Anda di halaman 1dari 10

Bratasena Bungkus

Dening :
1. Abyzan Razza Adel Haq (02)
2. Ardra Tsavnha Nurfreda Nararya (10)
3. Daryta Balqis Nashifa Hilmiy (13)
4. Maulidya Eka Putri Giyanti (21)
5. Rayhan Aidifa Handoko (30)

SMA NEGERI 1 SIDOARJO


Jl. Jenggolo No.1 Sidoarjo, Telepon/Fax. (031) 8941493
SIDOARJO 61219 JAWA TIMUR
Website:https://sman1-sda.sch.id/v1/
2019
Atur Prawacana

Alhamdulillah, puji syukur panyerat aturaken wonten


ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung sahengga laporan
punika saged kasusun kanthi sae. Boten kesupen kula aturaken
matur sembah nuwun kagem tiyang sepuh kawula ingkang
tansah paring donga pangestu saha para dwija ingkang sampun
paring kawruh lan seserepan sahengga laporan ingkang kasusun
sae punika saged purna.

Laporan karya tulis kanthi irah-irahan "Bratasena Bungkus".


Laporan menika kasusun kagem njangkepi tugas mata pelajaran
basa Jawa.

Mugi-mugi laporan ingkang kaserat dening panyerat menika


saged paring mapinten-pinten manfaat dumateng para sinten
kemawon ingkang maos. Kula minangka panyerat ugi kathah
kakirangan, pramila panyaruwe saha panyendu tansah kula antu-
antu.

