Anda di halaman 1dari 7

SADEWA

Raden Sadewa (Sahadewa) putrane Prabu Pandhu lan Dewi Madrim. Satriya wuragile
Pandhawa. Kembarane Raden Sadewa asmane Raden Nakula. Wujude Nakula lan Sadewa
kembar, kembar rupa, swara, lan busana.

Nalika timure, Raden Sadewa kekasih Raden Tangsen, kasatriyane Sadewa ing Baweratalun
(Bumiretawu).

Sedulure beda ibu ana telu, yaiku : 1. Prabu Puntadewa, 2. Raden Wrekudara, 3. Raden
Janaka. Puntadewa, Wrekudara, Janaka, Nakula, lan Sadewa, sinebut kadang Pandhawa, saka
tembung linggane Pandhu lan hawa tegese putra Pandhu.

Raden Sadewa titising bhatara Aswin, dewa tabib. Wiwit cilik


digulawenthah dening Dewi Kunthi. Wujude Raden Sadewa
satriya bagus, mbranyak pasemone. Watake jujur lan bekti marang
sedulur tuwa.

Ing lakon Babad Alas Mretani, Raden Tangsen bisa


ngasorake yudane Jim Sadewa (riwayat liya sinebut Ditya
Sapulebu), satemah Jim Sadewa mau masrahake
kasatriyane, yaiku Baweratalun lan paring Aji
Pramanajati kang dayane bisa ngerti sadurunge
winarah.

Kanthi dayane Aji Pramanajati, Raden Sadewa bisa


mbatang sayembara cangkriman sejatining lanang, sejatining wadon. Banjur didhaupake
klawan Dewi Srengginiwati, putrane Prabu Bhadawanganala, ratu ing gisik samudra.
Sabanjure peputra Sidapeksa.

Ing lakon Sudamala, Raden Sadewa sing ragane kapanjingan Bathara Guru, bisa ngruwat
Bathari Durga. Sang Bathari banget panarimane marang Raden Sadewa. Dening Sang Bethari
Raden Sadewa pinaringan asma Sudamala tegese ngresikake rereged. Sarta kadhawuhan
nggarwa Dewi Padapa, anake Begawan Tambrapetra ing padhepokan Prangalas

SRIKANDI
Dewi wara srikandi yaiku putri prabu drupada neng cempalareja. Wayah remaja
putri dheweke ngguru manah nang raden
arjuna. Bacut terus dheweke neng
jupuk bojo saka arjuna. Asal nguga
srikandi ngguru manah nang arjuna.
Wayah pengantin arjuna karo dewi wara sumbadra,
srikandi teka ndeleng, dheweke delok
panggawe menyang-2 pengantin
kuwi, kegereta srikandi pingin dadi
manten. Nang siji dina srikandi delok arjuna manah sing diwulangna nang rarasati, gundik
sang arjuna, srikandi bacut terus teka ngguru manah nang rarasati. Ning sayekti kekarepan
kuwi mung kanggo lantaran wae, ben bisa ketemu karo arjuna. Panggawe srikandi sing
mangkanaa iki dadekne murka dewi drupadi, permaisuri prabu puntadewa, kakang wedok
srikandi didelok menawa panggawe srikandi kuwi ora becik. Dewi wara srikandi dhisik
dijambe saka raja prabu jungkungmardea neng negeri parangkubarja, nganti ramanda dewi
wara srikandi prabu drupada tergiur tampa jamben kuwi, ning dewi wara srikandi bacut terus
nggugat nang raden arjuna, dibelalah srikandi saka arjuna mawa jungkungmardea dipateni
saka arjuna. Sakwise kuwi srikandi diperisteri saka arjuna karo kebiyasan kegedhen karo
kawinan putera mawa puteri. Aten-aten srikandi dadi aten-aten lanang, dhemen nang
peperangan, diamargakne kuwi dheweke dipangarah puteri prajurit. Nganti periode wektu iki,
wedok-wedok sing wani mbabagan mubarang hal sing ora becik, luwih-luwih sing babagan
bangsa indonesia dipangarah srikandi. Srikandi sawong puteri panjaga keamanan negeri
madukara, yaiku negeri arjuna. Tembungan-tembungan srikandi enak dirungune lan kebak
karo eseman. Wayah dheweke nesu ora kedelok kenesone kuwi, parandene nekakake wedi
nang sapa uga. Srikandi sawong puteri sing seneng nesu, ning keneson kuwi lekas reda.
Sinyal menawa dheweke tengah nesu, merujaklah dheweke mawa dipangan

