Anda di halaman 1dari 2

Nama : ROSYAD

Kelas : IV
KEDADEAN GUNUNG MERAPI
Ing jaman dhikik, pulau Jawa durung akeh daerah sing dihuni manungsa. Akehan wilayahe yaiku alas
gung liwang-liwung sing dihuni saka para lelembut lan kewan liar. Kaanan pulau Jawa ing wayah kuwi
miring, sehingga ngawatirke makluk kang urip ana pulau Jawa. Namung ana setitik panggonan kang
bisa dihuni saka sekelompok manusia sing urip kanthi nggerombol lan dhemen ngalih-alih amarga
keganasan alam lan mungsuh.

Para penghuni pulau Jawa iki ora ngelingi yen lemah sing dekne kabeh panggoni kuwi sabenere
miring, dadine ana kekuwatiran arep longsor lan angslep ana segara kidul. Sing meruhi kaanan iki
yaiku para dewa neng kayangan sing peaduli kelangsungan urip para penghuni pulau Jawa wayah
kuwi. Para dewa neng kayangan akhire sepakat kanggo nggawe supaya pulau Jawa ora miring,
dadine para penghunine bisa kembang biak lan tambah maju peradabane.

Rasa wedhi sing pada dirasakake mesti wae ora bisa disingkiri meneh. Ora mung menungsa sing
keweden ning para penghuni liyane klebu binatang uga mlayu amerga saking wedhine.

Selanjutnya cerita rakyat bahasa jawa nyritakae para dewa. Para dewa banjur ngrembug meneh
kanggo nentoke pengimbang kang bakal diselehna neng tengah pulau kuwi. Para dewa mutusake
bakal nggunakne gunung Jamurdwipa sing terkenal banget kanggo makhluk-makhluk gaib lan
dhuwur banget. Para dewa banjur njaluk ijin marang penghuni gunung Jamurdwipa supaya cepet
ngalih saka panggonan kui, amarga gunung sing dekne kabeh panggoni arep dialihake menyang
tengah-tengah pulau Jawa.

Saka lokasi kang wis ditentoke sakjroning rembugkan, jebulna dihuni menungsa loro sing lagi
tandhang gawe neng tengah alas gung liwang-liwung. Wong loro kuwi tenyata empu sing lagi
nggawe keris. Para dewa banjur ngongkon Dewa Panyarikan lan Batara Naradha sekalian para
prajurit kanggo ngandhani marang wong kuwi ben cepet ngalih amarga panggone arep didokokake
gunung Jamurdwipa.

Para utusan dewa kuwi mau pada gumun ndeleng empu sing pada lagi nggawe keris tanpa alat.
Empu kuwi lagi nyampur werno-erno bahan logam lan amung nganggo tangan kosong dekne kabeh
nggunake epek-epek lan driji kanggo mbetuk lan ngukir campuran logam kuwi nganti atos.

Pagawean empu nang wayah kuwi mesti wae ora bisa disela amarga merloake konsantrasi dhuwur
kanggo ngolah logam kuwi. Para utusan dewa banjur nunggu, lelehan wesi kuwi banjur digebug-
gebug lan diurut-urut para empu kuwi mung kanthi tangan. Lan sing luwih nggumunake meneh
lelehan logam kuwi katon abang murup dadi mawa ning tangan para empu kuwi ora kobong
sethithika wae.

Pagawean empu kuwi sabenere durung rampung nanging amarga ana dawuh penting, mula
gaweane dindhegke sawentara lan memoni dawuh saka kayangan kesebut. Empu kesebut banjur
ngenalake piyambake sing sijine nduwe jeneng Mpu Permadi, sing sijine meneh nduwe jeneng Mpu
Rama. Sakwise padha ngenalake piyambake lan wawan pangandikan, akhire Batara Naradha lan
Dewa Panyarikan ngaturke kekarepane.

