Anda di halaman 1dari 7

Cakepan Gerongan Salisir

1. Parabe Sang Smarabangun,


Sepat domba Kali Oya,
Aja dolan lan wong priya,
Gerameh nora prasaja.

2. Garwa Sang Sindura Prabu,


Wicara mawa karana,
Aja dolan lan wanita,
Tan nyata asring katarka.

3. Sembung langu munggweng gunung,


Kunir wisma kembang rekta,
Aja nggugu hujarira,
Wong lanang sok asring cidra.

4. Gentha geng kang munggweng panggung,


Jawata pindha Harjuna,
Jaman mengko kawruhana,
Wong wadon keh ngamandaka.

Cakepan Gerongan Salisir


1. Manis rengga kusumane,
Satriya ing Lesanpura,
Setyanana dhuh Gustine,
Yen laliya marang sira.

2. Tirta maya kusumane,


Supaya hanyar kinarya,
Ninging driya dhuh Gustine,
Tanna ngalih amung sira.

3. Kala rekta kusumane,


Satriya ngungkuli jaya,
Sun bang ebang dhuh Gustine,
Hamisesa jroning pura.

4. Lalu mangsa kusumane,


Panusuling magutyuda,
Yen kesepa dhuh Gustine,
Mbatoni lara asmara.

1
Cakepan Sekar Pangkur
1. Mingkar mingkuring hangkara,
Akarana karenan mardisiwi,
Sinawung resmining kidung,
Sinuba sinukarta,
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung,
Kang tumrap neng tanah Jawa,
Agama ageming Aji.

2. Jinejer neng Wedhatama,


Mrih tan kemba kembenganing pambudi,
Mangka nadyan tuwa pikun,
Yen tan mikani rasa,
Yekti sepi asepa lir sepah samun,
Semangsane pasamuan,
Gonyak ganyuk nglelingsemi.

3. Nggugu karsane priyangga,


Nora nganggo peparah lamun angling,
Lumuh ingaran balilu,
Uger guru aleman,
Nanging janma ingkang wus waspadeng semu,
Sinamun ing samudana,
Sasadoning adu manis.

4. Si pengung nora nglegawa


Sangsayarda denira cacariwis,
Ngandhar andhar angendhukur,
Kandhane nora kaprah,
Saya elok alangka longkanganipun,
Si wasis waskitha ngalah,
Ngalingi marang si pinging

Cakepan Asmarandana
2
1. Anjasmara ara mami, masmirah kulaka warta,
Dasihmu tan wurung layon, aneng kutha Prabalingga,
Prang tandhing Urubisma, kariya mukti wong ayu,
Pun kakang pamit palastra.

2. Wus begjane awak mami, tan tulus mangestu pendyah,


Wong agembeng wong acingeng, aja gawe wirang Bisma,
Mara ge patenana, eman eman wong abagus,
Yen kongsi tumekeng lena.

3. Iba dukane Narpati, ratu ayu Majakepil,


Yen sira nemahi layon, benjang yen ingsun kepanggya,
Papan atur manira, mesthine ingsun katempuh,
Apa pupulihing duka.

Cakepan Kinanthi
3
1. Punapa ta mirahingsun, prihatin waspa gung mijil,
Tuhu dahat tanpa karya, sengkang rinemekan Gusti,
Gelung rinusak sekarnya, sumawur gambir melathi.

2. Upama tyase mangunkung, mulating sira dyah ari,


Sayekti melu mangarang, telase riris gumanti,
Ingkang taranggana sumyar, remek dening salah kapti.

3. Marmanta mangrurah gelung, lintange merang ningali,


Mring langening kiswanira, miwah kidang kidang isin,
Miyarsa ing swaranira, si kidang umpetan tebih.

4. Tuwin kombang kombang geng kung, miyarsa swaranta yayi,


Kadi merange si kidang, anoning liringireki,
Mangkana susahing kidang, malah tyasira lir kanin.

Cakepan Kinanthi
1. Mideringrat hangalangut, lelana njajah negari,
Mubeng tepining samodra, sumengka hanggraning wukir,
Analasak wanawasa, tumuruning jurang trebis.

2. Sayekti kalamun suwung, tangeh miriba kang warni,


Lan sira pepujaningwang, manawa dhasaring bumi,
Miwah luhuring akasa, tuwin jroning jalanidhi.

3. Iku ta sapa kang weruh, nanging kiraning tyas mami,


Sanadyan ing bawana, ana kang madha warni,
Maksih sumeh semu sira, ruruh rarase respati.

