Anda di halaman 1dari 7

Asal Usul Gunung Merapi

Ing jaman dhikik, pulau Jawa durung akeh daerah sing dihuni manungsa. Akehan wilayahe
yaiku alas gung liwang-liwung sing dihuni saka para lelembut lan kewan liar. Kaanan pulau
Jawa ing wayah kuwi miring, sehingga ngawatirke makluk kang urip ana pulau Jawa.
Namung ana setitik panggonan kang bisa dihuni saka sekelompok manusia sing urip kanthi
nggerombol lan dhemen ngalih-alih amarga keganasan alam lan mungsuh. 

Para penghuni pulau Jawa iki ora ngelingi yen lemah sing dekne kabeh panggoni kuwi
sabenere miring, dadine ana kekuwatiran arep longsor lan angslep ana segara kidul. Sing
meruhi kaanan iki yaiku para dewa neng kayangan sing peaduli kelangsungan urip para
penghuni pulau Jawa wayah kuwi. Para dewa neng kayangan akhire sepakat kanggo nggawe
supaya pulau Jawa ora miring, dadine para penghunine bisa kembang biak lan tambah maju
peradabane. 

Rasa wedhi sing pada dirasakake mesti wae ora bisa disingkiri meneh. Ora mung menungsa
sing keweden ning para penghuni liyane klebu binatang uga mlayu amerga saking wedhine. 

Lanjutane nyritakae para dewa. Para dewa banjur ngrembug meneh kanggo nentoke
pengimbang kang bakal diselehna neng tengah pulau kuwi. Para dewa mutusake bakal
nggunakne gunung Jamurdwipa sing terkenal banget kanggo makhluk-makhluk gaib lan
dhuwur banget. Para dewa banjur njaluk ijin marang penghuni gunung Jamurdwipa supaya
cepet ngalih saka panggonan kui, amarga gunung sing dekne kabeh panggoni arep dialihake
menyang tengah-tengah pulau Jawa. 

Saka lokasi kang wis ditentoke sakjroning rembugkan, jebulna dihuni  menungsa loro sing
lagi tandhang gawe neng tengah alas gung liwang-liwung. Wong loro kuwi tenyata empu sing
lagi nggawe keris. Para dewa banjur ngongkon Dewa Panyarikan lan Batara Naradha sekalian
para prajurit kanggo ngandhani marang wong kuwi ben cepet ngalih amarga panggone arep
didokokake gunung Jamurdwipa. 

Para utusan dewa kuwi mau pada gumun ndeleng empu sing pada lagi nggawe keris tanpa
alat. Empu kuwi lagi nyampur werno-erno bahan logam lan amung nganggo tangan kosong
dekne kabeh nggunake epek-epek lan driji kanggo mbetuk lan ngukir campuran logam kuwi
nganti atos. 
Pagawean empu nang wayah kuwi mesti wae ora bisa disela amarga merloake konsantrasi
dhuwur kanggo ngolah logam kuwi. Para utusan dewa banjur nunggu, lelehan wesi kuwi
banjur digebug-gebug lan diurut-urut para empu kuwi mung kanthi tangan. Lan sing luwih
nggumunake meneh lelehan logam kuwi katon abang murup dadi mawa ning tangan para
empu kuwi ora kobong sethithika wae. 

Pagawean empu kuwi sabenere durung rampung nanging amarga ana dawuh penting, mula
gaweane dindhegke sawentara lan memoni dawuh saka kayangan kesebut. Empu kesebut
banjur ngenalake piyambake sing sijine nduwe jeneng Mpu Permadi, sing sijine meneh
nduwe jeneng Mpu Rama. Sakwise padha ngenalake piyambake lan wawan pangandikan,
akhire Batara Naradha lan Dewa Panyarikan ngaturke kekarepane.

Batara Naradha ngaturke kekarepane, yaiku nyaranke supaya para empu mau cepet pindah
saka lokasi kuwi amarga arep didelehi gunung gedhe sing bakal digunakne kanggo
nyeimbangke pulau Jawa sing lagi miring. Batara Naradha nggamblangna babagkan
kedadeane gempa lan kaanan pulau Jawa sing ngawatirke banget lan ngarepke supaya Empu
kuwi gelem ngerti lan nuruti kekarepane tanpa ana alangan. Ora lali Dewa Panyarikan ugo
nggamblangna pentinge pagawean kuwi kanggo keterasan urip para penghuni pulau Jawa. 