Sidoarjo, 3 Oktober 2019

Panyerat
Bratasena Bungkus

Anak Pandudewanata sing kapindho lair diwenehi jeneng


Bratasena. Bratasena lair jero kaanan bungkus lan ora ana
senjata sing bisa membedah. Raden Pandudewanata mertapa
kanggo njaluk pituduh. Ngono tlatene dheweke semedi dadine
marakake kawah Candradimuka banyune kaya umep.
“putraku Puntadewa, ana prakara apa awakmu semedi
nganti kuwat lan tlaten, apa panjalukmu?” Bathara guru mudhun
nemoni Puntadewa kang lagi semedi
Pandudewanata ngaturake sembah bekti marang Bathara
Guru banjur ngaturake panjaluke
“Putra kula nembe kemawon lair, nanging wujude taksih
arupa bungkusan, lan gaman napa kemawon mboten saged
mbuka bungkusanipun. Kula nindakake semedi supados angsal
pituduh kanggo mbedah bungkusan niku” panjaluke
Pandudewanata
“Rampungana anggonmu semedi, mengko dakkongkone
Bathara Narada mudhun menyang marcapada bareng seekor
gajah sing nduwe jeneng Sena menyang Astina gajah kuwi sing
mengko arep bisa membedah bungkus si jabang bayi.” Sawise
oleh pituduh saka bathara guru, Pandhudewanata bali menyang
omahe
Saketuke neng Istana Astina Hyang Narada ngomongke
pangarah ketekane marang Prabu Pandudewanata.
Pandudewanata seneng pisan atine. Gajah sena digawa menyang
taman nengendi bungkusan bayi lan bayine didokokake. Bayi
njero bungkus kuwi isih urip padahal wis semene suwe ana jero
bungkus bayi kuwi. Ibune Dewi Kunti nangis saben dina neng
sandinge. Bayi kuwi nggelundung mrana mrene, katon banget
bayi kuwi tersiksa lan jaluk dibebaske saka bungkusne.
Cepet sakwise gajah sena neng taman gajah kuwi
nggunakne gadingne kanggo nembus bungkus bayi sing ajaib
kuwi. Saknalika kuwi pecah lan suwek bungkus bayi kuwi
Pandudewanata ngesem lan neteske eluh bahagia, dipeluk bojone
sing uga nangis bahagia. Bayi sing wis bebas nangis sero banget
nganti kabeh wong sing ndeleng gumuyu seneng banjur dheweke
diangkat saka Hyang Narada lan dipangku, seneng pisan Hyang
Narada nyat aku bayi sing lagi lair kuwi.
Padha karo pesan Hyang Batara guru, bayi kuwi diwenehi
jeneng Arya Sena utawa Bratasena. Bayi kuwi diwenehke marang
ibune supaya disusoni, Dewi Kunti seneng banget sakwise
prihatin sajrone pirang-pirang ndina, Prabu Pandudewanata
ngesem tentrem sakwise kabeh tapa lan semadine mbuahke hasil
sing ora sia-sia.
“Kakang deloka anak awake dhewe iki nduweni kuku sing
dawa banget” celathu Dewi Kunti. Pandudewanata mriksani kuku
si bayi Arya Sena lan dheweke mbisa pandeleng menawa kuku
kuwi bakal dadi senjata anake kuwi sing ampuh banget.
“Aja tok potong kukune adinda ” celathu Prabu
Pandudewanata marang bojone. Kabeh wong sing teka cepet
pengen ndeleng bayi sing dilairke kanthi kuku sing dawa kuwi.
Sawektu banjur Hyang Narada pamitan marang Prabu
Pandudewanata lan marang kabeh wong sing teka. Hyang Narada
njupuk bungkus bayi sing entas kuwi lan nggawa mawa munggah
gajah Sena. Gajah sena lan Hyang Narada mangkat bali mulih
sawektu sakwise dekne kabeh mlaku metu Istana dumadakan
sakarone melesat keangkasa lan mabur dhuwur pisan.
Bungkus bayi Bratasena sing digawa saka Hyang Narada
dibuwang lan dilempar adoh saka Hyang Narada saka nduwur,
menyang negeri Banakeling.
1. Sinopsis :
Anak Pandudewanata sing kapindho lair diwenehi jeneng
Bratasena. Bratasena lair jero kaanan bungkus lan ora ana sing
bisa mbedah. Mula, Raden Pandudewanata mertapa kanggo
njaluk pituduh. Saking tlaten e dheweke semedi, nganti marakake
kawah Candradimuka banyune kaya umep.
“Putraku Puntadewa, ana prakara apa awakmu semedi
nganti kuat lan tlaten, apa panjalukmu?” bathara guru mudhun
nemoni Puntadewa kang semedi. Banjur Pandudewanaa curhat
marang Bathara guru yen anake sing kapindho iki lair jero
kaanan bungkus lan ora ana sing bisa mbedah, Pandudewanata
jaluk supaya Bathara guru bisa ngewangi dheweke bebasake
putrane saka bungkus iku.
Banjur Bathara guru ngewangi Pandudewanata karo
nyelukake Bathara Narada ing istana Astina. Bathara guru njaluk
tulung marang Bathara Narada amarga Bathara Narada duwe
gajah sing nduweni jeneng Sena sing bias bantu mbedahake
bungkus si jabang bayi. Tapi, Pandudewanata kudu ngrampungke
semedine disik.
Saketuke Bathara guru ing istana Astina, Hyang Narada
ngomongke pangarah ketekane marang Prabu Pandudewanata.
Pandudewanata seneng banget atine. Gajah sena digawa ing
ngendi bungkusan bayi lan bayi iku didokokake. Bayi kuwi isih
urip masio suwi ing jero bungkus.
Cepet sakwise gajah sena ing taman kuwi nggunakake
gadinge kanggo nembus bungkus ajaib sing bungkus bayi iku.
Sanalika bungkus kuwi suwek lan pecah, Pandudewanata lan
bojone (Dewi Madrim) nangis bahagia lan saling meluk. Bayi sing
wis bebas nangis sero banget nganti kabeh wong sing ndeleng
gumuyu seneng banjue dheweke diangkat saka Hyang Narada lan
dipangku. Banjur bayi kuwi diwenehi jeneng Arya Sena
(Bratasena) padha karo pesan Hyang Bathara Guru.
“Kakang deloka anak awakdewe iki duweni kuku sing dawa
banget.” Celatu Dewi Kunti. Pandudewanata mriksani kuku si
bayi Arya Sena lan dheweke mbisa pandeleng menawa kuku kuwi
bakal dadi senjata anake kuwi sing ampuh banget.
Sawektu banjur Hyang Narada pamitan marang Prabu
Pandudewanata lan marang kabeh wong sing teka, Hyang Narada
jupuk bungkus bayi sing wes entas kuwi lan nggawa mawa
munggah gajah Sena. Gajah Sena lan Hyang Narada mangkat bali
mulih sawektu dekne kabeh mlaku metu istana dumadakan
sakarone melesat ing angkasa lan mabur dhuwur pisan. Banjur,
bungkus bayi iku dibuwak adoh karo Hyang Narada menyang
negeri Banakeling.
2. Unsur Intrinsik
a) Tema : rasa seneng saking sarimbit amarga anake bebas
saka bungkus.
b) Tokoh (Paraga)/Penokohane :
 Prabu Pandudewanata
 Bathara Guru
 Bathara Narada
 Gajah Sena
 Dewi Kunti
 Bratasena (anak kapindho Prabu Pandudewanata sing
lair jero kaanan bungkus)
 Puntadewa
c) Plot / Alur : maju
d) Gaya Basa :
 Basa ngoko : saka paragraf 1-3 lan 5-12 nggunakake
basa ngoko.
Paragraf 1-3
Anak Pandudewanata sing kapindho lair
diwenehi jeneng Bratasena. Bratasena lair jero
kaanan bungkus lan ora ana senjata sing bisa
membedah. Raden Pandudewanata mertapa kanggo
njaluk pituduh. Ngono tlatene dheweke semedi dadine
marakake kawah Candradimuka banyune kaya umep.
“putraku Puntadewa, ana prakara apa awakmu
semedi nganti kuwat lan tlaten, apa panjalukmu?”
Bathara guru mudhun nemoni Puntadewa kang lagi
semedi
Pandudewanata ngaturake sembah bekti
marang Bathara Guru banjur ngaturake panjaluke.

