Anda di halaman 1dari 11

Cerita Wayang Dewi Kunthi dalam Bahasa Jawa

Dewi Kunthi
 Miturut Kitab Mahabarata, Dewi Kunthi uga sing diarani
Kunthinalibranta lan Dewi Pritayaiku kalebu Putri sing kepilih.
Dewi Kunthi ngewujudake keturunan keluarga Yadama, putriPrabu
Basukunthi, Raja ing Mandura. Dewi Kunthi nduweni sedulur yaiku Arya
Basudewa,Arya Prabu Rukma, lan Arya Ugrasena.Ana ing pewayangan,
Dewi Kunthi nduweni watak kang welas asih lan tresna. kawit
cilikdeweke wis mulai ngangsu kawruh lan ngolah batin. Dheweke
ngangsu kawruh karo ResiDruwasa, guru spiritual saka Kraton Mandura.
Saka Resi Druwasa, Dewi Kunthi disangunimantra Adyitahredaya utawa
Aji Pameling sing mampu nyepaki Bhatara Surya.Kamangkakuwi Dewi
Kunthi ngandhut saka Bhatara Surya. Padahal wektu kuwi Dewi Kunthi
isihdilamar para Raja lan satria saka manca negara. Kanggo nemtukake
sapa kang bakal dadigarwane, Prabu Basukunthi nganakake saymbara
"Giri Patembaya" kang isine : sapa wongesing bisa ngalahake Arya
Basudewa bakal dijodohke karo Dewi Kunthi. Ananging
PrabuBasukunthi murka amarga ngerti yen anake ngandhut. apa maneh
Dewi Kunthi durungnduwe garwa. amarga Raja murka, Dewi Kunthi
banjur diutus maca mantra "Aji Pameling"kanggo ngrawuhake Resi
Druwasa supaya ngadhep Prabu Basukunthi.amarga sakakeampuhan
lan kesaktiane Resi, bayi kang dikandhut Dewi Kunthi bisa lair liwat
talinga.Saengga Dewi Kunthi tetep bisa kajaga keperawanane, lan bayi
mau diwenehi jeneng"Karna" uga bisa diarani Suryatmaja utawa
Suryaputra.Kanggo njaga kehormatane kerajaan, Karna banjur digawa
Resi Druwasa lan dilarung. Bayimau ditemu Kusir Kreta Kerajaan
Ngastina sing jenenge Adirata. Sayembara utawa perangtandhing sing
digelar mau dimenangke dening Narasoma, putra Raja Mandaraka.
DewiKunthi langsung dipasrahake. Ananging Prabu Narasoma wis
ngucap sumpah ora bakalnggarwa kajaba karo Dewi Pujawati, mangka
hak sayembara pindah ing Narasoma.
Akhire Narasoma perang tandhing dening Pandu sing telat teka ing acar
a sayembara. Pandu akhiresing menang tandhing dening Narasoma,
yaiku bisa ngalahake Aji Canrabirawa duweke Narasoma sing terkenal
ampuh. Kunthi banjur dipasrahake.Kanggo ngakoni tanda
kekalahane Narasoma, adine Narasoma kang aran Dewi Madrim uga
dipasrahake dening Pandu.Ana ing tengah ndalan nalika bali ning
Ngastina, Pandu ketemu dening Arya Suman utawaSengkuni, putra
Prabu Gandara, sing sajake uga pingin milu sayembara perang
tandhing. Nanging amarga telat ora sida perang, ning Sengkuni langsun
g nantang perang tandhing
 
