kae sing
teko??
(keterangan: kemudian datang Kleting Merah dan hijau menuju pinggir sungai)

Kleting merah : Wah… kaline banjir…


Kleting hijau : Iya mbakyu… piye carane awake dewe nyebrang??
Kleting merah : kosek-kosek…….kae ono yuyu kang-kang to????
Kleting hijau : Wah… iya.. ayo jaluk tulung yuyu kang-kang wae mbakyu..
Kleting merah : Iya ……….Yuyu kangkang… yuyu kangkang…
Yuyu kangkang : Hahaha… ana apa cah ayu-ayu…
Kleting merah : Yuyu kangkang… aku jalik tulung kowe….tolong sebrangke lewat kali iki…
Yuyu kangkang : Wah…abot banget kui, tapi enek syarate cah ayu….enek imbalane
Kleting merah : imbalane apa to…kon mbayar ngango duit?? Wah kowe kui mata duitan…
Kleting hijau : yow wes lah yen duit gampang….mengko tak bayar..
Yuyu kangkang : dudu duit…aku rak doyan…. Hahaha
Kleting-kleting : Prett….
Yuyu kangkang : Imbalane yaiku ngango tangamu..
Kleting merah : apa tanganku??pan dikapakne??
Yuyu kangkang : ora tak kapak-kapakne…mung tak ambung sitik…
Kleting hijau : iuhhhhh,,,emohh ahh….gilani…
Kleting merah : iyo,,apa ana imbalan liyane..??mosok tanganku sing wangi iki bok ambungi??hiiiii
Yuyu kangkang : yow wes yen wegah…yen suwe-suwe mengko imbalance nambah…
(keterangan: kleting merah dan hijau berembug)tapi neng tangan wae,,sitik tok ya….
(keterangan: yuyu kangkang menyebrangkan kleting merah. dan hijau bergantian)

Yuyu kangkang : Wah… seneng banget aku iso ngambung tangane cah wadon ayu-ayu..
(keterangan: datanglah kleting kuning akan menyebrang)

Yuyu Kangkang : Hohoho.. apa kui??.. ambune rak enak,,,rupane elek banget.
Kleting Kuning : Wah… kok banjir to??pie carane aku iso nyebrang??Wah kae enek yuyu kangkang,,yuyu kangkang
merene.tolong sebrangne aku.
Yuyu kangkan : Hahaha… aku emoh
Kleting kuning : mengko tak nyain duit…
Yuyu kangkang : aku ora mata duitan… wes mana lungo.. ojo mene mene!!dasar wong wadon elek
Kleting Kuning : alah…kowe kok jahat to Yuyu kangkang…
(keterangan: Kleting kuning mengeluarkan biting)

Kleting kuning : Yow wes yen kui karepmu. Aku arep gawe kali iki sat.

Sawise sungai gadi sat, yuyu kangkang kejet kejet amarga laka banyu.sawise disatna klenting kuning nyebrang
nganggo pusaka maulan gagiyan mlaku aring umahe mbok rondo dadapan, umahe si ande ande lumut
(Musik 10 : Yuyu kangkang mati)

Bagian 5
(Musik 11 : dirumah mbok rondo dadapan (awal) )
Salah sawijining dusun sing diarani Dadapan , mbok rondo nembe nyapu umah , wonten ndalem mriku wau si ande-
ande lumut nembe ngaji wonten salah sawijining surau . Ndonga eben dinyain wadon sing apik atine marang gusti
allah
(keterangan: Mbok rondo sedang menyapu halaman rumah, tiba-tiba datang rombongan gadis-gadis cantik, kleting
merah, biru dan hijau)

Kleting-kleting : Assalamu’alaikum…
Mbok rondo dadapan : Wa’alaikumsalam, sapa ya…
Kleting merah : kula mbok…Kleting Merah
Kleting Hijau : kula kleting hijau mbok…
Mbok rondo dadapan : wah.. ono cah wadon ayu-ayu arep ngopo iki??
Kleting-kleting : Kita arep nglamar Ande-ande lumut mbok…
Mbok rondo dadapan : Owh.. arep nglamar ande-ande lumut… sek ya… tak omongne ande-ande lumut…
(keterangan: mbok rondo menyanyikan lagu)
(Musik 12 : kleting merah)
Mbok rondo dadapan : Putraku si ande-ande lumut.. temuruno mne, iki ana sing nglamar… putrine Ngger sing ayu
rupane.. kleting abang iku kang dadi asmane…
Ande-ande Lumut : Duh ibu… kulo ora iso… najan ayu sisane si yuyu kangkang.
Mbok rondo dadapan : Wah… ora gelem ki nduk….
Kleting hijau : Coba kulo mbok…

(Musik 14 : kleting ijo)


Mbok rondo dadapan : Putraku si ande-ande lumut.. temuruno mene ana sing arep nglamar… putrine Ngger sing ayu
rupane.. kleting ijo iku kang dadi asmane…
Ande-ande Lumut : Duh ibu… kulo ora iso… aduh ibu … kulo ora doyan sisa… najan ayu sisane si yuyu kangkang.
Mbok rondo dadapan : wah… ora glem kabeh kae…

(Tidak lama kemudian, datanglah Kleting Kuning, dari kejauhan sudah tercium bau yang tidak enak, wajahnya
coreng moreng karena debu.)

(keterangan : datanglah Kleting Kuning menuju mbok rondo)

Kleting kuning : Assalamu’alaikum…


Mbok rondo dadapan : wa’alaikumsalam… sopo iku ya…
Kleting kuning : kula Kleting kuning mbok… bade nglamar Ande-ande lumut.
Mbok rondo dadapan : Opo.. arep nglamar anakku??? Ora salah to…
Kleting merah : La iyo… rupamu elek ambumu rak enak.aku wae sing ayu ditolak apa maning kowe??
Kleting Kuning : Di coba disik mbok…

(Musik 15 : kleting Kuning)


Mbok rondo dadapan : Putraku si ande-ande lumut.. temuruno mne ,ana sing arep nglamar... putri sing apik unggah-
unggahe… putrine kang jelek rupane.. kleting kuning iku kang dadi asmane…
Ande-ande Lumut :nggih ibu… kulo gelem… dalem putro ibu inggih bade nrima.
Mbok rondo dadapan : Lo… apa rasalah kowe le tole??
Ande-ande Lumut : mboten bu niki sampun dadi pilihane kula

(keterangan ; kleting-kleting kusak-kusuk)


Mbok rondo dadapan : Owh.. yen kui pilihanmu karepmu le..ibu manut wae.
Ande-ande lumut : Ibu.. kula bade ngomong jujur setunggal hal
Mok rondo dadapan : Apa kui???
Ande-ande lumut : Ibu…sebenere....sebenere...
Mbok rondo :apa si,ojo nggawe kepo.
Pangeran : sabarbu,sebenere kulo iku pangeran ingkang menggembara golek penggalaman urip.
Mbok rondo dadapan : Apa… pangeran…???
Kleting-kleting : haa!!!!……???? Pangeran…???

(keterangan; kleting-kleting pingsan)

Akhire klenting kuning dadi garwane ande ande lumut,sawise diadusi lan bersihi, klenting kuninv dadi
putri sing ayu banget, srjatine aran aslinipun klrnting kuning yaiku putri sekartaji, lan ande ande lumut
saiki dadi raja kerajaan ramane. Pangeran ugi klenting kuning, urip seneng salawase
(Musik 16 : penutup )
Selesai

Anda mungkin juga menyukai