Selanjute mengisahkan kedua Mpu yang tidak mau memenuhi perintah Dewa.
Mpu Permadi lan Mpu Rama bingung lan padha delengan. Katon saka raine kaya ora gelem
nuruti kekarepan para dewa amerga para empu kuwi nduweni kepentingan panggawean sing
durung rampun mau. Lan jebulna loro empu kuwi ora gelem nek kudu ngalih panggonan,
sakwentara pagawean nggawe kerise lagi wae dimulai lan kudu dirampungke ana lokasi
kuwi. Para Empu kuwi ngaturke yen panggawen kerise kuwi mau ora rampung  kanthi
sempurna maka bakal nekakake lelakon kanggo manungsa, mula dekne kabeh njaluk kudu
nunggu nganti gaweane rampung. 

Para utusan Dewa nduwe pemikiran yen penggawean iki yaiku perkara sing bersifat penting,
dadine menawa kudu nggunakne peperangan bakal  dilakoni dheweke. Para utusan Dewa
kuwi ora leren-leren njelaske menawa tugas sing digawa iku kanggo keterasan urip umat
neng pulau Jawa. Ning para Empu kuwi uga tetep nang kekarepane, nek pangerjan keris kuwi
ora sempurna uga arep nekakake lelakon kanggo manungsa. 

Amerga ora ana pihak sing gelem ngalah kahanane tambah dadi ora karuwan. Merga alasan
sing penting banget, mula para utusan Dewa banjur nggunakne peperangan kanthi ngerahke
kabeh prajurit pengawale kanggo nyerang empu kuwi. Ananging mergo kasekten saka para
Empu mau mula kabeh prajurit bisa dikalahake kanthi entheng.

Saiki kari ana papat yaiki utusan Dewa lan 2 empu, dekne kabeh adhep-adhepan lan
kedadeana duel siji mungsuh siji. Duel iki katon imbang antara siji lan sijine nganti gawe
panggonan sekitare pada bosah-baseh, akeh watu pada mambur lan ajur dadi awu, wit gedhe-
gedhe ambruk lan keluk utawa kebul mumbul. 

Batara guru banjur menehi titah marang Dewa Bayu kanggo menehi pelajaran marang Mpu
Rama lan Mpu Permadi. Dewa Bayu dikongkon supaya cepet ngalihake gunung Jamurdwipa
kanthi di damu. Batara guru ora praduli karo kaslametan empu kuwi amarga wis ngelehke
para dewa lan mbahayake kaslametan umat manungsa. 

Dewa Bayu banjur mangkat menyang segara kidul. Kanthi kasaktene, Dewa Bayu banjur
ndamu  gunung kuwi.  Damuan Dewa Bayu sing kaya angin topan gawe gunung Jamurdwipa
mabur nganti tekan langit banjur tiba pas neng panggonan empu kesebut. Mpu Rama lan Mpu
Permadi sing ana ing panggon kuwi melu ketindih gunung Jamurdwipa nganti mati saknalika.
Banjur roh para empu kesebut ora bisa katampa neng suwargo lan dadi panunggu gunung
kuwi. 
Senajan Mpu Rama lan Mpu Permadi sing sakti kuwi wis mati ketindihan gunung, nanging
kasektene ora luntur. Bakal keris sing isih proses mau isih murup lan ora bisa dipateni kajaba
saka empu sing wis mati kesebut malah keris kui mau terus-terusan murup lan dadi kawah
ana ing tengah gunung Jamurdwipa. Amerga awale panggonan gunung iki yaiku kawujud api
utawa geni mula para dewa ngganti jeneng gunung Jamurdwipa kanthi jelukan Gunung
Merapi.

Nama : Risti Jianita


Kelas : E
No ab : 25

Kancil Karo Monyet


Biyen nalika eyang esih urip, lan aku esih alit, nanging saiki eyang uwis seda. Meh saben ,
nalika arep mapan turu, eyang mesti nyeritakaken cerita, mbuh kue cerita sejarah jamane
perang utawa dongeng kewan. Saiki aku arep nyeritakake doneng sing wis diceritakake eyang
sing esih aku eling-eling, crita Kancil karo Monyet. Ora sranta serune... mayu wacanen crita
ng ngisor iki. Mayo diwaca maning seru banget critane.
Ing sawijine dina ing rimba, ana akeh jenise kewan sing urip tentrem lan akur siji lan sijine.
Kabeh kewan nduweni keuripan lah lakune dewe-dewe. Nanging ana siji kewan sing anane
gawe drusila lan paling licik, arane Kancil. Kelicikane utek lan pintere ngomong nipu kanca
batir. Kancil wis dikenal kaya dene kewan sing duweni sayuto tipu daya. Nah iki sing dadi
sasarane Monyet.
Ing sawijining dina, ana Monyet lagi penekan ing ngisor wit pring. Singsot, ndendang karo
ngrasani roti. Kancil teka, weruh Monyet sing agi asik karo rotine. Utek licike muncul pingin
jukut roti kang tangane Monyet.