nglawan Pandu. Nanging Sengkuni uga bisa dikalahke, banjur Dewi
Gendhari, adinesengkuni dipasrahake dening Raden Pandu.Raden
Pandu bali ing Ngastina nggawa telung putri. sawise tekan kraton,
Pandu banjurmasrahake putri-putri mau dening Ramane, Wiyasa.
sabanjure Wiyasa dawuh deningDestarasta supaya milih dhisit salah siji
putri mau. Destaratra milih Dewi Gendhari adineSengkuni. Saengga
putri loro mau yaiku Dewi Kunthi lan Dewi Madrim resmi dadi
garwaneRaden Pandu.Saka Dewi Kunthi, Raden Pandu nduwe telung
putra yaiku Puntadewa,Werkudara, lanArjuna. Dene saka Dewi Madrim,
Raden Pandu duweni putra kembar kang aran Nakula
lanSadewa.Tatkala Negara Ngastina dipasrahake dening Prabu
Destarasta, Dewi Kunthi kang wakil sakaPandhawa nganakake
perjanjian supaya Prabu Destarastra nguwasani Ngastina tekan
nalika.Pandhawa wis mampu nata praja. Sabanjure Ngastina bakal
diserahna maneh deningPandhawa. Perjanjian mau disaksikna Prabu
Matswapati, Raja Wirata, Prabu Drupada, RajaPancala, Resi Drona,
Prabu Salya, Raja Mandaraka, lan Begawan Wiyasa. Ananging
amarga pengaruh Dewi Gendhari lan Arya Sengkuni, negara Ngastina da
di bahan rebutan antaraKurawa lan Pandhawa.Dewi Kunthi lan
Pandhawa nuntut baline negara Ngastina. Sawise bola-bali
dirembugnanging ora ana hasile. Sabanjure Dewi Kunthi nuntut dening
Prabu Matswapati lan SriKresna supaya dadi pinengahe pandhawa lan
kurawa. Nanging amarga kabeh macemrembugan ora nggawa hasil
kang becik, Dewi Kunthi lan Pandhawa nempuh sarana perangtandhing,
perang Bharatayudha. Pandhawa mampu numpas bala kurawa lan wis
mesti
Negara Ngastina bali dadi milik Pandhawa maneh. Dewi Kunthi ngrasa 
wis rampung kewajibane.Prabu Destarastra lan Dewi Gendhari banjur
lunga saka Ngastina lan nyepi(tapa) ing tengahalas, kuwi uga sing
dilakoni dening Dewi Kunthi. Akhire Dewi Kunthi, Dewi Gendhari,
lanPrabu Destarastra kebakar ana ing tengah alas.
Raden Sadewa (Sahadewa) putrane Prabu Pandhu lan Dewi Madrim. Satriya wuragile Pandhawa. Kembarane
Raden Sadewa asmane Raden Nakula. Wujude Nakula lan Sadewa kembar, kembar rupa, swara, lan busana.

Nalika timure, Raden Sadewa kekasih Raden Tangsen, kasatriyane Sadewa ing Baweratalun (Bumiretawu).

Sedulure beda ibu ana telu, yaiku : 1. Prabu Puntadewa, 2. Raden Wrekudara, 3. Raden Janaka. Puntadewa,
Wrekudara, Janaka, Nakula, lan Sadewa, sinebut kadang Pandhawa, saka tembung linggane Pandhu lan hawa
tegese putra Pandhu.

Raden Sadewa titising bhatara Aswin, dewa tabib. Wiwit cilik digulawenthah dening Dewi Kunthi. Wujude
Raden Sadewa satriya bagus, mbranyak pasemone. Watake jujur lan bekti marang sedulur tuwa.

Ing lakon Babad Alas Mretani, Raden Tangsen bisa ngasorake yudane Jim Sadewa (riwayat liya sinebut Ditya
Sapulebu), satemah Jim Sadewa mau masrahake kasatriyane, yaiku Baweratalun lan paring Aji Pramanajati
kang dayane bisa ngerti sadurunge winarah.

Kanthi dayane Aji Pramanajati, Raden Sadewa bisa mbatang sayembara cangkriman “sejatining lanang,
sejatining wadon”. Banjur didhaupake klawan Dewi Srengginiwati, putrane Prabu Bhadawanganala, ratu ing
gisik samudra. Sabanjure peputra Sidapeksa.

