Anda di halaman 1dari 1

s engkuni utawa Sakuni iku patih ing Ngastina.

Sengkuni putrane Prabu Kiswara/Suwala/ Suprala.


Sedulure ana papat, yaiku Prabu Gandara, Dewi
Gendari, Harya Sarabasata, Harya Gajaksa. Sesebutan
liyane kajaba Sengkuni, Harya Suman, Trigantalpati,
Suwalaputra. Sengkuni mapan ing Plasajenar. Gar-
wane Sengkuni nama Dewi Sukesti. Peputra Arya
Antisura, Arya Surabasah, Ian Dewi Antiwati. Dewi Antiwati dadi garwane Patih Udawa,
pepatih ing Dwarawati.

Miturut carita, Sengkuni iku panjalmane Bathara Dwapara, dewa pangrusak, mungsuhe
kautaman. Mula sengkuni iku watake culika, licik, drengki, srei, murang tata, waton sulaya, Ian
seneng laku cidra. Jaman enome Sengkuni aran Trigantalpati, satriya sing bagus. Wujude dadi
elek, cangkeme mewek, marga disuwek¬suwek dening Patih Gandamana. Wektu samana padha-
padha suwita ing Ngastina. Sengkuni kepengin dadi patih. Patih Gandamana, patihe Prabu
Pandhu, dipaeka (dipitenah) dening Sengkuni. Gandamana ing jeblungake sumur, dikrutuk
gegaman Ian watu, banjur diurugi. Gandamana ora mati, males lava marang Sengkuni, banjur
dijuwing-juwing kuwandhane.

Nalika Dewi Gendari dadi prameswarine Prabu Dhestarata, Sengkuni dadi patihe. Kalungguhane
patih langgeng nganti jumenenge Prabu Duryudana (putrane Dhestarata karo Gendari). Kanthi
rekadayane Sengkuni, Kurawa tansah kepengin nyimakake Pandhawa.

Ing Bharatayuda, kabeh senapati wis gugur (Bhisma, Karna, Durna, Salya), Duryudana bingung,
nggetuni lelakone mung amarga kena pambujuke patihe ya Sengkuni. Sengkuni maju perang,
nglepasake panah dadi ula maewu-ewu. Akeh para prajurit Pandhawa mati kacokot ula. Janaka
mateg aji maruta, angin tumiyup nyingkirake ula-ula mau. Sengkuni pancen sekti, ora empan
kabeh sanjata. Janaka kalah. Wrekudara bingung kabeh kadigdayane, aji-ajine ora bisa mateni
Sengkuni.

Kresna minangka titising Wisnu mangerti apa sebabe. Kabeh awake Sengkuni tau dilaburi lenga
tala mula ora empan senjata. Dena sing ora kelaburan mung papan buwangane. Sawise mangerti
pengapesane, Werkudara enggal nyandhak Sengkuni, diwalik awake, dalan buwangane disuwek
nganggo kuku Pancanaka. Sengkuni mati sanalika.

Anda mungkin juga menyukai