"Nyet..Nyet..," undnag Kancil marang Monyet.


Monyet maringi Kancil, "Ana apa Cil? Keo ngundang aku?," takon Monyet.
Kancil : "Nyet.. aku wei setitik rotine, setitik baen aja akeh-akeh," jaluke Kancil
Monyet : "Iya.. aku kan apikan, kiye separoan karo aku,"
Kancil : "Suwun ya Nyet... koe mancen apikan, nanging aku baen sing maro," jaluke Kancil.
Monyet aweh roti nggo diparo maring Kancil ora nduweni rasa curiga karo Kancil. "Kiye...
koe paro sing adil," penjalukane Monyet karo aweh rotine marang kancil.
Kancil maro rotine karo utek licike, siji gede siji cilik, nanging Monyet ora ngerti. Sawise
diparo Kancil aweh bagean sing cilik maring Monyet, bagean sing gede dicekel dewek.
"Cil... nang ngapa ka gede gone ko?," takon Monyet.
Kancil : "Mrene gawa mrene, tak gawe pada.," banjur Kacil mangan setitik rotine sing gecel
dewek, "Iki wis pada," Kancil aweh rotine meng Monyet.
Monyet : "urung Cil!! kue esih gede gone aku,"

Kancil njiot roti sing nang tangane Monyet, banjur dipangan setitik, kaya kue seteruse kanti
rotine entek dipangan Kancil. hihihihi
Ahire Kancil mangan rotine kabeh, Monyet ulih kesuh karo Kancil wong Monyet sing
duweni roti malah ora tampa. Mancen Kancil licik ora patut ditiru, urip nang masyarakat kue
kudu brayan urip lan sinambi rewang siji lan siji liane. Urip bakal rukun ora kaya jaman saiki
urip pada karepe dewek-dewek.
Hehehehe matur nuwun mugi crita wau nggadahi manfaat ingkang sae.

Nama : Angga Suginarto


No abs : 5

MISTERI GUNUNG BROMO

Jaman bien nalika Dewa-Dewa esih seneng mudun marang dunia saka kayangan, nalika kui
kerajaan Majapait lagi kena serangan saka daerah-daerah. Wargane pada bingung golet
panggonan kanggo ngungsi, pada wae karo para Dewa. Wektu kui Dewa mulai lunga marang
sawijining panggonan, nang sekitare Gunung Bromo.
Gunung Bromo esih tenang, ngadek dislimuti kabut putih. Dewa-dewa sing teka marang
panggonan kui ing sekitare Gunung Bromo, semayam ing lereng Gunung Pananjakan. ing
panggona kui bisa weruh Srengenge munggah seka wetan lan Srengenge sirep seka kulon.
Sekitare Gunung Pananjakan, panggonan Dewa-Dewa semayam, ana uga panggona kanggo
pertapa. Pertapa kui mau saben dina pahalane megur muja lan ngening cipta. Sawijine dina
sing mbahagiakake, bojo kui lairake anak lanang. Raine ganteng, cahyane terang.
Mertandakake anak sing lair saka titisane jiwa sing suci. Wiwit lair anak kui keton sehat lan
kuat sing luar biasa. Wiwit lair, anak Pertapa kui wis bisa ngetokake suara seru. Gegeman
tangane seret banget, tendangan sikile uga kuat. Ora kaya anak lia umume, bayi kui diarani
Joko Seger, sing artine sing sehat lan kuat.

Ing panggonan lia sekitare Gunung Pananjakan, wektu kui ana anak wadon lair saka titisan
Dewa. Raine ayu lan elok. Siji-sijine anak sing paling ayu dewek ing panggonan kui. Wiwit
dilairake, udu umume bayi lair, meneng ora nangis wektu
dilairake seka rahim beyunge. Merga kui, wongtuane ngarani bayi iku Rara Anteng.

Rara Anteng sengsaya dina sengsaya dadi anak remaja sing ayu. Garis-garis ayune metu jelas
saka raine. Rara Anteng terkenal tekan daerah-daerah. Akeh putera raja pada nglamar Rara
Anteng, nanging ditolak, amarga Rara Anteng wis kepincut karo Joko seger. Sawijining dina
Rara anteng dilamar Bajak sing sekti lan kuat. bajak kui terkenal jahat banget. Rara Anteng
terkenal alus atine ora wani nolak pelamar sekti kui. Merga kui Rara anteng njaluk supaya di
gawekna segara ing tengah-tengahing gunung. Dikira penjalukan sing aneh supaya pelamar
sekti mau ora bisa nyanggupi. Segara kui mau kudu di gawe ing sewengi, yaiku diwiwiti
srengenge sirep tekane srengenge munggah. Disanggupi penjalukan Rara Anteng kui.