Batara Naradha ngaturke kekarepane, yaiku nyaranke supaya para empu mau cepet pindah saka
lokasi kuwi amarga arep didelehi gunung gedhe sing bakal digunakne kanggo nyeimbangke pulau
Jawa sing lagi miring. Batara Naradha nggamblangna babagkan kedadeane gempa lan kaanan pulau
Jawa sing ngawatirke banget lan ngarepke supaya Empu kuwi gelem ngerti lan nuruti kekarepane
tanpa ana alangan. Ora lali Dewa Panyarikan ugo nggamblangna pentinge pagawean kuwi kanggo
keterasan urip para penghuni pulau Jawa.

Mpu Permadi lan Mpu Rama bingung lan padha delengan. Katon saka raine kaya ora gelem nuruti
kekarepan para dewa amerga para empu kuwi nduweni kepentingan panggawean sing durung
rampun mau. Lan jebulna loro empu kuwi ora gelem nek kudu ngalih panggonan, sakwentara
pagawean nggawe kerise lagi wae dimulai lan kudu dirampungke ana lokasi kuwi. Para Empu kuwi
ngaturke yen panggawen kerise kuwi mau ora rampung kanthi sempurna maka bakal nekakake
lelakon kanggo manungsa, mula dekne kabeh njaluk kudu nunggu nganti gaweane rampung.

Para utusan Dewa nduwe pemikiran yen penggawean iki yaiku perkara sing bersifat penting, dadine
menawa kudu nggunakne peperangan bakal dilakoni dheweke. Para utusan Dewa kuwi ora leren-
leren njelaske menawa tugas sing digawa iku kanggo keterasan urip umat neng pulau Jawa. Ning
para Empu kuwi uga tetep nang kekarepane, nek pangerjan keris kuwi ora sempurna uga arep
nekakake lelakon kanggo manungsa.

Amerga ora ana pihak sing gelem ngalah kahanane tambah dadi ora karuwan. Merga alasan sing
penting banget, mula para utusan Dewa banjur nggunakne peperangan kanthi ngerahke kabeh
prajurit pengawale kanggo nyerang empu kuwi. Ananging mergo kasekten saka para Empu mau mula
kabeh prajurit bisa dikalahake kanthi entheng.

Saiki kari ana papat yaiki utusan Dewa lan 2 empu, dekne kabeh adhep-adhepan lan kedadeana duel
siji mungsuh siji. Duel iki katon imbang antara siji lan sijine nganti gawe panggonan sekitare pada
bosah-baseh, akeh watu pada mambur lan ajur dadi awu, wit gedhe-gedhe ambruk lan keluk utawa
kebul mumbul.

Batara guru banjur menehi titah marang Dewa Bayu kanggo menehi pelajaran marang Mpu Rama
lan Mpu Permadi. Dewa Bayu dikongkon supaya cepet ngalihake gunung Jamurdwipa kanthi di
damu. Batara guru ora praduli karo kaslametan empu kuwi amarga wis ngelehke para dewa lan
mbahayake kaslametan umat manungsa.

Dewa Bayu banjur mangkat menyang segara kidul. Kanthi kasaktene, Dewa Bayu banjur ndamu
gunung kuwi. Damuan Dewa Bayu sing kaya angin topan gawe gunung Jamurdwipa mabur nganti
tekan langit banjur tiba pas neng panggonan empu kesebut. Mpu Rama lan Mpu Permadi sing ana
ing panggon kuwi melu ketindih gunung Jamurdwipa nganti mati saknalika. Banjur roh para empu
kesebut ora bisa katampa neng suwargo lan dadi panunggu gunung kuwi.

Senajan Mpu Rama lan Mpu Permadi sing sakti kuwi wis mati ketindihan gunung, nanging kasektene
ora luntur. Bakal keris sing isih proses mau isih murup lan ora bisa dipateni kajaba saka empu sing
wis mati kesebut malah keris kui mau terus-terusan murup lan dadi kawah ana ing tengah gunung
Jamurdwipa. Amerga awale panggonan gunung iki yaiku kawujud api utawa geni mula para dewa
ngganti jeneng gunung Jamurdwipa kanthi jelukan Gunung Merapi.

Anda mungkin juga menyukai