Paragraf 5-12
pituduh kanggo mbedah bungkusan niku”
panjaluke Pandudewanata
“Rampungana anggonmu semedi, mengko
dakkongkone Bathara Narada mudhun menyang
marcapada bareng seekor gajah sing nduwe jeneng
Sena menyang Astina gajah kuwi sing mengko arep
bisa membedah bungkus si jabang bayi.” Sawise oleh
pituduh saka bathara guru, Pandhudewanata bali
menyang omahe
Saketuke neng Istana Astina Hyang Narada
ngomongke pangarah ketekane marang Prabu
Pandudewanata. Pandudewanata seneng pisan atine.
Gajah sena digawa menyang taman nengendi
bungkusan bayi lan bayine didokokake. Bayi njero
bungkus kuwi isih urip padahal wis semene suwe ana
jero bungkus bayi kuwi. Ibune Dewi Kunti nangis
saben dina neng sandinge. Bayi kuwi nggelundung
mrana mrene, katon banget bayi kuwi tersiksa lan
jaluk dibebaske saka bungkusne.

Cepet sakwise gajah sena neng taman gajah


kuwi nggunakne gadingne kanggo nembus bungkus
bayi sing ajaib kuwi. Saknalika kuwi pecah lan suwek
bungkus bayi kuwi Pandudewanata ngesem lan
neteske eluh bahagia, dipeluk bojone sing uga nangis
bahagia. Bayi sing wis bebas nangis sero banget
nganti kabeh wong sing ndeleng gumuyu seneng
banjur dheweke diangkat saka Hyang Narada lan
dipangku, seneng pisan Hyang Narada nyat aku bayi
sing lagi lair kuwi.
Padha karo pesan Hyang Batara guru, bayi
kuwi diwenehi jeneng Arya Sena utawa Bratasena.
Bayi kuwi diwenehke marang ibune supaya disusoni,
Dewi Kunti seneng banget sakwise prihatin sajrone
pirang-pirang ndina, Prabu Pandudewanata ngesem
tentrem sakwise kabeh tapa lan semadine mbuahke
hasil sing ora sia-sia.
“Kakang deloka anak awake dhewe iki nduweni
kuku sing dawa banget” celathu Dewi Kunti.
Pandudewanata mriksani kuku si bayi Arya Sena lan
dheweke mbisa pandeleng menawa kuku kuwi bakal
dadi senjata anake kuwi sing ampuh banget.
“Aja tok potong kukune adinda ” celathu Prabu
Pandudewanata marang bojone. Kabeh wong sing teka
cepet pengen ndeleng bayi sing dilairke kanthi kuku
sing dawa kuwi.
Sawektu banjur Hyang Narada pamitan marang
Prabu Pandudewanata lan marang kabeh wong sing
teka. Hyang Narada njupuk bungkus bayi sing entas
kuwi lan nggawa mawa munggah gajah Sena. Gajah
sena lan Hyang Narada mangkat bali mulih sawektu
sakwise dekne kabeh mlaku metu Istana dumadakan
sakarone melesat keangkasa lan mabur dhuwur
pisan.
Bungkus bayi Bratasena sing digawa saka
Hyang Narada dibuwang lan dilempar adoh saka
Hyang Narada saka nduwur, menyang negeri
Banakeling.
 Basa krama alus : ing paragraf 4
“Putra kula nembe kemawon lair, nanging wujude
taksih arupa bungkusan, lan gaman napa kemawon
mboten saged mbuka bungkusanipun. Kula nindakake
semedi supados angsal pituduh kanggo mbedah
bungkusan niku”.