Bajak sekti mau mulai gawe segara nganggo batok saka krambil lan meh rampung. Weruh
kenyataan sing kaya kui, atine Rara Anteng gelisah ora tenang. Kepriwe carane gagalaken
lautan sing agi di gawe Bajak kui? Rara Anteng mikir nasibe, Rara Anteng ora bisa urip karo
wong sing ora disenengi. Banjur Rara Anteng golet cara supaya bisa gagalaken usahane
Bajak mau. Banjur Rara bisa nemu cara yaiku nutu pari ing tengah wengi. alon-alon suara alu
nangekake jago sing pada turu. Kluruk jago saut-sautan, kaya fajar wis metu, nanging
wargane durung nglakoni kegiatan esuk. Bajak rungu jago kluruk, nanging benang putih saka
wetan urung metu. Berati fajar teka urung wektune. Mikir nasib siale, banjur batok sing
dinggo kanggo gawe lautan mau di buang, gigal tengkurep nang jejere Gunung Bromo lan
malih dadi gunung diarani gunung Batok.

Gagale Bajak gawe laut ing tengah-tengah gunung Bromo, ati Rara Anteng seneng banget.
Rara Anteng nerusake hubungane karo Joko seger. Banjur Rara Anteng lan Joko Seger dadi
pasangan sing bagya,amarga lorone pada senenge. Pasangan Rara Anteng lan Joko Seger
gawe panggonan lan mimpin ing kawasan Tengger utawa Purbawasesa Mangkurat Ing
Tengger, sing aweh pengerti "Panguasane

Tengger sing Budiman". Aran Tengger di jimot saka akhire suku kata aran Rara Anteng lan
Joko Seger. Tengger uga nduweni makna Tenggering Budi Luhur utawa menehi ngerti
babagan moral sing duwur, simbul ketenangan sing abadi. Saka wektu meng wektu warga
Tengger urip makmur lan dame, nanging panguasa ora ngrasa bagya. amarga wis suwe mbina
umah tangga urung nduweni momongan. Banjur nduweni keputusan munggah meng pusuke
gunung Bromo kanggo semedi nggudi percaya karo sing Kuasa supaya diwei momongan.

Ijig-ijig ana suara gaib sing ngomong semedine arep dikabulaken nanging kanggo syarat wis
olih momongan, anak sing bungsu kudu dikorbanaken meng kawah gunung Bromo. Pasangan
Rara Anteng lan Joko Seger nyanggupi banjur olih momongan 25 anak
lanang wadon, nanging naluri wong tua tetep ora tega enggane kelangan anakae. Carane Rara
anteng lan Joko Seger ngingkari janjine, Dewa murka lan ngancem arep gawe malapetaka,
banjur langit dadi peteng kawah gunung Bromo nyemburake geni.
Kesuma anak bungsune ilang nang geni lan mlebu meng kawah Bromo, banjur ana suara gaib
:"Sedulur-sedulurku sing aku tresnani, aku wis dikorbanaken meng wong tuane dewek lan
Hyang Widi nyelametake koe pada. Urip sing dame lan tentrem,
sembahen Hyang Widi. Aku elingaken supayane aben wulan Kasada ing dina ke-14
nganakake sesajen kanggo Hyang Widi ing kawah Bromo.

Upacara rutin kui dilakoni turun temurun marang warga Tengger lan aben taune dianakake
upacara Kasada ing Poten lautan pasir lan kawah gunung
Bromo.

