Anda di halaman 1dari 2

Werkudara

Werkudara iku putrane Prabu Pandhu Dewanata lan Dewi Kunthi sing
angka Toro.Werkudara iku titisane Bathara Bayu.Awit putra panenggaking
Pandhawa.Sesebut liyane Bratasena ,Bimasena,Haryasena,Bay-usiwi,Jagal
Abilawa,Kusumadilaga,Jayalaga.Kastriyane ing Jodhipati utawa tunggul
Pamenang.Garwane telu aran Dewi Arimbi,Nagagini,lan Dewi Urangayu.Karo
Dewi Naganigi,peputra Raden Antareja.Karo Dewi Arimbi,peputra Raden
Ghatutkaca.Karo Dewi Urangayu,peputra Raden Antasena.

Raden Werkudara duweni pusaka aran Kuku Pancanaka,Gada Lambita


muka.Aji-ajine Bandung Bandawasa,Ungkal Bener.Blabag Pengantol-antol,Bayu
Bajra.Kacarita laire Bratasena.Nalika bayi lair wujud bungkus.Kabeh gegaman
ora tumama.Kang bisa mbedhah bungkus mung Gajah Sena.Bareng wes
dibedhah,bayi diidak-idak,ditlale,digadhing malah saya gedhe.Gajah Sena
ditamani kuku Pancanaka,mati sanalika.Sukmane nyawiji karo Bratasena.

Bratasena utawa Werkudara iku ora bisa basa marang sapa wae.Dadi
yen micara tansah ngoko.Sing dibasmimung Sanghyang Wenang lan Dewa
Ruci.Sanajan mangkono Werkudara duwe watak setya tuhu marang guru,bekti
marang ibu,teguh ing janji,bela bebener,mbrastha angkara,dhemen
tetulung,tresno marang kadang,adil.Watak setya marang guru,dituduhake
nalika dheweke diutus dening guru Pandhita Durnagoleh banyu Perwitasari ing
tengah alas ing telenging segara.Kang sejatine Werkudara dialap
patine,dijlomprongake.Nanging amarga setya bekti marang guru.Werkudara
malah antuk nugraha,bisa ketemu marang guru sejati(Dewi Ruci),kang
mahanani Werkudara bisa pinter tanpa guru maneh.Tandha bektine marang
ibune dibuktekake,kanthi merjaya Dursasana,getihe kanggo jamas rikmane
kunthi lan sirahe kanggo keset dening Dewi Kunthi(wacanen Dursasana).

Tresna marang kadang,kabeh kadange tansah di bela lamun nuhohi


bebener.Nanging yen luput,sanadyanta anake dhewe bakal diajar,kaya nalika
Gathutkaca maling Pregiwa.Jebule Gathutkaca mung dipaeka sebab sing
maling Gathutkaca palsu.Dhemen tetulung upamane nulungi Ratu
Wiratha(wacanen:Matswapati).Ing perang Bratayuda,Werkudara dadi agul-
aguling Pandhawa.Werkudara kang bisa mateni Duryudana.Sawise perang
Bhatarayuda,Parikesit wis jumeneng nata,bebarengan marang sedulur
Pandhawa liyane,ninggalake praja.Werkudara tiwas sumusul
Sadewa,Nakula,lan Harjuna.Werkudara tiwas angka papat amarga nalika uripe
seneng mangan,rada kasar,lan ora bisa basa.

Nama :Ayik Aminarti

Kelas :7A

NO.A bsen:03

SEKOLAH

Anda mungkin juga menyukai