Ing lakon Sudamala, Raden Sadewa sing ragane kapanjingan Bathara Guru, bisa ngruwat Bathari Durga. Sang
Bathari banget panarimane marang Raden Sadewa. Dening Sang Bethari Raden Sadewa pinaringan asma
“Sudamala” tegese ngresikake rereged. Sarta kadhawuhan nggarwa Dewi Padapa, anake Begawan
Tambrapetra ing padhepokan Prangalas.
Cerita Wayang "Lahirnya Raden Gathutkaca" versi
Bahasa Jawa

Lairipin Raden Gathutkaca


            Kacariyos ing kasatriyan Jodhipati, Raden Werkudara judheg
penggalihipun awit puseripun Raden Gathutkaca mbadal saking saliring
dedamel. Najan kukunipun ingkang rama, inggih punika kuku pancanaka
ingkang kondhang landhepipun pitung penyukur, meksa boten tedhas
kangge ngethok puseripun Raden Gathutkaca. Raden Werkudara lajeng
minta sraya dhateng raka prabu ing Dwarawati inggih punika Sri Bathara
Kresna, paranparaning kadang Pandhawa.

            Prabu Kresna boten kekilapan, lajeng utusan Raden Harjuna kinen
ngampil sanjata Kuntawijayadanu dhateng kahyangan Jonggringsaloka.
Geganjangan Raden Harjuna lajeng bidhal dhateng khayangan
Jonggringsaloka. Raden  Harjuna rumaos kuciwa, awit Jawata sampun
kalajeng maringaken sanjata Kunta dhateng Raden Suryaputra ingkang
sowan langkung rumiyin. Raden Harjuna enggal- enggal nyuwun pamit,
nungka lampahipun Raden Suryaputra. Wonten ing margi saged pinanggih
kaliyan Raden Suryaputra. Sanjata Kunta kasuwun dening Raden Harjuna
ananging Raden Suryaputra boten angulungaken. Ing wasana dados
pancakara rame sanget. Wekasanipun sanjata Kunta saged karebat dening
Raden Harjuna. Raden Harjuna lajeng gegencangan kondur dhateng
kasatriyan Jhodipati.

            Dumugi ing kasatriyan Jhodipati sanjata Kunta lajeng kaaturaken


Prabu Kresna. Sadaya sami kaget, awit ingkang kenging karebat jebul
naming warangkanipun kemawon. Sri Bathara Kresna lajeng paring
dhawuh dhateng Raden Werkudara. “Dimas Sena, aja cilik atimu Yayi!
Kersaning dewa pancen kudu ngono kuwi, najan iku mung wujud
warangka, nanging bias mrantasi. Mara age tamakna menyang pusering
putramu Yayi! Sing waspada ya Dhi!”

            Dupi tampi dhawuhanipun ingkang raka Prabu Sri Bathara Kresna,
Raden Wrekudara Boten tidha- tidha malih. Warangka lajeng katamakaken
ing pusering jabang bayi. Sanalika puser pedhot, ari- ari musna, nanging
warangka sirna manjing ing pusering jabang bayi. Raden Werkudara
bingung lajeng ngendika, “Jlitheng Kakangku! Iki kepriye! Sida mati tenan
jabang bayi iki mengko! Ijole kowe, heeee!”

            Dhasar Prabu Kresna pangayomaning titah sabumi, boten badhe


kekilapan dhateng sadaya lelampahan. Pangandikanipun alon. “Sareh,
sareh Yayi! Pun kakang ora maido menawa sliramu padha bingung lan
kodheng. Coba padha mirangna kandhaku ya, Dhi! Lelakon iki pancen wis
dadi kersaning Jawata. Wis ginaris Manawa warangka iku kudu musna
manjing ing pusering putramu, sartaiku dadi sifat kandele. Nanging wanti-
wantine pun Kakang ya, Yayi! Mbisuk lamun ana curiga ngupadi warangka,
si Adhi kudu waspada, putramu singitna ya, Dhi!”

            Pangandikahipun Sri Batara Kresna adamel cumeplongipun Raden


Wrekudara dalah kadang Pandhawa sadaya. Kala samanten jawata ugi
lajeng rawuh mertakaken ponang jabang bayi ingkang ngantos
nuwuhaken gara- gara punika. Saking kaparengipun Jawata, jabang bayi
dipunasta dhateng kahyangan. Wonten kahyangan jabang bayi punika
dipundadosi. Ingkang suwau arupi denawa, sareng dipundadosi malih
dados satriya bagus sekti mandraguna.

