Petruk iku anake jin gandarwa lan anak angkate semar sing kapindo sakwise gareng.
Petruk nduweni sifat welas asih lan pinter. Petruk iku sing paling pinter katimbang
punakawan sing liyane.
Petruk manggen ana ing pecuk peculikan. Lan nduwe bojo kang asma dewi undawati.
Anake petruk jenenge bambang lengkung kusuma. Petruk nduweni sifat momong,
pinter nyimpan wadi lan paham marang kekarepane juragane.
Ing sawijining dina, pandawa kelangan jimat kalimasada. Jimat kui dicolong dening
mustakaweni. Amarga ilange jimat kui jebul kesruh ana ing ngendi-ngendi. Mula
diutus bambang irawan lan bambang priyambada lan petruk kanggo ngrebut jimat
kui. Kabeh upaya dilakoni dening wong telu kui mula jimat kui iso direbut maneh.
Ora disangka, adipati karna tibane yo pengen nduweni jimat kalimasada. Ndelik-
ndelik petruk ditusuk karo keris pusaka kyai jalak. Saknalika petruk mati. Kamangka
nduweni kesaktian dening gandarwa, petruk isa urip maneh. Lan gandarwa maleh
rupa dadi duryudana.
Adipati karna ketemu karo duryudana, jimat kalimasada diserahne. Tapi karna kaget
jenggilak amarga duryudana maleh rupa dadi gandarwa, bapake petruk. Akhire jimat
diserahne marang petruk. Dening pesene gandarwa, jimat kui kudu disimpen ana ing
sirahe petruk. Petruk masut. Ajaib tenan, petruk maleh dadi ksatria sekti
mandraguna, ora tembus pusaka. Akhire petruk ngembara lan naklukne kabeh negoro
sing dilewati.
Kabeh negoro ditaklukne kecuali pandawa, mandura lan dwarawati. Nanging akhire
pandawa lan mandura iso ditaklukne dening petruk. Prabu kresna nyerahne persoalan
iki marang semar kareben dwarawati ora ceblok ing tangane petruk.
Saknalika kui, semar ngutus gareng lan bagong ngadepi petruk. Perang ora bias
dialangi. Bagong lan gareng ngerti tibane sing dijak tarung kui mau petruk, tunggale
dewe. Kamangka iku, tarung ora diterusake .
Tokoh Wayang Petruk