Nama : Angga Suginarto


No abs : 5

Ki Ageng Kedungsari

Ki Ageng Kedungsari yaiku wong kang paling dihurmati ing daerah Gebog. Daerah
kuwi anane ing Kabupaten Kudus. Dheweke seneng banget amarga duwe anak lanang sing
bagus lan gagah prakasa. Nalika anake wis gedhe, Ki Ageng Kedungsari duwe kepenginan
ngawinake anake. Ananging anake ora gelem amarga durung ana bocah wadon kang trep ana
ing atine. Banjur Ki Ageng Kedungsari njaluk tulung marang sedulure supaya nggolekake
prawan sing pantes dadi bojone anake. Let pirang-pirang dina Ki Ageng Kedungsari entuk
warta saka sedulure, yen ana prawan saka daerah Jepara sing ayu banget. Dheweke anake Ki
Ageng Rajekwesi.
Banjur kulawargane Ki Ageng Kedungsari nyiapake ubarampe maneka warna
kanggo digawa menyang Jepara. Ki Ageng Kedungsari atine sansaya bungah banget amarga
rumangsa dheweke wong sing paling sugih lan dihurmati wong akeh.
Nalika wis tekan nggone Ki Ageng Rajekwesi, ning kana wis disiapake maneka
warna panganan lan omben-omben. Uga ana gamelan lan bocah-bocah wadon kang lagi
mbeksa. Sawise njagong ngalor ngidul, banjur utusane Ki Ageng Kedungsari kandha yen Ki
Ageng Kedungsari arep nglamar anake wadon Ki Ageng Rajekwesi, kanggo anake lanang Ki
Ageng Kedungsari.
Krungu mengkana kuwi, Ki Ageng Rajekwesi mung mlengeh. Banjur ngendika yen
anake wadon kuwi mung gelem dilamar karo wong lanang sing menehi mas kawin kang
arupa gajah, “Mula kandhakana marang Ki Ageng Kedungsari”.ngendikane Ki Ageng
Rajekwesi.
Pangandikane Ki Ageng Rajekwesi katrima kanthi leganing ati marang utusane Ki
Ageng Kedungsari. Amarga utusane kelingan yen Ki Ageng Kedungsari duweni gajah.
Banjur utusane Ki Ageng Kedungsari bali menyang Kudus.
Nalika wis tekan Kudus, Ki Ageng Kedungsari wis duwe pangangen-angen yen
lamarane marang anake Ki Ageng Rajekwesi bakal katrima. Sunyatane malah Ki Ageng
Kedungsari kudu menehi gajah kanggo mas kawin, yen kepengin lamarane katrima marang
Ki Ageng Rajekwesi. Uga suwe nggone mikir, nanging amarga rasa tresnane marang anake,
dheweke nglilakake gajahe kanggo mas kawin.
Banjur warta kuwi kasebar tekan ngendi-endi, yen Ki Ageng Kedungsari nglikake
gajahe kanggo mas kawin. Warta kuwi uga krungu dening Ki Ageng Menawan. Ananging
atine serik krungu warta yen Ki Ageng Kedungsari nglikake gajahe kanggo mas kawin. Mula
Ki Ageng Menawan ngrancana arep ngrampog utusane Ki Ageng Kedungsari sing arep
menyang Jepara. Ki Ageng Menawan uga nggolek bala sing jenenge Ki Watu Gede. Ki Watu
Gede uga seneng banget nalika dikandhani rancana kuwi. Mengko yen wis entuk hasil
rampogane, Ki Watu Gede entuk kabeh bandha sing dirampog, banjur Ki Ageng Menawan
entuk gajahe.
Ora let suwe, utusane Ki Ageng Kedungsari wis ngleboni daerah kuwasane Ki Watu
Gede. Utusane Ki Ageng Kedungsari wis wiwit waspada amarga wis ngleboni daerah
kuwasane wong liya.
Nalika utusane Ki Ageng Kedungsari lagi padha ngaso Ki Watu Gedhe lan Ki
Ageng Menawan ngrampog bandha lan gajahe Ki Ageng Kedungsari. Banjur para utusane Ki
Ageng Kedungsari padha tandhing karo Ki Ageng Menawan lan Ki Watu Gede.
Tetandhingan kuwi ora ana sing kalah, ora ana sing menang.
Banjur Ki Ageng Kedungsari teka marang panggonan kuwi lan tandhing karo Ki
Watu Gede uga Ki Ageng Menawan. Tetandhingan kuwi uga ora ana sing menang, ora ana
sing kalah. Pungkasane, entuk pasarujukan kanggo ngedum gajah kuwi dadi telu. Ki Ageng
Menawan enthuk endhase, Ki Ageng Kedungsari nggawa awake lan Ki Watu Gede entuk
bokong lan buntute.
Saka prastawa kuwi dadine ana kapercayan yen trahe Ki Ageng Menawan yaiku
wong-wong sing waninan, trahe Ki Ageng Kedungsari yaiku wong-wong sing akeh rejekine
lan trahe Ki Watu Gede yaiku wong-wong sing kangelan nggolek rejeki.
Mula saiki telung perangan gajah kuwi awujud watu-watu gedhe sing bisa
katemokake ing Desa Kedungsari lan Desa Menawan ing Kecamatan Gebog, Kabupaten
Kudus. Uga ana ing Desa Watu, Kecamatan Mayong, Kabupaten Jepara.

Nama : Yoga Ari Saputra


No abs : 31

Anda mungkin juga menyukai