4. Myang dedeg pangadegipun, sedheng sedhete mantesi,


Semabada genging sarira, lelewane milangeni,
Wiraga raga karana, murwendah hyang hyangnging bumi.

Cakepan Kinanthi
1. Nalikanira ing dalu, wong agung mangsah semedi,

4
Sirep kang bala wanara, sadaya wus sami guling,
Nadyan ari Sudarsana, wus dangu nggenira guling.

2. Kukusing dupa kumelun, ngeningken tyas sang apekik,


Kawengku sagung jajahan, nanging sanget hangikibi,
Sang resi Kanekaputra, kang anjog saking wiyati.

3. Kagyat risang kapirangu, rinangkul kinempit kempit,


Dhuh sang retnaning bawana, ya ki tukang walang ati,
Ya ki tukang ngenesing tyas, ya ki tukang kudu gering.

4. Teka ndadak melu melu, kaya budine wong ceplik,


Lali yen kalokaningrat, ing bawana amurwani,
Mustikaning jagad raya, dhemen lalen sanggarunggi.

Cakepan Kinanthi
1. Saya nengah denya adus, lara larane kinanthi,
Kasreg roning tarate bang, linuding maruta ngidid,
Kagyat dening iwak molah, amangsa kalalar kali.

2. Ganggeng irim irim arum, tunjung merut nganan ngering,


Delegnya anggrenging sela, lelumute ngarga lingi,
Kayu apune anamar, kataweng unthuking warih.

3. Kinanthi si dhadhal banyu, kontal salelesan kintir,


Rinangsang rangsang tan kena, cinandhak candhak nginggati,
Pan ginayuh gayuh tuna, amuyeng madyaning warih.

4. Dahat mentas sinjang rambut, lir endhang endhang mulatsih,


Emane lara tandreman, kayungyun mangun mangun sih,
Yen kinembang layonira, kasarasan ing pangrukti.

Cakepan Gerongan Kinanthi


1. Pracaya santoseng kalbu,babon bakuning tyas suci,
5
Cara caraning tumitah, timbangen ala lan becik,
Wicara miwah surasa, saringana den baresih.

2. Busana bebasanipun, pan liniling siyang ratri,


Tatanen titining basa, basa basukining kapti,
Tetep tindak tandukira, arah arah den aririh.

3. Winawas sawusing semu, semu pasemoning janmi,


Miwah ulat liringira, rerasan ingkang ginusti,
Catheten sajroning nala, lebuh lalabeting janmi.

4. Nalurine kang rinuruh, wirasat wangune dhiri,


Rasakna wose kewala, lajer jejering kang pasthi,
Telenging netra kalihnya, nyata denya tahan yekti.

Cakepan Ldr. Ayun ayun


1. Tansah ngayun ayun, kayungyun temah nandhang wulangun,
Marmane nyata mendah baya tansah besus hangadi sarira,
Hangadi busana karana hamung sira pindha mustika,
Esemu nimas maweh welas, murih aja anandhang kaswasih,
Mara age prayogane tumuli gambuh rasane,
Kang ana tambuhana kang ora ana takokena,
Mrih condhonging kalbu mrih aja rengu muga muga, adoh ing panyendhu,
Bang bang wetan suruping surya ing wengi bangun, tan kendhat angayun-ayun.

Titipane Anak Putu


Gemah ripah lohjinawi kertaraharja
Iku nuswantara bumine kencana
Uga wus kaloka kanthi dasar Pancasila
Alase, isine iku kabeh
Dadi titipane anak putu
Prayoga mbubidaya slamete
Aja dilalekke yo padha nglestarekke
Supaya bisa nganti run tumurun anak putu

Bawa Dirgahayu (Pucung)


Dirgahayu, negara wis panjang punjung
Kerta lan raharja gemah ripah lohjinawi
6
Murah sandhang awit kersaning pangeran

Gerongan Dirgahayu Irama 2

Panjang punjung gemah ripah lohjinawi


Kerta lan raharja ing nuswantara
Nyata jero tancepe apan gedhe obore
Murah sandhang pangan dirgahayu

Irama 3

1. Nyata lamun dirgahayu tebih saking suker sakit


Ingayoman ing pangeran apa kang sinedya dadi
Kang ginayuh sarwa teka sembada ingkang kaesthi

2. Mujudake bebrayan agung, saiyek saeka kapti


Kacihna lamun manunggal, tetunggal lair lan batin
Apepayung Pancasila mangka dhasaring nigari

3. Warna cahya hangenguwung, malembang ing Jawi Nagri


Nuswantara nyata mulya, ing dhusun sarta ing nagri
Data nana cecengilan, awit nugrahaning Gusti

Anda mungkin juga menyukai