e) Sudut Pandang / Point Of View :


Sudut pandang sing digunakake yaiku sudut pandang
katelu
f) Latar / Setting
 Latar panggonan :
1. Ing jero bungkus
Bratasena lair jero kaanan bungkus lan ora ana
senjata sing bisa membedah.

2. Panggonan semedi (marcapada)


“putraku Puntadewa, ana prakara apa
awakmu semedi nganti kuwat lan tlaten, apa
panjalukmu?” Bathara guru mudhun nemoni
Puntadewa kang lagi semedi.
Rampungana anggonmu semedi, mengko
dakkongkone Bathara Narada mudhun menyang
marcapada bareng seekor gajah sing nduwe
jeneng Sena menyang Astina gajah kuwi sing
mengko arep bisa membedah bungkus si jabang
bayi.” Sawise oleh pituduh saka bathara guru,
Pandhudewanata bali menyang omahe

3. Istana Astina
Saketuke ning Istana Astina Hyang Narada
ngomongke pangarah ketekane marang Prabu
Pandudewanata. Pandudewanata seneng pisan
atine. Gajah sena digawa menyang taman
nengendi bungkusan bayi lan bayine didokokake.
Bayi njero bungkus kuwi isih urip padahal wis
semene suwe ana jero bungkus bayi kuwi. Ibune
Dewi Kunti nangis saben dina neng sandinge.
Bayi kuwi nggelundung mrana mrene, katon
banget bayi kuwi tersiksa lan jaluk dibebaske
saka bungkusne.
4. Ing taman
Cepet sakwise gajah sena neng taman
gajah kuwi nggunakne gadingne kanggo nembus
bungkus bayi sing ajaib kuwi. Saknalika kuwi
pecah lan suwek bungkus bayi kuwi
Pandudewanata ngesem lan neteske eluh
bahagia, dipeluk bojone sing uga nangis bahagia.
Bayi sing wis bebas nangis sero banget nganti
kabeh wong sing ndeleng gumuyu seneng banjur
dheweke diangkat saka Hyang Narada lan
dipangku, seneng pisan Hyang Narada nyat aku
bayi sing lagi lair kuwi.

5. Negeri Banakeling
Bungkus bayi Bratasena sing digawa saka
Hyang Narada dibuwang lan dilempar adoh saka
Hyang Narada saka nduwur, menyang negeri
Banakeling.

 Latar wektu
1. Saben dina
Ibune Dewi Kunti nangis saben dina neng
sandinge
2. Pirang-pirang ndina
Dewi Kunti seneng banget sakwise prihatin
sajrone pirang-pirang ndina, Prabu Pandudewanata
ngesem tentrem sakwise kabeh tapa lan semadine
mbuahke hasil sing ora sia-sia.

 Latar Kahanan
1. Sedih
2. Seneng

g) Amanat : yen ngalami musibah kudu sabar lan usaha


supaya musibah kasebut bisa rampung lan mbuahake
hasil sing bisa nyenengke ati.

Anda mungkin juga menyukai