Anda di halaman 1dari 1

KEDADEAN GUNUNG MERAPI

Ing jaman dhikik, pulau Jawa durung akeh daerah sing dihuni manungsa. Akehan wilayahe yaiku alas
gung liwang-liwung sing dihuni saka para lelembut Ian kewan liar. Kaanan pulau Jawa ing wayah kuwi
miring, sehingga ngawatirke makluk kang urip ana pulau Jawa. Namung ana setitik panggonan kang
bisa dihuni saka sekelompok manusia sing urip kanthi nggerombol Ian dhemen ngalih-alih amarga
keganasan alam Ian mungsuh.

Para penghuni pulau Jawa iki ora ngelingi yen lemah sing dekne kabeh panggoni kuwi sabenere
miring, dadine ana kekuwatiran arep longsor Ian angslep ana segara kidul. Sing meruhi kaanan iki
yaiku para dewa neng kayangan sing peaduli kelangsungan urip para penghuni pulau Jawa wayah
kuwi. Para dewa neng kayangan akhire sepakat kanggo nggawe supaya pulau Jawa ora miring,
dadine para penghunine bisa kembang biak Ian tambah maju peradabane.

Rasa wedhi sing pada dirasakake mesti was ora bisa disingkiri meneh. Ora mung menungsa sing
keweden ning para penghuni liyane klebu binatang uga mlayu amerga saking wedhine.

Selanjutnya cerita rakyat bahasa jawa nyritakae para dewa. Para dewa banjur ngrembug meneh
kanggo nentoke pengimbang kang bakal diselehna neng tengah pulau kuwi. Para dewa mutusake
bakal nggunakne gunung Jamurdwipa sing terkenal banger kanggo makhluk-makhluk gaib Ian
dhuwur banger. Para dewa banjur njaluk ijin marang penghuni gunung Jamurdwipa supaya cepet
ngalih saka panggonan kui, amarga gunung sing dekne kabeh panggoni arep dialihake menyang
tengah-tengah pulau Jawa.

Saka lokasi kang wis ditentoke sakjroning rembugkan, jebulna dihuni menungsa loro sing lagi
tandhang gawe neng tengah alas gung liwang-liwung. Wong loro kuwi tenyata empu sing lagi
nggawe keris. Para dewa banjur ngongkon Dewa Panyarikan Ian Batara Naradha sekalian para
prajurit kanggo ngandhani marang wong kuwi ben cepet ngalih amarga panggone arep didokokake
gunung Jamurdwipa.

Para utusan dewa kuwi mau pada gumun ndeleng empu sing pada lagi nggawe keris tanpa alai.
Empu kuwi lagi nyampur werno-erno bahan logam Ian amung nganggo Langan kosong dekne kabeh
nggunake epek-epek Ian driji kanggo mbetuk Ian ngukir campuran logam kuwi nganti atos.

Pagawean empu nang wayah kuwi mesti was ora bisa disela amarga merloake konsantrasi dhuwur
kanggo ngolah logam kuwi. Para utusan dewa banjur nunggu, lelehan wesi kuwi banjur digebug -
gebug Ian diurut-urut para empu kuwi mung kanthi Langan. Lan sing luwih nggumunake meneh
lelehan logam kuwi katon abang murup dadi mawa ning Langan para empu kuwi ora kobong
sethithika wae.

Pagawean empu kuwi sabenere durung rampung nanging amarga ana dawuh penting, mula
gaweane dindhegke sawentara Ian memoni dawuh saka kayangan kesebut. Empu kesebut banjur
ngenalake piyambake sing sijine nduwe jeneng Mpu Permadi, sing sijine meneh nduwe jeneng Mpu
Rama. Sakwise padha ngenalake piyambake Ian wawan pangandikan, akhire Batara Naradha Ian
Dewa Panyarikan ngaturke kekarepane.

Batara Naradha ngaturke kekarepane, yaiku nyaranke supaya para empu mau cepet pindah

Anda mungkin juga menyukai