Anda di halaman 1dari 2

Panjebluge gunung kelud

Racikane : suwito gondo wardoyo-kebumen

1. Tahun alid bakda mulud walunipun,


Windu sengara tinulis,
Mbeneri wangsa kawolu.
Jemuwah wage kang ari,
Tanggal rolas wus kelakon

2. Tabuh sewlas kaleres wanci dalu,


Jroning sasi pebruari,
Tanggal telulas puniku,
Rong ewu patbelas warsi,
Geger gunung kelud mbledhos.
3. Bingat bingut pangamuke gunung kelud,
Pindha gabah den interi,
Padha bingung tanpa dunung,,
Polahe kawula cilik,
Nandhang sedhih jroning batos.

4. Sigra cancut tumandhang paring pitulung,


Pangarsane praja sami,
Mapanane rakyatipun,
Amrih rahayu basuki,
Ninggal desane kang kothong.

5. Wektu enjing udan awu mabul-mabul


Sumebar ing ngendi-endi,
Agawe susahin kalbu,
Kekes giris sarwi nangis,
Mung slamet kang den upados.

6. Pra nayaka punggawa samya gumrengut,


Ngopeni kawula alit,
Darapon bisa rahayu,
Lanang wadon padha ngungsi,
Golek papan luwih adoh.

7. Ngedhohi papan dununge Gunung kelud


Kang muntahken watu krikil
Kilat kumlap mumbul dhuwur
Damel giris jroning ati
Madhangi jagad cumlorot
8. Wedi miris ninggali urubing gunung,
Manganggah awujud geni,
Dindha neraka andulu
Sasat arsa nglebur bumi
Lir kiyamat wus dumados

9. Tanpa kendhat dumadining kang dahuru


Ana lindhu tuwin banjir
Lumaku ing saben taun
Angina gede nara keri
Wana gundhut tanah longsor

Anda mungkin juga menyukai