            Ing salajenganipun Raden Gathutkaca dipunminta sraya dening


Jawata, kinen numpes parangmuka saking praja Maimantaka ingkang
dipunpandhegani prabu Kala Pracona saha Patih Kala Sekipu ingkang
nedya ngobrak- abrik kahyangan Jonggringsaloka. Radhen Gathutkaca
unggul juritipun. Prabu Kala pracona dalah patih kala Sekipu pejah dening
Raden Gathutkaca. Dene wedyabalanipun sami bubar mawur.

       Sesampunipun purna dados srayaning Jawata, Raden Gathutkaca


lajeng kawangsulaken dhateng kasatriyan Jodhipati, kapasrahaken
dumateng rama lan ibunipun inggih punika Raden Wrekudara dalah Dewi
Arimbi. Sadaya Para Pandhawa dalah Prabu Sri Bathara Kresna sami
suka- suka lajeng bojana andrawina.
Kisah Ramayana diawiti kanthi anane sawong nduwe jeneng Rama, yaiku
putra Prabu Dasarata ana Kosala kanthi ibukotane Ayodya. Telung sedulur
tirine nduwe jeneng Barata, Laksmana lan Satrukna. Rama lair saka bojo
pisan Dasarata nduwe jeneng Kausala, Barata saka bojo enom nduwe jeneng
Kaikeyi mawa Laksmana lan Satrukna saka bojone kawitelu nduwe jeneng
Sumitra. Dekne kabeh urip rukun.

Kawit remaja, Rama lan Laksmana meguru marang Wismamitra dadine dadi
pemuda kuat. Rama banjur melu sayembara ana Matila ibukota negara
Wideha. Mergo kekedadeyanane nggeret panah pusaka duwe Prabu Janaka,
dheweke dibebungahi putri pambarepe kanthi jeneng Sinta, lagekne
Laksmana dirabekne kanthi Urmila, adhine Sinta.

Sakwise Dasarata tuwa, Rama sing direncanakan kanggo gumantekne


dheweke dadi raja, wurung sakwise Kaikeyi ngelingna ujar Dasarata menawa
sing berhak dhuwur tahta yaiku Barata lan Rama kudu dibuwang sajrone 15
(lima las) taun. Dhuwur dasar ujar kuwi kanthi lapang dhadha Rama lunga
ngembara menyang alas Dandaka, sanajan dialangi emboke arepa Barata
dhewe. Kelungane kuwi dimeloni saka Sinta lan Laksmana.

Ning kelungan Rama nggawe Dasarata sedhih lan akhire mati. Ringkasan


wayang ramayana dalam bahasa jawa  kanggo ngisi kekosongan
singgasana, para pandhuwur kerajan sepakat ngalungguhan Barata dadi raja.
Ning dheweke nolak, amarga nganggep menawa takhta kuwi duwe Rama,
sang kakang. Kanggo kuwi Barata dimawani parajurit lan punggawane,
njemput Rama ana alas. Wektu ketemu kakange, Barata kanthi nangis
nuturke perihal kepaten Dasarata lan nggetuni kekarepan emboke, kanggo
kuwi dheweke lan para punggawane njaluk ben Rama bali menyang Ayodya
lan munggah takhta. Ning Rama nolak mawa tetap nglakoni titah bapakne lan
ora nyalahake sang embok tiri, Kaikeyi, sisan mbujuk Barata ben gelem
munggah takhta. Sakwise nrima sepatu saka Rama, Barata bali menyang
kerajan lan ngujar arep nglakokake pamerentahan dadi wakil kakange.
Akeh coban sing diadhepi Rama lan Laksmana, jero pengembaraane ana alas.
Dekne kabeh kudu ngadhepi para buta sing ngresahake masyarakat ana
sekitar alas Kandaka kuwi. Mungsuh sing nganyelke yaiku Surpanaka,
raksesi sing mengenke Rama lan Laksmana dadi bojone.

