Anda di halaman 1dari 2

Crita Wayang Ramayana: Rama Tambak

Prabu Dasamuka ratu ing Ngalengka punika pancen satunggaling ratu ingkang
sekti mandraguna. Prabu Dasamuka punika kepencut dhateng Dewi Sinta, wanita
ayu ingkang sulistya ing warni, garwanipun Ramawijaya. Gegandhenganipun
Dewi Sinta kaliyan Prabu Rama sampun mboten saged dipunpisahaken malih.

Pramila Prabu Dasamuka nggadhahi raos kuciwa. Piyambakipun tansah pados


rekadaya kados pundi caranipun supados saged ndhusta Dewi Sinta. Nalika Prabu
Rama bebedhag ing wana Dhandhaka badhe mburu Kidang Kencana minangka
panyuwune sang Dewi, kocap kacarita sang Dewi saged kadhusta dening candhala
utusane Prabu Dasamuka saking Ngalengka. Miturut aturipun Sang Hyang Baruna
supados saged gampil anggene dumugi Nagari Ngalengka, Prabu Rama kedah
nyiagakaken wadyabala wanara. Wadyabala wanara ingkang dipunpandheghani
dening Anoman kautus ngusungi redi saha sela kangge nambaki seganten supados
gampil anggenipun kesah dhateng Ngalengka.

Prabu rama saha wadyabala wanara sampun samapta tumandang damel.


Sasampunipun sarembag anggenipun badhe damel tambak minangka uwot kangge
margi dhateng Ngalengka, wadyabala wanara saperangan dipundhawuhi ngusungi
redi minangka kangge tambak. Ing wusana sedaya sami sengkut anggenipun
tumadang damel amrih tambakipun enggal dados. Sasampunipun tambak dados
Prabu Rama sawadyabala wanara saged liwat minangka margi dhateng Ngalangka.
Tujuanipun badhe mengsah jurit dhateng Prabu Dasamuka. Wadyabalanipun Prabu
Dasamuka punika sedaya sami sekti mandraguna mboten tedhas ing sawarnaning
gegaman ingkang wonten. Pramila para prajurit wanara sami kewuhan, kados
pundi caranipun saged ndhesek utawa mikut Prabu Dasamuka sawadyabalanipun.
Pungkasanipun cariyos, Anoman nggadhahi cara kangge merjaya Prabu Dasamuka
punika. Satunggaling wekdal Anoman ngangkat Gunung Somawana,
pangangkahipun Anoman badhe nebleg polah tingkahipun Dasamuka.
Wusananipun Prabu Dasamuka saged sirna amargi dipuntableg kaliyan Gunung
Somawana dening Anoman. (Kapethik saking Silsilah Wayang Purwa dening S.
Padmosoekotjo mawi ewah-ewahan)

Anda mungkin juga menyukai