sembari ngomong atos ora berkeputusan. Nek banget nesu, ana sinyal memecah barang
barang pecah sigar, kabeh manuk perkutut kenduwen arjuna diucul-uculake. Nang wektu
srikandi tengah nesu iki, bisa digambarke nang ukara dalang, sing gampang nggumuyokake
pandeleng. Dijero perang baratayudha srikandi diangkat bacut terus panglima perang
mungsuh bisma., panglima perang kurawa, nganti bisma tewas sakane, Srikandi sawong
puteri perwira sing sanuli melindungi kebekten bojo, neng periode safe mawa neng periode
perang. Jebulnaa menawa dewi srikandi sawong puteri prajurit, ora mung perang nang
rutinitas perang, nuli neng nglan perang baratayudha berperang uga dadi prajurit perwira.
Sakwise baratayudha srikandi tewas saka aswatama, anak durna, gulune dipenggal wayah
dheweke tengah turu nyenyak
NAKULA
Raden Nakula putrane Prabu Pandhu lan Dewi Madrim. Satriya sumendhining Pandhawa
(kakang ragil). Kagungan rayi siji tunggal rama ibu, kekasihe Raden Sadewa. Wujude Nakula
lan Sadewa, kembar. Kembar rupa, swara, lan busana. Nalika timure, Raden Nakula kekasih
Raden Pinten, dene Raden Sadewa kekasih Raden Tangsen. Kasatriyane Raden Nakula ing
Sawojajar. Sedulure beda ibu ana telu, yaiku : 1. Prabu Puntadewa, 2. Raden Wrekudara, 3.
Raden Janaka. Puntadewa, Wrekudara, Janaka, Nakula, lan Sadewa, sinebut kadang
Pandhawa, saka tembung linggane Pandhu lan hawa tegese putra Pandhu. Manut layang
Purwacarita, garwane Raden Nakula sesilih Dewi Srengganawati, putrane Sang Hyang
Badhawanganala. Karo Dewi Srengganawati iki, Raden Nakula peputra siji sesilih Dewi Sri
Tanjung. Manut layang Pustaja Raja, garwane Raden Nakula sesilih Dewi Suyati, putrane
Prabu Kridhakerata, ratu ing Awuawulangit. Nakula klakon nggarwa Dewi Suyati sawise bisa
ngalahake Indrakesata. Karo Dewi Suyati iki, Raden Nakula peputra loro, yaiku: Raden
Pramusinta lan Dewi Pramuwati.
Wujude Raden Nakula satriya bagus, mbranyak pasemone. Watake jujur lan bekti marang
sedulur tuwa. Ngarepake pungkase perang Bharatayuda, Raden Nakula lan Sadewa disraya
dening Prabu Kresna supaya sowan ing ngarsane Prabu salya (uwake / pakdhene) kanthi
ngliga keris, pasrah pati urip. Dhawuh iki ditindakake, satemah Prabu Salya mblakakake isen
isening atine lan nyuwun tandhing mungsuh Prabu Puntadewa. Satemah dadi srana
menange Bharatayuda tumrap Pandhawa. Nakula iku sawijining paraga Mahabharata. Nakula
artine bisa nguwasabi awake dhewe. Ing pedhalangan, nalika isih enom Nakula nganggo
jeneng Pinten. Pinten iku sejatine jeneng tanduran kang godhonge bisa kanggo obat. Kaya
jenenge, Nakula lantip ing obat-obatan amarga tinitisan Batara Aswi , dewane tabib. Satriya
iki salah sijine Pandhawa lan nduwe kembaran kang jenenge Sadewa. Beda karo Yudhistira,
Werkudara, lan Janaka, Nakula lan Sadewa iki lair seka Dewi Madrim. Nalika Pandhu
palastra, Dewi Madrim bela pati lan kembar iki lair seka wetenge kang suwek dening keris.
Raden Nakula kuwi satriya kembar kemanikan. Sedulur kembare aran Raden Sadewa iya
Sahadewa. Sekarone putrane nata ing Astina, Prabu Pandhudewanata, lan mijil saka garwa
Dewi Madrim, kadang enome Raden narasoma iya Prabu Salya nata ing Mandaraka.Ing