Pamburine, irung lan kuping Surpanaka dibabat nganti putus saka Laksmana.
Kanthi nguwawa lara lan isin, Surpanaka nggugat marang kakange, yaiku
Rahwana sing dadi raja buta ana Alengka, kanthi mbujuk ben Rahwana
ngrebut Sinta saka tangan Rama. Kanthi bantuan Marica sing ngubah awak
dadi kijang kemasan, Sinta kedadeyan diculik Rahwana lan digawa menyang
Alengka.

Manuk Jatayu sing ngupadi ngalangi, mati saka senjata Rahwana. Sadurung
akhire mati, Jatayu isih sempat nyabarke nasib Sinta marang Rama lan
Laksmana sing lagi nggoleki dheweke. Sakjroning nggoleki Sinta, Rama lan
Laksamana ketemu panggedhe kera sing nduwe jeneng Sugriwa lan
Hanuman. Dekne kabeh naleni persahabatan jero dhemen lan duka. Kanthi
bantuan Rama, Sugriwa bisa bali ana Kiskenda sakwise kedadeyan ngalahake
Subali sing lalim. Sakwise kuwi, Hanuman dikongkonke kanggo ngewangi
Rama nggoleki Sinta. Kanthi pasukan kera sing dipanggedheni Anggada,
anak Subali, dekne kabeh lunga nggoleki Sinta.

Dhuwur pituduh Sempati, kakang Jatayu, dekne kabeh menyang pantai kidul.
Kanggo ketuk Alengka, Hanuman mlumpat saka puncak gunung Mahendra.
Setibanya ana ibukota Alengka, Hanuman kedadeyan nemoni Sinta lan
nyabarke menawa Rama arep cepet mbebaske dhewek e. Sabaline saka
Alengka, ringkasan wayang ramayana dalam bahasa jawa Hanuman lapor
marang Rama. Strategi penyerbuan pun cepet disusun. Dhuwur saran
Wibisana, adhi Rahwana sing mbelot menyang pasukan Rama, digawea wot
nuju Alengka. Sakwise wot dadi, berhamburanlah pasukan kera nyerbu
Alengka. Akhire, Rahwana lan pasukane ajur. Wibisana banjur dinobatkan
dadi raja Alengka, gumantekne kakange sing mati jero peperangan. [sing
nggeret lan nganti wektu iki populer banget ana Jawa, yaiku anane wulangan
babagan kepriye sakudune sawong ngongkon siji kerajan utawa negara saka
Rama marang Wibisana, sing dikenal kanthi aran Asthabrata.

Sakwise kedadeyan mbebaskan Sinta, lungaa Rama lan Sinta mawa


Laksmana lan kabeh pasukan (klebu pasukan kera) menyang Ayodya. Ana
ibukota negera Kosala kuwi, dekne kabeh disambut kanthi meriah saka
Barata, Satrukna, para embok Suri, para punggawa lan para prajurit, mawa
kabeh rakyat Kosala. Kanthi disaksikan saka dekne kabeh, Rama banjur
dinobatkan dadi raja
Ramayana sabenere dijupuk saka cerito sing konon kedadean ana daratan
India. Wektu kuwi daratan India dikalahake saka India segaran sing uga
karan lemah Srilangka utawa arang, sing jero pawayangan karan Alengka.
Tokoh Rama yaiku pahlawan negeri India daratan, sing banjur kedadeyan
nglumpuk kekuwatan rakyat sing dilukiskan dadi pasukan kera pimpinan
Prabu Sugriwa.

Lagi lemah sing direbut panguwasa Alengka dilukiskan dadi Dewi Sinta (jero
basa Sanskerta nduwe arti lemah). Jero penjajahan saka negeri liya, umume
sawijining aturan negara lan budaya lan bangsa arep nggenti lan ngowah
tatanan, sing digambarke ngrupa kesucian Sinta sing diragokake.

Anda mungkin juga menyukai