Mahabharata, Nakula artine bisa nguwasabi awake dhewe. Ing pedhalangan, nalika isih
padha cilik-cilik, Nakula kuwi arane Pinten, lan kembarane Sadewa aran Tangsen. Pinten iku
sejatine jeneng tandhuran kanmg godhonge bisa kanggo obat, Kaya jenenge, Nakula lan
sadewa lantip ing babagan obat-obatan amraga satriya sakloron kuwi titise dewa kembar,
Bathara Aswan lan Aswin, dewane tabib. Satriya sakembaran iku klebu sedulur nunggal rama
seje ibu yen karo Prabu Puntadewa, Werkudara lan Arjuna. Lan satriya lima kasebut kawentar
kanthi aran Pandhawa. Kekarone setya lan bekti banget marang para kadhang sepuhe,
senadyan seje ibu. Prabu Puntadewa, Werkudara, lan Arjuna mijil saka ibu Dewi Kunthi.
Nalika dumadine perang baratayuda, Prabu salya melu Kurawa. Siji mbaka siji senopati
Kurawa padha gugur. Nganthi Prabu Salya piyambak sabanjure nyarirani pribadi dadi
senopati agung. Jalaran Prabu salya iku iya isih marasepuhe Prabu
Duryudana, nata Astina. Nalika mireng yen kang madeg senopati
agung Prabu salya, para Pandhawa padha bingung. nanging
botohe Pandhawa sing sugih pratikel, Prabu Kresna banjur
dhawuh marang Nakula lan Sadewa supaya marak ing ngarsane
Prabu salya, api-api nyuwun dipateni wae. Mesthi wae Prabu
Salya ora mentala mateni perunane kuwi. Malah banjur atine
rumangsa keranta-ranta merga kelingan amarng adhine
(Dewi Madrimm) kang wis sedha bela pati marang Pandhu lan
ninggali bayi kembar kang isih abang, yakuwi Pinten lan
tangsen iku. Mung merga saka beciking pakartine Dewi Kunthi, bayi
kembar kuwi nadyan dudu putrane dhewe tetep digula wentah
kanthi kebak rasa tresna asih tanprabedha karo anake dhewe.
Jroning bathine, satemene Prabu salya luwih tresna lan
abot marang para Pandhawa kuwi ketimbang marang
mantune. Lan saliyane trenyuh bareng ndeleng Nakula-
Sadewa, Prabu Salya uga banjur kelingan marang marasepuhe, Begawan Bagaspati sing
sedane merga saka pakartine Sang Prabu Salya duk isih enome. Sang Begawan nalika sedane
ninggal suwara yen babak nagih janji lumantar ratu kang kasinungan ludira seta, sing ora liya
Prabu Puntadewa.
Mula Salya banjur paring dhawuh marang nakula-Sedewa supaya bali, lan meling supaya
sing methuake yudane, Prabu Puntadewa. Temenan, bareng tempuking yuda, Prabu Salya
nglilakae patine nalika adu arep karo Prabu Puntadewa. Aji-ajine aran Chandabirawa ora
kuwan nyedhaki Prabu Puntadewa lan banjur ilang musna. Prabu Salya akhire sedha disawat
pusaka Jamus Kalimasada. Kasatriyane Nakula kuwi ing Sawojajar, dene Sadewa ing
Paweratalun. Garwane nakula kekasih Dewi Srengginiwati kang banjur peputra Dewi Sri
Tanjung. Dene Sadewa nggarwa Dewi Srenggini kang sateruse peputra Bambang Widapeksa
(Suwidapaksa). Dewi Srengganawati lan Srenggini iku putrane Sang Hyang Badawanganala,
dewane bulus, ing Narmada Wailu. Ing lakon Sudamala utawa Durga Ruwat, dicritakake yen
akhire sawise klakon ngruwat Bathari Durga, Nakula-Sadewa palakrama anthuk Endhang
Suka lan Pradapa, kekarone putrine Resi Tambrapetha saka pratapan Prangalas. Kekarone
banjur peputra Raden Saluwita, Pramusinta lan Pramuwati. Yen pinuju pisowanan ing Amarta
lungguhe Nakula Sadewa ngapit ingkang raka Prabu Puntadewa lan kekarone padha
ngapurancang.
PUNTADEWA

Prabu Puntadewa iku ratu ing Amarta (Ngamarta), Dasanamane : Prabu Yudhistira,
Darmakusuma, Darmaputra, Darmawangsa, Darmaraja,
Gunatalikrama, Sadha Dwijakangka, Sang Ajathasatru.

Garwane asma Dewi Drupadi, mbakyune dewi Wara Srikandhi,


putrane Prabu Drupada saka Negara Pancala. Saka Sang
Prameswari Dewi Drupadi iki, Prabu Puntadewa peputra kakung siji,
kekasih Raden Pancawala. Prabu Puntadewa ratu watak
pandhita. Watake sabar lan ikhlas, lila donya lila ing pati.
Apa bae barang darbeke, yen ana sing njaluk mesthi
diparingake. Nadyan segenge pisan yen ana
sing njaluk, mesthi dililakake. Sajake urip ora tau ngapusi
(goroh) lan ora nate perang. Sanadyan dipeksa dening Prabu Kresna supaya
kersa goroh kanggo kemenangane Pandhawa, nalikane Pandhita
Drona jumeneng Mahasenapati ing perang Bharatayuda,
Prabu Puntadewa tetep ora kersa. Prabu Puntadewa tetep ngendika
jujur, ingkang pejah Hesthitama. Mung olehe ngendika Hesthi
lirih, Tamane banter. Satemah dadi jalaran Pandhita Drona bingung, lan bisa
dipateni dening Raden Trusthajumena.
Amarga saking banget ngati atine, ora kersa gawe seriking liyan, lan ora kersa goroh, mula
Prabu Puntadewa digambarake wong sing ludirane seta. Saking sucine uripe. Pusakane Prabu
Puntadewa wujud kitab/buku, jenenge Layang Kalimasada Pustaka Jamus. Prabu Salya
klakon seda ing paprangan merga pusaka iki. Kejaba iku, pusaka liyane wujud tumbak lan
payung, jenenge tumbak Karawilang lan payung Tunggulnaga.

Prabu Puntadewa iku ajejalok Yudistira iya prabu Dwijakangka utawa sinebut uga Prabu
Gunatalikrama. Prabu Puntadewa kagungan pusaka arane jimat kalimasada. Prabu Puntadewa
kena diarani manungsa setengah dewa. Geneya Prabu Puntadewa diarani setengah dewa
amarga Prabu Puntadewa kagungan ciri-ciri kaya Dewa, kayata Getihe putih, Sipate sabar,
ora kagungan mungsuh, lan tansah tresna marang karukunan.

Prabu Puntadewa iku garwane Dewi Drupadi, kagungan putra iku asmane Raden
Pancawala. Prabu Puntadewa iku putrane Prabu Pandhu Dewanata lan Dewi Kunthi
Nakibrata.

Prabu Puntadewa iku ratu ing Amarta kang sabar lan mboten seneng perang. Nalika
perang gedhe Bratayuda, Prabu Puntadewa dipekso mandeg Senopati tanding karo Prabu
Salya saka Mandukara. Prabu Salya gugur, Prabu Puntadewa kang unggul
Raden puntadewa inggih menika peranganing pandhawa ingkang sepuh piyambak.
Putra Prabu Pandhu. Narendra ing ngastina. Piyambakan kawentar minangka putra ingkang
saleh, jujur, sabar, tata krami, lila sregep, saha mituhu. Seserepan ingkang dipuntamekaken
prekawis agami. Pramila ingkang dipunremeni prekawis kesaenan, kajujuran, sarta lila
legawa. Minangka putra pambarep Pandhawa tansah bekti kaliyan tiyang sepuh sarta sanget
asihipun dhumateng para rayi piyambakipun tansah momong para rayi kanthi raos asih.
Pramila Raden Puntadewa tansah dipuntresnani kaliyan para sesepuh, dipunajeni kaliyan para
rencang, saha dipunbekteni dening para ingkang anem.

Awak-awakipun kuning gumrining, dedeg lencir, saha ukuranipun tanggung. Pasuryanipun


bagus ules pethak mratandhani sucining manah.

Busana saha rerenggan ingkang dipunagem wujud gelung keeling. Sumping waderan,
kalungmenggah, kelatbau nagamangsa, gelangkana ganda, ali-ali gunung sepikul, kampuh
bathik limar lapis, kroncong ngrangenan.

LAHIRE HANOMAN
Hanoman lair nang masa
Tretayuga dadi putra Anjani,
wanara wedok. Dhikik Anjani
sawadine ngrupakne bidadari,
nduwe jeneng Punjikastala. Ning
amarga mubarang tumakne,
dheweke lair menyang donya
dadi wanara wedok. Tumakne
kesebut bisa buyar yen dheweke
bayen sawong putra sing ngrupakne penitisan Siwa. Anjani rabi karo Kesari, sawiji wanara
perkasa. Bareng karo Kesari, Anjani nglakoke tapa menyang adhepan Siwa ben Siwa gelem
menjelma sakanggo putra dekne kabeh. Amarga Siwa terkesan karo pemujaan sing dilakoke
saka Anjani lan Kesari, dheweke mengabulkan permohonan dekne kabeh karo mudhun
menyang donya dadi Hanoman.

Salah siji versi nyeritoke menawa pas Anjani tapa memuja Siwa, neng panggon liya, raja
Dasarata nglakoke Putrakama Yadnya kanggo nyaka mudun. Pakolehe, dheweke nrima
pirang-pirang panganan kanggo diparakne marang para bojone, banjur ana dina Rama bayen,
Laksmana,
Bharata lan Satrugna. Dhuwur kekarepan dewata, sawiji manuk ngrebut panganan kesebut,
lan nibakne dheweke neng dhuwur alas ana ngendi Anjani lagi tapa. Bayu, Sang dewa angin,
ngiringaken panganan kesebut ben tiba neng tangan Anjani. Anjani mangan panganan
kesebut, nuli laira Hanoman.

Hanoman ngadhep Rama-Sita-laksmanasalah siji versi ngomongke menawa Hanoman lair


sacara ora sengaja amarga hubungan antara Bayu lan Anjani. Diceritoke menawa nang
mubarang dina, Dewa Bayu ndeleng kayon Anjani, banjur dheweke memeluknya. Anjani
nesu amarga rumangsa dilecehkan. Ning Dewa Bayu njawab menawa Anjani ora arep ternoda
saka dhemokan Bayu.

Dheweke ngekep Anjani dudu neng awake, nanging ana sajroning atine. Bayu uga celathu
menawa mbesuk Anjani arep bayen sawong putra sing kekuwatane setara karo Bayu lan
paling cerdas neng antara para wanara.

Anda mungkin juga menyukai